Kamis, 16 Februari 2017

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : MUKMIN SEJATI



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
MUKMIN SEJATI
Oleh : Drs. Anis Purwanto

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Minangka pambukaning atur, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga ing siyang punika kita saget nindakaken ibadah jum’at kanthi iklas krana Allah SWT. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT, wilujeng ing ndonya ngatos ing akhirat. Shalawat dalah salam kunjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Al-Qur’an ingkang minangka hidayah lan rahmat tumraping tiyan-tiyam muttaqin sayektos isi keterangan-keterangan ingkang mujudaken pitedah wanten ing babagan punapa kemawon, lan manawi dipun amalaken, saestu badhe ndatengaken ramat welas asihipun Allah SWT.
            Salah satunggalipun keteranganipun Al-Qur’an ingkang njelasaken pengertosanipun mukmin sejatos, kados ingkang kahemot ing Surah Al Anfal ayat 2-4 :

إِنَّمَا ٱلۡمُؤۡمِنُونَ ٱلَّذِينَ إِذَا ذُكِرَ ٱللَّهُ وَجِلَتۡ قُلُوبُہُمۡ وَإِذَا تُلِيَتۡ عَلَيۡہِمۡ ءَايَـٰتُهُ ۥ زَادَتۡہُمۡ إِيمَـٰنً۬ا وَعَلَىٰ رَبِّهِمۡ يَتَوَكَّلُونَ (٢) ٱلَّذِينَ يُقِيمُونَ ٱلصَّلَوٰةَ وَمِمَّا رَزَقۡنَـٰهُمۡ يُنفِقُونَ (٣) أُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمُ ٱلۡمُؤۡمِنُونَ حَقًّ۬ا‌ۚ لَّهُمۡ دَرَجَـٰتٌ عِندَ رَبِّهِمۡ وَمَغۡفِرَةٌ۬ وَرِزۡقٌ۬ ڪَرِيمٌ۬
 “Wong-wong mukmin yaiku mung wong-wong kang yen asmane Allah disebut-sebut, atine banjur gumeter (jalaran wedi). Lan yen ayat-ayat Allah diwacakake marang wong-wong mau, imane banjur tambah saya kuwat. Lan marang Pangerane, wong-wong mau padha tawakal. Yaiku wong-wong kang ngedegake shalat, lan padha nginfakake sebagian rizki kang wus sun paringake marang wong-wong mau. Wong-wong kang mangkono iku yaiku wong-wong mukmin sejati. Marang wong-wong mau diparingake derajat sapirang-pirang, saka ngarsane Pangerane, lan kaparingan pangapura sarta rizki mulya”.
Para sedherek, kanthi adedasar ayat menika selajengipun kados pundi kita saget pikantuk pitulunganipun Allah, kados pundi kita kaparingan pitulung, kekiyatan, sahingga kita kagolong ewonipun tiyang mukmin engkang sejatos. Bab punika pancen dumunung wonten ing ngarsanipun Allah SWT piyambak. Ananging Allah ugi badhe ngabulaken panyuwunanipun kawula, ingkang estu-estu nyuwun dhumateng Panjenenganipun.  Awit kaget utawi gumetering manah nalika miring asmanipun Allah dipun sebat, punika tiyang asring nyebat “watak” utawi “gawan bayi”.  Nanging senadyan makaten, manawi mboten dipun latih lan boten dipun kulinakaken, ugi mboten badhe saged dados manah engkang “getapan”, gumeter yen mireng asmanipun Allah  dipun sebat.
Makaten ugi pengamalan-pengamalan sanesipun, usaha nambah kiyating iman kanthi sregep lan ngulinakaken mirengaken ayat-ayat Al-Qur’an, ngedegaken shalat lan sapanunggalanipun sedaya punika sageta dados kapribaden, dados sipat ingkang langgeng, pancen kedah dipun biasakaken sarana niat ingkang ihklas, kanthi nyuwun hidayah dhumateng Allah, rahmat lan maunahipun. Kasebat ing Al-Qur’an susat Al-Mu’min ayat 60,  Allah ngendika :
وَقَالَ رَبُّڪُمُ ٱدۡعُونِىٓ أَسۡتَجِبۡ لَكُمۡۚ إِنَّ ٱلَّذِينَ يَسۡتَكۡبِرُونَ عَنۡ عِبَادَتِى سَيَدۡخُلُونَ جَهَنَّمَ دَاخِرِينَ
 “Lan Pangeranira wis paring dhawuh : “Sira kabeh padha nyuwuna marang Ingsun, tentu Ingsun ngabulake panyuwunira. Satemene wong-wong kang nyombongake dirine saka nyembah marang Ingsun (ora gelem nyembah marang Allah), wong-wong mau bakal mlebu ana sajrone neraka jahanam kanthi kahanan ina”.
            Naati dhawuhipun Allah kanthi nindakaken sadaya dhawuhipun lan nilaraken awisanipun, punika kita raosaken awrat. Nanging , sauger dipun tindakaken kanthi ihklas karana ngupadi ridlanipun Allah SWT, sarana latihan kanthi terus-terusan, malah manawi perlu kanthi peksan, insya Allah manawi sampun mapan, akhiripun ugi mboten kraos awrat. Awit pancen sampun dados pakulinan. Pakulinan nindakaken kesaenan. 
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Sedaya syarengatipun agami punika manawi dipun laksanakaken kanthi saestu, pancen mujudaken sarana kangge anggayuh kawilujengan dalah kabegjan ing ndonya ugi ing akhirat. Kanthi makaten, sumangga dhawuh pangandikanipun Allah ingkang minangka dhawuh supadosa kita mboten nyombongaken diri saking nyembah Allah, kita estokaken. Nindakaken dhawuh lan nilaraken awisan, kawiwitan kanthi raos awrat, nanging kanthi terus ambudidaya sekiat kemampuan kita, kanthi nyuwun pitulunganipun Allah SWT. Insya Allah saya dangu saya entheng, lan dados kapribaden kita minangka kaum mukmin.
            Atur keterangan singkat punika kita aturaken sekedar asipat informasi,  kanthi tujuan supados kita langkung mangertos lan faham kanthi mendalam ing babagan mukmin sejatos. Ing pangajab segeda ningkataken mental, iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT lan supados saged langkung ngatos-atos wonten ing sadhengah tindak tanduk kita, sampun ngantor kajrumus wanten ing juranging kekufuran.
            Nyuwun hidayah dhumateng Allah SWT sayektos sampun kita taindakaken, paling sekedik sidinten sedalu kaping 17, inggih punika salebetipun kita nindakaken shalat gangsal wekdal. Mila mugi-mugi panyuwunan kita menika estu-estu saged dipun kabulaken dening Allah , ingkang hanani kita dados tiyang-tiyang mukmin sejatos.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
                                 (Dipun kutib saking pinten-pinten seratan)