Jumat, 22 Juni 2012

SHALAT MINANGKA JAGAKE AGAMA


KHOTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
SHALAT MINANGKA JAGAKE AGAMA
Ed : Anis Purwanto

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

Minangka pambukaning khotbah ing siang punika, sumangga sesarengan kita ngeningaken cipta saha manah kita, kanthi nyaosaken puja puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, kanthi karunianipun Allah SWT, kita taksih kabimbing iman lan Islam sarta kesadaran kagem nindakaken kewajiban ibadah Jumat ing siyang punika. Mugia shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, sahabat lan sedaya penderekipun, kalebet kita sedaya. Amin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

            Nurut etangan hijriyah, jum’at punika sampun tanggal 2 wulan sya’ban tahun 1433 H, ateges sampun kalih dinten kita ninggalaken wulan rejeb. Pramila saking punika, kagem ngengetaken dhumateng kita sedaya, keparengan ing kesempatan jum’at punika kita aturaken malih keterangan ingkang wonten hubunganipun kaliyan penting saha hikmahipun shalat. senaosa ing wulan rejeb kala wingi sampun dipun aturaken ngenani sholat ingkang minangka inti saking isro’ mi’roj Nabi Muhammad SAW, sebab, shalat minangka jagakipun agami Islam. Sahingga shalat minangka pokok ibadah, malah shalat kaanggep minangka ciri saking umat Islam.

            Dene hikmah lan tujuanipun shalat punika sampun kabeberaken wonten ing Al-Qur’an kanthi jelas lan gambling sanget. ing antawisipun kasebat wanten ing surat Taha ayat 14 :


إِنَّنِىٓ أَنَا ٱللَّهُ لَآ إِلَـٰهَ إِلَّآ أَنَا۟ فَٱعۡبُدۡنِى وَأَقِمِ ٱلصَّلَوٰةَ لِذِڪۡرِىٓ (١٤)

 “Setemene Ingsun, Ingsun iku Allah kang ora ana pengeran kejaba mung Panjenenganingsun. Mula saka iku sira nyembaha marang Ingsun lan sira ngedegna shalat, supaya eling marang Ingsun”.

            Intinipun ayat 14 surat taha ing nginggil punika dhawuh nyembah namung dhumateng Allah SWT lan ngedegaken shalat. Dados caranipun supados tansah enget dhumateng Allah, lan alat komonikasi antawisipun kawula dhumateng Penciptanipun, ingkang paling praktis menggahipun agamai Islam inggih punika shalat.

            Salajengipun wanten ing Surat Al Ankabut ayat 45, Allah paring dhawuh makaten :


وَأَقِمِ ٱلصَّلَوٰةَ‌ۖ إِنَّ ٱلصَّلَوٰةَ تَنۡهَىٰ عَنِ ٱلۡفَحۡشَآءِ وَٱلۡمُنكَرِ‌ۗ وَلَذِكۡرُ ٱللَّهِ أَڪۡبَرُ‌ۗ وَٱللَّهُ يَعۡلَمُ مَا تَصۡنَعُونَ (٤٥)

 “Lan sira ngedekna shalat, awit satemene shalat iku nyegah saka tumindak jahat lan mungkar. Lan setemene eling marang Allah iku gedhe banget pigunane. Lan Allah iku Maha mirsani marang apa bae kang kok tindakake”.

            Ayat punika negesaken bilih shalat punika anggadhahi fungsi nyegah utawi ngreksa saking tumindak kejahatan lan kemungkaran. dhawuh pangandikanipun Allah punika wajib kita yakini sayakin-yakinipun. lan keyakinan kita ingkang makaten punika adedhasar ilmi, inggih punika ilmi ingkang kahimpun wanten salebetipun pelaksanaan shalat. Bilih wiwit takbiratul ihrom ngantos dumuginipun salam, sedaya ucapanipun shalat punika awujud pangalembana lan pernyataan setia tuhu saha panyuwunan dhumateng Allah SWT. Pramila yen anggenipun shalat punika kanthi estu-estu, lan konjem ngantos dumugi salebeting manah, sarta khusyuk, sayektos Allah badhe ngabulaken sedaya panyuwunanipun, kados ingkang kasebat wonten ing ucapan-ucapan shalat. Allah ngendika, kados kasebat wanten ing Surat Al Mukminun ayat 1 lan 2 :

قَدۡ أَفۡلَحَ ٱلۡمُؤۡمِنُونَ (١) ٱلَّذِينَ هُمۡ فِى صَلَاتِہِمۡ خَـٰشِعُونَ (٢)

 “Temen-temen begja wong-wong mukmin iku. Yaiku wong-wong mukmin kang khusyuk anggone shalat”.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

            Wandene tuntunanipun shalat ingkang saget kita hubungaken kaliyan masalah pembangunan fisik, umpaminipun ingkang saged kita pendhet saking inti sarinipun Surat An Nisa’ ayat 103 :

إِنَّ ٱلصَّلَوٰةَ كَانَتۡ عَلَى ٱلۡمُؤۡمِنِينَ كِتَـٰبً۬ا مَّوۡقُوتً۬ا (١٠٣)

Setemene shalat iku diwajibake tumrape wong-wong mukmin kanthi wektu-wektu kang wusditemtokake”
           
Dawuh pangandikanipun Allah punika isi pemut, bilih nindakaken shalat punika boten kenging sakajengipun piyambak, samangsa-mangsa manut seleranipun piyambak, utawi sawekdal-wekdal kober lan sela. boten makaten. nanging shalat sampun dipun temtokaken wekdalipun. Tiyang mukmin ingkang estu -estu imanipun, temtu purun  dipun iket aturan punika. yen sampun dumugi wekdalipun, boten badhe wanton ngendhe-ngendhe wekdal. punapa malih saestu Allah sampung ngatur wekdal kangge nindakaken shalat punika jelas mboten badhe ngganggu anggen kita nyambut damel. Umpaminipun wekdal shalat subuh, kita tindakeken ing wanci enjang sak sampunipun wungu sare, sakderengipun bidhal nyambut damel enjang. shalat dhuhur, kita tindakaken ing wanci istirahat siyang, saksampunipun nyambut damel. Shalat asar, kita tindakaken ing wanci sonten, sakderengipun nyambut damel sonten, utawi malah saksampunipun nyambut damel sonten. Shalat maghrib, kita tindakaken ing wanci istirahat sonten, sakderengipun dahar dalu. Shalat isyak, kita tindakaken ing wanci longgar, sakderengipun istirahat dalu.

            Sikep makaten punika manawi dipun lestatunaken, temtu saged mahanani dhateng amalan-amalan sanesipun, satemah dados tiyang engkang disiplin anggenipun ngginakaken wekdal. lan, para sederek, mugi ndadosna ing kawuningan, bilih suksesipun gesangipun manungsa punika yektosipun namung dumunung eonten ing bab saged utawi mbotenipun anggenipun ngginakaken wekdal.

            Kanthi makaten para sederek, shalat saestu mboten badhe ngrugekaken tiyang ingkang nindakeken, kapara salat badhe nguntungaken lan mbekta hikmah saha manfaat ingkang kathah. Mila saking punika , sumangga sesarengan kita sami ningkataken kawigatosan kita dhateng bab shalat punika, sampun ngantos kita nglirwakaken kewajiban pokok punika, namung lantaran saking anggen  kita repot. liripun, kita usahakaken utawi kita ihtiyaraken terus supados shalat kita punika saya dangu saya sae, rutin, lan khusyuk, satemah saged mahanani sedaya kawontenan kita dados sae, saged migunani kangge badan pribadhi kita piyambak, keluarganipun dalah masyarakatipun, bangsanipun lan agamanipun.

            Insya Allah gesang makaten punika gesang ingkang dipun ridhani dening Allah SWT, bekja mulya ing ndonya lan ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar