Selasa, 30 September 2014

KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA : KANTHI SEMANGAT IDUL QURBAN KITO TINGKATAKEN IMAN LAN TAQWA KANGGE ANGGAYUH KABEKJAN NDUNYO AKHIRAT



KHUTBAH IDUL ADHA  1435 H / 2014 M
KANTHI SEMANGAT QURBAN KITO TINGKATAKEN IMAN LAN TAQWA KANGGE ANGGAYUH KABEKJAN NDUNYO AKHIRAT

Dipun susun : Anis Purwanto

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Jamaah Shalat Idul Adha Rakhimakumullah.
            Langkung rumiyin, sumangga kita sami nyaosaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya. Sahingga kanthi ijin Allah SWT, kita wonten ing enjangipun dinten Idul Adha punika seget kempal manunggal ngupadi ridlanipun Allah SWT, nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT, lan sekaligus minangka bukti anggen kita nglaeraken raos syukur dhumateng Allah SWT.
            Shalawat saha salam mugia katur dhumateng Gusti Rasul, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, tumuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Jamaah Shalat Idul Adha Rakhimakumullah.
            Wanten ing enjang ingkang endah punika, kita sedaya umat Islam sami ngempal wanten ing tanah-tanah lapang, wanten masjid, lan wanten mushala utawi papan panggenan sanesipun ingkang kasediyakaken kagem shalat Idul Adha. Malah kanthi gumbiraning manah, kita agungaken asmanipun Allah kanthi maos takbir, tahlil lan tahmid, wiwit kala dalu ngantos ing enjang punika. Sesarengan kaum muslimin saindenging bawana, saking kitha ageng ngantos ing pelosok dusun. Sami ngegungaken lan muji syuklur ing ngarso dalem Allah SWT. Kanthi sikep dhepe-dhepe ing ngarsanipun Allah ingkang Maha Agung. 
Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.

Jamaah Shalat Idul Adha Rakhimakumullah.

            Wanten ing tanggal 10 Dzul Hijjah, kados ing dinten samangke punika, para jamaah Haji nembe ngempal wanten ing kitha Mina, saksampunipun kala wingi sami nindakaken wuquf wanten ing padang Arofah, satunggalipun padhang pasir ingkang wiyar sanget, tandus lan gersang.
            Salebetipun nindakaken upacara ibadah haji, para jamaah punika sami ngagem ageman ihrom, ingkang warninipun pethak lan tanpa dipun jahit. Ageman ihrom ingkang makaten punika minangka lambangipun persamaan aqidah lan pandangan hidup. Awit umat Islam pancen satunggaling umat ingkang anggadhahi aqidah lan pandangan hidup ingkang sami lan seragam.
            Wanten ing saat-saat makaten punika, prasasat sampun mbaten saget dipun bentenaken malih antawisipun tiyang ingkang sugih lan ingkang miskin, antawisipun pemimpin lan rakyat biasa. Sedaya ngraos sederajat, setingkat, sami dadas kawulanipun Allah, ingkang nembe ibadah, nyaketaken manah dalah sliranipun dumateng Allah. Sami-sami lan sesarengan ngumandangaken kalimat Talbiyah :

"Labbaikallaahumma labbaika, labbaika laa syariika laka labbarika, innal hamda wan-ni’mata laka wal-mulka laa syariika laka".

“Nuwun inggih sendika dhawuh dalem, Gusti. Dhuh Gusti, kula tansah mbangun turut dhawuh Paduka. Mbaten wanten sekutu kagem Paduka. Sayektosipun sedaya puji lan sawernining kanikmatan punika kagungan Paduka. Lan namung Paduka ingkang nguwaosi samubarang dhengah, lan mbaten wanten ingkang nyekuthoaken kuwaos Paduka”.
Jamaah Shalat Idul Adha Rakhimakumullah.
            Dasar minangka dorongan ingkang damel para jamaah haji ihklas ngurbanaken bondha dunyonipun, lan lega lila ngadhepi mawarni-warni kesulitan salebetipun nindakaken ibadah haji, inggih punika dhawuh pangandikanipun Allah wanten ing Al-Qur’an, Surat Al Haj : 27-28 :
وَأَذِّن فِى ٱلنَّاسِ بِٱلۡحَجِّ يَأۡتُوكَ رِجَالاً۬ وَعَلَىٰ ڪُلِّ ضَامِرٍ۬ يَأۡتِينَ مِن كُلِّ فَجٍّ عَمِيقٍ۬ (٢٧) لِّيَشۡهَدُواْ مَنَـٰفِعَ لَهُمۡ وَيَذۡڪُرُواْ ٱسۡمَ ٱللَّهِ فِىٓ أَيَّامٍ۬ مَّعۡلُومَـٰتٍ عَلَىٰ مَا رَزَقَهُم مِّنۢ بَهِيمَةِ ٱلۡأَنۡعَـٰمِ‌ۖ فَكُلُواْ مِنۡہَا وَأَطۡعِمُواْ ٱلۡبَآٮِٕسَ ٱلۡفَقِيرَ
 “Lan sira, Ibrahim, printahna para manungsa supaya nindakake ibadah haji. Temtu wong-wong mau padha nekani sira kanthi mlaku, lan sawenehe ana kang mung nunggang unto kuru, teka saben-saben plosok kang adoh. Supaya padha nekseni pirang-pirang manfaat tumrape wong-wong mau dhewe. Lan supaya wong-wong mau padha nyebut asmane Allah ana ing dina-dina kang wus ditemtokake, atas rezki kang wus diparingake marang wong-wong mau, kang awujud kewan raja kaya. Mula saka iku sira kabeh padha mangana sebagian saka daginge kewan mau. Lan sebagian liyane wenehna marang wong-wong kang sangsara, kang fakir, supaya padha dipangan”.
            Wandene kagem kita, umat Islam ingkang kaleres dereng saget nindakaken ibadah haji, wanten ing saat-saat ingkang kebak raos syukur punika, sami nindakaken ibadah ingkang kadas sampun dipun syariataken dening agami Islam. Wiwit kala wingi dipun sunnahaken nindakaken siyam Arofah. Maos kalimah takbir, tahlil lan tahmid, saha shalat idul adha.
            Kajawi nindakaken shalat Id, dipun syariataken tumrapipun kaum muslimin ingkang sampun kacekapan, supadas mragat kewan kurban. Bab punika kadhasaraken dhawuhipun Allah SWT:
إِنَّآ أَعۡطَيۡنَـٰكَ ٱلۡكَوۡثَرَ (١) فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَٱنۡحَرۡ (٢)
 “Satemene Engsung wus paring kanikmatan kang akeh banget marang sira.Mula saka iku sira nyembaha marang Pangeranira. Lan sira kurbana”. (QS. Al Kautsar:1-2).
            Sejarah wantenipun syariat kurban kanthi mragat kewan raja kaya punika wantenipun prastawa nalika Kanjeng Nabi Ibrahim as dipun uji mental saha imanipun dening Allah SWT, kanthi kadhawuhan supadas mragat putranipun, putra ingkang sakalangkung dipun tresnani.  inggih punika Nabi Ismail as. Kanjeng Nabi Ibrahim as ngestokaken dhawuhipun Allah punika kanthi tanpa tidha-tidha. Keng putra piyambak, Nabi Ismail as, wontenipun inggih ihklas, namung sumarah lan manut. Bab punika kacariosaken wanten ing salebetipun Al-Qur’an, kasebat wanten ing Surat As Shaffat : 102 :
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ ٱلسَّعۡىَ قَالَ يَـٰبُنَىَّ إِنِّىٓ أَرَىٰ فِى ٱلۡمَنَامِ أَنِّىٓ أَذۡبَحُكَ فَٱنظُرۡ مَاذَا تَرَىٰ‌ۚ قَالَ يَـٰٓأَبَتِ ٱفۡعَلۡ مَا تُؤۡمَرُ‌ۖ سَتَجِدُنِىٓ إِن شَآءَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلصَّـٰبِرِينَ
 “Wusana nalika anake, Ismail iku wus tekan saguh usaha, bebarengan karo dheweke, Ibrahim, Ibrahim banjur kandha : Dhuh ngger anakku. Rama pirsa ana ing sajrone ngimpi, yen rama kadhawuhan dening Allah nyembelih sira, ngger. Mula saka iku pikiren, kepriye panemumu. Ismail banjur matur : Dhuh rama, sumangga kula aturi nindakaken punapa ingkang kadawuhaken dhumateng panjenengan, rama. Insya Allah rama badhe pirsa, bilih kula kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang sabar”.
Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.
Jamaah Shalat Idul Adha Rakhimakumullah.
            Rerangkaianipun ibadah Idul Adha, wiwit maos takbir ngantos pelaksanaan shalat Id lan pamragatipun kewan qurban, ingkang dagingipun dipun bagi-bagi dhateng para sederek fakir miskin, menggah kita kaum muslimin tartamtu mengku hikmah ingkang sakalangkung ageng sanget.
            Pramila saking punika, kanthi mendhet piwucal adiluhung lan hikmah Idul Adha, dipun ajab wanten ningkatipun ketaatan kita dhumateng Allah SWT saha Utusanipun, lan ningkatipun keihklasan berqurban. Kita yakin kanthi seyakin-yakinipun, bilih gegayuhan satunggalipun cita-cita utawi idham-idhaman kedah sarana pengurbanan. Saya ageng gegayuhan ingkang dipun tuju, ugi kedah saya ageng pengurbanan ingkang dipun wedalaken, minangka tebusanipun gegayuhan kala wau. Ningkatipun iman saha taqwa, ugi minangka gegayuhan ingkang utami, pramila kedah dipun tebus kanthi pangurbanan ingkang ageng ugi, kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun Allah SWT lan ninggalaken awisanipun.
Jamaah Shalat Idul Adha Rakhimakumullah.
            Minangka kawulanipun Allah SWT ingkang dipun titahaken kanthi winates daya lan kemampuan, mila kita kedah nyadari bilih manungsa mesthi kagungan kekhilafan, ananging kekhilafan kalawau mbaten badhe dumados kanthi terus-terusan, manawi enggal-enggal menyadari dhateng kekilafanipun. Kasunyatanipun para sederek, asring kita ningali pawartos ing media massa, kathah kedaosan ingkang mrehatosaken kita sami, kadosta tindak kerusuhan, bentrokan, sentimen antar golongan, malah kasus korupsi ing wekdal punika ketingal soyo ndodro, lan taksih kathah malih persoalan ingkang dumados ing kalanganipun masyarakat.     
Pramila kangge mbendung supados persoalan punika mboten kebablasan, sedaya perkawis kedah kita wangsulaken dhateng aturan utawi undang-undang ingkang sampun maton.  Sikap tegas ing ndalem penegakan hukum dados kunci sukses uwal saking sedaya reribet ingkang dumados ing sedaya lapirsan masyarakat, hukum mboten mandhang wulu. Manawi penegakan hukum ing nageri punika mbaten saget mlampah kanthi sae, mila inggih kados sak mangke punika kawontenanipun. Lan sedaya kala wau mujudaken gambaran bilih kita sedaya dereng mampu nahan hawa nafsu. Ananging ingkang penting tumrap kita, sumangga sedaya dipun serahaken dhateng ingkang kawogan, kita selaku warga negari ingkang sae kedah kagungan wawasan ingkang wicak sana. Ampun ngantos gampil kabujuk dhateng tiyang-tiyang ingkang nedya ndamel kisruh. Sebab sedaya perkawis mesti saget dipun rampungaken kanthi sae , manawi sedaya elemen masyarakat guyup rukun, kanthi mundhut semboyan “bersatu kita teguh , bercerai kita runtuh”.
Jamaah Shalat Idul Adha Rakhimakumullah.
            Kanthi Idul Adha 1435 H punika sumangga kita sasaget-saget nyonto dhateng kepemimpinan Nabi Ibrahim as  lan Nabi Ismail as, saha semangat kagem berkorban.  Sahingga saged manggih rahmatipun Allah SWT, kanthi gesang ingkang sakinah mawaddah warahmah. Akhiripun sumangga kita sesarengan nyenyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi kita sedaya kaparingan maghfiroh saking Allah SWT saha katampi sedaya amal ibadah kita. Akhiripun saget manggih kabekjan ing ndonya dalah ing akhirat.   Amin ya rabbal ‘alamin.           

Minggu, 14 September 2014

PAHALA ORANG YANG BERJUANG DIJALAN ALLAH



PAHALA ORANG YANG BERJUANG DIJALAN ALLAH
( QS. AN-Nisa’ : 95-96 )

Catatan : Anis Purwanto

لَّا يَسۡتَوِى ٱلۡقَـٰعِدُونَ مِنَ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ غَيۡرُ أُوْلِى ٱلضَّرَرِ وَٱلۡمُجَـٰهِدُونَ فِى سَبِيلِ ٱللَّهِ بِأَمۡوَٲلِهِمۡ وَأَنفُسِہِمۡ‌ۚ فَضَّلَ ٱللَّهُ ٱلۡمُجَـٰهِدِينَ بِأَمۡوَٲلِهِمۡ وَأَنفُسِہِمۡ عَلَى ٱلۡقَـٰعِدِينَ دَرَجَةً۬‌ۚ وَكُلاًّ۬ وَعَدَ ٱللَّهُ ٱلۡحُسۡنَىٰ‌ۚ وَفَضَّلَ ٱللَّهُ ٱلۡمُجَـٰهِدِينَ عَلَى ٱلۡقَـٰعِدِينَ أَجۡرًا عَظِيمً۬ا
 
“Tidaklah sama antara orang beriman yang duduk (tidak turut berjuang) tanpa mempunyai uzur (halangan) dengan orang yang berjuang dijalan Allah (dengan harta dan jiwanya). Allah melebihkan derajat orang-orang yang berjuang (dengan harta dan jiwanya) atas orang-orang yang duduk (tidak ikut berjuang tanpa halangan), kepada masing-masing Allah menjanjikan (pahala) yang baik (surga) dan Allah melebihkan orang-orang yang berjuang atas orang-orang-orang yang duduk, dengan pahala yang besar”.

دَرَجَـٰتٍ۬ مِّنۡهُ وَمَغۡفِرَةً۬ وَرَحۡمَةً۬‌ۚ وَكَانَ ٱللَّهُ غَفُورً۬ا رَّحِيمًا

“Yaitu beberapa derajat dari pada-Nya, serta ampunan dan rahmat. Allah Maha Pengampun, Maha Penyayang”

GOLONGAN MANUSIA YANG TIDAK MENDAPATKAN SYAFA'AT NABI MUHAMMAD SAW




GOLONGAN MANUSIA YANG TIDAK MENDAPATKAN SYAFA’AT
NABI MUHAMMAD SAW
Cat. : Anis Purwanto

1.      Orang-orang yang kafir : yaitu orang yang engkar kepada Allah SWT.
وَٱلَّذِينَ كَفَرُواْ وَكَذَّبُواْ بِـَٔايَـٰتِنَآ أُوْلَـٰٓٮِٕكَ أَصۡحَـٰبُ ٱلۡجَحِيمِ
 “Adapun orang-orang yang kafir dan mendustakan ayat-ayat Kami, mereka itulah penghuni neraka”. (QS. Al-Maidah : 10 ).

2.      Orang murtad : yaitu orang yang  keluar dari agama Islam.
وَلَا يَزَالُونَ يُقَـٰتِلُونَكُمۡ حَتَّىٰ يَرُدُّوكُمۡ عَن دِينِڪُمۡ إِنِ ٱسۡتَطَـٰعُواْ‌ۚ وَمَن يَرۡتَدِدۡ مِنكُمۡ عَن دِينِهِۦ فَيَمُتۡ وَهُوَ ڪَافِرٌ۬ فَأُوْلَـٰٓٮِٕكَ حَبِطَتۡ أَعۡمَـٰلُهُمۡ فِى ٱلدُّنۡيَا وَٱلۡأَخِرَةِ‌ۖ وَأُوْلَـٰٓٮِٕكَ أَصۡحَـٰبُ ٱلنَّارِ‌ۖ هُمۡ فِيهَا خَـٰلِدُونَ
“Mereka tidak akan berhenti memerangi kamu sampai kamu murtad (keluar) dari agamamu, jika mereka sanggup. Barang siapa murtad diantara kamu dari agamanya, lalau ia mati dalam kekafiran, maka mereka itu sia-sia amalnya di dunia dan di akhirat, dan mereka itulah penghuni neraka, mereka kekal didalamnya”. (QS. Al-Baqarah : 217). 

3.       Orang yang musyrik : yaitu orang yang menyekutukan Allah SWT.
مَا كَانَ لِلۡمُشۡرِكِينَ أَن يَعۡمُرُواْ مَسَـٰجِدَ ٱللَّهِ شَـٰهِدِينَ عَلَىٰٓ أَنفُسِهِم بِٱلۡكُفۡرِ‌ۚ أُوْلَـٰٓٮِٕكَ حَبِطَتۡ أَعۡمَـٰلُهُمۡ وَفِى ٱلنَّارِ هُمۡ خَـٰلِدُونَ
 “Tidaklah pantas orang-orang musyrik memakmurkan masjid Allah, padahal mereka mengakui bahwa mereka sendiri kafir. Mereka itu sia-sia amalnya, dan mereka kekal di dalam neraka”. (QS At-Taubah : 17).

4.      Pemakan barang riba.
ٱلَّذِينَ يَأۡڪُلُونَ ٱلرِّبَوٰاْ لَا يَقُومُونَ إِلَّا كَمَا يَقُومُ ٱلَّذِى يَتَخَبَّطُهُ ٱلشَّيۡطَـٰنُ مِنَ ٱلۡمَسِّ‌ۚ ذَٲلِكَ بِأَنَّهُمۡ قَالُوٓاْ إِنَّمَا ٱلۡبَيۡعُ مِثۡلُ ٱلرِّبَوٰاْ‌ۗ وَأَحَلَّ ٱللَّهُ ٱلۡبَيۡعَ وَحَرَّمَ ٱلرِّبَوٰاْ‌ۚ فَمَن جَآءَهُ ۥ مَوۡعِظَةٌ۬ مِّن رَّبِّهِۦ فَٱنتَهَىٰ فَلَهُ ۥ مَا سَلَفَ وَأَمۡرُهُ ۥۤ إِلَى ٱللَّهِ‌ۖ وَمَنۡ عَادَ فَأُوْلَـٰٓٮِٕكَ أَصۡحَـٰبُ ٱلنَّارِ‌ۖ هُمۡ فِيہَا خَـٰلِدُون
“Orang-orang yang memakan riba tidak dapat berdiri melainkan seperti berdirinya orang yang kemasukan setan karena gila. Yang demikian itu karena mereka berkata bahwa jual beli sama dengan riba. Padahal Allah telah menghalalkan jual beli dan mengharamkan riba. Barang siapa mendapat peringatan dari Tuhannya, lalu ia berhenti, maka apa yang telah diperolehnya dahulu menjadi miliknya dan urusannya (terserah) kepada Allah. Barang siapa mengulangi, maka mereka itu penghuni neraka, mereka kekal di dalamnya”. (QS Al-Baqarah : 275).

5.      Penentang Allah dan rasul-Nya.
وَمَن يَعۡصِ ٱللَّهَ وَرَسُولَهُ ۥ وَيَتَعَدَّ حُدُودَهُ ۥ يُدۡخِلۡهُ نَارًا خَـٰلِدً۬ا فِيهَا وَلَهُ ۥ عَذَابٌ۬ مُّهِينٌ۬
“Dan barang siapa mendurhakai Allah dan Rasul-Nya dan melanggar batas-batas hukum-Nya, niscaya Allah memasukkannya ke dalam api neraka, dia kekal di dalamnya dan dia akan mendapat azab yang menghinakan”. (QS An-Nisa’ :14).

6.      Golongan orang yang munafik.
ٱلۡمُنَـٰفِقُونَ وَٱلۡمُنَـٰفِقَـٰتُ بَعۡضُهُم مِّنۢ بَعۡضٍ۬‌ۚ يَأۡمُرُونَ بِٱلۡمُنڪَرِ وَيَنۡہَوۡنَ عَنِ ٱلۡمَعۡرُوفِ وَيَقۡبِضُونَ أَيۡدِيَہُمۡ‌ۚ نَسُواْ ٱللَّهَ فَنَسِيَہُمۡ‌ۗ إِنَّ ٱلۡمُنَـٰفِقِينَ هُمُ ٱلۡفَـٰسِقُونَ
“Orang-orang munafik laki-laki dan perempuan, satu dengan yang lain adalah (sama), mereka menyuruh (berbuat) yang mungkar dan mencegah (perbuatan) yang makruf dan mereka menggenggamkan tangannya (kikir). Mereka telah melupakan kepada Allah, maka Allah melupakan mereka (pula). Sesungguhnya orang-orang munafik itulah orang-orang yang fasik”. (QS At-Taubah : 67).
وَعَدَ ٱللَّهُ ٱلۡمُنَـٰفِقِينَ وَٱلۡمُنَـٰفِقَـٰتِ وَٱلۡكُفَّارَ نَارَ جَهَنَّمَ خَـٰلِدِينَ فِيہَا‌ۚ هِىَ حَسۡبُهُمۡ‌ۚ وَلَعَنَهُمُ ٱللَّهُ‌ۖ وَلَهُمۡ عَذَابٌ۬ مُّقِيمٌ۬
“Allah menjanjikan (mengancam) orang-orang munafik laki-laki dan perempuan dan orang-orang kafir dengan neraka Jahanam. Mereka kekal di dalamnya. Cukuplah (neraka) itu bagi mereka. Allah melaknat mereka; dan mereka mendapat azab yang kekal”. (QS At-Taubah : 68).

7.      Golongan orang yang zalim.
ثُمَّ قِيلَ لِلَّذِينَ ظَلَمُواْ ذُوقُواْ عَذَابَ ٱلۡخُلۡدِ هَلۡ تُجۡزَوۡنَ إِلَّا بِمَا كُنتُمۡ تَكۡسِبُونَ
“Kemudian dikatakan kepada orang-orang yang zalim itu, “Rasakanlah olehmu siksaan yang kekal. Kamu tidak diberi balasan, melainkan (sesuai) dengan apa yang telah kamu lakukan”. . (QS Yunus :52).