Kamis, 07 Juni 2018

KHUTBAH IDUL FITRI 1439 H / 2018 M : KANTHI HIKMAHIPUN ‘IDUL FITRI KITA TINGKATAKEN IMAN LAN TAQWA KANGGE NUWUHAKEN AKHLAKUL KARIMAH LAN UKHUWAH ISLAMIYAH


KHUTBAH IDUL FITRI  1439 H / 2018 M
KANTHI HIKMAHIPUN ‘IDUL FITRI KITA TINGKATAKEN IMAN LAN TAQWA KANGGE NUWUHAKEN AKHLAKUL KARIMAH LAN UKHUWAH ISLAMIYAH
Ed. : Anis Purwanto

اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ وَلِلهِ الْحَمْدُ، اللهُ أَكْبَرُ كَبِيرًا وَالْحَمْدُ لِلهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيلًا. الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِي شَرَعَ لِعِبَادِهِ عِيْدًا يَذْكُرُوْنَهُ فِيْهِ، وَيَشْكُرُوْنَهُ عَلَى فَضْلِهِ وَإِحْسَانِهِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ يَسْتَوِي عِنْدَهُ مَا فِيْ سِرِّ الْعَبْدِ وَإِعْلاَنِهِ، وََأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَرْسَلَهُ اللهُ بِالْحَقِّ وَتِبْيَانِهِ، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنِ اهْتَدَى بِهُدَاهُ، أَمَّا بَعْدُ
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.
            Langkung rumiyin, sumanggo kita sami nyaosaken puji lan syukur ing ngarso dalem Allah SWT, ingkang kanthi ijin, rahmat saha pitulunganipun, kita wonten ing enjangipun dinten ‘Idul Fitri ingkang cerah punika saget kempal manunggal wonten ing masjid/musholla, kanthi maksud nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT, lan sekaligus minangka bukti anggen kita nglairaken raos syukur kita dhumateng Allah SWT.
Shalawat saha salam mugia katur dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, nuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.
            Kita syukuri nikmatipun Allah ingkang awujud dhatengipun ‘Idul Fitri punika mboten sarana ngawontenaken pista pora nuruti hawa nefsu lan selera, lan mboten sarana mubaziraken kanikmatanipun Allah kanthi nindakaken sawarnining pemborosan ingkang jer dadas awisanipun agami kita. Nanging nikmatipun Allah punika kita syukuri kanthi nindakaken ruku’ lan sujud dhumateng Allah ingkang Maha Kuwaos lan Maha Tunggal. Lesan utawi tutuk kita mboten kendel-kendel anggenipun memuji dhumateng Allah, sesarengan ngucapaken kalimat takbir : “ALLAHU AKBAR, ALLAHU AKBAR, ALLLAHU AKBAR” dipun gandheng kaliyan kalimah tauhid : “LAA ILAAHA ILLALLAH”, lan dipun lengkapi mawi kalimah tahmid : “WA LILLAAHIL HAMDU”.
            Angkasa ingkang wiyar kebak kanthi gema saha kumandhangipun kalimah suci makaten punika, tetela saged nundhukaken manahipun tiyang-tiyang ingkang iman lan nggumeteraken jiwaipun kaum Muslimin lan Muslimat.
            Para sedherek, salebetipun mahargya dinten ‘Idul Fitri makaten punika, wanten cara kalih ingkang sampun dipun garisaken dining Allah SWT. Ingkang sepisan, awujud sesambetan antawisipun Khaliq lan makhuq, inggih punika ingkang dipun sebat “hambun minallah”. Lang ingkang angka kalih, ningkataken hubungan kasih sayang ing antawiisipun sesaminipun makhluq, ingkang dipun sebat “hablun minannas”. Ingkang kapisan dipun tindakaken sarana ngegungaken asmanipun Allah, inggih punika kanthi ngucapaken takbir, tahlil lan tahmid; “ALLAAHU AKBAR, LAA ILAAHA ILLALLAH WALILLAAHIL HAMDU”. Ucapan lesan ingkang ngumandhang wonten ing angkasa punika, dipun kantheni sikep dhepe-dhepe dhumateng Allah, nundhukaken jiwa raga, ngabektos wonten ngarsanipun Allah, kanthi nindadaken shalat ‘Ied wanten ing Masjid-Masjid, Musholla-Musholla utawi ing lapangan-lapangan.
            Wondene cara ingkang angka kalih, saderengipun ngawontenaken hubungan lan nyaketaken jiwa raganipun dhumaten Allah, kaum muslimin langkung rumiyin kedah netepi kuwajibanipun dhateng sesaminipun, utaminipun dhumateng kaum fakir miskin,  sarana mbayaraken zakat fitrahi, minangka “TUHRATAN LIS SHAAIMIN WATHU’MATAN LIL MASAAKIN”, pencuci jiwa tumrapipun tiyang ingkang siyam lan minangka nyukani tedha dhateng para fakir miskin.
            Alhamdulillah, kita nembe kemawon rampung nindakaken ibadah siyam, ingkang mengku tujuan lan hikmah ingkang paripurna, ingkang nggembleng jiwa raga kita dados teguh lan kiyat, mbentuk watak lan kapribaden kita dados luhur, mbentuk sikep kita dados sikep ingkang tansah siap, lan ndamel disiplin kita dados disiplin ingkang kiyat . kita medal saking wulan Ramadhan dipun sanepakaken kados dene prajurit ingkang  wangsul saking peperangan kanthi mbekta kemenangan. Lan kita medal saking wulan Ramadhan saged dipun ibarataken kadas dene bayi ingkang nembe lahir saking kandhunganing ibunipun, resik lan suci, insya Allah.
Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.
            Ing Swasana ‘Idul Fitri taun punika mboten sami kaliyan kita ber ‘Idul fitri wonten ing taun-taun kepengker. Wonten satunggaling keistimewaan pinanggih ing salebetipun ‘Idul Fitri samangke kita bangsa Indonesia klebet umat Islamipun, nembe nedheng-nedhengipun ngadhepi satunggaling pakaryan nasional, inggih punika pemilukada serentak, ingkang insya Allah badhe kaleksanan mbenjang dinten Rabu Pon tanggal 27 Juni 2018, insya Allah.  Kanthi makaten, khususipun pihak penyelenggara tartamtu terus menerus nyiapaken uba rampe ngantos titi wanci  coblosan mbenjang.
Pramila saking punika para sederek, kewajiban kita minangka rakyat Indonesia mboten wonten sanes kejawi mesthi lan wajib anyengkuyung lan nderek nyuksesaken pemilukada tahun 2018 punika, Awit kanthi Pemilukada punika badhe kita pilih Gubernur  lan Wakil Gubernur Jawa Timur, minangka pimpinan “masa depan”.  Sumangga kita usahakaken Pemilukada mangke saged mlampah kanthi lancar, aman, tertib lan tentrem. Mila salajengipun mangga kita sami nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi Gubernur/Wakil guberbur pilihan rakyat asil Pemilukada mangke dipun paringi kekiyatan lahir batos dening Allah SWT lan ugi dipun paringi hidayah lan taufiqipun, sahingga saged mimpin Jawa Timur , nuju masyarakat Jawa Timur langkung sejahtera, adil, mandiri , anggadhai daya saing inggil lan kagungan ahklakul karimah.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.
Maha Agung Allah, ingkang nyipta sedaya kawontenn punika kanthi paripurna. Lan Maha wicaksana Allah ingkang ndadosaken sedaya aturan lan sunah-sunahipun punika sarwi ceples. ‘Idul Fitri dipun tetepaken saksampunipun ibadah siyam. Fitrah kesucian dipun wangsulaken, saksampunipun imsak, meper saking sedhengah pepinginan lan hawa nefsu. Sedaya punika supados dados bahan piwucal tumraping tiyang-tiyang ingkang sami purun mikir, ingkang nedya ningkataken ketaqwaanipun dhumateng Allah SWT. Allah SWT ngendika ingkang  kahemot ing Surat Al-Hasyr ayat 21  :
وَتِلۡكَ ٱلۡأَمۡثَـٰلُ نَضۡرِبُہَا لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمۡ يَتَفَكَّرُونَ
 “lan sanepan-sanepan iku Ingsun cipto kanggo para manungsa, kang supaya wong-wong mau padha gelem mikir”.
            Para sederek, Mugi-mugi kanthi Fitratil Islam ingkang ‘Ied-ipun kita pahargya wonten ing dinten punika, jiwa lan manah kita sageda wangsul dados suci kados sucinipun fitrah punika. Kanthi fitrahipun manah lan jiwa punika, mugi-mugi kita saya gandrung dhateng kesatuan lan persatuan, ngutamekaken pasedherekan ingkang kebak katresnan, lan kasih sayang, ngapura ingapura, nyingkiri saking sipat memengsahan, fitnah menfitnah, lan sregeb lelumban onten ing babagan kesaenan.
وَسَارِعُوٓاْ إِلَىٰ مَغۡفِرَةٍ۬ مِّن رَّبِّڪُمۡ
 “Lan sira kabeh padha gegancangana nyuwuyn pangapura marang Pangeranira”. (QS. Ali Imran : 133).
            Mugi-mugi kanthi hikmahipun ‘idul Fitri punika kita sedaya saged nikataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT kangge nuwuhaken ahklakul karimah lan ukhuwah islamiyah. Sahengga pantes sinebat ummatan wasathan utawi umat teladan, kados ingkang dipun kersakaken dening Allah SWT. Kasebat wanten ing Kitab Suci al-qur’an Surat Ali Imran ayat 110 :
كُنتُمۡ خَيۡرَ أُمَّةٍ أُخۡرِجَتۡ لِلنَّاسِ تَأۡمُرُونَ بِٱلۡمَعۡرُوفِ وَتَنۡهَوۡنَ عَنِ ٱلۡمُنڪَرِ وَتُؤۡمِنُونَ بِٱللَّهِ‌ۗ وَلَوۡ ءَامَنَ أَهۡلُ ٱلۡڪِتَـٰبِ لَكَانَ خَيۡرً۬ا لَّهُم‌ۚ مِّنۡهُمُ ٱلۡمُؤۡمِنُونَ وَأَڪۡثَرُهُمُ ٱلۡفَـٰسِقُونَ
 “Sira kabeh iku sabecik-becike ummat, kang dicipta dening Allah kanggo kepentingane para manungsa. Yaiku supaya sira kabeh padha akona marang wong-wong mau kang supaya padha nindakaake kebecikan lan nyegah saka tumindak kejahatan, lan supaya sira kabeh padha iman marang Allah”.
            Para sederek, adedasar dhawuh pangandikanipun Allah SWT punika, kita saged mendhet kesimpulan bilih umat teladan miturut Allah SWT inggih punika umat ingkang iman dhumateng Allah SWT lan lelumban ing babagan amar makruf nahi mungkar.
Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.
Ing tengah-tengaipun swasono gumbira, kados ing saat punika, wanten kalimat ingkang asring kita aturaken, inggih punika kalimat “minal ‘aidin wal faidzin” kanthi panyuwun mugi-mugi Allah SWT ndadosaken kita kalebet golonganipun tiyang ingkang wangsul dhateng kesucian lan pikantuk kabekjan. Lan saksampunipun shalat Idul Fitri, kita nuli sami salam-salaman, ngapunten-ingapuntenan, halal bihalal lan bersilaturahmi dhumateng para sanak kadang lan sedherek. Sedaya punika mbaten uwal saking semangat siyam lan amaliyah Ramadhan.
Jama’ah Shalat idul Fitri Rakhimakumullah.
Akhiripun kanthi hikmah Idul Fitri kita tingkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT, sumangga kita tingkataken partisipasi kita wanten ing babagan kesaenan, kalebet partisipasi kita ing babagan pembangunan wanten ing sedaya bidang selaras kaliyan pakaryan lan profesi kita piyambak-piyambak.  Sahingga kacipta masyarakat madani, adil makmur kanthi ridlo Allah, baldatun thoyyibatun wa rabbun ghofuur, bekja fi dun ya wal akhirah. Amin ya rabbal ‘alamin.
Selajengipun kangge penutup khotbah, sumangga kita nundukaken sirah lan ngeningaken manah, nyuwun dhumateng Allah SWT kanthi ihklas karana Allah SWT, mugi-mugi sedaya panjangka kita saget dipun kabulaken Allah SWT.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِي وَاِيِّاكُمْ بما فيه مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبِّلَ الله مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَالسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أقُوْلُ قَوْلِي هَذا وَأسْتَغْفِرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar