Selasa, 20 Juni 2017

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : MUNGKASI SIYAM RAMADHAN



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
MUNGKASI SIYAM RAMADHAN
Dening : Drs. Anis Purwanto

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ


Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Minangka pambukaning atur, sumangga kita ngaturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga ing siyang punika kita saget nindakaken ibadah jum’at kanthi ihklas krana Allah SWT. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT, wilujeng ing ndonya ngantos ing akhirat. Shalawat dalah salam kunjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Kita sapunika sampun wanten ing akhiripun wulan Ramadhan, ingkang ateges ing dinten Jum’at ngajeng kita sampun  wanten ing wulan syawal. Wanten ing swasana kadas saat sapunika, Rasulullah SAW rikala samanten nembe nindakaken iktikaf wanten ing masjid kaliyan para garwa saha sahabatipun. Kita lajeng namung saget mbayangaken mendah kados pundi sae lan khusyukipun swasana ing masjidipun Rasulullah SAW. Sedaya sami tawarrub lan ihklas tumungkul saking anggenipun ngestokaken dhawuhipun Allah, kados ingkang kasebat ing Surat Al-Baqarah ayat 187  :
ثُمَّ أَتِمُّواْ ٱلصِّيَامَ إِلَى ٱلَّيۡلِ‌ۚ وَلَا تُبَـٰشِرُوهُنَّ وَأَنتُمۡ عَـٰكِفُونَ فِى ٱلۡمَسَـٰجِدِ‌ۗ تِلۡكَ حُدُودُ ٱللَّهِ فَلَا تَقۡرَبُوهَا‌ۗ
“Banjur padha sampurnakna pasa nganti tekaning wengi, lan aja sira padha ngumpuli bojo-bojonira kamangka sira kabeh padha I’tikaf ing masjid-masjid. Kabeh iku mau wates-watese Allah, mula sira aja padha nyedhaki wates-wates iku1”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Ayat punika cetha  sanget anggenipun nggambaraken khusukipun I’tikaf  ing zaman Rasulullah SAW. Malah-malah perkawis awisan ing rikala kita nindakaken iktikaf ugi sampun dipun gambaraken kanthi gamblang. Sahingga tujuan anggen kita nindakaken peribadahan mligi namung ngupadi ridlanipun lan  Allah SWT.
            Iktikaf punika mila mujudaken ujian akhir wulan Ramadhan. Sahengga limrahipun ujian, tartamtu wanten tiyang-tiyang engkang lulus lan wanten ingkang mboten lulus. Pitutur basa Arab nyebadaken : “Kanthi ujian iku manungsa dimulyakake utawa diinakake”.
            Mila saking punika, tiyang-tiyang engkang sami lulus saking ujianipun Ramadhan lajeng dipun paring hadiah ingkang arupi Idul Fitri. Idul Fitri dipun syariataken dening Agama Islam setahun sepindah. Saksampunipun umat Islam rampung nindakaken ibadah siyam, setunggal wulan wetah ing wulan Ramadhan. Idul Fitri ingkang tegesipun wangsul dhateng kesucian, minangka hari Raya Fitrah utawi dinten ageng fitri, dipun syariataken minangka wujud saking dhawuh Nabi Muhammad SAW :
لِلصَّائِمِ فَرْحَتَانِ فَرْحَةٌ عِنْدَ فِطْرِهِ وَفَرْحَةٌ عِنْدَ لِقَاءِ رَبِّهِ
“Wong pasa ing sasi Ramadhan iku kaparingan kegembiraan warna loro, yaiku gumbira nalika rampung anggone pasa lan gumbira nalika ketemu karo Pangerane mbesuk ana ing dina akhir”
Mila pancen kasinggihan, bilih ingkang saget ngraosaken kebahagiaan lan kegembiraan ingkang hakiki, mbaten sanes kejawi namung tiyang ingkang menghayati saha ngamalaken piyambak dhawuhipun Allah SWT, nindakaken kewajiban siyam ing wulan Ramadhan. Dhawuh punika sampun kita tindakaken kanthi sukses, kadasaraken iman lan niat ngupadi ridlanipun Allah SWT.
Ibadah siyam saestu mengku tujuan lan hikmah ingkang paripurna,  nggembleng jiwa kita dados kiyat, watak lan kepribaden kita dados luhur,  sikep kita dados sikep ingkang tansah siap ngadepi sedaya reribet, lan damel disiplin kita dados disiplin ingkang kiyat kados dene waja. Kita medal saking wulan Ramadhan dipun sanepakaken kados dene prajurit ingkang wangsul saking peperangan kanthi mbekta kemenangan, dipun ibarataken bayi ingkang nembe lahir saking kandhunganipun ibu, resik lan suci jiwanipun, lepas saking sedaya kalepatan.
Saksampunipun siyam lan nindakaken amaliyah Ramadhan, mugi-mugi kita saestu dados tiyang muttaqin, tiyang ingkang saya ningkat taqwanipun. Jer tujuan ingkang utami ibadah siyam inggih punika supados kita dados kawula ingkang taqwa kanthi saestu. Pramila drajat taqwa ingkang kita tampi sageta kita pertahanaken lan kita lestantunaken. Sifat taqwa kedah tetep kita agem ing sadhengah wekdal lan panggenan. Taqwa mujudaken pendorong amal shalih lan minangka pencegah saking tumindak awon. Mugia kita kagolong ewonipun tiyang ingkang estu-estu taqwa. Wonteng ing Kitab Sucinipun Al-Qur’an Surat Ali Imran ayat 102 :
يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِۦ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسۡلِمُونَ
He wong-wong mukmin !. sira kabeh taqwa-a marang Allah kanthi taqwa kang sabener-benere. Lan sira kabeh aja pisan-pisan mati kejaba kanthi tetepa dadi wong-wong kang sumarah marang Allah, Yaiku wong-wong Islam”. (QS. Ali-Imran : 102).
Mugi-mugi kanthi Fithratil Islam ingkang Ied-ipun badhe kita pahargya wanten ing dinten punika, jiwa lan manah kita sageda wangsul dados suci, kados sucinipun fitrah punika. Kanthi fitrahipun manah lan jiwa punika, mugi-mugi kita dados saya langkung gampil lan entheng nampi barang haq lan nebihi saking barang batil, langkung sregep lelumban wanten ing babagan kesaenan. Manggih karaharjan dalah kabegjan wiwit ing ndonya ngantor ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar