Senin, 06 Juni 2016

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : UNDANGANIPUN ALLOH SWT



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
 UNDANGANIPUN ALLOH SWT
Dening : ANIS PURWANTO

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Wonten ing kesempatan Jum’at siyang sapunika, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, awit ngantos ing detik punika Alhamdulillah kanthi karunianipun Allah SWT, kita taksih kabimbing iman lan Islam sarta kesadaran kagem nindakaken kewajiban ibadah Jumat ing siyang punika. Mugia shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, sahabat lan sedaya penderekipun, kalebet kita sedaya. Amin.



Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Alhamdulillah, kita aturaken ing ngarsa dalem Allah SWT sepeindah malih, dene ing dinten Jum’at punika kita lumebet ing wulan ramadhan. Pramila saking punika, sampun sak mestinipun, kanthi datengipun wulan Ramadhan kita lajeng kagungan raos bombong dalah gumbira ing manah. Wulan Ramadhan minangka wulan ingkang istimewa sanget, awit setunggal wulan wetah Allah SWT paring kanugrahan ingkang kathah. Ing batos kraos deg-degan kados lare prawan ingkang nengga datengipun pacar ingkang apel ing malem minggu. Ing sanu barinipun kraos tratapan, mbayangaken indahipun mangke bilih sampun kepanggih kaliyan pacaripun, mboten saget dipun lukisaken kanthi tetembungan, kraos gugup, seneng, campur adhuk dadas setunggal. Makaten ugi ing rikala kita ngajeng-ngajeng  dhatengipun wulan Ramadhan, perasaan punika nama limrah, awit minangka kaum muslim, siyam Ramadhan minagka langkah awal kangge ndandosi iman lan taqwa dhumateng Allah SWT. Ramadhan minangka undangan kagem sedaya umat manungsa ingkang iman dhumaten Allah SWT. Kados kasebat ing Al Qur’an surat Al Baqarah ayat 185:
شَہۡرُ رَمَضَانَ ٱلَّذِىٓ أُنزِلَ فِيهِ ٱلۡقُرۡءَانُ هُدً۬ى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنَـٰتٍ۬ مِّنَ ٱلۡهُدَىٰ وَٱلۡفُرۡقَانِ‌ۚ فَمَن شَہِدَ مِنكُمُ ٱلشَّہۡرَ فَلۡيَصُمۡهُ‌ۖ
 “Sasi Ramadhan iku sasi anggone tinurunake Al-Qur’an, dadi pituduh marang para manungsa lan dadi tanda yekti saka pituduh lan bakal ambedakake barang kang bener saka barang kang batal, Mangka sing sapa saka sira kabeh weruh rembulan, supaya pasaa”.
            Tujuan dipun syariataken siyam Ramadhan kagem umat Islam inggih punika  supados ningkataken taqwanipun dhumateng Allah SWT. Kados dipun sebadaken wanten ing Al-Qur’an Surat Al Baqarah ayat 183:

يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ كُتِبَ عَلَيۡڪُمُ ٱلصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِڪُمۡ لَعَلَّكُمۡ تَتَّقُونَ
 “He para wong Mukmin kabeh, sira padha diwajibake pasa, kaya kang wus diwajibake tumrap wong-wong kuna kang sadurungira, supaya sira kabeh padha wedi ing Allah”.
Jaamaah Jum’at rokhimakumullah.
            Siyam Ramadhan minangka undangan Allah SWT kangge tiyang ingkang iman, tartamtu ngandung maksud bilih Allah SWT sanget trisna dhumateng kita sedaya kaum mukminin. Pramila saking punika, undanganipun Allah ingkang awujud siyam Ramadhan punika mbekta pengajeng-ajeng menggah kita sedaya, murih saget kaparingan rahmat dalah ampunan Allah SWT, kangge anggayuh drajat taqwa. “ mang soma romadhona imanan wah tisyaban ghufirolahu  mataqodam  min dambih” , Artosipun : “Sing sapa wonge pasa ramadhan kanthi iman lan ngarep-arep rahmat Allah, arep diapura kabeh dosane kang uwis-uwis”.
            Pengampunan dosa kanthi tanpa wates utawi “kan uwis-uwis”, mbuktekaken bilih Allah SWT leres-leres kagungan kawigatosan lan kasih saying dhumateng umatipun. Paling mboten saget dipun ginakaken minangka bukti wontenipun pengorbanan ingkang tulus saking hambanipun dumateng sang qolik.
            Wulan ramadhan dening umat Islam asring dipun pahami anggadhahi tingkatan, milai “rahmat”, tengahipun “maghfirah” lan akhiripun “itqun minan nar”. Pemahaman ingkang kados makaten punika ngandung maksud, hikmah lan kawigatosan ingkang sanget penting. Kados dene tiyang ingkang nembe niti ondho, kita mesthi napak untu ondho ingkang paling andhap piyambak, salajengipun ngantos untu ondho ingkang paling inggil. Ananging ingkang paling penting bilih dipun syariataken siyam ramadhan, inggih punika kangge anggayuh ketaqwaan dhumateng Allah SWT.
Jaamaah Jum’at rokhimakumullah.
            Undangan resmi Allah SWT dhumateng kita kaum mukminin, kanthi tujuan nyambung hubungan ingakang caket kaliyan Allah SWT. Pramila saking punika kapitunan, kagem kita ingkang ngaken iman, ananging mboten purun ngginakaken kesempatan ingkang wiyar punika, ingkang dumados namung setunggal wulan ing ndalem setunggal tahunipun.  Kita sampun mlebet ing awalipun Ramadhan, ing dinten Jum’at punika. Malah mestinipun kita sampun nyiapaken sedaya uba rampe kagem nyambut lan mangayubagya pepanggihan kita kaliyan syahrun Mubarak,  wulan ingkang dipun berkahi dening Allah SWT, wiwit kala wingi. Wiwit nyiapaken fisik ingkang sehat supados kraos ringan ing ndalem nindakaken ibadah siyam. Semangat ingkang inggil, kagem nindakaken sedaya amaliyah ramadhan, kalebet nyiapaken niat, jiwa dalah mental supados kiat ngadhepi sedoya pacoben utawi godaan.
            Bilih saget kita ibarataken, kita sakminika kedhatengan tamu agung, priyagung ingkang kita anggep minangka panutan utawi pemimpin utawi pejabat inggil, tartamtu kita badhe kraos remen, awit pikantuk kinurmatan karawuhan tamu agung punika, mestinipun kita lajeng nyiapaken sambutan ingkang mirunggan, wiwit gupuh, lungguh lan suguh. mboten katalompen sedaya kerabat kita ajak mangayubagya rawuhipun tamu punika.  Awit kanthi pangajeng ajeng mangke badhe kecipratan oleh-oleh ingkang dipun asta.  Makaten ugi , siyam Ramadhan. kita sambut, kita nikmati asil utawi oleh-oleh saking keihklasan kita nindakaken ibadah siyam. Punapa malih ingkang nami Ramadhan, kagem umat Islam, Ramadhan minangka wulan ingkang sanget istimewa, sanget pethingan. Awit wulan Ramadhan , wulan ingkang mbekta kanugrahan SWT, ndonya akhirat. Wulan Ramdhan kados dene jalan tol ingkang saget  nglancaraken hubungan ingkang sanget mesra, antawisipun umat ingkang iman kaliyan Allah SWT. Romadhon ugi minangka terop agung dalah gapura mlebetipun tiyang mukmin dhumateng suwarganipun Allah SWT. Karona caketipun tiyang ingkang nindakaken siyam kaliyan Allah SWT, punapa kemawon ingkang dipun suwun badhe dipun ijabahi. Malah syetan lan jin minangka simbul godaan dipun belenggu, lawang surgo dipun bikak lan lawang neraka dipun tutup.
Jaamaah Jum’at rokhimakumullah.
            Kados dene tahun-tahun kepengker, Ramadhan tahun punika, kagem kaum muslimin taksih ngadhepi mawarni-warni kesulitan, Ing babagan ekonomi, sampun dados padatan, bilih ing mongso dhatengipun wulan Romadhan, reregen kebetahan pokok, sami mindak. Hal punika  saget ngganggu ketenangan umat Islam ingkang nindakaken siyam. Ingkang mestinipun ing saat kita siyam, perhatian kita, kita pusataken kagem berfastabikhul qoirat, angathah-ngathahaken amalan Ramadhan, mboten dipun ribedaken kaliyan masalah-masalah ingkang malah dados sumberipun fitnah lan permusuhan lan saget ngurangi nilai ibadah siyam.
            Ing sisi amar makruf nahi mungkar, mestinipun kita kaum muslimin pikantuk dukungan saking sedaya fihak. Warung-warung dalan restoran mestinipun kedah tutup  ing wanci siyang. Panggenan maksiyat kedahipun ugi dipun tutup. Ampun ngantos, ing rikala kita kaum muslimin nindakaken ibadah siyam, maksiyat taksih merajalela.  Pramila saking punika, kita ngajeng-ngajeng suasana ramadhan ing tahun punika, saestu dados swasana ingkang aman lan damai, kebak raos kasih sayang ing antawisipun kita kaum muslimin. Kajawi saking punika kita ugi mboten kepengin wontenipun anggapan minangka umat  ingkang fasek, puasa ya maksiat jalan terus. Kamangka kemaksiatan dumados namung dipun tindakaken sebagian alit saking jutaan umat Islam ingkang mayoritas penduduk Indonesia.
            Pramila saking punika, nama rugi sanget bilih undangan Ramadhan ingkang sampun milai kita tindakaken punika mboten kita sambet kanthi jawaban ingkang positif lan pikantuk dhukungan sedaya lapisan msyarakat ugi sedaya umat Islam. mestinipun ing ndalem detik dalah menit kesempatan punika saget kita manfaataken  kagem anggayuh kasaenan, ngathah-ngathahaken wlangan amal shaleh lan nyuwun dipun apunten sedaya kalepatan.
            Makaten khotbah ingkang saget kula aturaken, mugi-mugi Allah SWT nglimpahaken hidayah dhumateng kita sedaya, sehingga kita saestu dadas mukmin ingkang purun ningkataken mutu iman dalah taqwa dhumateng Allh SWT, taqwa ingkang mbekta kanugrahan ing ndonya lan ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.