KHUTBAH
JUM’AT BAHASA JAWA :
HIJRIYAH
Oleh : ANIS PURWANTO
إِنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ
وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا،
مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ
وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى
يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ
تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ
Ma’asyiral Muslimin jamaah
jum’ah rokhimakumullah.
Wonten ing kesempatan Jum’at
siyang sapunika, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah
SWT, awit ngantos ing detik punika Alhamdulillah kanthi karunianipun Allah SWT,
kita taksih kabimbing iman lan Islam sarta kesadaran kagem nindakaken kewajiban
ibadah Jumat ing siyang punika. Mugia shalawat lan salam atur dumateng
junjungan kita Nabi Muhammad SAW, sahabat lan sedaya penderekipun, kalebet kita
sedaya. Amin..
Ma’asyiral Muslimin jamaah
jum’ah rokhimakumullah.
Saat samangke punika kita sampun mlebet wonten ing tahun
1440 H, lan tahun 1439 H sampun nilaraken kita kanthi mbekto sejarah ingkang
mawarni-warni, selaras kaliyan penilaianipun saben-saben tiyang, ingkang
setunggal lan sanesipun pancen mboten sami. Nanging sedaya sejarah punika
kalawau mesthi wanten hikmahipun lan manfaatipun.
Gusti Allah sampun ngengetaken dhumateng kita kanthi
dhawuhipun ingkang kasebat ing surat Al-Hasyr ayat 2 :
فَٱعۡتَبِرُواْ
يَـٰٓأُوْلِى ٱلۡأَبۡصَـٰرِ
“Mula saka iku, he wong-wong kang sadhar, sira kabeh padha njupuka piwulang”.
Adhedhasar
pangandikanipun Allah SWT punika, sumangga kita sami mendhet piwucal saking
sedaya kedadosan lan prastowo ingkang sampun-sampun, minangka bahan lan sangu
kita kangge ningkatake sawernining amal kita wanten ing mangsa-mangsa ingkang
badhe dhateng, kawiwitan saking saat lan
dinten punika, kanthi tujuan akhir supados saya ningkatipun taqwa kita
dhumateng Allah SWT.
Pramila
wanten ing kesempatan Jumat punika keparenga kita ngaturaken keterangan ingkang
wanten sesambetanipun kaliyan bab hijriyah. Bab punika kula anggep penting
kanthi pangajab dadosa pendorong dhateng kita supados tansah nengenaken dhateng
kautamen lan ngutamekaken dhateng sawarnining kesaenan. Al-Qur’an Surat
Al-Hasyr ayat 18, nyebadaken :
يَـٰٓأَيُّہَا
ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَلۡتَنظُرۡ نَفۡسٌ۬ مَّا قَدَّمَتۡ
لِغَدٍ۬ۖ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَۚ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرُۢ بِمَا تَعۡمَلُونَ (١٨)
“He wong-wong kang iman marang Allah, sira kabeh padha
taqwa-a marang Allah. Lan saben wong supaya nggatekna marang sakabehe amal kang
wis ditindakake ana ing mangsa-mangsa kepungkur, kanggo kepentingane dina
sesuk. Lan sira kabeh padha taqwa-a
marang allah. Satemene Allah iku maha mirsani marang apa bae kang kok
tindakake”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah
jum’ah rokhimakumullah.
Ayat ingkang sampun kita aturaken punika mengku dhawuh warni kalih ; inggih punika dhawuh
supados taqwa dhumateng Allah lan dhawuh
supados niti-niti dhateng sedaya amal kita ingkang sampun-sampun. Tujuanipun ,
supadas amal kita ing mangsa-mangsa ingkang badhe dhateng badhe langkung
meningkat sae.
Sumangga
kita lebeti tahun enggal punika, kanthi sangu iman lan taqwa dhumateng allah
SWT. Kita percados bilih iman lan taaqwa ingkang dipun amalaken kanthi saestu,
saleres-leresipun, temtu saged ndhatengaken
kawilujenganing gesang wiwit donya dumugi ing akhirat. Kados ing
panyuwun kita, kasebat ing Surat al-Baqarah ayat 201 :
رَبَّنَآ ءَاتِنَا
فِى ٱلدُّنۡيَا حَسَنَةً۬ وَفِى ٱلۡأَخِرَةِ حَسَنَةً۬ وَقِنَا عَذَابَ ٱلنَّارِ
“Dhuh Gusti Pangeran kula. Mugi wantena kepareng Paduka
paring dhateng kula kesaenan ing urusan donya lan kesaenan ing urusan akhirat.
Lan kula nyuwun pangreksa saking siksa latu neraka”.
Pancen manawi dipun galih kanthi saestu , panyuwunan kita
dhumateng Allah punika namung nyakup werni kalih, inggih punika kesaenan ing
ndonya lan kesaenan ing akhirat utawi kawilujengan ing donya lan ing akhirat.
Panyuwun punika saget kasembadan bilih kita sampun saget ngamalaken surat Wal ‘Asri :
وَٱلۡعَصۡرِ (١)
إِنَّ ٱلۡإِنسَـٰنَ لَفِى خُسۡرٍ (٢) إِلَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ
ٱلصَّـٰلِحَـٰتِ وَتَوَاصَوۡاْ بِٱلۡحَقِّ وَتَوَاصَوۡاْ بِٱلصَّبۡرِ (٣)
“Demi waktu ! Satemene manungsa iku nyata-nyata ana sajrone
kapitunan. Kajaba wong-wong sing aman, sing nindakake kebecikan sing saling
eling-elingan nepati barang hak lan netepi kesabaran”.
Akhiripun
namung dhumateng Allah SWT kita aturaken sedaya panyuwun kita, mugi-mugi kita
kagolong umat ingkang tambah iman dalah taqwanipu, kanggeh anggayuh kabekjan
lan kawilujengan ing ndonya lan ing akhirat.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ
فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ
اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ
الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ.
فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.