Rabu, 13 Juni 2018

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : SYAWAL


KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :
SYAWAL
Ed. : ANIS PURWANTO
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Langkung rumiyin, sumangga kita sami nyaosaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya. Sahingga kanthi ijin Allah SWT, kita saget nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT. Kita nyuwun dhumaateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siyang punika saget katampi dening Allah SWT, amin ya rabbal ‘alamin.
            Shalawat saha salam mugia katur dhumateng Gusti Rasul, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, tumuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

            Dinten punika,  kita nembe kemawon mahargya Idul Fitri 1 Syawal 1439 H,  saksampunipun kita nindakaken siyam Ramadhan setunggal wulan wetah. Pengamalamanipun ibadah siyam lan pahargyanipun Idul Fitri mujudaken satunggal rerangkeaning pengibadahan dhumateng Allah SWT. Siyam ing wulan ramadhan lan idul fitri satunggaling kesatuan ingkang saling sesambetan.  Awit tanpa pengamalan siyam ing wulan ramadhan , kesenengan dalah kebahagiaan  ing Idul Fitri  mboten badhe dipun paringake. Utawi tembungipun sanes, tanpa wanten perjuangan, mboten badhe wanten kemenangan engkang saged dipun gayuh. Lan kemenangan punika piyambak,  nembe saged dipun gayuh saksampunipun ngetok sedaya pengorbananipun.  Sepindah malih, Alhamdulillah, kalih-kalihipun sampun kita amalaken kanthi sukses. Mugi-mugi sedaya ibadah kita wiwit anggen kita siyam lan pahargyan idul Fitri ing engjang kala wau katampi dening allah SWT, mugia kita manggih kawilujengan ing ndonya dlan ing akhirat,

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

            Pengibadahan siyam ing wulan Ramadhan ingkang minangka sanepaning satunggalipun perjuangan, lan raos syukur kita kanthi dipun paringaken Idul Fitri ingkang saged dipun anggep lambangipun kemenangan, ingkang pancen namung pantes dipun paringaken dhumateng tiyang engkang seged ngawonaken satunggaling peperangan.  Sedaya sampun dados kasunyatan wiwit ing enjang kala wau. Liripun sampun kita amalaken.
            Dene hikmah ingkang winengku wonten salebetipun pengibadahan siyam  lan idul Fitri punika perlu kita lestantunaken senadyan kita sampun medal saking wulan Ramadhan lan lan sampun mboten wanten ing swasanipun Idul fitri. Ingkang makaten ateges kegiatan ibadah kita punika badhe terus kita lajengaken ngantos dhawahipun wulan ramadha  lan Idul fitri candhakipun.
            Perlu kita aturaken sepindah malih, bilih syawal anggadhahi teges “ningkataken”.  Ningkataken ateges ngangkat satunggaling barang saking papan ingkang andhap dhateng papan ingkang langkung inggil. Mila saking punika, kanthi nyelarasaken  maknanipun syawal , mugi-mugi saksampunipun kita rampung nindakaken pangibadahan ing wulan Ramadhan, sedaya pengibadahan kita dados saya ningkat, jumlah saha mutunipun.
            Wontenipun peningkatan amal makaten punika, jer kedah kita tengenaken lan sekelangkung dipun perlokaken sanget.  Allah SWT ngendika ingkang kasebat ing surat At-Taubah ayat 105 :
وَقُلِ ٱعۡمَلُواْ فَسَيَرَى ٱللَّهُ عَمَلَكُمۡ وَرَسُولُهُ ۥ وَٱلۡمُؤۡمِنُونَ‌ۖ وَسَتُرَدُّونَ إِلَىٰ عَـٰلِمِ ٱلۡغَيۡبِ وَٱلشَّہَـٰدَةِ فَيُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمۡ تَعۡمَلُونَ
 “Lan sira kondhoa (Muhammad), “Sira kabeh padha tumandang gawea !. Awit Allah lan Utusane sarta para wong mukmin bakal mirani tandang gawe nira, lan sira kabeh bakal dibalekake marang Allah kan ngawuningani barang ghoib lan barang kang nyata, wusana banjur dicritakake marang sira apa bae kang wus kok tindakake”.
 Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

            Ayat ing nginggil mengku dhawuh supadas kita beramal kedah kanthi estu-estu ngandhung maksud bilih sedaya amal ibadah kita punika supados saaged mbekta manfaat ingkang saageng-agengipun, kagem kemaslahatan sedaya umat manungsa. Rasulullah paring penget : “AL MU’MINU MIR AATUN LI AKHIIHIL MU’MIN”, wong mukmin iku minangka kaca pangilon tumrape sadulure, yaiku wong mukmin liyane.

            Dhawuh supados dados kaca pangilon makaten punika ateges kita sedaya kedah saged dados conto ingkang sae, insya allah. Pramila saking punika, mesthinipun kanthi sedaya rerangkeanipun pengibadahan wonten ing wulan Ramadhan kalawingi lan idul Fitri ing dinten punika, iman lan taqwa kita saya manteb. Sahingga ing pangajab, kawontenan iman lan taqwa ingkang manteb makaten punika saged nuwuhaken sadhengahipun kesaenan wonten ing masyarakat. Sahingga kanthi syawal punika kita wajib njagi saha ngipuk-ipuk sedaya amal ibadah kita, murih saya ningkat lan tambah sae.
            Akhiripun kanthi pahargyan Idul Fitri ing engjang kala wau, mugia Allah tansah kersa paring rahmad lan ridhanipun dhumateng kita sedaya. Mugi-mugi kita manggih kabegjan lan kawilujengan ing ndonya ngantos ing akhirat.
           
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar