Selasa, 04 Maret 2014

TAHAPAN DIHARAMKAN KHAMER



TAHAPAN DIHARAMKAN KHAMER
Catatan : Anis Purwanto
1.      Belum diharamkan.

رَبَّنَا وَٱبۡعَثۡ فِيهِمۡ رَسُولاً۬ مِّنۡہُمۡ يَتۡلُواْ عَلَيۡہِمۡ ءَايَـٰتِكَ وَيُعَلِّمُهُمُ ٱلۡكِتَـٰبَ وَٱلۡحِكۡمَةَ وَيُزَكِّيہِمۡ‌ۚ إِنَّكَ أَنتَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلۡحَكِيمُ

“Mereka menanyakan kepadamu (muhammad) tentang khamar dan judi. Katakanlah,”Pada keduanya terdapat dosa besar dan beberapa manfaat bagi manusia. Tetapi dosanya lebih besar dari pada manfaatnya”. Dan mereka menanyakan kepadamu (tentang) apa yang (harus) mereka infakkan. Katakanlah, “kelebihan (dari apa yang diperlukan)“.  Demikianlah Allah menerangkan ayat-ayat-Nya kepadamu agar kamu memikirkan”. ( QS. Al-Baqarah : 219 ).

2.      Larangan minum khamer bagi yang akan melaksanakan shalat.

يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ لَا تَقۡرَبُواْ ٱلصَّلَوٰةَ وَأَنتُمۡ سُكَـٰرَىٰ حَتَّىٰ تَعۡلَمُواْ مَا تَقُولُونَ

“Wahai manusia yang beriman ! Janganlah kamu mendekati salat, ketika kamu dalam keadaan mabuk, sampai kamu sadar apa yang kamu ucapkan”. ( QS. An-Nisa’ : 43 ).

3.      Pengharaman minum khamer.

يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْ إِنَّمَا ٱلۡخَمۡرُ وَٱلۡمَيۡسِرُ وَٱلۡأَنصَابُ وَٱلۡأَزۡلَـٰمُ رِجۡسٌ۬ مِّنۡ عَمَلِ ٱلشَّيۡطَـٰنِ فَٱجۡتَنِبُوهُ لَعَلَّكُمۡ تُفۡلِحُونَ
           
“Wahai orang-orang yang beriman ! Sesungguhnya minuman keras, berjudi, (berkurban untuk) berhala, dan mengundi nasib dengan anak panah, adalah perbuatan keji dan termasuk perbuatan setan. Maka jauhilah (perbuatan-perbuatan) itu agar kamu beruntung”. (QS. Al-Maidah : 90 ).

USAHA MENINGKATKAN IMAN



USAHA MENINGKATKAN IMAN
Catatan : Anis Purwanto*


إِنَّمَا ٱلۡمُؤۡمِنُونَ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ بِٱللَّهِ وَرَسُولِهِۦ ثُمَّ لَمۡ يَرۡتَابُواْ وَجَـٰهَدُواْ بِأَمۡوَٲلِهِمۡ وَأَنفُسِهِمۡ فِى سَبِيلِ ٱللَّهِ‌ۚ أُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمُ ٱلصَّـٰدِقُونَ
“Sesungguhnya orang-orang yang mukmin yang sebenarnya adalah mereka yang beriman kepada Allah dan Rasul-Nya, kemudian mereka tidak ragu-ragu, dan mereka berjihad dengan harta dan jiwanya di jalan Allah. Mereka itulah orang-orang yang benar” . ( QS. Al-Hujurat:15 ).

يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْ ءَامِنُواْ بِٱللَّهِ وَرَسُولِهِۦ وَٱلۡكِتَـٰبِ ٱلَّذِى نَزَّلَ عَلَىٰ رَسُولِهِۦ وَٱلۡڪِتَـٰبِ ٱلَّذِىٓ أَنزَلَ مِن قَبۡلُ‌ۚ وَمَن يَكۡفُرۡ بِٱللَّهِ وَمَلَـٰٓٮِٕكَتِهِۦ وَكُتُبِهِۦ وَرُسُلِهِۦ وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأَخِرِ فَقَدۡ ضَلَّ ضَلَـٰلاَۢ بَعِيدًا
“Wahai orang-orang yang beriman ! Tetaplah beriman kepada Allah dan Rasul-Nya (Muhammad) dan kepada Kitab (Al-Qur’an) yang diturunkan kepada Rasul-Nya, serta kitab yang diturunkan sebelumnya. Barang siapa ingkar kepada Allah, malaikat-malaikat-Nya, kitab-kitab-Nya, rasul-rasul-Nya, dan hari kemudian , maka sungguh, orang itu telah tersesat sangat jauh” . ( QS. An-Nisa’:136 ).

Penjelasan :
-          Setelah tertanam iman lalu timbul kewajiban untuk melaksanakan perintah kebajikan, menjalankan dan menjaga agama.
-          Berdasarkan hadits riwayat Bukhari dari Abu Hurairah iman meliputi 69 cabang yang meliputi aqidah, ahkam (hukum) dan ahklaqul karimah, yakni sifat dan sikap seseorang dalam hidupnya yang lebih baik dalam menjalin hubungan dengan kholiknya, dan dengan sesama manusia bahkan dengan lingkungannya.
-          Meningkatkan iman berarti meningkatkan keyakinan dan pengamalan terhadap perintah Allah, serta meningkatkan usaha kita menguasai diri hingga dapat menampilkan diri yang lebih baik di hadapan Allah dan di tengah-tengah masyarakat.

Rukun iman :
“Percaya kepada Allah, Malaikat, Kitab-kitab, Rasul, Hari akhir dan qodar (kepastian baik/buruk)”.

·         ( Disarikan dari berbagai sumber ).

Minggu, 02 Maret 2014

KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA : JANJINIPUN ALLAH SWT



KHUTBAH JUM’AT
JANJINIPUN ALLAH SWT
Dipun  cathet Dening : ANIS PURWANTO


Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Kegem pambukaning khutbah, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga wanten ing siyang punika kita sedaya saget nindakaken dawuhipun, kanthi ihklas karana Allah. Mugi-mugia kita saget manggih kawilujengan ing donya dalah ing akhirat. Shalawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Saksampunipun cekap anggen kita nindakaken sedaya amal sholeh, mestinipun lajeng kita pitaken punapa sejatosipun ingkang badhe dipun paringaken dening Allah  dhumateng kita. Sumangga kita sami mriksani janjinipun Allah, akados ingkang sampun kaaturaken wanten ing Surat An Nur ayat 55 :
وَعَدَ ٱللَّهُ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ مِنكُمۡ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَـٰتِ لَيَسۡتَخۡلِفَنَّهُمۡ فِى ٱلۡأَرۡضِ ڪَمَا ٱسۡتَخۡلَفَ ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِهِمۡ وَلَيُمَكِّنَنَّ لَهُمۡ دِينَہُمُ ٱلَّذِى ٱرۡتَضَىٰ لَهُمۡ وَلَيُبَدِّلَنَّہُم مِّنۢ بَعۡدِ خَوۡفِهِمۡ أَمۡنً۬ا‌ۚ يَعۡبُدُونَنِى لَا يُشۡرِكُونَ بِى شَيۡـًٔ۬ا‌ۚ وَمَن ڪَفَرَ بَعۡدَ ذَٲلِكَ فَأُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمُ ٱلۡفَـٰسِقُونَ
 “Allah wus njanjeake marang wong-wong mukmin ing antarane siro kabeh, kang padha nindakake amal shalih, janji yen satemene Allah mesthi bakal paring panguwasa marang wong-wong mau ana lumahing bumi, kaya dene Allah uga wus nate paring panguwasa marang wong-wong biyen sadurunge wong-wong mau. Lan temen-temen Panjenengane Allah arep neguhake kanggo wong-wong mau yaiku agama kang diridhoi dening Allah, yaiku agama Islam. lan panjenengane Allah nyata-nyata arep ngganti kahanan wong-wong mau, sawise wong-wong mau ana sajrone rasa kuwatir lan wedi, diganti kanthi kahanan aman. Wong-wong mukmin kang dijanjeni dening llah mangkono iku yaiku kang padha nyembah (ngibadah) marang Panjenenganingsun, kang ora nyekuthokake marang ingsung karo sapa bae utawa apa bae. Lan sing sapa wonge engkar sawise iku, wong kang mangkono iku yaiku wong-wong fasik”.
            Saking ayat punika kita saget mendhet piwucal,bilih Allah sampun njanjekaken dhateng tiyang mukmin ingkang nindakaken amal shalih, ingkang ngibadah dhumateng Allah, kanthi mboten nyekuthokaken Allah. Tiyang mukmin ingkang kados makaten punika dipun janjeni badhe kaparingan panguwaos, agamanipun dipun teguhaken, dipun kiyataken, sahingga dados agami ingkang dipun ridhoi , piyambakipun badhe dipun paringi uwal saking raos kuwatos lan ajrih, dipun gantos kanthi kawontenan ingkang tentrem, ayem lan mantep imanipun.
            Selajengipun para sederek , sumangga kita lajeng nyuwun prikso dhumateng kita piyambk-piyambak, punapa kita sampun kalebet golonganipun tiyang ingkang mukmin, ingkang sampun dipun janjekaken dening Allah. Liripun, punapa iman kita punika sampun estu-estu iman ingkang lares. Punapa kita sampun estu-estu amal shalih punapa dereng . punapa kita punika sampun saestu ngibadah dhumateng Allah SWT punapa dereng. Manawi jawabanipun sampun, mesthinipun janjinipun Allah temtu dados kasunyatan.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Nurut ayat 55 surat An-Nur ing nginggil wanten kalihjanji Allah ingkang sajak penting kita tengenaken minangka kawulanipun Allah, inggih punika 1. Bakal diparingi panguwaos ing lumahing bumi. 2. Agami ingkang saya kiyat kalenggahanipun lan kang kaping. 3. yaitu kaparingan raos aman, ingkang ateges bebas saking sawarnining raos ajrih lan kuwatos.
Sebab agami Islam badhe saya kiyat lan saya majeng, manawi pengamalanipun Islam punika persis kados punapa ingkang sampun dipun aturaken ing nginggil, inggih punika kanthi iman, nindakaken amal shalih. Selajengipun ugi badhe dipun paringi uwal saking sedaya reribet, inggih punika ingkang awujud keamanan lan ketentreman. Tegesipun tiyang ingkang beramal shalih lan nindaken ibadah tanpa dipun campuri raos syirik, dipun jamin kaparingan raos aman lan tentrem. Sedaya punika temtu kemawon akibat saking aqidah islam ingkang kiyat lan leres, sarta minangka wohipun pangibadahan ingkang namung dhumateng Allah SWT.
Jaminan Allah ingkang masthi paring ketentreman lan kemanan dhateng tiyang ingkang iman punika ugi selaras kaliyan ayat 13 surat al Ahqaf ingkang nyebat makaten :
إِنَّ ٱلَّذِينَ قَالُواْ رَبُّنَا ٱللَّهُ ثُمَّ ٱسۡتَقَـٰمُواْ فَلَا خَوۡفٌ عَلَيۡهِمۡ وَلَا هُمۡ يَحۡزَنُونَ
 “Satemene wong-wong kang ngucap : Pangeraningsung iku Allah, sawuse ngucap mangkono wong-wong mau banjur istiqomah, wong kang mangkono iku ora bakal ketaman rasa kuwatir utwa rasa wedi lan wong-wong mau ora bakal susah”.
            Makaten para sederek  janjinipun Allah ingkang badhe kaparingaken dhumateng kita ingkang iman lan nindakaken amal shalih, kanthi istiqomah, inggih punika tiyang ingkang kiyat sanget anggenipun cecepengan dhumateng aqidahipun, dhumateng agaminipun Islam. Mugi-mugi Allah tansah wontena keparengipun paring pangreksa dhateng kita sedaya saking sadhengah musibah lan pasiksanipun Allah. Lan mugi-mugi tansah pikantuk rahmat saha pangayomanipun Allah, amin ya rabbal ‘alamin.