Selasa, 24 April 2018

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : WULAN SYA’BAN


KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :
WULAN SYA’BAN
Oleh : ANIS PURWANTO
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Langkung rumiyin, sumangga kita sami nyaosaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya. Sahingga kanthi ijin Allah SWT, kita saget nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT. Kita nyuwun dhumaateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siyang punika saget katampi dening Allah SWT, amin ya rabbal ‘alamin.
            Shalawat saha salam mugia katur dhumateng Gusti Rasul, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, tumuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Wanten ing dinten Jum’at punika kita sampun wanten ing wulan sya’ban, ingkang ateges sekedap malih kita sampun lumebet ing wulan Ramadhan.   Pramila saking punika atur khutbah ing siang punika kita hubungaken kaliyan keterangan ingkang magepokan kaliyan wulan sya’ban, awit kita asring nglirwakaken wantenipun wulan sya’ban. Kamongko wulan sya’ban minangka gapuronipun kangge mapag dhatengipun wulan Ramadhan.
            Wanten ing wekdal-wekdal makaten punika , rumiyin, para sahabat Rasulullah SAW, sami suka ing manah, awit badhe karawuhan tamu agung inggih punika wulan Ramadhan. Pramila para sahabat lajeng sami nyiapaken jiwa lan raga kangge mangayu bagya rawuhipun wulan Ramadha, wul;ang ingkang kebak rahmar, maghfirah, lan karcis ingkang badhe mbebasaken saking siksa latu neraka.
            Dhawuh pangandikan Allah ing Surat Al Imran ayat 133, nyebadaken :
وَسَارِعُوٓاْ إِلَىٰ مَغۡفِرَةٍ۬ مِّن رَّبِّڪُمۡ وَجَنَّةٍ عَرۡضُهَا ٱلسَّمَـٰوَٲتُ وَٱلۡأَرۡضُ أُعِدَّتۡ لِلۡمُتَّقِينَ
Lan padha gegancangana sira kabeh maarang (Nggayuh) pangapura saka Pangeranira lan (marang) Suwarga kan jembare sajembare sakabehing langit lan bumi, kang wus dicawisake kanggo wong-wong kang padha taqwa”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Wanten ing wulan sya’ban makaten punika Rasulullah SAW piyambak asring ngathah-ngathahaken  anggenipun nindakaken siyam sunnat sya’ban :
. فَمَا رَأَيْتُ رَسُولَ اللَّهِ – صلى الله عليه وسلم – اسْتَكْمَلَ صِيَامَ شَهْرٍ إِلاَّ رَمَضَانَ ، وَمَا رَأَيْتُهُ أَكْثَرَ صِيَامًا مِنْهُ فِى شَعْبَانَ

Aku babar pisan ora tau weruh Rasulullah SAW nyampurnakake siyame sesasi muput kejaba ing sasi Ramadhan. Lan aku (uga ora tau weruh panjenengane nindakake siyam kang paling akeh (saliyane) ing sasi sya’ban”.
            Siyam wulan sya’ban dipun tindakaken dening rasulullah SAW, kangge ngurmati rawuhipun wulan Ramadhan lan ugi kangge njangkepi siyam-siyam sunat ingkang sampun biasa dipun tindakaken. Sahengga kanthi makaten, kita minangka umatipun, mestinipun sami purun nyonto lan neladhani panjenenganipun wanten ing babagan punika. Rasulullah punika pranyata mboten nate lena saking perkawis-perkawis ingkang alit-alit, punapa malih perkawis ingkang ageng, engkang mila kedah dipun estokaken.
Rasulullah SAW ngendika :
قَالَ ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَانَ وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إلى رب العالمين فأحب أن يرفع عملي وَأَنَا صَائِمٌ
“Sasi Sya’ban kuwi sasi kang dilerwakake (lan dilalekake) dening para manungsa, (yaiku) sasi ing antarane sasi Rejeb lan Ramadhan. Sasi Sya’ban yaiku sasi kang ing sajrone sasi iki amal-amal di angkat munggah marang Pangeran Kang Ndarbeni sakabehing jagad, mangka ingsun kepingin amalingsun iku diangkat munggah (marang Allah) nalika ingsung llagi pasa”. HR. Imam Ab dawud lan Imam Nasa-i).
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Saking sedaya piwucal agung Rasulullah SAW punika kita lajeng saged mendhet kesimpulan, bilih wonten ing wekdal-wekdal kados samangke punika, mestinipun kita  sami estu-estu nyiapaken jiwa lan raga kangge methuk wulan Ramadhan , kanthi nindakaken siyam wulan sya’ban.
            Akhiripun, kita nyuwun dhumaten Allah SWT, mugi-mugi Gusti Allah kersa paring rahmat, hidayah, pitulungan, saha kekiyatan dhumateng kita sedaya, sahingga wulan ramadha ingkang badhe rawuh mujudaken Ramadhan ingkang langkung sae lan langkung berkah. Amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar