Senin, 21 Maret 2016

KHUTBAH JUM’AT : PEPAESING GESANG



KHUTBAH JUM’AT
PEPAESING GESANG
                                                                           Dening : Drs. ANIS PURWANTO

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Kegem pambukaning khutbah, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga wanten ing siyang punika kita sedaya saget nindakaken dawuhipun, kanthi ihklas karana Allah. Mugi-mugia kita saget manggih kawilujengan ing donya dalah ing akhirat. Shalawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Selajengipun sumangga kita mbudidaya supados keimanan dan ketaqwaan kita saya tambah kandel lan tambah sae kanthi tambahipun umur. Amargi mboten wonten sangu ingkang saget dipun asta kangge modal gesang ing alam akhirat, kejawi namung iman lan taqwa. Pramila salah satunggalipun kenikmatan Allah SWT inggih punika wontenipun dhawuh nindakaken ibadah Jum’at kados ingkang kita tindakaken ing siyang punika.
            Atur keterangan punika kita dasaraken pangandikanipun Allah SWT, ing Surat Al-Jumu’ah ayat 9 :
يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْ إِذَا نُودِىَ لِلصَّلَوٰةِ مِن يَوۡمِ ٱلۡجُمُعَةِ فَٱسۡعَوۡاْ إِلَىٰ ذِكۡرِ ٱللَّهِ وَذَرُواْ ٱلۡبَيۡعَ‌ۚ ذَٲلِكُمۡ خَيۡرٌ۬ لَّكُمۡ إِن كُنتُمۡ تَعۡلَمُونَ ÇÒÈ  
“He wong-wong kang padha iman! Samangsa wis diundangake kanggo nindakaken salat dina Jumu’ah, sira kabeh padha enggal-enggala tumuju eling marang Allah (nindakaken salat jum’ah supaya eling marang Allah), lan sira kabeh padha ninggalna dol tinuku (dagangan). Kang mangkono iku luwih becik tumrape sira kabeh, yen sira kabeh padha nyadari”.
            Kalebet mirengaken khutbah jum’ah minangka rerangkehanipun ibadah jum’ah. Sebab khutbah jum’ah minangka sarana kagem ajak-ajak dhateng kaum muslimin ningkataken keimanan lan ketaqwaan dhumateng Allah SWT. Pramila saking punika, keparenga kula ajak-ajak dhumateng kita sedaya, sumangga kita usahakaken ters lan kita ihtiyaraken terus murih taqwa kita dhumateng Allah SWT saha ningkat. Sebab Allah SWT sampun paring pepenget, kados ingkang sampun kasebat ing QS. An-Nur ayat 52 :
وَمَن يُطِعِ ٱللَّهَ وَرَسُولَهُ ۥ وَيَخۡشَ ٱللَّهَ وَيَتَّقۡهِ فَأُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمُ ٱلۡفَآٮِٕزُونَ

 “Sing sapa wonge taat marang Allah, lan taat marang Utusane sarta wedi marang Allah lan taqwa marang Panjenengane wong-wong mau yaiku wong-wong kaang oleh kabegjan”.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Selajengipun ini kesempatan punika kita aturaken malih pepengetipun, ingkang kasebat ing QS Ali Imran ayat 14 :
زُيِّنَ لِلنَّاسِ حُبُّ ٱلشَّهَوَٲتِ مِنَ ٱلنِّسَآءِ وَٱلۡبَنِينَ وَٱلۡقَنَـٰطِيرِ ٱلۡمُقَنطَرَةِ مِنَ ٱلذَّهَبِ وَٱلۡفِضَّةِ وَٱلۡخَيۡلِ ٱلۡمُسَوَّمَةِ وَٱلۡأَنۡعَـٰمِ وَٱلۡحَرۡثِ‌ۗ ذَٲلِكَ مَتَـٰعُ ٱلۡحَيَوٰةِ ٱلدُّنۡيَا‌ۖ وَٱللَّهُ عِندَهُ ۥ حُسۡنُ ٱلۡمَـَٔابِ  
“Dipepaesi marang manungsa rasa seneng marang pepinginan, yaiku seneng marang kaum wanita, seneng marang anak, seneng marang bandha donya kang tumpuk-tumpuk, kang awujud emas lan perak, lan jaran tunggangan kang becik, lan kewan-kewan rajakaya, sarta sawah lank ebon. Iku mau kabeh kesenengane urip kadonyan. Lan ana ing ngarsane Allah papan panggonan bali kang becik yaiku suwarga”.

            Ayat punika nerangaken watak aslinipun manungsa, ingkang kacipta nggadhahi watak utawi tabiat asli remen dhateng pepinginan, ing antawisipun kados kasebat ing ayat 14 Surah Ali Imran, inggih punika : 1. Manungsa dipun paringi sipat seneng dhateng kaum wanita, (bilih jejeripun kaum pawestri remen dhateng tiyang jaler). 2. Manungsa dipun paesi remen dhateng anak. 3. Manungsa dipun paringi watak seneng dhateng bandha donya ingkang awujud emas perak. 4. Manungsa anggadhahi kesenengan dhateng tetumpakan. 5. Manungsa ugi dipun pepaesi remen dhumateng ingah-ingahan ingkang awujud kewan raja kaya. 6. Manungsa anggadhahi watek seneng dhateng pesabinan lan pakebunan.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Gusti Allah Maha leres sedaya dhawuh saha pangandikanipun, Pembebering watak kasenenganipun manungsa dipun jelasaken secoro runtut, selaras kaliyan sipat lan fitrahipun manungsa.
            Raos tresna ing antawisipun priya lan wanita, umpaminipun, mbetahaken aturan-aturan ingkang awujud pernikahan, gesang  kerumahtanggaan lajeng nuwuhaken hak lan kewajiban antawisipun kakung lan pawestri. Ingkang  salajengipun nuwuhaken pepaesing gesang kepingin kagungan putra. Lan saestu Alloh Moho Mirah dhateng para kawulanipun.
            Saksampunipun manungsa kaparingan pepaes ingkang arupi garwa lan putra, kita lejeng dipun paringi pepaesing gesang ingkang arupi remen dhumateng matumpuk-tumpukipun bandha-donya, lan ugi barang-barang kasugihan sanesipun, akdos dene remen dhumateng jaran utawi tetumpakan , kewan raja kaya, pesabinan lan pakebonan, ingkang temtunipun lengkap kaliyan tetaneman lan tetuwuhan ugi who-wohan.
            Akhiripun, mugia sedaya pepaesing gesang punika sageda anambahi nyaketipun kita dhumateng Pangeran kanthi sinarengan raos syukur, lan tetep sinarengan kaliyan ridlanipun Allah SWT, begja mulya wiwit ing donya dumuginipun ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
(dipun pethik saking buku-buku khotbah Jum’at)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar