Kamis, 08 Juni 2017

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : HIKMAHIPUN SIYAM RAMADHAN



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
HIKMAHIPUN SIYAM RAMADHAN
Dening : Drs. Anis Purwanto

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Kita sapunika sampun wanten ing salebetipun wulan Ramadhan, satunggalipun wulan ingkang kebak berkah lan wulang ingkang sekelangkun dipun mulyakaken dening Gusti Allah. Mila saking punika sampun sakmesthinipun manawi kita nyaosaken puji lan syukur dhumateng Allah SWT, awit saking keparengipun taksih kersa paring kesempatan dhumateng kita seget kepanggih malih kaliyan wulan Ramadhan ing saat sapunika.
            Raos syukur punika sumangga kita wujudaken kanthi kanthi ningkataken iman saha taqwa, nindakaken sedaya dhawuhipun saha nebihi saking sedaya awisanipun Allah SWT, mugia kita kagolong ewonipun tiyang ingkang estu-estu taqwa. Wonteng ing Kitab Sucinipun Al-Qur’an Surat Ali Imran ayat 102 :
يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِۦ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسۡلِمُونَ
He wong-wong mukmin !. sira kabeh taqwa-a marang Allah kanthi taqwa kang sabener-benere. Lan sira kabeh aja pisan-pisan mati kejaba kanthi tetepa dadi wong-wong kang sumarah marang Allah, Yaiku wong-wong Islam”. (QS. Ali-Imran : 102).
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Dhawuh nindakaken siyam wanten ing wulan Ramadhan punika dipun syari’ataken kanthi dhasar Al-Qur’an Surat Al-Baqarah ayat 183 :
يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ كُتِبَ عَلَيۡڪُمُ ٱلصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِڪُمۡ لَعَلَّكُمۡ تَتَّقُونَ
“He wong-wong kang padha iman, sira kabeh padha diwajibake nglakoni pasa, kaya kang wus diwajibake marang wong-wong sadurungira, supaya sira padha dadi wong-wong kang taqwa”. (QS. Al-Baqarah : 183).
            Ayat punika mujudaken dalil secara umum ngengingi dhawuh nindakaken siyam. Wondene rincian ngengingi pengamalanipun, dipun atur wonten salebetipun sunnahipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, sahingga anggen kita nindakaken sedaya dhawuhipun Allah SWT, dipun jamin mesthi leresipun, awit sedaya sampun selaras kaliyan dhawuhipun Allah saha Rasulullah SAW. Mila anggen kita nindakaken siyam ramadhan punika, pancen wajib mangetosi ilmunipun, kados pundi hukumipun, sunah-sunahipun, punapa kemawon ingkang mbatalaken siyam, kalebet amalan-amalan sanesipun.mangga kita gatosaken dhawuh pangandikanipun Allah wonten ing salebetipun Al-Qur’an Surat Al-Isra’ ayat 36 :
وَلَا تَقۡفُ مَا لَيۡسَ لَكَ بِهِۦ عِلۡمٌ‌ۚ إِنَّ ٱلسَّمۡعَ وَٱلۡبَصَرَ وَٱلۡفُؤَادَ كُلُّ أُوْلَـٰٓٮِٕكَ كَانَ عَنۡهُ مَسۡـُٔولاً۬
“lan sira kabeh aja manut apa-apa kang sira ora duwe ilmune ngenani bab iku. Sebab satemene pangrungu lan pendeleng sarta ati, kabeh iku bakal dipundhuti pertanggujawabane besuk ana ing dina akhirat”.
            Kanthi makaten para sedherek,  nindakaken siyam ramadahan punika jelas minangka dhawuh saking Allah SWT, kagem sedaya kaum mukminin, mila mangga sapunika dhawuhipun Allah SWT punika kita leksanakaken kanthi sikep sami’naa wa atho’naa, ingkang dipun dasari niat ingkang ihklas, namung ngupadi ridlanipun Allah kemawon. Mangga kita gatosaken pemutipun Allah dhateng kita :
إِنَّمَا كَانَ قَوۡلَ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ إِذَا دُعُوٓاْ إِلَى ٱللَّهِ وَرَسُولِهِۦ لِيَحۡكُمَ بَيۡنَهُمۡ أَن يَقُولُواْ سَمِعۡنَا وَأَطَعۡنَا‌ۚ وَأُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمُ ٱلۡمُفۡلِحُونَ
“Setemene jawabane wong-wong mukmin, nalika dheweke ditimbali Allah lan Rasule, kang supaya ngukumi utawa mutusi sing antarane wong-wong mukmin mau, ucapane ora liya kejaba “sami’na wa atho’na”, kula sedaya mireng lan kula sedaya ta’at. Lan tiyang-tiyang punika tiyang-tiyang ingkang untung” (QS.An-Nur : 51).
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Minangka umat ingkang iman lan taqwa dhumateng Allah SWT, kita tartamtu yakin bilih punapa kemawon ingkang kita tindakaken mesti wonten akibatipun lan hikmahipun. Lan yen ingkang kita tindakaken  punika urusan ibadah, tentu wanten hikmahipun. Mila makaten ugi ngengingi ibadah siyam ingkang kita tindakaken ing wulan Ramadhan punika. Piyambakipun nggadhahi hikmah ageng sanget, mliginipun kagem engkang nindakaken , utawi ugi tumrap tiyang saanes ingkang mboten siyam.
            Hikmah siyam kaperang dados kalih, inggih punika : setunggal : hikmah ingkang adhedhasarAl-Qur’an, kados ingkang sampun kasebat ing  ayat 183 Surat Al-Baqarah, ingkang hikmahipun lan ugi minangka tujuanipun ibadah siyam, ingih punika supadas kita dadas tiyang ingkang taqwa. Ingkang nomer kalih : sok sintena tiyang ingkang nindakaken ibadah siyam ing wulan Ramadhan kanthi iman lan ngupadi ridhanipun Allah, badhe dipun ampunten sedaya kalepatan ingkan sampun-sampun. Selajengipun, Nabi Muhammad SAW paring pangandikan bilih; “Wong pasa sasi Ramadhan iku nampa kegembiraan warna loro : 1. Gumbira nalika buka (ing saben buka wayah sore, utawa nalika rampunge sasi Ramadhan (ing saat idul fitri), 2. Gumbira nalika ketemu karo pangerane mbesuk ing yaumul kiyamah.
            Kajawi saking punika, ibadah siyam ugi anggadhahi hikmah, minangka imsak ingkang tegesipun  nahan diri.Nahan mboten dhahar lan ngunjuk, wiwit fajar shadiq dumugi angslupipun surya, kanthi maksud lan tujuan nyaketaken jiwa lan raga dhumateng Gusti Allah, lan namung ngajeng-ajeng ridlanipun Allah SWT.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Yen saben mukmin-muslim ingkang nindakaken ibadah siyam ramadhan punika sampun saged ngamalaken kanthi leres, ingkang ateges sampun saged imsak, insya Allah ibadah siyam ing wulan Ramadhan punika badhe nggadhahi hikmah ingkang ageng sanget. Insya Allah sawarninipun kemungkaran badhe saget sirna. Sahingga kacipta masyarakat ingkang ayem tentrem, tebeh saking sedaya balak lan musibah. Manggih kawilujen wiwit ing ndonya dumugi ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar