Minggu, 18 Juni 2017

KHUTBAH IDUL FITRI BAHASA JAWA 1438 H/2017 M



KHUTBAH IDUL FITRI  BAHASA JAWA 1438 H/2017 M
” KANTHI HIKMAHIPUN IDUL FITRI KITA TINGKATAKEN IMAN LAN TAQWA MINANGKA MODAL MBANGUN KAPRIBADEN UMAT
Dening : Anis Purwanto

اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ وَلِلهِ الْحَمْدُ، اللهُ أَكْبَرُ كَبِيرًا وَالْحَمْدُ لِلهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيلًا. الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِي شَرَعَ لِعِبَادِهِ عِيْدًا يَذْكُرُوْنَهُ فِيْهِ، وَيَشْكُرُوْنَهُ عَلَى فَضْلِهِ وَإِحْسَانِهِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ يَسْتَوِي عِنْدَهُ مَا فِيْ سِرِّ الْعَبْدِ وَإِعْلاَنِهِ، وََأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَرْسَلَهُ اللهُ بِالْحَقِّ وَتِبْيَانِهِ، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنِ اهْتَدَى بِهُدَاهُ، أَمَّا بَعْدُ
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.

            Langkung rumiyin, sumanggo kita sami nyaosaken puji lan syukur ing ngarso dalem Allah SWT, ingkang kanthi ijin, rahmat saha pitulunganipun, kita wonten ing enjangipun dinten Idul Fitri punika, saget kempal manunggal wonten ing masjid/musholla, kanthi maksud nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT, lan sekaligus minangka bukti anggen kita nglairaken raos syukur kita dhumateng Allah SWT.
            Kita syukuri nikmatipun Allah ingkang awujud dhatengipun Idul Ftri punika kanthi nindakaken ruku’ lan sujud dhumateng Allah ingkang Maha Kuwaos lan Moho Tunggal. Lesan kita mboten kendel-kendel anggenipun memuji dhumateng Allah, sesarengan ngucapaken kalimah takbir, tahlil lan tahmid. “Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu”.
            Dhawuh syukur punika kadasaraken saking dhawuh pangandikanipun Allah piyambak wonteng ing Al-Qur’an surat Al-Baqarah ayat 185, ingkang nyebadaken makaten :
وَلِتُڪۡمِلُواْ ٱلۡعِدَّةَ وَلِتُڪَبِّرُواْ ٱللَّهَ عَلَىٰ مَا هَدَٮٰكُمۡ وَلَعَلَّڪُمۡ تَشۡكُرُونَ
 

“Lan sampurnakna wilangane pasa, nuli ngagungna asmane Allah, sing wus paring pituduh marang sira, supaya sira padha syukur”.


Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.

Salebetipun mahargya Idul Fitri makaten punika, wonten cara kalih ingkang sampun dipun garisaken dening Allah SWT. Ingkang sepisan, awujud sesambetan antawisipun khaliq lan makhluq utawi “Hablum minallah”. Lan ingkang angka kalih, ningkataken hubungan kasih sayang lan pesederekan (ukhuwah Islamiyah) ing antawisipun sesami makhluq utawi “hablum minannas”.
Ingkang kapisan dipun tindakaken sarana ngagungaken asmanipun Allah, inggih punika kanthi ngucapaken takbir, tahlil lan tahmid “Allahu Akbar, laa ilaaha illallah walillahil hamdu”. Ucapan lesan punika, dipun kantheni sikep dhepe-dhepe dhumateng Allah, nundhukaken jiwa raga, ngabektos wonten ngarsanipun Allah, kanthi nindakaken sholat Idul Fitri.
            Wondene cara ingkang angka kalih, saderengipun ngawontenaken  hubungan lan nyelak dhumateng Allah, kaum muslim ingkang mampu, langkung rumiyin kedah nentepi kewajibanipun dhateng sesami , khususipun dhumateng tiyang ingkang mboten mampu, sarana mbayaraken Zakat Fitrahipun, minangka pencuci jiwa tumraping tiyang ingkang siyam lan minangka paring tedha fakir miskin. Makaten fungsinipun zakat fitrah kados dene ingkang dipun tuntunaken dening Gusti Rosul SAW.
فَرَضَ رَسُولُ اَللَّهِ صلى الله عليه وسلم زَكَاةَ اَلْفِطْرِ; طُهْرَةً لِلصَّائِمِ مِنَ اَللَّغْوِ, وَالرَّفَثِ, وَطُعْمَةً لِلْمَسَاكِينِ
 “Rasulullah SAW, wus majibake zakat fitrah, minangka nyucekake jiwane wong kang pasa ‘suci saka reregeting ati lan kejahatan’. Lan minangka aweh pangan marang fakir miskin”.

Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.

            Kita syukur dhumateng Allah SWT, awit tetela kita taksih begja saged nampi kekiyatan lahir batos paringipun Allah, sahingga kita mampu lan lulus saking perjuangan ngendaleni lan nundukaken hawa nefsu kanthi nindakaken siyam Ramadhan sewulan wetah. Ingkang nggembleng jiwo kita dados teguh lan kiyat, mbentuk watak lan kapribaden kita dados luhur, mbentuk sikep kita dados sikep ingkang tansah siap , lan damel disiplin kita dados disiplin ingkang kiyat kados dene wojo. Kita medal saking wulan Romadhon dipun sanepakaken kados dene prajurit ingkang wangsul saking peperangan kanthi mbekta kemenangan sejati. Ugi saget dipun ibarataken bayi ingkang nembe lahir saking kandhunganing ibunipun resik lan suci, insya Allah.
Saking raos gumbira lan syukur punika lajeng tukul prentuling manah, wusana nyuwun dhumateng Allah SWT, kanthi satunggaling ucapan do’a :
“TAQOBALLAHU MINNA WA MINKUM WA JA’ALANALLAHU WA IYYAKUM MINAL ‘AIZIINA WALMAQBULIIN”
“Mugi-mugi Allah wantena keparengipun nampi pengibadahan kita, lan mugi-mugi wantena kepareingipun ndadosaken kita sedaya dadosa golonganipun tiyang-tiyang ingkang wangsul dhateng kawantenan suci, lan kalebetna golonganipun tiyang-tiyang ingkang bahagia jalaran saged ngestokaken sedaya dhawuhipun Allah, lan mugi-mugi kalebetna golonganipun tiyang ingkang katampi pangibadahipun dening Allah SWT”
Saksampunipun siyam lan nindakaken amaliyah Ramadhan, mugi-mugi kita saestu dados tiyang muttaqin, tiyang ingkang saya ningkat taqwanipun. Jer tujuan ingkang utami ibadah siyam inggih punika supados kita dados kawula ingkang taqwa kanthi saestu. Amargi siyam mengku didikan lan gemblengan kangge jasmani lan rohani. Inggih punika ngendaleni hawa nefsu lan ningkataken ibadah dhumateng Allah. Pramila drajat taqwa ingkang kita tampi sageta kita pertahanaken lan kita lestantunaken. Sifat taqwa kedah tetep kita agem ing sadhengah wekdal lan panggenan. Taqwa mujudaken pendorong amal shalih lan minangka pencegah saking tumindak awon. Sahingga taqwa mujudaken sumber saking sedaya kesaenan lan keutamen, ing ndonya ngantos ing akhirat.
Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah

Gesang wanten ing salebeting jaman ingkang dipun wastani jaman kemajengan kados samangke punika satuhu andadosaken manah kita sakelangkung prihatos dene nyipati babaring kawontenan ingkang sarwa morak-marik. Rakiting hukum tata pranatan ngagesang tuwin angger-angger ingkang amrih tata tentremraharjaning gesang sampun katrajang wani tanpa deduga lan prayoga. Sesipatan dalah paugeraning manungsa pranyata sampun malik grembyang kados dene bumi lan langit. Ingkang lepat kaanggep leres, ingkang leres dipun damel lepat, sedayaning awisan dipun lampahi, dene prentah sami dipun tebihi. Tumindak awon sampun dados padatan kalimrahing ngagesang, hawa nafsu angkara murka kaumbar sak sakecanipun tanpa wigah-wigih, wondene pakarti sae kaanggep aeng lan dados gegujengan. Punika kalawau wujudipun kawontenan ingkang kapranata mboten mawi angger-angger tuntunaning agami Islam.
Menawi swasana ingkang kados makaten punika kedadosan ing negari ingkang mayoritas angrungkebi agami Islam punapa mboten mrihatosaken sanget ?. Mangka sejatosipun wonten ing bebrayaning masyarakat umat Islam kedahipun mboten badhe kedadosan swsana ingkang kados makaten wujudipun. Ingkang makaten kalawau dados pratanda bilih umat Islam dereng nindakaken taqwallah dalah jejibahan ingkang kedah katindakaken, sami ugi tumrap pribadinipun piyambak utawi bebrayan masyarakat, ingkang arupi ajak-ajak sarta paken nindakaken pakarti ingkang sae lan nebihi pakarti awon kados dene ingkang kadhawuhaken Allah ing Al-Qur’an Surat Ali ‘Imran ayat 104 :
وَلۡتَكُن مِّنكُمۡ أُمَّةٌ۬ يَدۡعُونَ إِلَى ٱلۡخَيۡرِ وَيَأۡمُرُونَ بِٱلۡمَعۡرُوفِ وَيَنۡهَوۡنَ عَنِ ٱلۡمُنكَرِ‌ۚ وَأُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمُ ٱلۡمُفۡلِحُونَ
 “Lan dadiya saka antarane sira kabeh iku sawijining umat kang ajak-ajak marang tumindak becik, mrentahake marang kabecikan lan nyegah saka tumindak ala. Ya dheweke kabeh iku wong-wong kang pada antuk kabagyan”.
            Menawi kawontenanipun kados makaten nedahaken bilih taksih kathah sanget bebrayan masyarakat kita ingkang dereng mapanaken dhiri ngrasuk ing salebeting agami Islam kanthi sawetahipun sarana leres kados ingkang dipun kersakaken dening Allah. Kita ngakeni bilih agami kita Islam, ananging tatacara gesang lan pakarti kita mboten ngginakaken tuntunan syari’at Islam, malah kesengsem lan nganggep langkung sae, langkung terhormat cara sanes ingkang lelawanan kaliyan ajaran agami Islam.
            Cobi kita tingali, kados pundi cara kita pados pangupa-jiwa, kados pundi kita ndhidhik anak-anak kita, mimpin kaluwarga kita, sesrawungan kita, pola pikir kita, sistem-sistem ingkang kita angge, ringkesipun mobah-mosik kita saben dinten ing sadhengah perkawis, pundi ingkang sampun adhedhsar tuntunaning syari’at agami ? Menawi kados makaten ateges kita punika dereng mlebet agami Islam kanthi sawetahipun, saengga saged kedadosan masyarakat mayoritas muslim ananging pranatanipun jahiliyah.
            Mangka sejatosipun ingkang kasebat ngrasuk agami Islam punika inggih kados ingkang kadhawuhaken wonten Al-Qur’an Surat Al Baqarah ayat 208 :
يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱدۡخُلُواْ فِى ٱلسِّلۡمِ ڪَآفَّةً۬ وَلَا تَتَّبِعُواْ خُطُوَٲتِ ٱلشَّيۡطَـٰنِ‌ۚ إِنَّهُ ۥ لَڪُمۡ عَدُوٌّ۬ مُّبِينٌ۬
“He wong-wong kang padha iman ! Lumebuwa sira kabeh ing sajroning Islam kanthi sekabehane, lan aja tut wuri marang langkah-langkah syetan. Satemene syetan iku mungsuhira kan nyata”
            Prentahing Allah ingkang kasebat ing ayat punika asipat tetep lan langgeng, ingkang tegesipun tetep pasrah ingarsanipun Allah sawetahipun ing selami-laminipun. Tumunten ing salajengipun kita kedah nebihi lan sampun ngantos tut wuri tumut-tumut nindakaken pakarti lan tumindaking syetan ingkang tansah nggodha supados manungsa sami kesasar. Langkah lan margining syetan makaten awujud pakarti ingkang andadosaken crah ing salebeting agami, padudon, dalah pasulayan. Sinaosa ketawisipun nengsemaken, mbekta manfa’at lan maslahah, ananging asil ingkang mangke kapethik dhawah kosok-wangsulipun.
            Alelandhesan ayat kalawau sampun samesthinipun kita kedah tumunten ambangun malih patrap anggen kita nindakaken agami Islam ingkang kanthi saleresipun miturut wewaton ingkang sampun kadhawuhaken Allah. Sanes Islam sak remen kita piyambak ! Kanthi wansul utawi mbangun malih sarta mapanaken dhiri pribadi kita salebeting Islam sawetahipun ateges kita mbudi daya njejegaken agami Islam ing madyaning bebrayan masyarakat ingkang saya dangu saya risak dening pakartining syetan. Godhaning syetan ingkang kita adhepi saya awrat, langkung prakosa lan sakelangkung alus.
            Manawi kita ningali kawontenan, umat Islam pancen kathah ananging tanpa bobot lan saya ringking jalaran paribasan namung kados umplukipun seganten kasempyok ing ombak nengah minggir ing tepining samodra. Kathah cacahipun ananging islamipun namung wonten pinggiran, tegesipun anggenipun sami ngrungkebi ing agami namung pundi ingkang remen dipun lampahi, dene ingkang mboten dipun remeni inggih dipun tilar sasekecanipun.
            Kawontenan punika dipun gambaraken wanten ing Al-Qur’an surat Al-Hajj ayat 11:
وَمِنَ ٱلنَّاسِ مَن يَعۡبُدُ ٱللَّهَ عَلَىٰ حَرۡفٍ۬‌ۖ فَإِنۡ أَصَابَهُ ۥ خَيۡرٌ ٱطۡمَأَنَّ بِهِۦ‌ۖ وَإِنۡ أَصَابَتۡهُ فِتۡنَةٌ ٱنقَلَبَ عَلَىٰ وَجۡهِهِۦ خَسِرَ ٱلدُّنۡيَا وَٱلۡأَخِرَةَ‌ۚ ذَٲلِكَ هُوَ ٱلۡخُسۡرَانُ ٱلۡمُبِينُ
“Lan ing antaraning manungsa ana wong kang panembahe marang Allah dumunung ing pinggiran. Lamun dheweke antuk kabecikan tetep ing panembahe, dene samangsa kataman ing panandang banjur mbalik mungkar. Dheweke iku kapitunan ing donya lan ing akhirat. Kang mengkono iku kapitunan kang nyata”.
            Inggih kapribaden minggir makaten punika ingkang kedah kita rombak lan kita bangun malih ing saranduning badanipun umat Islam tumuju kapribaden Islam ingkang hakiki kangge mujudaken bebrayan masyarakat Islam ingkang saleresipun. Tanpa makaten kita tartamtu badhe nandang kapitunan saageng-agengipun ing salami-laminipun, jalaran punapa ingkang sampun kita tindakaken pranyata mboten wonten ginanipun awit mboten gathuk kaliyan tuntunaning syari’at agami sahengga mboten badhe katampi.

Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah

            Mugi-mugi kanthi Fithratil Islam ingkang Ied-ipun kita pahargya wanten ing dinten punika, jiwa lan manah kita sageda wangsul dados suci, kados sucinipun fitrah punika. Kanthi fitrahipun manah lan jiwa punika, mugi-mugi kita dados saya langkung gampil lan entheng nampi barang haq lan nebihi saking barang batil, langkung sregep lelumban wanten ing babagan kesaenan. Sumangga kita tingkataken anggen kita fastabiqul khairat. Mugi-mugi kita saya gandrung dhateng kesatuan lan persatuan, lan tansah nebihi saking pasulayan lan perpecahan, ngutameaken pesederekan, saling ngapura-ingapura antawisipun setunggal lan sanesipun. Nebihi saking sedaya pasulayan, memengsahan, jegal-jegalan, ingkang tundhonipun namung tumuju dhateng kehancuran.
وَسَارِعُوٓاْ إِلَىٰ مَغۡفِرَةٍ۬ مِّن رَّبِّڪُمۡ
 “Lan sira kabeh padha gegancangana nyuwun pangapura marang Pangeranira”.
            Kanthi hikmah Idul Fitri kita sageta ningkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT lan saget ningkataken pengibadahan kita. Sebab kita nembe medal saking gemblengan jiwa, salami setunggal wulan wetah. Sahingga jiwa kita dados teguh lan kiat, kesabaran kita dados tangguh, watak lan kepribaden kita dados luhur lan sikep kita dados sikep ingkang tansah siap ngadepi ujian lan pacoben. Pantes bilih kita kasanepakaken kados prajurit ingkang nembe wangsul saking medan peperangan ageng, kanthi mbekta kemenangan ingkang gemilang. Kita ugi saget kasanepakaken kados dene jabang bayi ingkang nembe lahir saking guwo garbanipun ibu, resik lan suci saking sedaya kalepatan.       
Ing tengah-tengaipun swasono gumbira, kados ing saat punika, wanten kalimat ingkang asring kita aturaken, inggih punika kalimat “minal ‘aidin wal faidzin” kanthi panyuwun mugi-mugi Allah SWT ndadosaken kita kalebet golonganipun tiyang ingkang wangsul dhateng kesucian lan pikantuk kabekjan. Lan saksampunipun shalat Idul Fitri, kita nuli sami salam-salaman, ngapunten-ingapuntenan, halal bihalal lan bersilaturahmi dhumateng para sanak kadang lan sedherek. Sedaya punika mbaten uwal saking semangat siyam lan amaliyah Ramadhan.
Jama’ah Shalat idul Fitri Rakhimakumullah.
Akhiripun kanthi hikmah Idul Fitri kita tingkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT, sumangga kita tingkataken partisipasi kita wanten ing babagan kesaenan, kalebet partisipasi kita ing babagan pembangunan wanten ing sedaya bidang selaras kaliyan pakaryan lan profesi kita piyambak-piyambak.  Sahingga kacipta masyarakat madani, adil makmur kanthi ridlo Allah, baldatun thoyyibatun wa rabbun ghofuur, bekja fi dun ya wal akhirah. Amin ya rabbal ‘alamin.
Selajengipun kangge penutup khotbah, sumangga kita nundukaken sirah lan ngeningaken manah, nyuwun dhumateng Allah SWT kanthi ihklas karana Allah SWT, mugi-mugi sedaya panjangka kita saget dipun kabulaken Allah SWT.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar