Selasa, 24 April 2018

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : WULAN SYA’BAN

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :
WULAN SYA’BAN
Oleh : ANIS PURWANTO
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Langkung rumiyin, sumangga kita sami nyaosaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya. Sahingga kanthi ijin Allah SWT, kita saget nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT. Kita nyuwun dhumaateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siyang punika saget katampi dening Allah SWT, amin ya rabbal ‘alamin.
            Shalawat saha salam mugia katur dhumateng Gusti Rasul, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, tumuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Wanten ing dinten Jum’at punika kita sampun wanten ing wulan sya’ban, ingkang ateges sekedap malih kita sampun lumebet ing wulan Ramadhan.   Pramila saking punika atur khutbah ing siang punika kita hubungaken kaliyan keterangan ingkang magepokan kaliyan wulan sya’ban, awit kita asring nglirwakaken wantenipun wulan sya’ban. Kamongko wulan sya’ban minangka gapuronipun kangge mapag dhatengipun wulan Ramadhan.
            Wanten ing wekdal-wekdal makaten punika , rumiyin, para sahabat Rasulullah SAW, sami suka ing manah, awit badhe karawuhan tamu agung inggih punika wulan Ramadhan. Pramila para sahabat lajeng sami nyiapaken jiwa lan raga kangge mangayu bagya rawuhipun wulan Ramadha, wul;ang ingkang kebak rahmar, maghfirah, lan karcis ingkang badhe mbebasaken saking siksa latu neraka.
            Dhawuh pangandikan Allah ing Surat Al Imran ayat 133, nyebadaken :
وَسَارِعُوٓاْ إِلَىٰ مَغۡفِرَةٍ۬ مِّن رَّبِّڪُمۡ وَجَنَّةٍ عَرۡضُهَا ٱلسَّمَـٰوَٲتُ وَٱلۡأَرۡضُ أُعِدَّتۡ لِلۡمُتَّقِينَ
Lan padha gegancangana sira kabeh maarang (Nggayuh) pangapura saka Pangeranira lan (marang) Suwarga kan jembare sajembare sakabehing langit lan bumi, kang wus dicawisake kanggo wong-wong kang padha taqwa”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Wanten ing wulan sya’ban makaten punika Rasulullah SAW piyambak asring ngathah-ngathahaken  anggenipun nindakaken siyam sunnat sya’ban :
. فَمَا رَأَيْتُ رَسُولَ اللَّهِ – صلى الله عليه وسلم – اسْتَكْمَلَ صِيَامَ شَهْرٍ إِلاَّ رَمَضَانَ ، وَمَا رَأَيْتُهُ أَكْثَرَ صِيَامًا مِنْهُ فِى شَعْبَانَ

Aku babar pisan ora tau weruh Rasulullah SAW nyampurnakake siyame sesasi muput kejaba ing sasi Ramadhan. Lan aku (uga ora tau weruh panjenengane nindakake siyam kang paling akeh (saliyane) ing sasi sya’ban”.
            Siyam wulan sya’ban dipun tindakaken dening rasulullah SAW, kangge ngurmati rawuhipun wulan Ramadhan lan ugi kangge njangkepi siyam-siyam sunat ingkang sampun biasa dipun tindakaken. Sahengga kanthi makaten, kita minangka umatipun, mestinipun sami purun nyonto lan neladhani panjenenganipun wanten ing babagan punika. Rasulullah punika pranyata mboten nate lena saking perkawis-perkawis ingkang alit-alit, punapa malih perkawis ingkang ageng, engkang mila kedah dipun estokaken.
Rasulullah SAW ngendika :
قَالَ ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَانَ وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إلى رب العالمين فأحب أن يرفع عملي وَأَنَا صَائِمٌ
“Sasi Sya’ban kuwi sasi kang dilerwakake (lan dilalekake) dening para manungsa, (yaiku) sasi ing antarane sasi Rejeb lan Ramadhan. Sasi Sya’ban yaiku sasi kang ing sajrone sasi iki amal-amal di angkat munggah marang Pangeran Kang Ndarbeni sakabehing jagad, mangka ingsun kepingin amalingsun iku diangkat munggah (marang Allah) nalika ingsung llagi pasa”. HR. Imam Ab dawud lan Imam Nasa-i).
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Saking sedaya piwucal agung Rasulullah SAW punika kita lajeng saged mendhet kesimpulan, bilih wonten ing wekdal-wekdal kados samangke punika, mestinipun kita  sami estu-estu nyiapaken jiwa lan raga kangge methuk wulan Ramadhan , kanthi nindakaken siyam wulan sya’ban.
            Akhiripun, kita nyuwun dhumaten Allah SWT, mugi-mugi Gusti Allah kersa paring rahmat, hidayah, pitulungan, saha kekiyatan dhumateng kita sedaya, sahingga wulan ramadha ingkang badhe rawuh mujudaken Ramadhan ingkang langkung sae lan langkung berkah. Amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Selasa, 10 April 2018

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : ISRA’ MI’RAJ NABI MUHAMMAD SAW

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
ISRA’ MI’RAJ NABI MUHAMMAD SAW
Dening : ANIS PURWANTO

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Kegem pambukaning khutbah, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga wanten ing siyang punika kita sedaya saget nindakaken dawuhipun, kanthi ihklas karana Allah. Mugi-mugia kita saget manggih kawilujengan ing donya dalah ing akhirat. Shalawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Dinten punika jum’at tanggal 13 April 2018,  kleres tanggal 27 Rejeb 1438 H, kaleres salah satunggalipun saat ingkang mengku sejarah penting, inggih punika Isra’ lan Mi’rajipun junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Isra’ Mi’rajipun Gusti Rasulullah SAW minangka satunggalipun kedadosan ingkang mboten nate dipun alami dening sinten kemawon kejawi namung panjenenganipun ingkang minangka utusanipun Allah ingkang pungkasan. Pramila saking punik, Isra’ Mi’raj mujudaken prastowo suci, lan sekaligus minangka mukjizat kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Prastowo Isra’ Mi’raj tumrapipun kita kaum muslimin kalebet ewonipun kedadosan ingkang wajib kita imanii wontenipun. Awit manawi mboten makaten, saged dados cacad iman lan aqidahipun, jalaran prastowo Isra’ Mi’rajipun Kanjeng Nabi punika jer sampun dipun tetepaken wonten ing Kitab suci Al-Qur’an, Kados kasebat ing Surat Al-Isra’ ayat 1 :
سُبۡحَـٰنَ ٱلَّذِىٓ أَسۡرَىٰ بِعَبۡدِهِۦ لَيۡلاً۬ مِّنَ ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡحَرَامِ إِلَى ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡأَقۡصَا ٱلَّذِى بَـٰرَكۡنَا حَوۡلَهُ ۥ لِنُرِيَهُ ۥ مِنۡ ءَايَـٰتِنَآ‌ۚ إِنَّهُ ۥ هُوَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡبَصِيرُ
“Maha suci Allah Kang nglakikake kawulane ana ing mangsa bengi, dilakokake saka Masjidil Haram tumeka marang Masjidil Aqsha, kang Ingsung wis paring berkah ana ing kiwa tengene, jalaran Ingsun ngersakake miirsakake dheweke, Sun pirsakake marang sebagian tandha-tandha kuwasaning-Sun. satemene Panjenengane Allah iku Maha midhanget lan Maha Mirsani”.
            Ayat punika nerangaken, bilih Allah SWT kepareng paring keyakinan dhumateng kita sedaya bilih Panjenenganipun punika Dzat Ingkang Maha Kuwaos, Maha Prakoso, nanging ugi Maha Welas Asih. Kanjeng Nabi dipun dhawuhi ngraosaken lan mirsani piyambak tandha-tandha kuwaosipun Allah ingkang gumelar wonten ing perjalanan israkipun, punapa malih nalika panjenenganipun dipun mi’rajaken ngantos dumugi ing Sidratul Muntaha, lan saged sowan langsung wonten ing Ngarsanipun Allah SWT.
            Maksud lan tujuan pokokipun Isra’ Mi’raj punika manut garis agengipun kabagi dados kalih, inggih punika : Setunggal, Allah SWT kepareng mirsakaken dhateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW sebagian tandha-tandha kuwaosipun Allah. Ingkang kaping kalih ; Allah kepareng paring tugas kuwajiban dhateng kanjeng Nabi lan sedaya ummatipun. Tugas kewajiban punika awujud shalat fardlu gansal wekdal sedinten sedalunipun.
            Tujuan ingkang winengku wonten salebetipun prastowo sakral punika         tetela mengku piwucal lan hikmah ingkang sakelangkung ageng. Lan selaras kaliyan kalenggahipun Rasulullah ingkang minangka utusanipun Allah ingkang pungkasan lan pemimpinipun manungsa sejagad. Mila sampun tepat sanget manawi Rasulullah SAW katimbalan dening Allah SWT, kadhawuhan marak sowan wonten ing ngarsanipun, jalaran badhe kaparingan tugas ingkang sakelangkung wigatos makaten punika.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Nengingi tindakipun Rasulullah SAW wonten salebetipun Isra’ ingkang dipun ngendikaaken kathi MINAL MASJIDIL HARAMI ILLA MASJIDIL AQSHAA. Sahingga perjalanan Isra’ punika intinipun perjalanan saking masjid dhateng masjid. Lan salajengipun dipun terusaken Mi’raj, saking masjid dhateng Sidratil Muntaha lan terus dhateng Mustawa.
Saking prastowo ageng punika kita saged mendhet piwucal bilih proses dhateng kuwajiban shalat fardlu punika kanthi cara langsung nimbali Rasulullah supados sowan, lan nalikanipun sowan kedah sarana tindak kanthi kawiwitan saking panggenan ingkang suci, lan nglangkungi panggenan ingkang suci ugi, inggih punika masjid.
Kanthi makaten kita lajeng faham bilih wonten salebetipun prastowo Isra’ Mi’raj Rasulullah SAW punika masjid anggadhahi fungsi lan peranan ingkang sakelangkung penting. Saking punika kita lajeng saged mendhet hikmahipun malih, bilih wonten salebetipun kawontenan kados punapa kemawon, kita ummat Islam sampun nyupekaken dhateng masjid, ingkang ateges sampun ngantos nyupekaken dhateng  ibadah dhumateng Allah SWT. Awit namung tiyang ingkang iman saha taqwa kemawan tiyang ingkang saged makmuraken masjid, kanthi nindakaen ibadah dhumateng Allah SWT, salah satunggalipun inggih punika shalat fardlu 5 wekdal.
إِنَّمَا يَعۡمُرُ مَسَـٰجِدَ ٱللَّهِ مَنۡ ءَامَنَ بِٱللَّهِ وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأَخِرِ وَأَقَامَ ٱلصَّلَوٰةَ وَءَاتَى ٱلزَّڪَوٰةَ وَلَمۡ يَخۡشَ إِلَّا ٱللَّهَ‌ۖ فَعَسَىٰٓ أُوْلَـٰٓٮِٕكَ أَن يَكُونُواْ مِنَ ٱلۡمُهۡتَدِينَ
“Satemene kang bisa lan sagun makmurake masjid-masjide Allah iku mung wong-wong kang iman marang Allah lan iman marang dina kiyamat lan kang ngedegne shalat, lan kang mbayarake zakat; lan ora wedi marang sapa bae kejaba mung marang Allah. Mula, muga-muga wong-wong mau kalebu golongane wong-wong kang entuk pitulungan”. (QS. At-Taubah :18).
 Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Ingkang pungkasan, keparengan kita aturaken bilih mesjid wanten gandheng cenengipun kaliyan babagan shalat, lan shalat anggadhahi fungsi lan peranan ingkang sakelangkung penting sanget menggah umat Islam. Pentingipun shalat , ing antawisipun katitik shalat ingkang sapisanan badhe dipun hisab wanten yaumul kiyamah :
Awwalu maa yuhasabu bihil ‘abdu yaumal qiyaamati ashshalaatu :
“Kapisanane barang kang dihisap atas sewiji wijining kawula besuk ana ing dina kiyamat, yaiku shalat.
            Makaten pengaruhipun shalat tumrap nasibipun para tetiyang ingkang sampun ngakeni dados tiyang Mukmin-Muslim. Mila saking punika, sumangga bab shalat punika kita gatosaken kanthi saestu. Makaten ugi dhateng keluarga kita, pengamalan shalat ugi wajib kita didikaken, kita tuntunaken kanthi disiplin ingkang kiyat lan kebak tanggel jawab.
وَأۡمُرۡ أَهۡلَكَ بِٱلصَّلَوٰةِ وَٱصۡطَبِرۡ عَلَيۡہَا‌ۖ لَا نَسۡـَٔلُكَ رِزۡقً۬ا‌ۖ نَّحۡنُ نَرۡزُقُكَ‌ۗ وَٱلۡعَـٰقِبَةُ لِلتَّقۡوَىٰ
“Lan sira prentaha marang keluwarganira supaya ngedegake shalat, lan sabarna atine ana sajrone nindakake shalat. Ingsun ora mundhud rizki marang sira, malah Ingsun kang paring rizki marang sira. Akibat kang becik iku kaparingake marang kang taqwa’. (QS. Thoha : 132).
            Pramila ing ndalem kita mrengeti Isra’ Mi’raj Kanjeng Nabi Muhammad SAW mangke, mugia kita saged mendhet hikmahipun, inggih punika peningkatan taqwa dhumateng Allah SWT tuwin peningkatanipun ketaatan dhumateng Allah lan utusanipun. Punika ingkang paling pokok, liripun, manawi ibadah shalat sampun kita tindakaken kanthi sampurna, insya Allah urusan sanesipun ugi badhe dados sae sedaya, kalebet urusan kadonyan lan kemasyarakatan kita. Mila sumangga kita tansah nyenyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi Pangeran tansah paring hidayah, taufiq dhateng kita sedaya, manggih kagegjan lan kawilujengan ing ndonya dalah ing akhirat. amin ya rabbal 'alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Rabu, 04 April 2018

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : QOLBUN SALIM

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :
QOLBUN SALIM
Oleh : ANIS PURWANTO
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Langkung rumiyin, sumangga kita sami nyaosaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya. Sahingga kanthi ijin Allah SWT, kita saget nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT. Kita nyuwun dhumaateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siyang punika saget katampi dening Allah SWT, amin ya rabbal ‘alamin.
            Shalawat saha salam mugia katur dhumateng Gusti Rasul, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, tumuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Sumangga kita tingkataken iman lan taqawa kita dhumateng Allah SWT, kagem  ngestokaken dhawuh pangandikanipun Allah SWT ingkang kahemot wonting ing Al-Qur’an Surat Ali Imran ayat 102 :
يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِۦ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسۡلِمُونَ
“He wong-wong mu’min ! Sira kabeh taqwa-a marang Allah kanthi taqwa kang sabener-benere. Lan sira kabeh aja pisan-pisan mati, kejaba sira kabeh tetepa dadi wong-wong Ialam”.
            Makaten dhawuhipun Allah SWT, ingkang wajib kita gatosaken lan kita estokaken terus. Awit yen mboten makaten, kita kuwatos bilih saget ugi ing saat punika kita pancen tiyang ingkang iman lan taqwa dhumateng Gusti Allah, ananging saged kemawon wonting ing saat kita pejah, kita sanes tiyang muslim . ingkang makaten punuka jalaran sampun kenging godhanipun syetan, ingkang awujud maneka warnining kawontenan utawi kedadosan.
            Lan atur makaten punika kita dhasaraken dhawuh suci Al-Qur’an ingkang nyebadaken makaten :
قَالَ فَبِمَآ أَغۡوَيۡتَنِى لَأَقۡعُدَنَّ لَهُمۡ صِرَٲطَكَ ٱلۡمُسۡتَقِيمَ (١٦) ثُمَّ لَأَتِيَنَّهُم مِّنۢ بَيۡنِ أَيۡدِيہِمۡ وَمِنۡ خَلۡفِهِمۡ وَعَنۡ أَيۡمَـٰنِہِمۡ وَعَن شَمَآٮِٕلِهِمۡ‌ۖ وَلَا تَجِدُ أَكۡثَرَهُمۡ شَـٰكِرِينَ (١٧)
“Dhuh Gusti Allah ! Jalaran panjenengan sampun ngukum kula kesasar, mila estu-estu kula mesthi ngalang-ngalangi anak turunipun Adam saking margi Paduka ingkang leres. Wusana kula mesthi ndhatengi tiyang-tiyang punika saking ngajeng lan saking wingkingipun, saking tengen lan saking kiwanipun. Lan akhiripun Paduka boten manggih sebagian ageng saking tiyang-tiyang punika ing syukur utawi ta’at dhateng Paduka”.(QS. Al-A’rof : 16-17).
            Adhedasar pangandhikanipun Allah punika, sumangga kita tingkataken terus kewaspadan kita dhumateng sawarnining kawontenan lan kadadosan ingkang saget  ngirangi bobotipun iman lan taqwa kita dhumateng allah SWT. Malah mboten namung kawaspadan ingkang kita tingataken, nanging temtu kemawon sedaya amal sholeh ugi perlu kita tingkataken.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Wondene ingkang dados markas utawi posko kangge ngatur lan ngendhaleni sarandunging badan punika “manah”. Wonten ing bab punika Gusti Rasulullah SAW sampun paring piwucal dhateng kita makaten ;
أَلاَ وَإِنَّ فِى الْجَسَدِ مُضْغَةً إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الْجَسَدُ كُلُّهُ ، وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الْجَسَدُ كُلُّهُ . أَلاَ وَهِىَ الْقَلْبُ

“Elinga ! satemene ing jerone awak iku ana getih saprongkol. Yen getih saprongkol mau becik, kabeh sarandunge awak sakojur uga dadi becik, nanging yen getih mau rusak (ala), kabeh sarandunge awak sakojur dadi rusak (ala). Elinga ! getih saprongkol mau yaiku ati” . (HR Musim)
Saking pangandikanipun Rasulullah SAW punika kita saged mendhet piwucal bilih manahipun manungsa punika dados ukuran. Yen manahipun sae, sedaya tindak tanduk, solah bawa ugi sae. Makaten ugi kosok wangsulipun.
Pramila para sederek, kita para manungsa ingkang sampun  dipun paringi manah dening Allah SWT wajib ngusahakaken amrih manah kita punika dados manah ingkang sae, ingkang saged nuwuhaken sedaya pakarti lan amal kita ugindados amalan-amalan ingkang sae. Lan manah ingkang makaten punika  ingkang tetela tiyangipun saged dipun tampi sowan wonten ing ngarsanipun Allah mbenjang wonten ing dinten kiyamat.
Bab punika selaras kaliyan pangandikanipun Allah wonten ing Al-qur’an surat Asy-Syu’ara’ : 87-89 :
وَلَا تُخۡزِنِى يَوۡمَ يُبۡعَثُونَ (٨٧) يَوۡمَ لَا يَنفَعُ مَالٌ۬ وَلَا بَنُونَ (٨٨) إِلَّا مَنۡ أَتَى ٱللَّهَ بِقَلۡبٍ۬ سَلِيمٍ۬ (٨٩)
“Dhuh Gusti., mugi Paduka boten damel kula dados tiyang engkang ina mbenjang wonten ing dintenipun para manungsa dipun tangekaken saking kubur. Inggih punika dinteng ingkang bandha lan anak sampun mboten saged manfaati malih, kejawi tiyang ingkang sowan wonten ing ngrsanipun Allah kanthi manah ingkang suci”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Sepisan malih kita aturaken, bilih salebetipun ngadhepi sedaya kawontenan dan sedaya panggodha , ingkang penting sikepipun manah kita kedah tenang, tegar lan istiqomah. Wonten ing bab punika “Qolbun Salim” utawi nmanah ingkang suci ingkang mujudaken posko ingkang ngomandho sarupining kegiataning sedaya amal lahiriyah kita dados saya penting lan wajib kita tingkataken terus.
            Mugi-mugi kita kagolong ewoning tiyang engkang saget njagi beningipun manah, kagem anggayuh sedaya kesaenan tumuju kawilujengan ing ndonya lan ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.