Rabu, 21 Juni 2017

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : SYAWALAN



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
SYAWALAN
Dening : Drs. Anis Purwanto
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Sumangga langkung rumiyin kula dherekaken ngunjukaken raos syukur wanten ing ngarsa dalem Allah SWT, dene ing wekdal punika Panjenenganipun taksih maringi kesempatan malih dhateng kita sedaya kangge ngraosaken kalonggaranipun wulan Syawal. Nikmat makaten punika tamtu kemawon namung saged karaosaken dening tiyang-tiyang ingkang nembe cekap anggenipun ngayahi pendadaran lan ujianipun Allah kanthi nindakaken sedaya rangkeanipun ibadah ing wulan Ramaadhan.
            Raos lega, raos bingah, lan raos sumringah kados ingkang kita raosaken ing wekdal samangke punika, mesthinipun kedah kita dadosaken pawitan ingkang saged ndayani aji dalah kamulyanipun gesang wonten ing wekdal-wekdal salajengipun. Kados rumusan syukur ingkang sampun dipun tuntunaken dening Kanjeng Nabi Sulaiman as, lumantar ayatipun Allah SWT , ing surat An-Naml : 19) :
فَتَبَسَّمَ ضَاحِكً۬ا مِّن قَوۡلِهَا وَقَالَ رَبِّ أَوۡزِعۡنِىٓ أَنۡ أَشۡكُرَ نِعۡمَتَكَ ٱلَّتِىٓ أَنۡعَمۡتَ عَلَىَّ وَعَلَىٰ وَٲلِدَىَّ وَأَنۡ أَعۡمَلَ صَـٰلِحً۬ا تَرۡضَٮٰهُ وَأَدۡخِلۡنِى بِرَحۡمَتِكَ فِى عِبَادِكَ ٱلصَّـٰلِحِينَ
“Dhuh Pangeran kawula ! mugia kersa Paduka paring ilhamdhateng kawula ing supadas tetep saget nyukuri nikmatipun Paduka, ingkang sampun Paduka paringaken dhateng kawula lan dhateng tiyang sepuh kawula kekalih, lan supados (kawula) saged nindakaken amal ingkang salih ingkang Paduka ridhai, lan (ugi) mugia kersa Paduka angglebetaken kawula kanthi rahmatipun Paduka wonten ing golonganipun para kawula Paduka ingkang shalih-shalih. ”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
            Wanten ing ayat punika Nabi Sulaiman as sampun paring conto kados pundi caranipun caos syukur dhumateng Allah SWT, inggih punika. : Sepisan, ngginakaken peparingipun nikmat saking Allah punika minangka modal utawi pawitan kangge nindakaken amal tumindak ingkang shalih. Ingkang nomer kalih, mbudi daya ing supados saged nglempak kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami shalihipun, inggih punika tiyang-tiyang ingkang sami ngginakaken nikmatipun Allah punika minangka modal utawi pawitan kangge ngayahi pakaryan ingkang nuwuhaken kesaenan.
            Sahingga cara syukur ingkang makaten punika, mestinipun kita mboten badhe nate kecalan, ananging kesaenan punika badhe saya tambah kathah kanthi matikel-tikel. Mila kinten-kinten inggih kawontenan ingkang ngremenaken kados makaten punika ingkang dipun sebadaken wonten wonten ing salah satunggalipun ayat Al-Qur’an :
مَّثَلُ ٱلَّذِينَ يُنفِقُونَ أَمۡوَٲلَهُمۡ فِى سَبِيلِ ٱللَّهِ كَمَثَلِ حَبَّةٍ أَنۢبَتَتۡ سَبۡعَ سَنَابِلَ فِى كُلِّ سُنۢبُلَةٍ۬ مِّاْئَةُ حَبَّةٍ۬‌ۗ وَٱللَّهُ يُضَـٰعِفُ لِمَن يَشَآءُ‌ۗ وَٱللَّهُ وَٲسِعٌ عَلِيمٌ
“Sanepane wong-wong kang padha mblanjakake bandhane ana ing dalane Allah, kaya dene winih siji kan nuwuhake pitung uli, (kamangka) ing saben-saben uline nuwuhake satus winih (liyane). Allah anikel-matikelake (kasil iku)tumrap sapa bae kan Panjenengane kersakake. Lan Allah iku Maha Jembar (peparinge) tur Maha Ngawuningani (sembarang dhengah).”. (QS. Al-Baqarah : 261).
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
            Pramila saking punika, mesthinipun kanthi sedaya rangkeanipun pangibadhan wanten ing wulan Ramadhan kalawingi, kita anggadhahi manah ingkang saya mateb, saya khusuk, lan tambah tentrem. Sahingga ing salajengipun, kawontenan manah ingkang kados makaten punika kedal enggal-enggal kita dadosaken minangka wiji setunggal kados ing ayat punika kalawau, ingkang kedah  tumunten kita tanem gesang bebrayan. Sahengga ing pangajab, kawontenan ingkang manteb, khusuk lan tentrem punika kalawau saged nuwuhaken sadhengahipun kesaenan wonten ing masyarakat. Mila kanthi makaten kita wajib njagi, ngipuk-ipuk, lan ngembangaken kawontenanipun manah kanthi amalan-amalan ingkang istiqomah.
            Punapa malih, jumbuh kaliyan tembung syawal ingkang ateges ningkat utawi tanbah, mila mutu pagesangan kita kedah tansah ningkat lan tambah sae. Lan kangge nggayuh kawontenan ingkang luhur lan pinuji makaten punika, kita mila kedah ambudidaya kanthi ngorbanaken tenaga, pikiran lan temtu kemawon ugi kanthi ngedalaken sedaya kekiyatan , kelebet bondha donya samruwatipun. Mugia allah SWT tansah kersa paring sedaya kesaenan dhumateng kita sedaya, manggih kawilujengan ing ndonya dalah ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar