Rabu, 23 Maret 2016

KHOTBAH JUM'AT BAHASA JAWA : GESANG ISTIQOMAH



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
GESANG ISTIQOMAH
             Dening : Drs. ANIS PURWANTO

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Kabem pambukaning atur wonten ing kesempatan Jum’at siyang sapunika, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, awit ngantos ing detik punika Alhamdulillah kanthi karunianipun Allah SWT, kita taksih kabimbing iman lan Islam kagem nindakaken kewajiban ibadah Jumat ing siyang punika. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT. Sehingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin. Mugia shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi  agung Muhammad SAW, sahabat lan sedaya penderekipun, kalebet kita sedaya. Amin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Wanten ing kesempatan siang punika, keparenga kita aturaken keterangan ing babagan itiqomah, ingkang kadasaraken kalih ayat , inggih punika :
إِنَّ ٱلَّذِينَ قَالُواْ رَبُّنَا ٱللَّهُ ثُمَّ ٱسۡتَقَـٰمُواْ فَلَا خَوۡفٌ عَلَيۡهِمۡ وَلَا هُمۡ يَحۡزَنُونَ
“Satemene wong-wong kang ngucap : Pangeran kita iku Allah, wusana wong-wong mau banjur padha istoqomah, wong-wong kang mangkono iku ora bakal kapatrapan rasa wedi utawa kuwatir lan dheweke uga ora bakal nandhang susah”.(Al-Ahqof:13).

إِنَّ ٱلَّذِينَ قَالُواْ رَبُّنَا ٱللَّهُ ثُمَّ ٱسۡتَقَـٰمُواْ تَتَنَزَّلُ عَلَيۡهِمُ ٱلۡمَلَـٰٓٮِٕڪَةُ أَلَّا تَخَافُواْ وَلَا تَحۡزَنُواْ وَأَبۡشِرُواْ بِٱلۡجَنَّةِ ٱلَّتِى كُنتُمۡ تُوعَدُونَ
“Satemene wong-wong kang ngucap : Pangerane kita iku Allah. Wusana dheweke banjur padha istiqomah, wong-wong mau bakal ditumuruni dening para malaikat kanhti ngasta dhawuhe Allah :”Sira kabeh aja padha bungah-bungaha jalaran bakal kalebokake ing suwarga kan pancen wis dijanjekake kanggo sira kabeh ”.(QS. Fush-shilat :30).
            Istiqomah punika tegesipun madhep lan mantep, liripun anggenipun ngaken dados kawulanipun allah punika kanthi madhep lan mantep, ngamalaken  ngamalaken agama Islam kanthi sampurna, kados ingkang sampun dipun dhawuhaken dening Allah wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Baqarah ayat 208 :
يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱدۡخُلُواْ فِى ٱلسِّلۡمِ ڪَآفَّةً۬ وَلَا تَتَّبِعُواْ خُطُوَٲتِ ٱلشَّيۡطَـٰنِ‌ۚ إِنَّهُ ۥ لَڪُمۡ عَدُوٌّ۬ مُّبِينٌ۬
“He, wong-wong kang iman marang Allah, sira kabeh mlebua ana sajrone agama Islam kanthi sampurna. Lan sira kabeh aja manut ingkah lakune syetan, sebab setemene syetan iku minangka mungsuh kang terang-terangan tumrape sira kabeh “.
            Wandene pangertosanipun Agami Islam, inggih punika agami ingkang dipun asta dening Nabi Muhammad SAW, ingkang awujud wahyu ilahi ingkang dipun turunaken dening Allah SWT wanten salebeting Sunnah Rasul, inggih punika awujud  dhawuh-dhawuh lan awisan-awisan Allah sarta pitedah kangge kemaslahatan manungsa wanten ing donya dalah ing akhirat.
            Agami Islam anggadhahi cakupan sekawan warni, ing antawisipun ; 1. Aqidah. 2. Ibadah. 3. Akhlaq lan 4. Mu’amalah duniawiyah. Sahingga kita nembe saged dipun sebad tiyang ingkang istiqomah namawi kita sampun saged ngamalaken sekawan bab kalawau kanthi sampurna. Kanthi makaten, insya allah kita dipun jamin dening  Allah mboten badhe kadunungan raos kuwatos, ajrih lan susah. Lan tiyang ingkag makaten punika sejatosipun tiyang ingkang tawakal lan tiyang ingkang sampun iman lan taqwa kanthi sampurna. Tiyang ingkang makaten punika dipun janjekaken dening Allah SWT, kadas kasebad ing Surat Al-A’rof ayat 96 :
وَلَوۡ أَنَّ أَهۡلَ ٱلۡقُرَىٰٓ ءَامَنُواْ وَٱتَّقَوۡاْ لَفَتَحۡنَا عَلَيۡہِم بَرَكَـٰتٍ۬ مِّنَ ٱلسَّمَآءِ وَٱلۡأَرۡضِ وَلَـٰكِن كَذَّبُواْ فَأَخَذۡنَـٰهُم بِمَا ڪَانُواْ يَكۡسِبُونَ
“Lan yen pendhudhuking Negara-negara ku wis nyata-nyata lan temenan anggone iman lan taqwa marang Allah, sayekti ingsun mesthi maringake sakabehing kebecikane langit lan bumi marang dheweke. Nanging dheweke mau ora iman lan ora taqwa, nanging malah nggorohake ayat-ayat Ingsun. Mula Ingsun banjur matrapake pasiksan marang dheweke jalaran dosa-dosa kang padha ditindakake”.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Sepindhah malih, sumangga kita sami nulat sariro, mundhut priksa dhumateng diri kita piyambak-piyambak, punapa kita sampun ngestokaken sedaya dhawuhipun Allah punapa dereng. Punapa kita sampun iman lan taqwa kanthi samestinipun punapa dereng. Bilih jawabanipun inggih, ateges kita sampun kagolong ewonipun tiyang ingkang badhe pikantuk kanugrahan dalah kabegjan ing donya dalah ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
(dipun pethik saking buku-buku khotbah Jum’at)

                       

Tidak ada komentar:

Posting Komentar