Sabtu, 07 Juli 2012

NULAT SARIRO


KHOTBAH JUM’AH BAHASA JAWA
NULAT SARIRO
Oleh  :  Anis Purwanto

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka pambukaning khotbah ing siang punika, sumangga sesarengan kita ngeningaken cipta saha manah kita, kanthi nyaosaken pujo puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan dumateng kita sedaya, sahingga ngantos  ing kesempatan Jum’ah siang punika kita saget nindakaken pangibadahan dumateng Allah SWT. Kita nyuwun dumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siang punika saget katampi dening Allah SWT. Sahingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akherat, amin ya rabbal ‘alamin. Sholawat saha salam mugia tetep kita aturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Al-Qur’an ingkang kita yakini minangka setunggaling mukjizat ingkang paling ageng ingkang naming dipun khususaken kaparingaken dhateng junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW, tetela sakalangkung wiyar lan lebet sanget isinipun. Salah satunggaling ayatipun wonten ingkang mengku dhawuh supados kita asring ngawontenaken niti-niti, evaluasi lan instrospeksi diri. Ayat ingkang kita maksud inggih punika Surat Al-Hasyr ayat 18 :

يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَلۡتَنظُرۡ نَفۡسٌ۬ مَّا قَدَّمَتۡ لِغَدٍ۬‌ۖ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ‌ۚ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرُۢ بِمَا تَعۡمَلُونَ (١٨)
 “E, wong-wong kang iman ! Sira kabeh padha taqwa-a marang Allah. Lan saben wong supaya nggatekake marang apa bae kang wis ditindakake ana ing mangsa-mangsa kepungkur kanggo kepentingane dina sesuk (akhirat). Lan sira kabeh padha taqwa-a marang Allah. Satemene Allah iku Maha Mirsani marang apa bae kang kok tindakake”.

            Wanten ing ayat punika, kejawi dhawuh supados taqwa dhumateng Panjenenganipun Allah SWT, Allah ugi dhawuh supados kita asring ngawontenaken evaluasi lan instrospeksi datheng sedaya amal tumindak kita wanten ing mangsa ingkang sampun-sampun, kanthi maksud supadas amal tumindak kita wanten ing mangsa-mangsa ingkang badhe dhateng dados langkung sae, ingkang satemah saget mahanani kawilujenganing badan kita benjang wanten ing akhirat.

            Ingkang wajib kita titi-titi lan kita gatosaken punika sedaya amal tumindak kita, ingkang miturut garis agengipun kaperang dados kalih, inggih punika kegiatan ingkang sesambetan kaliyan urusan ikhirat, lan kegiatan ingkang sesambetan kaliyan masalah-masalah kemasyarakatan utawi kadonyan. Sebab kanthi evaluasi lan instrospeksi makaten punika kita saget mangertosi kemajengan lan kekirangan kita piyambak, ingkang salajengipun saged kita dadosaken piwucal lan pedoman, kangge ningkataken usaha kita wanten ing wekdal-wekdal salajengipun.
            Manawi kita nggadhahi cita-cita kepingin saged nggayuh kawilujenganing gesang, syarat ingkang pokok inggih punika sampun ngantor kita punika supe dhumateng Allah. Awit sayektos bilih supe dhumateng Allah punika mbekta dhateng kerisakan ingkang sakelangkung vatal sanget. Sami kados dene syaratipun nggayuh kawilujenganing gesang secara pribadi, cita-cita nggayuh suksesipun sedoyo usaha kita ing ngalam ndonyo punika syaratipun ingkang pokok ugi mboten kenging supe dumateng Allah. Mboten supe dhumateng Allah kanthi pangertosan iman dhumateng Panjenenganipun. Tauhid lan taqwa ingkang saleres-leresipun. Allah sampun paring jaminan, yen sedayo usaha punika dipun leksanakaken kanthi modal dasar iman lan taqwa dhumateng Allah kanthi saestu, temtu saged berhasil kanthi sukses.

            Allah sampun paring pangandikan kadas sampun kasebat wonten ing surat al-A’raf ayat 96 :
وَلَوۡ أَنَّ أَهۡلَ ٱلۡقُرَىٰٓ ءَامَنُواْ وَٱتَّقَوۡاْ لَفَتَحۡنَا عَلَيۡہِم بَرَكَـٰتٍ۬ مِّنَ ٱلسَّمَآءِ وَٱلۡأَرۡضِ وَلَـٰكِن كَذَّبُواْ فَأَخَذۡنَـٰهُم بِمَا ڪَانُواْ يَكۡسِبُونَ (٩٦)

“Lan yen penduduk Negara mau nyata-nyata wis padha iman lan taqwa marang Panjenenganingsun, sayekti Ingsun bakal mbukak (maringake) pirang-pirang kebecikan langit lan bumi marang wong-wong mau. Nanging wong-wong mau padha nggorohake Ingsun. Mula Ingsun uga banjur matrapake pidana pasiksaningsun marang wong-wong mau amarga saka laku dosa kang padha ditindakake”.
           
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

            Kita temtu saged niliai dhumateng diri kita piyambak-piyambak, usaha kita, sae ing babagan keakhiratan ugi ing babagan kadonyan sampun berhasil punapa dereng, sampun mbekta
manfaat dumateng diri kita, punapa dereng. Anananging kados pundi kemawon hasil saking sedaya usaha kita punika, kula yakin kita sampun saget ngraosaken manfaat saking kemajengan punika. Sedaya punika wajib kita syukuri, lan sampun ngantos wonten ingkang ngengkari kanikmatan peparingipun Allah punika, senaosa sepinten kemawon agengipun kanugrahan Allah. Awit Allah sampun ngengetaken dhateng kita sedaya , kadas kasebat wanten ing Al-Qur’an Surat Ibrahim ayat 7 :

وَإِذۡ تَأَذَّنَ رَبُّكُمۡ لَٮِٕن شَڪَرۡتُمۡ لَأَزِيدَنَّكُمۡ‌ۖ وَلَٮِٕن ڪَفَرۡتُمۡ إِنَّ عَذَابِى لَشَدِيدٌ۬ (٧)

“Yen sira kabeh wis nyata-nyata syukur marang Panjenenganingsun, sayekti Ingsung bakal paring tambahe kanugrahan peparingingsun marang sira kabeh. Nanging yen sira kabeh malah padha ngengkari kanikmatan peparingingsun, sumurupa satemene pasiksaningsun iku abot banget”.
            Wangsul dhateng ayat 18 surat Al-Hasyr, inggih punika ayat ingkang mengku dhawuh supados kita ngawontenaken evaluasi. Secara wiyar dating sedaya usaha ingkang kita tindakaken lan secara pribadi, tentunipun paniti-niti punika kedah kita katujokaken dhateng diri pribadi kita piyambak-piyambak. Liripun mangga amal usaha kita ingkang sampun-sampun punika kita titi lan kita teliti terus, ingkang supados amal usaha kita wonten ing mangsa-mangsa ingkang badhe dhateng langkung sae lan langkung sampurna tinimbang ingkang sampun-sampun.

            Ingkang makaten akhiripun badhe saya majeng ing sedayanipun, sebab wajib kkita naming usaha lan ndonga dumateng Allah, prekawis hasil punapa dereng, katampi amal kita punapa dereng punika hak Allah kangge paring. Selajengipun, naming dhumateng Allah SWT kita sedaya kedah tansah nyuwun kekiyatan, pitulung, hidayah lan taufiqipun saha ridlanipun, wilujeng ing ndoya dumuginipun ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar