Senin, 16 Oktober 2017

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : AMAL SHALEH



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
AMAL SHALEH
Dening : Drs. Anis Purwanto

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka pambukaning atur, sumangga kita ngaturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga ing siyang punika kita saget nindakaken ibadah jum’at kanthi iklas krana Allah SWT. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT, wilujeng ing ndonya ngantos ing akhirat.
Shalawat dalah salam kunjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Tiyang ingkang nindakaken amal shaleh, dipun jamin dening Allah SWT kanthi dipun paringi panggesangan ingkang ngremenaken wonten ing ndonya, lan ing akhirat mbenjang badhe dipun papanaken wonten swarganipun Allah SWT, minangka ganjarang ingkang paling ageng. Bab punika kadasaraken dhawuh Allah SWT ingkang kahemot ing Kitab Suci Al-Qur’an :

مَنۡ عَمِلَ صَـٰلِحً۬ا مِّن ذَڪَرٍ أَوۡ أُنثَىٰ وَهُوَ مُؤۡمِنٌ۬ فَلَنُحۡيِيَنَّهُ ۥ حَيَوٰةً۬ طَيِّبَةً۬‌ۖ وَلَنَجۡزِيَنَّهُمۡ أَجۡرَهُم بِأَحۡسَنِ مَا ڪَانُواْ يَعۡمَلُونَ
 “Sapa wonge kang nindakaken amal saleh, lanang utawa wadon, lan dheweke iku wonh iman, temenan Ingsun mesthi paring panguripan kang becik marang dheweke, lan Ingsun mesthi paring piwales marang dheweke kanthi kang luwih becik tinimbang apa-apa kang wis ditindakake dheweke”. (Q.S. An-Nahl : 97).

مَن كَفَرَ فَعَلَيۡهِ كُفۡرُهُ ۥ‌ۖ وَمَنۡ عَمِلَ صَـٰلِحً۬ا فَلِأَنفُسِہِمۡ يَمۡهَدُونَ 


"Sing sapa wonge engkar marang Allah, dheweke dhewe sing mesthi nanggung akibat saka kekafirane iku. Lan sing sapa wonge nindakake amal saleh, ateges kanggo dheweke dhewe wong-wong mau padha nyiapake papan-panggonan kang becik, yaiku swarga.” (Q.S. Ar-Ruum : 44).
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Sedaya punika minangka piwalesipun Allah SWT dhateng tiyang-tiyang ingkang nindakaken amal shaleh. Lan dhumateng tiyang ingkang nindakaken pakaryan ing lelawanan kaliyan dhawuh pangandikanipun Allah SWT, Gusti ingkang Maha Wicaksana ugi paring piwales selaras kaliyan punapa ingkang dipun tindakaken. Allah SWT sampun ngendika :

مَّنۡ عَمِلَ صَـٰلِحً۬ا فَلِنَفۡسِهِۦ‌ۖ وَمَنۡ أَسَآءَ فَعَلَيۡهَا‌ۗ وَمَا رَبُّكَ بِظَلَّـٰمٍ۬ لِّلۡعَبِيدِ
Sing sapa wonge nindakake amal saleh, ganjarane amal saleh mau kanggo awake wong sing nindakake amal saleh dhewe. Lan sing asapa wonge nindakake tumindak ala, dosane uga ditanggung dheweke dhewe. Lan babar pisan Pangeranira iku ora nganiaya marang kawula-kawulane.” (Q.S. Fush-shilat: 46).
            Makaten para sedherek, sawatawis ayat al-Qur’an ingkang nerangaken kawontenanipun  tiyang ingkang nindakaken amal saleh lan amal awann. Sapunika kantun gumantung kaliyan kita, pundi ingkang kita pilih, jer kita sampun dipun paring kebebasan milih, milih ingkang sae punapa miling ingkang awon.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Selajengipun para sedherek, sumangga kita sami lelomban ing babagan kesaenan utawi amal shaleh, kanthi sesorah FASTABIQUL KHAIRAT. Mangga sedaya dhawuhipun kita tindakaken kanthi nyuwun kekiyatan lahir lan batos dhumateng Allah SWT, lan nyuwun hidayah saha taufiq dhumateng Panjenenganipun. Kanthi tetep nindakaken sedaya dhawuhipun lan nilaraken sedaya awisanipun Allah SWT. Awit, sejatosipun ing rikala kita nindakaken satunggalipun urusan ingkang dipun dhawuhaken, punika sami kaliyan nindakaken kosok wangsulipun. Dados, dhawuh nindakaken amal shaleh punika sami kaliyan ngawisi nindakaken kejahata. Pramila saking punika sumangga tuntunanipun agami Islam punika kita amalaken kanthi kebak keihklasan lan ketaatan.
 Akhiripun, mangga kita tingkataken semangat kagem nindakaken amal shaleh. Mugi-mugi Allah SWT maringi kekiyatan lahir lan batos dhumateng kita sedaya, sehingga kita kagolong umat ingkang iman lan taqwa, ingkang setia tuhu mundhi sedaya dhawuhipun  lan nilaraken sedaya awisan. Begja mulya donya akhirat.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.