Rabu, 30 Maret 2016

KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA : RIKALA KITA SUJUD



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
RIKALA KITA SUJUD
Dening : Drs. ANIS PURWANTO


إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Minangka tiyang ingkang kaparingan raos iman dhumateng Allah swt, kita kedah tetep sukur ing ngarsa dalem Allah swt, wonten ing  kawontenan ingkang kadas pundi kemawon. Ing saat sakit, ing saat nandang pacoben punapa malih ing rikala kita kaparingan kanugrahan  ingkang dados mongkokipun dalah gumbiraning manah. Kita mboten ngirangi lan punapa malih ngantos ngicalaken raos iman dumateng Allah. Awit iman ingkang kiat, badhe kiat ngadhepi sawerninipun pacoben. Sahingga ing akhiripun dados pribadi ingkang siap ngadepi sedaya kawontenan. Ing saat kita kaparingan pacoben, kita tetep sabar dalah tawakal, ing saat kita kaparingan kanugrahan kathah anggenipun syukur.
            Wanten ing Al-Qur’an Allah sampun paring pemut dhateng kita sedaya, kadas kasebat wanten ing Surat Al-Maidah ayat 69 :
مَنۡ ءَامَنَ بِٱللَّهِ وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأَخِرِ وَعَمِلَ صَـٰلِحً۬ا فَلَا خَوۡفٌ عَلَيۡهِمۡ وَلَا هُمۡ يَحۡزَنُونَ
“Sing sapa wonge iman marang Allah lan Dina Akhir banjur tumindak salih, mula ora bakal ana rasa wedi ana ing atase wong-wong iku, lan wong-wong iku ora bakal ngrasakake susah”. 
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Pengakenanipun batos bilih Allah punika Maha Inggil, sampun kita lafalaken ing rikala bathuk kita temempel wonten ing papan pasujudan, ing rikala kita nindakaken sujud, nun inggih papan pasujudan minangka ingkang paling andap. Ing saat sujud punika kita sebat asmanipun Allah, Dzat ingkang Maha Suci saking sadhengahipun pepesthen ingkang dados tekdiri-Pun, kita inggih ing papan ingkang paling andap punika kita ngikraraken tasbih, “subkhanallah, wa bihamdihi”. Maha suci Allah, lan memuji dhumateng Allah. Pengakenan punika pengakenan ingkang tulus dalah pasrah, wonten ing kawontenan ingkang sarwa kirang, sarwa ringkih sarta mboten anggadhahi daya punapa-punapa ing ngarsanipun Allah. Sebab namung Allah ingkang Maha   Agung, Maha inggil. Sedaya punika kita lambangaken kanthi gerakan sujud, kanthi bathuk kita tempelaken ing papan pasujudan.
            Sahingga kanthi keyakinan lan raos manah ingkang kados makaten punika, kita mboten badhe ngagul-ngegulaken perkawis kadonyan, ngediraken babagan kadonyan ingkang namung minangka ampilan dalah peparinganipun Allah swt.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Raos iman ingkang kados makaten punika badhe milujengaken tuwin nentremaken kita saking sadhengahipun rubeda. Ibaratipun peksi, kita sampun dipun damelaken susuh dening Allah. sahengga satebih-tebihipun anggenipun mabur, piyambakipun sampun anggadhai panggenan kangge wangsul. Pramila raos iman ingkang sampun wonten punika sumangga kita jagi, syukur manawi malah tansah dipun suburaken ing supados saya mindak sae, mindak ageng lan tambah kiyat.
            Sahengga manawi wonten perkawis punapa kemawon, kita badhe cepet-cepet sareh, sumarah lan sabar menawi ing kala mangsa nampi musibah, nanging ugi mboten lajeng umuk, gumedhe lan supe saking asal-usuling diri manawi nembe pikantuk sih kanugrahanipun Gusti. Sugih mlarat menika sampun saking ngarsanipun Allah, sauger kita sampun ihtiyar kanthi leres lan estu-estu. Dados sedaya punika kedah dipun wangsulaken malih dhateng maknanipun sujud, inggih punika pasrah lan nyuwun kekiyatanipun Allah, Dzat ingkang Maha Suci tur Maha Agung, Subhana robbiyal a’la, wabihamdihi.
            Wonten ing Al-Qur’an Surat Al-A’raf ayat 206 Allah sampun paring pangandika :
إِنَّ ٱلَّذِينَ عِندَ رَبِّكَ لَا يَسۡتَكۡبِرُونَ عَنۡ عِبَادَتِهِۦ وَيُسَبِّحُونَهُ ۥ وَلَهُ ۥ يَسۡجُدُونَ
“Satemene wong-wong kang ana ing sisine Pangeranira iku ora rumangsa abot nalika nyembah klawan Allah, lan wong-wong iku padha maca tasbih, nyucekake asma Panjenengane Allah, lan ya mung marang Allah wong-wong iku padha sujud”.
Para sederek, sepisan malih ayatipun Allah punika paring dhawuh dumateng kita sedaya, bilih wonten ing saawrat-awratipun masalah tuwin pendamelan ingkang kita ayahi, kita mboten kinging kecalan raos iman dumateng Allah, awit inggih kanthi iman saha dzikir ingkang dados kuncinipun taqarrup ing ngarsanipun Allah, iman ingkang dados senjata pamungkas kita ing ndalem ngadepi kawontenan ingkang kados punapa kemawon, iman kedah kita jagi, sampun ngantos kikis, punapa malih kok ngantos ical saking salebetipun manah, wah punika estu menggahipun Allah sampun wassalam.
Akhiripun para sederek, sumangga makna saking sujud, ingkang sampun kita tindakaken kaping 34 ing shalat gangsal wekdal punika estu-estu kita tamakaken wonten ing gesang kita saben dintenipun, sahingga kita saget mendet hikmah saking sedaya perkawis ingkang kitha adhepi, sae ing babagan kadonyan langkung-langkung wonten ing urusan keakhiratan, wilujeng ing donya dumuginipun ing akhirat, amin ya rabba alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
(dipun pethik saking buku-buku khotbah Jum’at)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar