Rabu, 07 November 2012

KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA : MUKHASABAH ING AKHIR TAHUN


KHUTBAH  JUM’AT BAHASA JAWA
 MUKHASABAH ING AKHIR TAHUN
Dening : ANIS PURWANTO

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka pambukaning khotbah ing siang punika, sumangga sesarengan kita ngeningaken cipta saha manah kita, kanthi nyaosaken puja puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, kanthi karunianipun Allah SWT, kita taksih kabimbing iman lan Islam sarta kesadaran kagem nindakaken kewajiban ibadah Jumat ing siyang punika. Saestu, kita anyekseni bilih mbaten wanten pangeran kajawi Allah SWT, Gusti ingkang Maha Mirah lan Maha asih, Maha Penyayang lan Maha Pengampun dumateng sedaya hambanipun. Lan kita anyekseni bilih Nabi Muhammad SAW punika Rasul ingkang kautus nyebaraken rahmatipun Allah dumateng sedaya isi jagat agung punika. Mugia shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, sahabat lan sedaya penderekipun, kalebet kita sedaya.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
 Dinten Jumat punika kita sampan wanten ing pethitipun warsa 1433 H, insya allah  Jum’at ngajen kita sampun lumebet ing warsa enggal tahun 1434  H, ing dinten punikamalah sampun tanggal 2 wulan Muharram utawi ingkang asring kita sebat wulan asuro utawi suro. Pramila keterangan khutbah jum’at ing siang punika, keparenga kula aturaken sekedik keterangan ingkang wanten gegayutanipun kaliyan persiapan anggen kita badhe methuk datengipun warsa enggal tahun 1433 H.
Para sederek,  kados limrahipun tiyang bebakulan, kadas mbok bakul ingkang mbikak wande, wekdal-wekdal akhir utawi saksampunipun nutup warungipun biasanipun lajeng dipun ginakaken kagem ngetung-ngetung. Setunggal dinten punika kalawau sadeanipun untung punapa rugi. Manawi rugi punapa sebabipun, lan manawi bathi kados pundi caranipun saget ningkataken bebathenipun ing wekdal dinten candakipun. Semanten ugi, ing pagesangan kita punika, mestinipun kita ugi saget ngetang-ngetang amal ibadah kita salami setunggal tahun, tahun 1433 H punika.
Iman saha taqwa kita saya ningkat punapa mbaten, kesadaran saha semangat ngibadah kita saya ningkat punapa mbaten, kathah benere punapa salahe, untung punapa rugi. Pramila saking punika etung-etung amal utawi dzikir mukhasabah saestu sanget ageng manfaatipun, menggah kita ingkang kagungan niat wantenipun peningkatan ing sedayanipun, sae ing babagan kadonyan langkung-langkung wanten urusan keakhiratan.                                            
Bilih saget kita sanepakaken amal kita ingkang kepengker punika kadas dene buku, kanthi buku lami punika, ing pangajab kita pikantuk piwucal saha pengalaman ingkang saget kita dadosaken guru saha tuladha ingkang sae, sahingga ing catetan buku enggal mangke kacathet sejarah pagesangan kita ingkang sae.
Atur katerangan punika jumbuh kaliyan pangandikanipun Allh SWT, wanten Surat Al-Hasyr ayat 18.
يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَلۡتَنظُرۡ نَفۡسٌ۬ مَّا قَدَّمَتۡ لِغَدٍ۬‌ۖ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ‌ۚ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرُۢ بِمَا تَعۡمَلُونَ (١٨)
 “He wong-wong kang padha iman, taqwa-a sira kabeh marang Allah, lan saben-saben wong supaya padha nggatekake marang sakabehing amal tumindak ana ing dina-dina kepungkur kanggo kemaslahatane dina-dina kang bakal tumeko, lan padha taqwa-a sira kabeh marang Allah, satemene Allah iku Maha Pirsa apa bae kang kok tindakake”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Sebab, sejatosipun bilih gesang kita ing ngalam ndonya punika ibarat sakkeclapan. Kita mestinipun lajeng kedah tumunten ceket-ceket  menggalihaken amal saha tumundak kita ingkang saget ndadosaken kita ngasilaken kesaenan kanthi bathi sakathah-kathahipun, Mestinipun kita ugi saget niru mbok bakul. Kepingin bathi ingkang kathah, mbaten purun manawi ngantos rugi. Jawanipun, para sederek, kadas kaserat wanten ing Surat Al-Mukminun ayat 1-11, Allah sampun paring jaminan gesang sukses lan menang dateng tiyang ingkang purun ngestokaken nenem perkawis : 1, Estu-estu iman dateng Allah SWT, 2. Khusuk lan njagi shalatipun, 3. Nebihi amal tumundak muspra, ingkang mbaten wanten ginanipun, 4. Mbayaraken zakatipun, 5. Njagi kribadinipun, lan 6. Njagi amanat lan netepi janji.
            Yektosipun kita sedaya sampun sami mangertos bilih sedaya amal ibadah punika sae, sae menggahipun kita saha menggahipun Allah. Namung terkadang karana kirangipun kedasaran andadosaken kita lajeng lirwa, rumaos kirang penting, ora pati manfaat, punapa malih bilih kaukur kanthi nilai materi, wekdal ingkang kagem ngibadah rumaos kabuang percuma. Nanging badhea kados punapa kemawon, manawi kita sedaya sami jujur, estunipun kita punika kagungan iman, kagungan pepinginan khusuk ngibadah, shalat kita pingin mboten gothang. Cekak atur, kita pingin nindakaken sadaya amal kesaenan lan kepingin ninggalaken sadaya awisanipun Allah. Kuncinipun kantun kita piyambak-piyambak, pingin nindakaken, punapa mbaten, sakmenika punapa mbenjang-mbenjang.
            Kanthi makaten para sederek, mestinipun kita sampun saget mbiji dumateng kita piyambak, ugi dhumateng sedaya amal, sae ingakng gegayutan kaliyan urusan kadonyan langkung-langkung urusan keakhiratan, sampun kasil punapa dereng, sampun mbekta manfaat punapa dereng. Hasil saking etung-etung punika badhe kita dadosaken modal utami kagem mlangkah ing wekdal-wekdal ingkang badhe dateng. Sebab, meskipun sekedik, kita yakin kita sampun nindakaken kesaenan, lan punika mesti wanten faedahipun kagem gesang lan pagesangan kita, lha saeba maremipun bilih anggen kita nindakaken kesaenan punika kaetang sampun kathah, lan sampun sampurna. Namun, sedaya punika patut kita syukuri, karana ngantos ing titi wanci punika kita taksih dipun paringi wekdak kagem ngawontenaken niti-niti dumateng diri kita piyambak. Lan menggahipun Allah taqwa minangka biji ingkang paling inggil.
Al-Qur’an Surat Al-Hujarat ayat 13 nyebadaken:
إِنَّ أَڪۡرَمَكُمۡ عِندَ ٱللَّهِ أَتۡقَٮٰكُمۡ‌ۚ
“Satemene wong kang paling mulya ing ngarsane Allah, ing antarane sira kabeh, yaiku wong kang paling taqwa marang Panjenengane”.
            Mugi-mugi ayat shawuhipun Allah punika saged saya nambahi gumregah lan gumregut ing semangat kita anggenipun badhe terus ningkataken ketaqwaan kita dhumateng Allah sarana nindakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun Allah SWT.
            Akhiripun, mumpung sekedhap malih kita taksih dipun engetaken kanthi wantenipun prastawa pergantian warsa enggal, wiwit sapunika kita sami cancut tali wanda, ngribah kekirangan kita ing wekdal kawuri, kagem kesaenan ing wekdal saklajengipun. Sumangga dzikir etung-etung ing akhir tahun punika, saestu kita dadosaken bahan niti utawi instrospeksi diri, kagem ndandosi kekirangan, nambah ingkang kirang, ningkataken ingkang sampun sae. Kanthi makaten mugia kita kagolong tiyang ingkang untung, wilujeng ing ndonya ngantos ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin.
           

Tidak ada komentar:

Posting Komentar