Kamis, 07 Juni 2018

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : METHUK IDUL FITRI


KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :
METHUK IDUL FITRI
Dening : ANIS PURWANTO
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Langkung rumiyin, sumangga kita sami nyaosaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya. Sahingga kanthi ijin Allah SWT, kita saget nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT. Kita nyuwun dhumaateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siyang punika saget katampi dening Allah SWT, amin ya rabbal ‘alamin.
            Shalawat saha salam mugia katur dhumateng Gusti Rasul, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, tumuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

            Dinten Jum’at samangke punika kaleres tanggal 8 Juni 2018 utawi tanggal 23 Ramadhan 1439 H, ingkang ateges Jum’at ngajeng insya Allah kita sampun  mlebet ing tanggal 1 Syawal. Pramila symangga kita pethuk dhatengipun dinten agung Idul Fitri punika kanthi kebak raos syukur dhumateng Allah SWT. Lan mugi ndadosna ing kawuningan, bilih pamethukipun Hariyadin ‘Idul fitri punika babar pisan mboten sarana dhedhaharan lan unjukan ingkang miraos, lan ugi mboten sarana agem-ageman ingkang sarwi enggal lan gumebyar.
           
            Para sedherek, mila ingkang perlu kita pikiraken kangge mahargya utawi methuk dhatengipun ‘Idul Fitri punika mangke mboten sanes kajawi punapa ingkang pancen perlu kita amalaken wanten  salebeting dinten “Idul fitri punika manut syariatipun Agama Islam.  Wonten ing bab punika adedasar dhawuh pangandikanipun Allah wanten ing Kitab Suci Al-qur’anul Karim, surat Al-Baqarah ayat 185 :
وَلِتُڪۡمِلُواْ ٱلۡعِدَّةَ وَلِتُڪَبِّرُواْ ٱللَّهَ عَلَىٰ مَا هَدَٮٰكُمۡ وَلَعَلَّڪُمۡ تَشۡكُرُونَ
Lan sira kabeh padha nyampurnakne wilangane sasi ramadhan. Lan yen wus sampurnakne anggonira pasa sesasi ramadhan, sira padha ngagungna asmane Pangeranira manut aturan-aturan kang wus dituduhake marang sira, lan sira kabeh padha syukur marang Pengeranira”.
            Makaten dhawuh pangandikanipun Allah SWT,ingkang wajib kita gatosaken lan kita estokaken. Wondene wujud saking syukur ingkang kita hubungaken kaliyan ‘Idul fitri inggih punika kanthi cara ngamalaken syariatipun agami Islam ingkang katetepaken wanten ing dinten ‘Id punika. Kadosta, mbayaraken zakat fitrah ingkang kabagi-bagi dhumateng para fakir miskin, lan nindakaken shalat ‘Idul Fitri ing wanci enjangipun tanggal 1 Syawal wanten ing masjid/musholla utawi ing lapangan-lapangan.
            Wondene pengalamanipun shalat ‘Id punika piyambak, makaten ugi kegiatan ugi kegiatan ngumandhangaken ucapan takbir, tahlil lan tahmid, ingkang badhe kita tindakaken mbenjang malem tanggal 1 syawal, saksampunipun angslupipun surya. Sedaya punika minangka  panjilmaning raos syukur kita dhumateng Allah SWT.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

            Raos syukur punika taksih saged kita wujudaken malih sarana sami gegancangan nyuwun pangapunten dhumateng Allah SWT lan ugi paring pangapura ingapura dhumaten sesamening sedherek Mukmin-Muslim.
            Woanten ing Al-qur’an surat Al-hadid ayat 21 Allah ngendika makaten :
سَابِقُوٓاْ إِلَىٰ مَغۡفِرَةٍ۬ مِّن رَّبِّكُمۡ وَجَنَّةٍ عَرۡضُہَا كَعَرۡضِ ٱلسَّمَآءِ وَٱلۡأَرۡضِ أُعِدَّتۡ لِلَّذِينَ ءَامَنُواْ بِٱللَّهِ وَرُسُلِهِۦ‌ۚ ذَٲلِكَ فَضۡلُ ٱللَّهِ يُؤۡتِيهِ مَن يَشَآءُ‌ۚ وَٱللَّهُ ذُو ٱلۡفَضۡلِ ٱلۡعَظِيمِ

Sira kabeh padha dhisik-dhisikana nyuwun pangapura marang Pengeranira, lan nyuwun dilebokake ana sajrone suwarga kan jembare padha karo jembare langit lan bumi, kang dicawisake kanggo wong-wong kang iman marang allah lan iman marang utusane Allah. Kang mangkono iku kanugrahane Allah kang diparingake marang wong-wong kan dikersakake. Allah iku mula kagungan kanugrahan kang agung”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

            Minangk penyuwunan pungkasan ingkang saged kita aturaken wanten ing dinten Jum’at pungkasan ing wulan Ramadhan punika, mangga sedaya amalan sae ingkang sampun saged kita biasaken wanten ing salebetipun wulan Ramadhan, kita terusaken lan kita lestantunaken saksampunipun kita nilaraken wulan Ramadhan.
            Wusana seumangga kita tansah nyuwun hidayah lan taufiqipun dhumateng Allah SWT. Mugi-mugi sedaya amal ibadah kita katampi dening Allah SWT, mugia kita manggih kawilujengan wiwit ing ndonya dumugi ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar