Selasa, 05 Juni 2018

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : NUZULUL QUR’AN


KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :
NUZULUL QUR’AN
Oleh : ANIS PURWANTO
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Langkung rumiyin, sumangga kita sami nyaosaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya. Sahingga kanthi ijin Allah SWT, kita saget nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT. Kita nyuwun dhumaateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siyang punika saget katampi dening Allah SWT, amin ya rabbal ‘alamin.
            Shalawat saha salam mugia katur dhumateng Gusti Rasul, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, tumuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Dinten Jum’at sapunika kaleres tanggal 16 Ramadhan, ingkang ateges mangke dalu kita sampun wonten ing tanggal 17 Ramadhan. Lan tanggal 17 Ramadhan punika mujudaken sa’at penting ingkang mengku sejarah penting tmraping kita umat Islam, jalaran wanten ing saat kados samangke punika, dumados satunggaling peristiwa agung, inggih punika tumurunipun wahyu kasipan ingkang katelah Nuzulul Qur’an.
Wondene wahyu ingkang dipun turunaken nalika semanten, kasebat wanten ing al-qur’an Surat Al-“Alaq ayat 1 dumugi 5 :
ٱقۡرَأۡ بِٱسۡمِ رَبِّكَ ٱلَّذِى خَلَقَ (١) خَلَقَ ٱلۡإِنسَـٰنَ مِنۡ عَلَقٍ (٢) ٱقۡرَأۡ وَرَبُّكَ ٱلۡأَكۡرَمُ (٣) ٱلَّذِى عَلَّمَ بِٱلۡقَلَمِ (٤) عَلَّمَ ٱلۡإِنسَـٰنَ مَا لَمۡ يَعۡلَمۡ (٥)
“Sira mocoa kanthi asmane Pangeranira kang nyipta. Panjenengane nyipta manungsa saka sepotong getih. Sira mocoa, lan Pangeranira iku Kang Maha Pemurah, Kang mulang kanthi lelantaran kolam. Mulangake manungsa apa-apa kang dheweke ora ngerti”.
Para sederek, wonten salebetipun mengeti Nuzulul Qur’an, ingkang kapisan wajib kita tindakaken inggih punika syukur dhumateng Allah SWT, amargi kita dipun takdiraken minangka kawulaning Allah ingkang dipun paringi kesempatan lan kemampuan mengeti tumurunipun Al-Qur’an, ingkang mujudaken pedoman gesang tumraping kita umat islam.
Wusana ingkang kaping kalih, kita kedah saget mendhet hikmah utawi piwucal. Hikmah punika ingkang saged kita pendhet saking pengetan Nuzulul Qur’an. Kanthi syarat kita kedah mangertos misi lan fungsinipun Al-qur’an, saha punapa maksud lan tujuan pokok bilih Allah SWT nurunaken Al-qur’an. Lan wusananipun punapa ingkang wajib kita tindakaken kaliyan Al-Qur’an.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

Ngengingi missi, fungsi lan tujuan sarta maksudipun Allah SWT nurunaken  Al-Qur’an punika saged kita aturaken kanthi lumantar ayat pangandikanipun Allah SWT, ingkang kahemat ing Al-Qur’an :
شَہۡرُ رَمَضَانَ ٱلَّذِىٓ أُنزِلَ فِيهِ ٱلۡقُرۡءَانُ هُدً۬ى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنَـٰتٍ۬ مِّنَ ٱلۡهُدَىٰ وَٱلۡفُرۡقَانِ‌ۚ
 “Sasi Ramadhan yaiku sasi kang ing jerone diturunake kawitane wahyu Al-Qur’an, minangka pituduh tumrape manungsa, lan penjelasan-penjelasan ngenani pituduh iku lan pembeda antarane barang haq karo kang bathil”. (QS. Al-Baqara; 185)


إِنَّ هَـٰذَا ٱلۡقُرۡءَانَ يَہۡدِى لِلَّتِى هِىَ أَقۡوَمُ وَيُبَشِّرُ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ ٱلَّذِينَ يَعۡمَلُونَ ٱلصَّـٰلِحَـٰتِ أَنَّ لَهُمۡ أَجۡرً۬ا كَبِيرً۬ا
 “Satemene Al-Qur’an iki aweh pituduh marang dalan kang luwih lurus lan aweh kabar gembira marang wong-wong mukmin kang nindakake amal saleh, yen marang dheweke bakal diparingake ganjaran kang agung”. (QS. Al-Isra’ : 9).
            Para sederek, saksampunipun kita mangertos punapa fungsi lan missinipun Al-Qur’an, saha punapa tujuan lan maksudipun Allah nurunaken Al-Qur’an. Selajengipun kita kedah saged ngginakaken Al-qur’an kanthi estu minangka pedomaning gesang. Punapa kemawon ingkang kita tindakaken ing salebetipun gesang ing donya punika mangga kita ngginakaken Al-Qur’an minangka pedoman. Lan babar pisan sampun ngantos kita nilar Al-Qur’an, sebab tiyang engkang nilar Al-qur’an punika badhe ngalami kapitunan.
            Kasebat ing Al-Qur’an surat Thaha ayat 124 :
وَمَنۡ أَعۡرَضَ عَن ذِڪۡرِى فَإِنَّ لَهُ ۥ مَعِيشَةً۬ ضَنكً۬ا وَنَحۡشُرُهُ ۥ يَوۡمَ ٱلۡقِيَـٰمَةِ أَعۡمَىٰ
 “Lan sing sapa wongw mengo saka pepilinging-Sun yaiku Al-Qur’an, satemene tumrap dheweke urip kang rupek, lan Ingsun bakal ngumpulake dheweke besuk ana ing dina kiyamat ana sajrone kaanan wuta”.
            Para sederek, makaten punika Al-Qur’an. Mila sepisan malih mangga kita cecepengan kenceng dhateng al-Qur’an. Tegesipun sumangga Al-Qur’an punika kita dadosaken minangka pedomaning gesang kita, lan babar pisan sampun ngantos kita nilar utawi mengo saking al-Qur’a.
            Kita nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi kita dipun paring kekiyatan sahingga saget ngamalaken al-Qur’an kangge anggayuh kawilujengan ing donya dalh ing akhirat.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar