Rabu, 23 Agustus 2017

KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 1438 H / 2017 M



KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 1438 H / 2017 M
KANTHI HIKMAH  IDUL ADHA  KITA TINGKATAKEN  SEMANGAT PENGORBANAN KANGGE KEPENTINGANIPUN AGAMI, NUSA LAN BANGSA
Ed. : Drs. Anis Purwanto
( Ketua Pokjaluh Kabupaten. Ngawi )

اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَركَاَتُهُ
الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر
اَللهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ
اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Jama’ah Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
            Minangka pambukaning atur, sumangga sesarengan kita ngeningaken cipta saha manah, kanthi ngaturaken pujo puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan dumateng kita sedaya, sahingga ngantos  ing enjangipun Idul Adha  punika kita saged nindakaken pangibadahan dumateng Allah SWT. Kita nyuwun dumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita katampi dening Allah SWT. Sahingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akherat.
Shalawat saha salam mugia katur dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, nuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Jama’ah Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
            Gusti ingkang Maha Agung lan Moho Mirah, Allah SWT, ndadosaken Ariyadin Adha punika dinten penyerahan lan pengorbanan kangge sedaya  kawulanipun Allah SWT, ingkang tansah ngabekti dhumateng ngarsanipun, kajawi punika Ariyadin Adha minangka lambangipun keagungan lan keluhuran saha sucinipun Agama Islam, lambang pesederean lan kerukunan ing antawisipun sesami umat Islam, ugi kalihan golongan saha bangsa sanes. Pramila kanthi manah ingkang yakin, mboten wonten ingkang patut kita sembah kejawi namung Gusti Allah.
            Ing enjang punika kita umat Islam mangayubagya dhatengipun dinten agung “Idul Adha” kanthi nindakaken sarangkeaning ibadah ritual ingkang mila sampun dipun syariataken dening agami . wondene caranipun inggih punika sarana ngumandhangaken kalimah takbir, tahmid lan tahlil,  minangka tandha bukti anggen kita ngegungaken asmanipun Allah SWT. “ Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
            Kajawi ngumandhangaken kalimah takbir ingkang dipun wiwiti kalawau dalu , malah wanten ingkang ngawantenaken takbir keliling, gumuruh ngebaki angkasa. Kita ugi kadhawuhan nindakaken shalat Idul Adha kados ingkang nembe kita tindadaken kalawau. Ing swasana Idul Adha kadas ing enjang punika, wonten kalih perkawis ingkang kedah kita tindakaken tumrap kita umat Islam, inggih punika nyempurnakaken ibadah Haji lan nglaksanaaken ibadah qorban. Kita sampun mangertosi bilih ibadah haji punika hukumipun wajib kagem sedaya kaum Muslimin ingkang mampu bandhanipun, kakung utawi putri, paling mboten sepindah sak dangunipun gesang.              
Kados kasebat wonten ing Al-Qur’an Surat Ali Imran ayat 97 :
وَلِلَّهِ عَلَى ٱلنَّاسِ حِجُّ ٱلۡبَيۡتِ مَنِ ٱسۡتَطَاعَ إِلَيۡهِ سَبِيلاً۬‌ۚ وَمَن كَفَرَ فَإِنَّ ٱللَّهَ غَنِىٌّ عَنِ ٱلۡعَـٰلَمِينَ
 “Allah wus majibake marang para manungsa supaya nekani omah suci nindakake Haji, yaiku kanggone wong-wong kang mampu dalane, lan sapa sing ingkar mangka saktemene Gusti Allah iku sugih saka alam kabeh”.
            Kanthi dhawuh Allah SWT kasebat, pramila ing dinten punika mayuta-yuta kaum Muslimin sami ngempal wonten ing tanah suci, nindakaken ibadah haji, netepi dhawuh panggilanipun Allah SWT kanthi ngumandhangaken kalimah talbiyah :

“Nuwun inggih sendika dhawuh dalem, Gusti. Dhuh Gusti, kula tansah mbangun turut dhawuh Paduka. Mbaten wanten sekutu kagem Paduka. Sayektosipun sedaya puji lan sawernining kanikmatan punika kagungan Paduka. Lan namung Paduka ingkang nguwaosi samubarang dhengah, lan mbaten wanten ingkang nyekuthoaken kuwaos Paduka”.
            Makaten kalimah ingkang tansah dipun kumandhangaken para Muslimin lan Muslimat ingkang nindakaken ibadah haji, sedaya jamaah haji ngagem ageman ingkang sami, ngagem bahasa ingkang sami, sesarengan madhep mantep ing ngarsa dalem Allah SWT. Senaosa benten bangsa, suku lan ras sedaya sami, namung kadar keihklasan lan tingkat keimanan saha ketaqwaanipun ingkang mbentenaken wonten ing ngarsanipun Allah SWT. Sedaya sami-sami ngesaaken panjenenganipun kanthi ucapan talbiyah, ngegungaken asmanipun Allah SWT ing pangajab Allah SWT tansah paring kanugrahan dhumateng gesangipun, sahingga ibadah haji ingkang dipun leksanakaken dados haji ingkang mabrur.
Allahu Akbar 3 X, Allahu Akbar Walillahil Hamd !
Jama’ah Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
            Dinten punika dinten panutupipun ibadah haji, pramila dipun sebad Idul Adha utawi idul Qurban. Ibadah haji satunggalipun ibadah kagem nglatih keihklasan berkurban, kangge nuju panggayuh lan tujuan ingkang agung nilainipun katimbang ingkang dipunqurbanaken. Dene ingkang dereng saget nindakaken ibadah haji ing Baitullah Ka’bah cekap nindakaken sholat Idul Adha saha ibadah qurban. Pramila wonten ing Ariyadin Qurban kagem sederek ingkang mampu,  dipun sunahaken mragat kewan ternak arupi lembu utawi mendo, ingkang dagingipun  dipun bagi-bagi dhumateng para fakir miskin lan sebagian saget dipun dhahar piyambak. Ibadah qurban minangka satunggalipun wujud saking raos prikemanungsan lan pasederekan ing antawisipun kita sami.
            Syariat kurban punika dipun tetepaken dening Allah kanthi langkung rumiyin nggelar satunggaling kisah nyata ingkang nggambaraken ketaatanipun satunggaling kawulanipun , ingkang katelah saged ngawonaken katresnanipun dhateng anak kandhungipun kabanding raos tresnanipun dhumateng Allah SWT. Ing babagan punika kita lajeng enget dhateng sejarahipun Nabi Ibrahim as kaliyan putranipun, inggih punika Nabi Ismail as. Wanten salebetipun kisah, kalih-kalihipun rama lan putra dipun uji dening Allah SWT. Nabi Ibrahim as manawi saestu langkung tresna dhateng Allah Pangeranipun, katresnan punika supadhas dipun buktekaken kanthi ngorbanaken keng putra kinasih. Kalih-lalihipun rama dalah putra lulus saking ujianipun, sarana naati dhawuhipun Allah, senajaan toh akhiripun Nabi Ismail tetep sugeng, jalaran mboten kapragat saestu, awit lajeng dipun gantos dening Malaikat kanthi menda gibas. Makaten ingkang dados kersanipun Allah SWT
            Bab punika kacariosaken wanten ing salebetipun Al-Qur’an , kasebat wanten ing Surat As Shaffat : 102 :
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ ٱلسَّعۡىَ قَالَ يَـٰبُنَىَّ إِنِّىٓ أَرَىٰ فِى ٱلۡمَنَامِ أَنِّىٓ أَذۡبَحُكَ فَٱنظُرۡ مَاذَا تَرَىٰ‌ۚ قَالَ يَـٰٓأَبَتِ ٱفۡعَلۡ مَا تُؤۡمَرُ‌ۖ سَتَجِدُنِىٓ إِن شَآءَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلصَّـٰبِرِينَ
“Wusana nalika anake, Ismail iku wus tekan saguh usaha, bebarengan karo dheweke, Ibrahim banjur kandha : Dhuh ngger anakku, Rama pirsa ana ing sajrone impen, yen rama kadhawuhan dening Allah nyembelih sira, ngger. Mula saka iku pikiren. Ismail banjur matur: Dhuh rama, sumangga kula aturi nindakaken punapa ingkang kadhawuhaken dhumateng panjenengan, rama. Insya Allah rama badhe pirsa, bilih kula kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang sabar”.
Jama’ah Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
            Makaten ingkang dados kersanipun Allah SWT, ingkang nyutradarani kisah ageng punika, ingkang akhiripun Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail as katetepaken minangka lambang pengurbanan lan pembangunan. Kasebat wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Baqarah ayat 127 :

وَإِذۡ يَرۡفَعُ إِبۡرَٲهِـۧمُ ٱلۡقَوَاعِدَ مِنَ ٱلۡبَيۡتِ وَإِسۡمَـٰعِيلُ رَبَّنَا تَقَبَّلۡ مِنَّآ‌ۖ إِنَّكَ أَنتَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡعَلِيمُ
 “Lan elinga nalika Ibrahim lan Ismail bebarengan ngankat (mbangun) dhasar-dhasare Baitullah). Wong loro (rama lan putra) mau banjur ndonga : Dhuh Gusti Pangeran kula, mugi wantena kepareng Paduka nampi amalan kula. Sejatosipun Paduka punika maha Midhanget lan Maha Ngawuningani”.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Jama’ah Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
            Mila kasinggihan, bilih piwucal adilihung ingkang saget kita pethik saking kisah Nabi Ibrahim as lan Nabi Ismail as, inggih punika panjenenganipun  sukses ngangkat utawi mbangun dasaripun agami kanthi  kebak raos iman lan ketaatan dhumateng Allah SWT. Ketaatan minangka dasar utami saking sadaya kegiataning manungsa, kasil dipun tindakaken kanthi kebak keihklasan lan kesabaran, senajan kedah mawi pengorbanan ingkang awrat sanget. Malah kanthi lila legawaning manah sanggup ngurbanaken keng putra ingkang sakelangkung dipun trisnani.
Ananging jalaran saking ta’atipun dhumateng Allah, katresnan dhateng anak kalawau saget kawon, amargi saking agengipun keta’atan dumateng Allah SWT.  Sahingga manawi katresnan kita dhumateng Allah SWT , anglangkungi tresna kita dhateng sanesipun, tartamtu badhe mahanani kagayuhing kabegjan ingkang sakalangkung  ageng lan langgeng.
Pembangunan wonten ing bidhang punapa kemawon, tan kenging mboten tartamtu mbetahaken perngurbanan, saya ageng bidhang ingkang dipun bangun, ugi kedah saya ageng pengurbanan ingkang dipun wedalaken. Cita-cita mbangun bangsa lan nagari Indonesia ingkang kita tresnani punika ugi merlokaken pengurbanan ingkang mboten alit lan mboten sekedik. Malah manawi kita purun wangsul mikir-mikir kados pundi perjuanganipun bangsa Indonesia nalika sakawit ngrebat kamardikaning bangsa lan nagari saking jajahanipun Walandi. Wiwit kala samanten dumugi sapriki, tetela mboten sekedik lan mboten alit ingkang sampun dipun kurbanaken dening bangsa lan rakyat Indonesia. Tanpa pangorbanan , mbok manawi dumugi sepriki negari kita dereng merdeka.
لَن تَنَالُواْ ٱلۡبِرَّ حَتَّىٰ تُنفِقُواْ مِمَّا تُحِبُّونَ‌ۚ وَمَا تُنفِقُواْ مِن شَىۡءٍ۬ فَإِنَّ ٱللَّهَ بِهِۦ عَلِيمٌ۬
 “Sira kabeh babar pisan ora bakal bisa nggayuh kebecikan, kejaba yen sira kebeh wis padha gelem nginfakake sebagian barang-barang kang kok tresnani. Lan barang apa bae kang kok infakake kanggo kepentingane sabilillah, satemene Allah iku Maha ngawuningani marang kabeh kang kok tindakake”. (QS. Ali-Imran : 92).
            Adedasar ayat Qur’an punika kita saget mendhet satunggaling piwucal, bilih kita mboten badhe saged nggayuh kesaenan, tanpa wantenipun pengorbanan.  Sahingga kanthi makaten, manawi kita taksih kepingin tetep mbangun lan tetep nggayuh kesaenan, sampun kendel-kendel anggen kita qurban. Wondene pembangunan, punika mujudaken saluraning pengurbanan.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Jama’ah Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
            Pembangunan ingkang kita leksanakaken wonten ing nagari kita punika, pancen sekelangkung wiyar sanget tebanipun, nyakup sedaya bidhang, ingkang wanten gandheng cenengipun kaliyan gesang lan pagesanganipun manungsa, inggih punika bidang lahiriyah lan bidhang ruhaniyah. Dhateng kalih-kalihipun kedah kita gatosaken kanthi kawigatosan ingkang sami agengipun.
Mila saking punika, karana agengipun gegayuhan saking Pembangunan Nasional, sahingga Pemerintah RI ing Prengetan HUT RI ingkang kaping 72 punika mundhut irah-irahan  “INDONESIA KERJA BERSAMA “. Awit kita akeni bilih lampahing pembangunan taksih panjang, pramila mbetahaken partisipasi saking sedaya lapisan masyarakat wanten ing sedaya bidhang, selaras kaliyan pakaryan lan profesi kita piyambak-piyambak. Wondene gegayuhan ingkang pungkasan saking pembangunan inggih punika, “nagari igkang baldatun toyyibatun wa rabbun ghofuur”.       
Akhiripun, kanthi mendhet piwucal adiluhung lan hikmah saking Idul Adha, dipun ajab wanten ningkatipun ketaatan lan ketaqwaan kita dhumateng Allah SWT lan utusanipun, saha ningkatipun keihklasan berrkurban, kita yakin kanthi seyakin-yakinipun, bilih gegayuhan satunggalipun cita-cita uawi idham-idhaman kedah sarana pengurbanan. Saya ageng gegayuhan ingkang dipun tuju, ugi kedah saya ageng pengurbanan ingkang dipun wedalaken.
Minangka kawulanipun Allah SWT ingkang katitahaken kanthi winates daya lan kemampuan, mila kita kedah tansah nyuwun pangreksa dhumateng Allah SWT, mugi-mugi kawontena nagari ingkang ing saat punika nembe mbangun ing sedaya bidang, saget kalis saking sedaya rubeda, uwal saking sedaya reribet. Sumangga sedaya kita aturaken dhumateng para punggowo nagari ingkang kawogan mimpin. Pundi engkang sae, sumangga kita sengkuyung, pundi engkang awon sumangga kito dandosi , kagem kemajengan  ing sedayanipun.
Kanthi hikmah Idul Adha tahun 1438 H punika sumangga sak saged-saged nyonto keihklasan pengorbanan Nabi Ibrahim as dalah nabi Ismail as, wanten ing pagesangan kita, sahingga saged manggih karaharjan kanthi gesang ingkang sakinah . Mugi-mugi kita sedaya kaparingan maghfiroh saha katampi sedaya amal ibadah, manggih kabekjan ing ndonya dalah ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.         
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
KHOTBAH KE II :

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ.
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

( Dipun kutip saking pinten-pinten teks/buku khotbah )