Minggu, 17 Juni 2012

KELOMPOK INGKANG PIKANTUK NIKMAT


KHOTBAH JUM’AH BAHASA JAWA
KELOMPOK INGKANG PIKANTUK NIKMAT
Oleh  : Drs. Anis Purwanto

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka pambukaning khotbah ing siang punika, sumangga sesarengan kita ngeningaken cipta saha manah kita, kanthi nyaosaken pujo puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan dumateng kita sedaya, sahingga ngantos  ing kesempatan Jum’ah siang punika kita saget nindakaken pangibadahan dumateng Allah SWT. Kita nyuwun dumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siang punika saget katampi dening Allah SWT. Sahingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akherat, amin ya rabbal ‘alamin. Sholawat saha salam mugia tetep kita aturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW.
            Salah satunggalipun surat Al-Qur’an ingkang asring kita waos saben dintenipun inggih punika Surat Al Fatikhah. Kanthi makaten, surat punika kasebat As sab’ul matsani utawi ‘pitung ayat sing dibolan-baleni’, inggih punika wungsal wangsul kawaos, paling sekedik kaping 17 wanten ing 17 rekaat shalat gangsal wekdal. Wanten kalih ayat paling akhir saking 7 ayat Surat Al Fatikhah, inggih punika :
ٱهۡدِنَا ٱلصِّرَٲطَ ٱلۡمُسۡتَقِيمَ (٦) صِرَٲطَ ٱلَّذِينَ أَنۡعَمۡتَ عَلَيۡهِمۡ غَيۡرِ ٱلۡمَغۡضُوبِ عَلَيۡهِمۡ وَلَا ٱلضَّآلِّينَ (٧)
‘Dhuh Allah, mugi nedahna margi ingkang leres dumateng kawula. Inggih punika margining para tiyang ingkang sami Paduka paringi nikmat, sanes marginipun tiyang ingkang Panjenengan paringi bendu lan tiyang ingkang sami kesasar. Mugi-mugi Panjenengan nyembadani panyuwun kawula”.

Ma’asyiral Muslimin jamaah Jum’ah rakhimakumullah.
            Salajengipun ingkang bahan pitaken ing manah, sinten ingkang dipun maksud tiyang-tiyang ingkang pikantuk kanugrahan kanikmatan saking Allah SWT ?. Kagem njawab perkawis punika sumangga kita bikak firman Allah SWT wanten Surat An Nisa’ ayat 69, sebab ing ayat punika dipun sebadaken kelompok tiyang ingkang pikantuk nikmatipun Allah SWT :

وَمَن يُطِعِ ٱللَّهَ وَٱلرَّسُولَ فَأُوْلَـٰٓٮِٕكَ مَعَ ٱلَّذِينَ أَنۡعَمَ ٱللَّهُ عَلَيۡہِم مِّنَ ٱلنَّبِيِّـۧنَ وَٱلصِّدِّيقِينَ وَٱلشُّہَدَآءِ وَٱلصَّـٰلِحِينَ‌ۚ وَحَسُنَ أُوْلَـٰٓٮِٕكَ رَفِيقً۬ا (٦٩)

“Lan sing sapa wonge taat marang Allah lan Rosule, deweke arep bebarengan karo wong-wong sing dianugrahahi nikmat saka Pangerane, yaiku para Nabi, shidiqin, syuhada lan shalihin. Lan deweke iku temen minangka kanca sing paling becik”.

            Kanthi makaten, dadas penting tumrap kita sedaya kangge mbudidaya murih sageta kita kagolongaken umat ingkang pikantuk kanugrahan saking Allah SWT. Salah satunggalipun kanikmatan ingkang paling inggil nilai saha kalenggahanipun inggih punika kanikmatan dipun turunaken agami Islam minangka agami ingkang leres lan dipun perjuangaken dumateng tiyang 4 kelompok kadas kasebat wanten ing Surat An Nisa’ ayat 69 ing nginggil. Kanthi makaten panyuwunan kita dumateng Allah SWT, mugia kita pikantuk petunjuk kanthi gambaran lan keterangan ingkang jelas, inggih punika kanthi mbudidaya sageta  kita niru lan nderek model pagesanganipun sekawan kelompok kasebat.
            Sebab, bilih kita kepingin pikantuk petunjuk saking Allah SWT, ananging kita mboten purun niru lan nderek kadas pundi model pagesanganipun tiyang sekawan kelompok ing nginggil, senaosa kita nyuwun dumateng Allah kaping 17 saben dintenipun, alit kadadosan kita saget pikantuk kanugrahan saking Allah SWT.
            Sekawan kelompok kadas ingkang dipun maksud ing nginggil, inggih punika :
Sepindah ; inggih punika para Nabi. Punika minangka tiyang-tiyang ingkang dipun pilih dening Allah SWT nampi wahyu lan nyebaraken dateng sedaya umatipun. Pramila saking punika Nabi mesthi kagungan sifat leres (sidik), kagungan ketekatan merjuangaken lan njejegaken nilai kebenaran lan siap nanggel resiko ing ndalem perjuanganipun. Pramila, punika sebabipun kita wajib nulat sifat keNabian, supadas kita saget pikantuk hidayah kadas ingkang kita suwun wanten ing Surat Al-Fatikhah.
            Kasebat wanten Surat Al Ahzab, ayat 21 :
لِّمَن كَانَ يَرۡجُواْ ٱللَّهَ وَٱلۡيَوۡمَ ٱلۡأَخِرَ وَذَكَرَ ٱللَّهَ كَثِيرً۬ا  ٱللَّهِ أُسۡوَةٌ حَسَنَةٌ۬لَّقَدۡ كَانَ لَكُمۡ فِى
“Satemene wis ana ing diri pribadinipun Rosulullah iku suri tauladan kang becik kanggomu, yaiku kanggo wong sing ngarep-arep rahmate Allah lan tekane dina kiyamat, lan dheweke akeh nyebut asmane Gusti Allah”.

            Kaum Muslimin  jamaah Jum’ah rakhimakumullah.
Kelompok ing nomor kaleh inggih punika para shiddiqin. Nun inggih tiyang ingkang sikep, pangandikan saha tingkah lakunipun mesti leres lan jujur. Para siddiqin kagolong tiyang ingkang kaparingan kanugrahan nikmat saking Allah SWT, sebab gesang saha pagesanganipun nuju dumateng kesaenan, sedeng kesaenan hakekatipun badhe mbekta dumateng kesenengan surgawi.
            Wanten ing salah satunggalipun hadits dipun sebadaken :
“Mungguhe sira kabeh, tumindaka jujur, awit kejujuran iku nggawa sira marang kebecikan lan kebecikan iku nggawa sira marang suwarga”.
            Sebab, ing Surat Al-Fatikhah kita sanget ngajeng-ngajeng pikantuk petunjuk kadas dene Allah sampun paring petunjuk dumateng tiyang-tiyang ingkang kaparingan nikmatipun, artosipun ing pagesangan kita punika, kita dipun tuntut supados nyonto para siddiqin, senaosa kita sampun ngetingalaken ketaqwaan kita dumateng Allah SWT.
Kadas firman Allah ingkang artosipun : “He wong-wong sing iman, taqwaa sira marang Allah lan padha dadia kancane para wong mukmin kang pada temen setia suhu”.


            Para sederek kaum muslimin,  jamaah Jum’ah rakhimakumullah.
Kelompok selajengipun, ingkang kaparingan nikmat saking Allah, inggih punika para suhadak. Nun inggih tiyang ingkang pejah kanthi sahid, krana berjuang njejegaken agamanipun Allah. Para suhadak dadas saksi kebenaran ingkang dipun perjuangaken. Para suhadak dadas salah satunggalipun kelompok ingkang pikantuk kanikmatan saking Allah karana piyambakipun anggayuh drajat ingkang paling mulia, malah-malah sedanipun mboten kaanggep minangka pejah biasa, ananging Allah ngendika taksih gesang ing sisinipun. Kadas kasebad wanten ing Surat Al Baqoroh ayat 154 :

“Lan sira aja padha ngarani menawa wong kang gugur ana ing medan perang sabil iku padha mati, ananging dheweke iku padha urip, nanging sira ora padha weruh”.
            Para sederek, kanthi pemehaman ingkang kadas makaten punika, bilih kita kaitaken kaliyan do’a ing Surat Al Fatikhah, kita lajeng kedah dadas tiyang-tiyang ingkang saestu nindakaken lan merjuangaken nilai-nilai Islam senaoso resikonipun awrat.
           
Para sederek kaum muslimin, rakhimakumullah.
Kelompok ingkang kaping sekawan, ingkang kaparingan nikmat saking Allah inggih punika tiyang shalih. Tiyang ingkang mbudidaya kanthi saestu kangge mujudaken kesaenan, sae ing pagesangan pribadi, keluarga dalah masyarakat. Kashalehan minangka tuntutan saking pengakenan kita minangka tiyang ingkang iman dumateng Allah SWT. Pramila saking punika iman kedah kita buktekaken kanthi amal shaleh lan amal shaleh kedah kita landasi  kanthi iman.
            Bilih amal shaleh sampun kita tindakaken, kanikmatan Allah SWT insya Allah badhe kita gayuh saha kita raosaken, malah-malah  mbaten namung ing pagesangan duniawiyan punika kemawan, kadas dene pikantuk rizki ingkang barokah, rizki ingkang halal, ananging ugi ing akherat mangke kita badhe pikantuk ampunan saking Allah SWT, ingkang yektosipun kita pikantuk kebahagiaan ing akherat. Salah stunggalipun ayat ingkang nyebadaken keuntunganipun tiyang ingkang amal shaleh, kadas kasebat wanten ing Surat Al-Haj ayat 50 :

فَٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَـٰتِ لَهُم مَّغۡفِرَةٌ۬ وَرِزۡقٌ۬ كَرِيمٌ۬
 “Dene wong-wong kang padha iman lan nindakake kebecikan, dheweke iku bakal pikantuk pangapura lan rejeki kang mulya”.
            Karana kita nyuwun dumateng Allah, kepingin pikantuk petunjuk kadas dene petunjuk ingkang sampun Allah paringaken dumateng tiyang-tiyang ingkang sholih, yektosipun ing pagesangan punika kita sampun purun lan mbudidaya kanthi saestu, sagete dadas lan kagolongaken tiyang ingkang sholih.
            Kanthi makaten, petunjuk ingkang kita idam-idamaken inggih punika petunjuk margi gesang ingkang leres, selaras kaliyan nilai-nilai salebetipun Al-Qur’an saha Al-Hadits. Wilujeng, bekja mulya ing ndonya lan ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar