Kamis, 21 Juni 2018

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : HALAL BIHALAL


KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :
HALAL BIHALAL
Ed. : ANIS PURWANTO

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Langkung rumiyin, sumangga kita sami nyaosaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya. Sahingga kanthi ijin Allah SWT, kita saget nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT. Kita nyuwun dhumaateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siyang punika saget katampi dening Allah SWT, amin ya rabbal ‘alamin.
            Shalawat saha salam mugia katur dhumateng Gusti Rasul, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, tumuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

            Dinten Jum’at samangke punika,  kita nembe kemawon mahargya Idul Fitri 1 Syawal 1439 H, malah sampun setunggal minggu kita mahargya idul Fitri. Lan kita sampun mboten nindakaken kegiatan-kegiatan, kados ingkang kita tindakaken wonten ing wulan ramadhan, kados shalat tarawih, tadarus lan ibadah siyamipun. Sumangga nilai-nilai pengibadahan ing wulan Ramadhan punika kita lestantunaken terus. Kanthi makaten nilai ketaqwaan ingkang minnangka kasil saking anggen kita nindakaken ibadah siyam saget kita jagi, syukur malah saged kita tingkataken.
Para sederek, ing wulan Syawal punika asring kita ngawontenaken kegiatan Halal Bihalal. Acara punika pancen wonten sambung rapetipun kaliyan  Idul Fitri. Wondene syari’at mahargya idul Fitri erat sanget sesambetanipun kaliyan siyam Ramadhan.  Sahingga Halal Bihalal, idul fitri lan Siyam Ramadhan, minangka rangkaian ingkang mboten saget dipun pisahaken. Halal Bihalal minangka pahargyan ing idul fitri, dene idul Fitri kita pahargya sak sampunipun kita nindakaken siyam Ramadhan.
Tiyang ingkang nindakaken siyam Ramadhan kanthi imanan wah tisaban tartamtu badhe dipun ghufira lahu mataqodam mindhanbih, badhe dipun apura dosane kang uwis-uwis dening Pangeranipun. Anangin dosa antawisipun manungsa kaliyan sasamining manungsa.  Atur keterangan menika ingkang andasari wontenipun halal bihalal. Kados kasebat ing Al-qur’an surat Ali Imran ayat 133-134 :
وَسَارِعُوٓاْ إِلَىٰ مَغۡفِرَةٍ۬ مِّن رَّبِّڪُمۡ وَجَنَّةٍ عَرۡضُهَا ٱلسَّمَـٰوَٲتُ وَٱلۡأَرۡضُ أُعِدَّتۡ لِلۡمُتَّقِينَ (١٣٣) ٱلَّذِينَ يُنفِقُونَ فِى ٱلسَّرَّآءِ وَٱلضَّرَّآءِ وَٱلۡڪَـٰظِمِينَ ٱلۡغَيۡظَ وَٱلۡعَافِينَ عَنِ ٱلنَّاسِ‌ۗ وَٱللَّهُ يُحِبُّ ٱلۡمُحۡسِنِينَ
 “Lan sira kabeh padha gegancangana nyuwun pangapura marang pangeranira, lan padha gegancangana marang usaha bisa dilebokake suwarga kang jembare padha karo jembare langit lan bumi, kang disediakake kanggo wong-wong kang taqwa marang Allah. Yaiku wong-wong kang padha nginfakake bandhane kanthi becik ana ing mangsa seneng lan susah, lan wong-wong kang bisa ngampet nesune, lan wong-wong kang seneng aweh maaf marang kaluputane wong liya, allah iku remen banget marang wong-wong kang gawe kebecikan”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

Halal bihalal mengku maksud paring pangapunten ing kalanganipun kita umat islam, antawisipun seteunggal lan sanesipun. Ing swasana halal bihalal makaten punika, kita ingkang anggadhahi kalepatan dhateng tiyang sanes, mboten isin, mboteng ewuh-pakewuh purun nedha pangapunten, dene tiyang ingkang kita suwuni pangapunten ugi kanthi ihklas nyukani pangapunten. Makaten timbal balik.
Kanthi makaten Halal bihalal jelas minangka acara ingkang sae, ingkang anggadhai maksud lan tujuan ingkang luhur, inggih punika dipun ngapura sedaya dosa lan kalepatan. Sepisan, dosanipun  kawula dhateng pangeranipun, lan ingkang angka kalih, dosa lan kalepatan antawisipun tiyang dhateng sasaminipun.  Kanthi halal bihalal kita anggadhahi niat ingkang kiat nedya wansul dhateng alam fitrah, wangsul  dhateng kawontenan ingkang suci.
Lan kanthi halal bihalal, kita sedaya ngakeni kanthi pengakenan ingkang ihklas, bilih kita mesthi kadunungan sipat sarwi kirang, sipat asring lepat. Sahingga kanthi kesadaran  menika kita lajeng genancangan nyuwun pangapunten. Kados kasebat ing Surat Ali Imran ayat 159 :
ففَٱعۡفُ عَنۡہُمۡ وَٱسۡتَغۡفِرۡ لَهُمۡ وَشَاوِرۡهُمۡ فِى ٱلۡأَمۡرِ‌ۖ فَإِذَا عَزَمۡتَ فَتَوَكَّلۡ عَلَى ٱللَّهِ‌ۚ إِنَّ ٱللَّهَ يُحِبُّ ٱلۡمُتَوَكِّلِينَ
 “Mula saka iku aweha maaf marang wong-wong mau, lan sira musyawaraha karo wong-wong ana ing urusan iku. Wusana yen sira wis nggolong-nggiligake tekad, sira tawakkala marang Allah. Awit satemene Allang iku remen banget marang wong-wong kang tawakal marang Panjenengane”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

Akhiripun, mugi-mugi kanthi halal bihalal kita lajeng saget mendhet hikmahipun. Kesempatan halal bihalal punika supados dipun ginakaken kangge nyuwun pangapunten. Sahingga Sambung rasa lan  jalinan kekeluargaan sangsaya raket, kebak kasih sayang ing ikatan ukhuwah islamiyah. Mugi-mugi manggih kawilujengan ing ndonya ngantor ing akhirat ,  amin ya rabbal ‘alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar