Kamis, 13 September 2018

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : HIJRIYAH


KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :
HIJRIYAH
Oleh : ANIS PURWANTO

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Wonten ing kesempatan Jum’at siyang sapunika, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, awit ngantos ing detik punika Alhamdulillah kanthi karunianipun Allah SWT, kita taksih kabimbing iman lan Islam sarta kesadaran kagem nindakaken kewajiban ibadah Jumat ing siyang punika. Mugia shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, sahabat lan sedaya penderekipun, kalebet kita sedaya. Amin..
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Saat samangke punika kita sampun mlebet wonten ing tahun 1440 H, lan tahun 1439 H sampun nilaraken kita kanthi mbekto sejarah ingkang mawarni-warni, selaras kaliyan penilaianipun saben-saben tiyang, ingkang setunggal lan sanesipun pancen mboten sami. Nanging sedaya sejarah punika kalawau mesthi wanten hikmahipun lan manfaatipun.
Gusti Allah sampun ngengetaken dhumateng kita kanthi dhawuhipun ingkang kasebat ing surat Al-Hasyr ayat 2 :
فَٱعۡتَبِرُواْ يَـٰٓأُوْلِى ٱلۡأَبۡصَـٰرِ
“Mula saka iku, he wong-wong kang sadhar, sira kabeh  padha njupuka piwulang”.
            Adhedhasar pangandikanipun Allah SWT punika, sumangga kita sami mendhet piwucal saking sedaya kedadosan lan prastowo ingkang sampun-sampun, minangka bahan lan sangu kita kangge ningkatake sawernining amal kita wanten ing mangsa-mangsa ingkang badhe dhateng, kawiwitan  saking saat lan dinten punika, kanthi tujuan akhir supados saya ningkatipun taqwa kita dhumateng Allah SWT.
            Pramila wanten ing kesempatan Jumat punika keparenga kita ngaturaken keterangan ingkang wanten sesambetanipun kaliyan bab hijriyah. Bab punika kula anggep penting kanthi pangajab dadosa pendorong dhateng kita supados tansah nengenaken dhateng kautamen lan ngutamekaken dhateng sawarnining kesaenan. Al-Qur’an Surat Al-Hasyr ayat 18, nyebadaken :
يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَلۡتَنظُرۡ نَفۡسٌ۬ مَّا قَدَّمَتۡ لِغَدٍ۬‌ۖ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ‌ۚ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرُۢ بِمَا تَعۡمَلُونَ (١٨)
“He wong-wong kang iman marang Allah, sira kabeh padha taqwa-a marang Allah. Lan saben wong supaya nggatekna marang sakabehe amal kang wis ditindakake ana ing mangsa-mangsa kepungkur, kanggo kepentingane dina sesuk. Lan sira kabeh  padha taqwa-a marang allah. Satemene Allah iku maha mirsani marang apa bae kang kok tindakake”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Ayat ingkang sampun kita aturaken punika mengku  dhawuh warni kalih ; inggih punika dhawuh supados taqwa dhumateng  Allah lan dhawuh supados niti-niti dhateng sedaya amal kita ingkang sampun-sampun. Tujuanipun , supadas amal kita ing mangsa-mangsa ingkang badhe dhateng badhe langkung meningkat sae.
            Sumangga kita lebeti tahun enggal punika, kanthi sangu iman lan taqwa dhumateng allah SWT. Kita percados bilih iman lan taaqwa ingkang dipun amalaken kanthi saestu, saleres-leresipun, temtu saged ndhatengaken  kawilujenganing gesang wiwit donya dumugi ing akhirat. Kados ing panyuwun kita, kasebat ing Surat al-Baqarah ayat 201 :
رَبَّنَآ ءَاتِنَا فِى ٱلدُّنۡيَا حَسَنَةً۬ وَفِى ٱلۡأَخِرَةِ حَسَنَةً۬ وَقِنَا عَذَابَ ٱلنَّارِ
“Dhuh Gusti Pangeran kula. Mugi wantena kepareng Paduka paring dhateng kula kesaenan ing urusan donya lan kesaenan ing urusan akhirat. Lan kula nyuwun pangreksa saking siksa latu neraka”.
            Pancen manawi dipun galih kanthi saestu , panyuwunan kita dhumateng Allah punika namung nyakup werni kalih, inggih punika kesaenan ing ndonya lan kesaenan ing akhirat utawi kawilujengan ing donya lan ing akhirat. Panyuwun punika saget kasembadan bilih kita sampun saget ngamalaken surat  Wal ‘Asri :
وَٱلۡعَصۡرِ (١) إِنَّ ٱلۡإِنسَـٰنَ لَفِى خُسۡرٍ (٢) إِلَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَـٰتِ وَتَوَاصَوۡاْ بِٱلۡحَقِّ وَتَوَاصَوۡاْ بِٱلصَّبۡرِ (٣)

 “Demi waktu ! Satemene manungsa iku nyata-nyata ana sajrone kapitunan. Kajaba wong-wong sing aman, sing nindakake kebecikan sing saling eling-elingan nepati barang hak lan netepi kesabaran”.
            Akhiripun namung dhumateng Allah SWT kita aturaken sedaya panyuwun kita, mugi-mugi kita kagolong umat ingkang tambah iman dalah taqwanipu, kanggeh anggayuh kabekjan lan kawilujengan ing ndonya lan ing akhirat.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.




Selasa, 14 Agustus 2018

KHUTBAH IDUL ADHA 1439 H / 2018 M : KANTHI PENGURBANAN LAN KAMARDIKAN KITA SUKSESAKEN PEMBANGUNAN NASIONAL


KHUTBAH IDUL ADHA  1439 H / 2018 M
KANTHI PENGURBANAN LAN KAMARDIKAN
KITA SUKSESAKEN PEMBANGUNAN NASIONAL
Ed. Anis Purwanto

الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر
الله أكبر الله أكبر
اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Jama’ah Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
            Minangka pambukaning atur, sumangga sesarengan kita ngeningaken cipta saha manah, kanthi ngaturaken pujo puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan dumateng kita sedaya, sahingga ngantos  ing enjangipun Idul Adha  punika kita saged nindakaken pangibadahan dumateng Allah SWT. Kita nyuwun dumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita katampi dening Allah SWT. Sahingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akherat.
Shalawat saha salam mugia katur dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, nuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Jama’ah Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
            Kanthi rahmat sih pitulunganipun Allah SWT, ing enjang punika kita umat Islam mangayubagya dhatengipun dinten agung “Idul Adha” kanthi nindakaken sarangkeaning ibadah ritual ingkang mila sampun dipun syariataken dening agami . sarana ngumandhangaken kalimah takbir, tahmid lan tahlil,  minangka tandha bukti anggen kita ngegungaken asmanipun Allah SWT. “ Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.          Kajawi ngumandhangaken kalimah takbir ingkang dipun wiwiti kalawau dalu , gumuruh ngebaki angkasa. Kita ugi kadhawuhan nindakaken shalat Idul Adha kados ingkang nembe kita tindadaken kalawau.
            Kita ugi muji syukur dhuateng ngarsa dalem Allah SWT, bilih ing Idul Adha taHun 2018 punika kita Bangsa Indonesia nembe kemawon mrengeti HUT RI ingkang kaping - 73. Swasono prengetan ngengetaken kita kaliyan detik-detik Proklamasi  Kamardikan Republik Indonesia. Bab punika penting kita aturaken ing awal khubah, kanthi pengajab mugia kaum Muslimin nyadari bilih kamardikan saking penjajah Walandi, mbaten kamardikan final, ananging tetep berjuang terus ngisi kamardikan nuju nagari ingkang “ BALDATUN TOYYIBATUN WA RABBUN GHOFUUR”.
            Kathah hikmah ingkang saged kita pethik saking prengetan Proklamasi Kamardikan ingkang wekdalipun celak sanget kaliyan kita mahargya dinten Idul Adha punika. Kamardikan lan pengurbanan, mila pancen rapet sanget sesambetanipun. Kamardikan lan pengurbanan punika ngengetaken kita dhumateng para pahlawan lan syuhada’ipun bangsa ingkang gugur mbelani tanah wutah erahipun saking penjajahanipun bangsa asing. Berkat pengurbananipun para syuhada’ lan pahlawan punika, kita samangke saged ngraosaken nikmatipun gesang wonten ing alam kamardikan.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
            Ucapan takbir punika ugi ngumandhang wanten ing angkasa, nalika kita miwiti revolosi ing wulan Agustus 1945 wonten ing saindengin Nuswantara. Kanthi pekikan takbir punika para pejuang gumregah semangatipun, ngadhepi mengsah ingkang anggadhahi persenjataan modern, nyorohaken jiwa lan ngurbanaken nyowonipun, mbebasaken bangsa lan negari saking jajahanipun bangsa sanes.
            Kita sedaya bangsa Indonesia, khususipun kita kaum muslimin ingkang nembe mahargya Idul Adha, Kamardikan RI tanggal 17 Agustus 1945, mbekta mawarni-warni kenangan lan harapan. Awit nikmat kamardikan menika minangka berkah lan rahmat Allah SWT, “Atas berkat rahmat Allah yang Maha kuasa dan dengan didorongkan oleh keinginan yang luhur, supaya berkehidupan kebangsaan yang bebas, maka rakyat Indonesia menyatakan dengan ini kemerdekannya”. Kanthi kamardikan punika harkat lan martabatipun bangsa Indonesia setaraf lan sejajar kaliyan bangsa-bangsa sanes ing donya. Inggil utawi andaping drajatipun manungsa namung dipun bentenaken dening ketaqwaanipun dhumateng Allah SWT :
يَـٰٓأَيُّہَا ٱلنَّاسُ إِنَّا خَلَقۡنَـٰكُم مِّن ذَكَرٍ۬ وَأُنثَىٰ وَجَعَلۡنَـٰكُمۡ شُعُوبً۬ا وَقَبَآٮِٕلَ لِتَعَارَفُوٓاْ‌ۚ إِنَّ أَڪۡرَمَكُمۡ عِندَ ٱللَّهِ أَتۡقَٮٰكُمۡ‌ۚ إِنَّ ٱللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ۬
 “E para manungsa! Ingsun wis gawe sira, kang wijine saka wong lanang lan wadon, lan Ingsun dadekake pirang-pirang bangsa lan golongan supaya padha tepung antara siji lan sjijine. Satemene wong kang paling mulya ing antarane sira kabeh mungguhe Allah, yaiku wong kang paling bekti marang Allah. Satemene Allah iku Maha ngawuningani tur Maha wicaksono”.(QS. Al-Hujarat : 13).
Jama’ah Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
            Jumbuh kaliyan dhawuh punika , kala wingi tanggal 9 Dzul hijjah, sedaya jamaah haji ingkang jumlahipun yutan punika, sami nindakaken wukuf ing ara-ara Arofah. Wukuf mujudaken puncakipun ibadah haji. Wonten ing padang Arofah punika jamaah haji saking sedaya bangsa kepanggih. Pepanggihan bangsa-bangsa saindenging donya, ingkang nunggil agami lan nunggil aqidah, tetela nyadaraken kita dhateng wontenipun persamaaning asal-usulipun manungsa.

            Wonten ing saat lan papan punika mboten wonten tiyang engkang nggatosaken dhateng pangkat, drajat lan kalenggahan. Sedaya jamaah engkang nembe wukuf, sami ngagem ageman “Ikhram”,  ageman ingkang seragam, sarwa pethak lan tanpa dipun jahit. Lan sedaya sami ngucapaken ucapan tuwin donga ingkang seragam ugi, sedaya memuji dhumateng Gusti Ingkang Murbaeng Dumados , kanthi kalimah “Talbiyah”: Ingkang jarwinipun : “Nuwun inggih sendika dhawuh dalem, Gusti. Dhuh Gusti, kula tansah mbangun turut dhawuh Paduka. Mbaten wanten sekutu kagem Paduka. Sayektosipun sedaya puji lan sawernining kanikmatan punika kagungan Paduka. Lan namung Paduka ingkang nguwaosi samubarang dhengah, lan mbaten wanten ingkang nyekuthoaken kuwaos Paduka”.
            Ruh Islam ingkang mancar saking kalimah talbiyah lan ugi kalimat takbir mujudaken sumber kekiyatan bangsa Indonesia ing rikala samanten ngrebat lan mertahanaken kamardikan, srta ngurbanaken jiwa lan raganipun. Sejarah kamardikan Indonesia nyerat pahlawan Nasional kadosta Tuanku Imam Bonjol, Pangeran Diponegoro, Kyai Mojo, Pangeran Antasari, Cik Ditiro, minangka para syuhada’ ingkang berjuang ngagem agemam jubah lan serban, sami kaliyan ageman ihkram.
Al-Qur’an Surat Al-Haj ayat 39 nyebadaken makaten :
أُذِنَ لِلَّذِينَ يُقَـٰتَلُونَ بِأَنَّهُمۡ ظُلِمُواْ‌ۚ وَإِنَّ ٱللَّهَ عَلَىٰ نَصۡرِهِمۡ لَقَدِيرٌ
 “Wis dikeparengake perang tumrape wong-wong kang diperangi, jalaran wong-wong mau dianiaya,. Satemene Allah iku kuwasa nulung wong-wong mau”.

            Ayat Al-Qur’an punika ugi ingkang paring semangat juangipun para pahlawan kusumaning bangsa nglawan kaum penjajah. Lan kangge kamardikan bangsa lan negarinipun punika para pahlawan lan syuhada’ lega lila lan ihklas ngedalaken pangurbanan, punapa malih pengurbanan punika jer mujudaken prentahipun agami, kados ingkang sampun dipun contoaken Nabi Ibrahim as lan Nabi ismail as.
Jama’ah Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
            Kisah pengorbananipun Nabi Ibrahim as lan Nabi Ismail as nyata-nyata endah lan sampurna.  Kacarios nalikanipun Kanjeng Nabi Ibrahim as dipun uji mental saha imanipun dening Allah SWT, kanthi kadhawuhan supados mragat putra kinasih, Nabi Ismail as. Nabi Ibrahim as ngestokaken dhawuhipun Allah punika tanpa tidha-tidha. Keng putra piyambak, Nabi Ismail as, wontenipun inggih ihklas, namung sumarah lan manut. Kados kasebat wonten Al-Qur’an Surat Ash-Shoffat ayat 102 :
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ ٱلسَّعۡىَ قَالَ يَـٰبُنَىَّ إِنِّىٓ أَرَىٰ فِى ٱلۡمَنَامِ أَنِّىٓ أَذۡبَحُكَ فَٱنظُرۡ مَاذَا تَرَىٰ‌ۚ قَالَ يَـٰٓأَبَتِ ٱفۡعَلۡ مَا تُؤۡمَرُ‌ۖ سَتَجِدُنِىٓ إِن شَآءَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلصَّـٰبِرِينَ
“Wusana nalika anake, Ismail iku wus tekan saguh usaha, bebarengan karo dheweke, Ibrahim banjur kandha : Dhuh ngger anakku, Rama pirsa ana ing sajrone impen, yen rama kadhawuhan dening Allah nyembelih sira, ngger. Mula saka iku pikiren. Ismail banjur matur: Dhuh rama, sumangga kula aturi nindakaken punapa ingkang kadhawuhaken dhumateng panjenengan, rama. Insya Allah rama badhe pirsa, bilih kula kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang sabar”.
            Kanthi mendhet piwucal adiluhung saking kisah ketaatanipun Nabi Ibrahim as lan Nabi ismail as, dipun ajab wanten ningkatipun ketaatan kita dhumateng Allah saha Utusanipun, lan ningkatipun keihklasan berkurban. Kita yakin kanthi seyakin-yakinipun, bilih gegayuhan satunggalipun cita-cita utawi idham-idhaman kedah sarana pengurbanan. Saya ageng gegayuhan ingkang dipun tuju, ugi kedah saya ageng pengubanan ingkang dipun wedalaken, minangka tebusanipun gegayuhan kala wau.

            Kurban dadas buktining ketaatan, lan ugi buktining katresnan. Trisna tanpa pengurbanan naminipun trisna palsu. Wanten ing Surat Ali imran ayat 92 dipun aturaken :

لَن تَنَالُواْ ٱلۡبِرَّ حَتَّىٰ تُنفِقُواْ مِمَّا تُحِبُّونَ‌ۚ وَمَا تُنفِقُواْ مِن شَىۡءٍ۬ فَإِنَّ ٱللَّهَ بِهِۦ عَلِيمٌ۬
 “Sira kabeh ora bakal bisa oleh kebecikan kejaba yen wis padha gelem ngurbanake sebagian barang kang kok tresnani. Lan apa bae kang kok kurbanake (infakake), satemene Allah iku Maha Mirsani marang apa bae kang kok tindakake”.

            Menggahipun Allah, pangaosipun (nilai) kurban mboten dumunung wonten ing barangipun ingkang dipun kurbanaken, nanging dumunung ing taqwa ingkang dados landhasanipun. Surat Al-haj ayat 37 nandhasaken makaten :

لَن يَنَالَ ٱللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَآؤُهَا وَلَـٰكِن يَنَالُهُ ٱلتَّقۡوَىٰ مِنكُمۡ‌ۚ كَذَٲلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمۡ لِتُكَبِّرُواْ ٱللَّهَ عَلَىٰ مَا هَدَٮٰكُمۡ‌ۗ وَبَشِّرِ ٱلۡمُحۡسِنِينَ
 “Dudu daging-daginge lan dudu getih-getihe kewan kurban kang bisa teka marang Allah, nanging kang bisa teka (ditampa dening Allah) iku taqwanira. Kaya mangkono iku Allah nundhukake kewan-kewan kurban mau tumrape sira kabeh,  kang supaya sira kabeh padha ngegungna asmane Allah manut pituduh kang wus diparingake marang sira. Lan sira aweha kabar gumbir marang wong-wong kang gawe kabecikan”.
Jama’ah Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
            Kamardikan rapet sanget sesambetanipun kaliyan pengurbanan. Malah kamardikan mboten badhe  kagayuh, yen tanpa wonten pangurbanan. Makaten ugi ngisi kamardikan, dipun perlokaken sanget wontenipun pengurbanan. Wondene bentukipun ngisi kamardikan punika mboten  wonten sanes kajawi sarana pembangunan. Lan ngengingi bab pembangunan punika, kita sedaya Bangsa Indonesia pancen wajib muji syukur dhumateng Allah SWT. Awit Alhamdulillah, kanthi pitulunganipun saha pitedahipun Allah, kita bangsa Indonesai dumugi ing saat sapunika taksih wonten salebetipun mbangun. Lan kasil saking pembangunan punika sampun saget dipun raosaken dening kita sedaya bangsa lan rakyat Indonesaia. Ingkang mesthi kemawon pembangunan punika taksih kedah kita terusaken lan kita tingkataken, murih tujuanipun pembangunan punika piyambak tumunten saget kita gayuh. Inggih punika Kesejahteraan lahir batin, kemakmuran tuwin keadilan ingkang waradin tumrapipun rakyat lan masyarakat Indonesia wonten ing salebetipun negari Republik Indonsia ingkang adedasar Pancasila lan Undang-Undang Dasar 1945, ingkang dipun ridlani dening Allah SWT, “BALDATUN TOYYIBATUN WA RABBUN GHAFUUR”.
            Pembangunan ingkang kita leksanakaken, pancen sekelangkung wiyar sanget tebanipun, sahengga asring kasebat “Pembangunan manusia seutuhnya dan pembangunan masyarakat Indonesia sluruhnya”. Karana  agengipun gegayuhan saking Pembangunan Nasional, tartamtu mbetahaken partisipasi saking sedaya lapisan masyarakat wanten ing sedaya bidang, selaras kaliyan pakaryan lan profesi kita piyambak-piyambak.
Pramila saking punika Pembangunan Nasional, insya Allah mujudaken pengejowantahan saking taqwa kita dhumateng Allah SWT. Selajengipun keberhasilan pembangunan ingkang lelandasan sikap pengurbanan menika badhe saged ngagungaken syi’ar Allah lan syi’ar Islam ing bumi Indonesia menika :
ذَٲلِكَ وَمَن يُعَظِّمۡ شَعَـٰٓٮِٕرَ ٱللَّهِ فَإِنَّهَا مِن تَقۡوَى ٱلۡقُلُوبِ
 “Lan sing sapa ngagungake syi’ar-syia’re Allah, prayata iku saka ati kang taqwa”. (QS. Al-Hajji :32)
Jamaah Shalat Idul Adha Rakhimakumullah.
            Ngantos ing saat mahargya Idul Adha ing tahun 1439 H punika, kita bangsa Indonesia kanthi berkelanjutan tetep nerusaken   karya ageng Pembangunan Nasional, senaoso ugi taksih ngadhepi mawarni-warni ujian ingkang ugi mboten entheng. kadosta mrosotipun moral “anak bangsa” , koropsi, kolosi lan nepotisme taksih tuwuh subur. Risakipun budaya bangsa lan demoralisasi, ingkang dadas masalah kebangsaan ugi kedah enggal kita usadani. Meski makaten sejatosipun halangan, rintangan lan tantangan ingkang dipun adhepi kita bangsa Indoesia , mboten mligi saking njaban rangkah kemawon, ananging khususipun ing kalangan umat Islam piyambak, rapuhipun ukhuwah Islamiyah kita dados salah satunggal penyebabipun.
            Pramila saking punika , mestinipun kita lajeng saget mendet piwucal adiluhung saking prastowo qurban ingkang dipun lakonaken Nabi kekalih,  inggih punika Nabi Ibrahim as lan Nabi Ismail as,  minangka pepenget dhumateng para pemimpin saha tiang sepuh lan putra-putranipun. Liripun, bilih satunggaling pemimpin kedah saget kangge conto sae wanten ing gesangipun lan ing keluarganipun. Nabi Ibrahim mboten namung paring conto kados pundi tanggung jawabipun minangka pemimpin umat, ananging ugi minangka jejeripun rama ingkang wicaksana, semanten ugi Nabi Ismail minangka conto generasi muda ingkang satuhu  dhateng tiang sepuhipun.
Akhiripun kanthi semangat Idul Adha kita lajengaken pembangunan nasional, kagem anggayuh nagari ingkang majeng ing sedaya bidang. Sumangga sedaya kita aturaken dhumateng para punggowo negeri. Kita minangka jejeripun warga negeri ingkang sae kedah kagungan wawasan ingkang wicaksana, pundi  ingkang sae sumamgga kita sengkuyung, pundi engksng awon sumangga kita dandosi sesarengan murih dados saenipun. Mugia sedaya pemimpin negeri kaparingan hidayahipun sahingga saget mimpin nagari kanthi wicaksana, nuju masyarakat adil makmur Mugia kita manggih kawilujengan ing donya dalah ing akhirat.
Selajengipun kangge penutup khutbah, sumangga kita ngeningaken cipta, nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi sedaya panjangka kita saget dipun kabulaken Allah SWT.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.



Kamis, 02 Agustus 2018

KHUTBAH JUM’AT : NEGERI MAKMUR DENGAN PENDUDUK BERIMAN DAN BERTAQWA


KHUTBAH JUM’AT
NEGERI MAKMUR DENGAN PENDUDUK BERIMAN DAN BERTAQWA
Oleh : ANIS PURWANTO

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Segala puji bagi Allah SWT yang telah memberikan kepada kita semua nikmat-Nya. Mulai dari nikmat kesehatan, kesempatan dan nikmat yang paling besar yaitu nikmat iman dan Islam. Shalawat serta salam semoga senantiasa terlimpahkan kepada junjungan kita Nabi besar Muhammad saw, yang telah membawa manusia dari jalan kegelapan menuju jalan terang benderang yaitu Islam.
Sebelumnya saya wasiatkan kepada diri saya sendiri dan kepada jamaah sekalian untuk senantiasa meningkatkan ketaqwaan kepada Allah Ta’ala. Karena hanya dengan ketaqwaan kita akan dapat kebahagiaan di dunia dan di akhirat kelak.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Tabiat manusia pasti menginginkan kebahagiaan dalam kehidupannya. Entah kebahagiaan di dunia maupun di akhirat. Dan semua yang dilakukan manusia pasti akan diarahkan kepada tercapainya tujuan tersebut . Bahkan sebuah negeri pun tentunya bertujuan untuk membahagiakan rakyatnya. Bahkan apa yang dijanjikan oleh para politisi, kita menginginkan terwujudnya “ekonomi kerakyatan, anti neo-liberalisme”. Dan lain-lain. Intinya adalah menginginkan sebuah kesejahteraan.
Akan tetapi kita juga harus mengetahui bahwa syarat untuk menjadi sebuah negeri menjadi negeri yang diberkahi Allah SWT adalah dengan iman dan taqwa. Karena, banyaknya para sarjana pertanian tidak menjamin pertanian makin baik, banyaknya para ekonom tidaklah menjamin membawa suatu negeri menjadi maju ekonominya. Bahkan jikalau,  rakyat telah melahirkan para pakar-pakar di segala sektor kehidupan pun tidak menjamin kemakmuran sebuah negeri, jika di negeri tersebut menyebar kemaksiatan, kesyirikan dan kemungkaran. Jadi,  kemakmuran dan kemajuan suatu negeri dilihat dari ketaqwaan penduduknya kepada Allah SWT.
Sungguh indah sebuah negeri yang penduduknya taat kepada Allah SWT, negeri yang Allah juluki dengan negeri yang baldatun toyyibatun wa rabbul ghofur, negeri yang baik dan allah mengampuninya. Dalam al-qur’an , Allah SWT kisahkan negeri tersebut dalam Surat Saba’ ayat 15-16 :
لَقَدۡ ۖ جَنَّتَانِ عَن يَمِينٍ۬كَانَ لِسَبَإٍ۬ فِى مَسۡكَنِهِمۡ ءَايَةٌ۬ وَشِمَالٍ۬ۖ كُلُواْ مِن رِّزۡقِ رَبِّكُمۡ وَٱشۡكُرُواْ لَهُۚ ۥ بَلۡدَةٌ۬ طَيِّبَةٌ۬ وَرَبٌّ غَفُورٌ۬ (١٥) فَأَعۡرَضُواْ فَأَرۡسَلۡنَا عَلَيۡہِمۡ سَيۡلَ ٱلۡعَرِمِ وَبَدَّلۡنَـٰهُم بِجَنَّتَيۡہِمۡ جَنَّتَيۡنِ ذَوَاتَىۡ أُڪُلٍ خَمۡطٍ۬ وَأَثۡلٍ۬ وَشَىۡءٍ۬ مِّن سِدۡرٍ۬ قَلِيلٍ۬
 “Sesungguhnya bagi kaum Saba’ ada tanda (kekuasaan Rabb) ditempat kediaman mereka yaitu dua buah kebun di sebelah kanan dan sebelah kiri. (Kepada mereka dikatakan) . Makanlah dari rizki yang (dianugerahkan) rabb kalian dan bersyukurlah kamu kepada-nya. (Negerimu)  adalah negeri yang baik dan (Rab kalian) adalah Rabb yang Maha pengampun. Tetapi mereka berpaling, maka Kami datangkan kepada mereka banjir yang besar dan kami ganti kedua kebun mereka dengan dua kebun yang ditumbuhi (pohon-pohon) yang berbuah pahit, pohon Atsel (sejenis pohon cemara) dan sedikit dari pohon Sidr (sejenis pohon  bidara)”.

Kemakmuran negeri saba’ diceriterakan bahwa saking makmurnya , seorang ibu berjalan dibawah pepohonan yang berbuah. Diatas kepalanya terdapat keranjang, kemudian berjatuhan ke dalam keranjangnya itu buah tersebut hingga penuh, hingga ia tidak memetik sendiri buah itu. Digambarkan saking banyaknya buah, yan masak-masak dan sangat bagus.
            Bahkan mereka tidak mendapatkan lalat, kutu busuk dan hama tanaman, karena hawa yang baik, lingkungan yang nyaman  berkat pertolongan Allah SWT kapada mereka, agar mereka mentauhidkan Allah dan beribadah kepada-Nya.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Kemudian mereka berpaling dari meng-esakan Allah SWT, tidak lagi beribadah dan bersyukur kepadanya atas nikmat-nikmat yang telah diberikan kepada mereka, bahkan mereka beribadah kepada matahari, yang kemudian Allah SWT datangkan kepada mereka banjir yang besar,    air melimpah ke lembah-lembah dan melibas segala yang dilaluinya, berupa bangunan, tumbuhan  dan sebagainya. Karena itu air tidak lagi mengairi pohon-pohon tersebut. Pohon-pohon tersebut berbuah pahit dan pepohonan banyak durinya. Semua itu karena keingkaran, kesyirikan, serta pendustaan mereka kepada Allah SWT.
Dan tentunya, bencana yang lebih parah dari semua musibah adalah bencana akhlak dan jiti diri sebagai seorang muslim. Hilangnya ahklak yang islami adalah musibah yang paing parah, sebab dari sinilah timbulnya berbagai persoalan dan penyakit  kemasyarakatan. Bila kita potretkan untuk kondisi tersebut di negeri kita secara keseluruhan, dan secara khusus pada lingkungan kita . Hal ini tentunya dapat kita hindari ,apabila penduduk negeri kita yang mayoritas penduduknya beragama Islam, tetep beriman dan bertaqwa kepada Allah SWT. Berbagai bencana yang sering melanda negeri ini, mungkin sebagai peringatan kepada kita agar kita kembali ke jalan lurus, agar kita mau mengikuti aturan dan perintah allah SWT. Sebab Allah akan melimpahkan berkah dari langit dan bumi, jikalau penduduk negeri ini beriman dan bertaqwa kepada Allah SWT. Sebagaima termaktub dalam Surat Al-A’raf ayat 96 :

وَلَوۡ أَنَّ أَهۡلَ ٱلۡقُرَىٰٓ ءَامَنُواْ وَٱتَّقَوۡاْ لَفَتَحۡنَا عَلَيۡہِم بَرَكَـٰتٍ۬ مِّنَ ٱلسَّمَآءِ وَٱلۡأَرۡضِ وَلَـٰكِن كَذَّبُواْ فَأَخَذۡنَـٰهُم بِمَا ڪَانُواْ يَكۡسِبُونَ

Dan sekiranya penduduk negeri beriman dan bertaqwa, pasti kami akan melimpahkan kepada mereka berkah dari langit dan bumi, tetapi ternyata mereka mendustakan (ayat-ayat Kami), maka Kami siksa mereka  sesuai dengan apa yang telah mereka kerjakan”.
Maka seperti inilah seharusnya setiap orang beriman benar-benar memberikan perhatian besar terhadap apa yang sudah dan yang kita lakukan, bahkan dalam mempersiapkan diri dan mengumpulkan bekal untuk menghadapi hari yang kekal dan abadi itu. Karena hakekatnya, hari inilah masa depan manusia yang sesungguhnya. “Hai orang-orang yang beriman, bertaqwalah kepada Allah dan hendaklah setiap diri memperhatikan apa yang telah disiapkannya untuk hari esok, dan bertaqwalah kepada Allah, sesungguhnya Allah Maha Mengetahui apa yang kamu kerjakan”. Harapannya, kita selalu  dapat memperbaharui kembali komitmen iman dan taqwa kita, kepada Allah SWT.  
Semoga Allah SWT menjauhkan kita dari banjir perusak iman dan taqwa, yang menjerumuskan kepada kesesatan bahkan kekufuran dan kemusyrikan. Dan semoga Allah meneguhkan iman dan taqwa kaum muslimin yang setia mengikuti petunjuk Rasulullah SAW di manapun berada. Bahagia di dunia dan di akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin. 
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.