Selasa, 15 Januari 2013

KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA : NGGAYUH RIDLANIPUN ALLAH


KHUTBAH JUM’AT
 NGGAYUH RIDLANIPUN ALLAH
Dening : ANIS PURWANTO


Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka pambukaning khotbah ing siang punika, sumangga sesarengan kita ngeningaken cipta saha manah kita, kanthi nyaosaken pujo puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan dumateng kita sedaya, sahingga ngantos  ing kesempatan Jum’ah siang punika kita saget nindakaken pangibadahan dumateng Allah SWT. Kita nyuwun dumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siang punika saget katampi dening Allah SWT. Sahingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akherat, amin ya rabbal ‘alamin. Sholawat saha salam mugia tetep kita aturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Taksih ing swasana warsa enggal 2013 M, para sederek, kita taksih enget kathah sanget prastawa lan rupi-rupinipun kawontenan ingkang dumados ing sadangunipun setunggal tahun punika. Wanten prastawa lan kawontenan ingkang damel remenipun manah. Ananging ugi mbaten sekedik wanten kedadosan ingkang andamel susah lan sedih. Sedaya punika minangka pepaesipun gesang ing ngalam donya. Samangke sumangga kita sesarengan sami mawas diri dhateng badan kita piyambak lan selajengipun kita nuli pitaken dumateng badan kita piyambak, punapa kita punika sampun saged klebet golonganipun tiyang mukmin, Punapa kita sampun enstu-estu iman engkang leres, sampun estu-estu beramal shaleh, sedaya inghkang kita tindakaken mesti saenipun, mesti amal tumindak ingkang dipun ridlani dening Allah puanapa mboten. Atur keterangan punika jumbuh kaliyan pangandikanipun Allah SWT, wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Hasyr ayat 18 :

يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَلۡتَنظُرۡ نَفۡسٌ۬ مَّا قَدَّمَتۡ لِغَدٍ۬‌ۖ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ‌ۚ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرُۢ بِمَا تَعۡمَلُونَ
 “He wong-wong kang padha iman, taqwa-a sira kabeh marang Allah, lan saben-saben wong supaya padha nggatekake marang sakabehing amal tumindak ana ing dina-dina kepungkur kanggo kemaslahatane dina-dina kang bakal tumeko, lan padha taqwa-a sira kabeh marang Allah, satemene Allah iku Maha pirsa marang apa bae kang kok tindakake”.

            Kaum muslimin, rakhimakumullah.
Ayat punika paring keterangan dhumateng kita sedaya, bilih punapa kemawon ingkang kita raosaken ing dinten punika minangka asil saking tumindak kita ing wekdal kepengker, lan sedaya punika mbaten saget kita raosaken tanpa usaha lan kerja keras. Hubungan sebab lan akibat minangka sunatullah ingkang kedah terus kita perjuangaken, liiripun akibat ingkang sae minangka asil saking amal shalih ingkang kita tindakaken, lan kasak wangsulipun akibat awon, minangka asil saking tindak ingkang lelawanan kaliyan tuntunan agami, “Barang siapa menebar angin maka ia akan menunai badai, siapa yang menanam kemungkaran maka adzablah yang akan didapatkanya, sebaliknya siapa yang menanam kebajikan maka kebahagiaanpun akan diraihnya. Makaten larikan kata-kata mutiara, ingkang ugi selaras  kaliyan firman Allah ing QS An Najm:39:
وَأَن لَّيۡسَ لِلۡإِنسَـٰنِ إِلَّا مَا سَعَىٰ
 “Lan manungsa ora nduweni apa-apa kejaba apa kang wus diusahaake”.
            Para sederek. Gesang wanten ini salebeting jaman ingkang dipun wastani jaman kemajengan kadas samangke punika satuhu andadosaken manah kita sakelangkung prihatos dene nyipati babaring kawontenan ingkang sarwo morak-marik. Rakiting hukum tata pranatan ngagesang tuwin angger-angger ingkang amrih tata tentrem raharjaning gesang sampun katrajang wani tanpa deduga lan prayoga. Sesipatan dalah paugeraning manungsa pranyata sampun malik grembyang kados dene bumi lan langit. Ingkang lepat kaanggep leres, ingkang leres dipun damel lepat, sedaya awisan dipun lampai, dene prentah sami dipun tebihi. Tumindak awon sampun kados padatan kalimrahing ngagesang, hawa nepsu angkara murka kaumbar sak sakecanipun tanpa wigah-wigih, wondene pakarti sae kaanggep aeng lan dados gegujengan. Punika kalawau wujudipun kawontenan ingkang kapranata mbaten mawi angger-angger tuntunaning agami Islam.
            Menawi swasana ingkang kados makaten punika kekadosan ing negari ingkang mayoritas anggrungkebi agami Islam punapa mbaten mrihatosaken sanget ?. mangka sejatosipun wonten ing bebrayaning masyarakat umat Islam, kedahipun mboten badhe kedadosan swasana ingkang kados makaten wujudipun. Ingkang makaten kalawau dados pratanda bilih umat Islam dereng nindakaken taqwallah dalah jejibahan ingkang kedah katindakaken, sami ugi tumrap pribadinipun piyambak utawi bebrayan masyarakat, dereng saget ajak-ajak sarta paken nindakaken pakarti ingkang sae lan nebihi awisan.

          Kadas kasebat wanten  ing pangandikanipun Gusti Allah , QS Ili Imran:104:


وَلۡتَكُن مِّنكُمۡ أُمَّةٌ۬ يَدۡعُونَ إِلَى ٱلۡخَيۡرِ وَيَأۡمُرُونَ بِٱلۡمَعۡرُوفِ وَيَنۡهَوۡنَ عَنِ ٱلۡمُنكَرِ‌ۚ وَأُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمُ ٱلۡمُفۡلِحُونَ

”Lan dadiya saka antarane sira kabeh iku sawijining umat kang ajak-ajak marang tumindak becik, mrentahake marang kebecikan lan nyegah saka tumindak ala. Ya dheweke kabeh iku wong-wong kang padha antuk kabekjan”
            Menawi kawontenanipun kados makaten nedahaken bilih taksih kathah sanget bebrayan masyarakat kita ingkang dereng mapanaken dhiri ngrasuk ing salebeting agami Islam kanthi sawetahipun sarana leres kados ingkang dipun kersakaken dening Allah. Kita ngakeni bilih agami kita Islam, ananging tatacara gesang lan pakarti kita asring mboten ngginakaken tuntunan syariat Islam, malah kesengsem lan nganggep langkung sae, langkung terhormat cara sanes, senaosa cara sanes punika lelawanan kaliyaan ajaran agami Islam.
            Cobi kita galih, kados pundi cara kita pados pangupa jiwa, kados pundi kita ndidik para putra, mimpin kaluwarga kita, sesrawungan kita, ugi sedaya mobah-mosik kita saben dinten ing sadengah perkawis, pundi ingkang sampun adhedasar tuntunan syariat Islam ? manawi dereng wonten babar pisan ateges kita punika dereng mlebet agami Islam kanthi sawetahipun, saengga saget kedadosan masyarakat mayoritas muslim ananging pranatanipun sanes Islam.
            Mangka sejatosipun ingkang kasebat ngrasuk agami Islam punika inggih kados ingkang kadhawuhaken wanten Al-Qur’an Surat Al Baqarah ayat 208 :

يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱدۡخُلُواْ فِى ٱلسِّلۡمِ ڪَآفَّةً۬ وَلَا تَتَّبِعُواْ خُطُوَٲتِ ٱلشَّيۡطَـٰنِ‌ۚ إِنَّهُ ۥ لَڪُمۡ عَدُوٌّ۬ مُّبِينٌ۬        
”He wong-wong kang padha iman ! Lumebuwa sira kabeh ing sajroning Islam kanthi sakabehane, lan aja tut wuri marang langkah-langkah syetan. Satemene syetan iku mungsuhira kang nyata”.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Ayat kalawau nedahaken bilih sok sintena tiyang ingkang ngaken iman kedah nindakaken hukum-hukumipun Allah ing sedayanipun, alelandhesan pasrah, tunduk lan ihklas krana Allah. Wondene wewatoning pasrah punika tresna dhateng bedhamen, nilar pasulayan ing antawising sesami.
            Prentahing Allah ingkang kasebat ing ayat punika asipat tetep lan langgeng, ingkang tegesipun tetep pasrah ingarsanipun Allah sawetahipun ing salami-laminipun. Tumunten ing salajengipun kita kedah nebihi lan sampun ngantos tut wuri tumut-tumut nindakaken pakarti lan tumindaking syetan ingkang tansah nggodha supados manungsa sami kasasar. Langkah lan margining syetan makaten, awujud pakarti ingkang andadosaken crah ing salebeting agami, padudon, dalah pasulayan. Sinaosa ketawisipun nengsemaken, ananging asil ingkang mangke kapethik dhawah kosok wangsulipun.
            Alelandhesan ayat kalawau sampun samestinipun kita kedah tumunten ambangun malih patrap anggen kita nindakaken agami Islam ingkang kanthi saleresipun miturut wewaton ingkang sampun kadhawuhaken Allah. Sanes Islam sak remen kita piyambak !. Kanthi wangsul utawi mbangun malih sarta mapanaken dhiri pribadi kita salebeting Islam sawetahipun ateges kita mbudi daya njejegaken agami Islam ing madyaning bebrayan ingkang saya dangu saya majeng ing sedayanipun. Godhaning syetan ingkang kita adhepi ugi saya awrat, malah langkung prakosa lan sakelangkung alus.
            Manawi kita ningali kawontenan, umat Islam pancen kathah ananging tanpa bobot lan saya ringkih jalaran paribasan namung kados umplukipun seganten kasempyok ing ombak nengah minggir ing tepining samodra. Kathah cacahipun ananging islamipun namung wonten pinggiran, tegesipun anggenipun sami ngrungkebi ing agami namung pundi ingkang remen dipun lampahi, dene ingkang mboten dipun remeni inggih dipun tilar sasekecanipun.
            Kawontenan punika ingkang sampun nate kakadosan ing jaman rumiyin sahengga kadhawuhaken Allah ing Al-Qur’an Surat Al Hajj ayat 11 :

وَمِنَ ٱلنَّاسِ مَن يَعۡبُدُ ٱللَّهَ عَلَىٰ حَرۡفٍ۬‌ۖ فَإِنۡ أَصَابَهُ ۥ خَيۡرٌ ٱطۡمَأَنَّ بِهِۦ‌ۖ وَإِنۡ أَصَابَتۡهُ فِتۡنَةٌ ٱنقَلَبَ عَلَىٰ وَجۡهِهِۦ خَسِرَ ٱلدُّنۡيَا وَٱلۡأَخِرَةَ‌ۚ ذَٲلِكَ هُوَ ٱلۡخُسۡرَانُ ٱلۡمُبِينُ

 
“Lan ing antaraning manungsa ana wong kang penembahe marang Allah dumunung ing pinggiran. Lamun dheweke antuk kabecikan tetep ing panembahe, dene samangsa kataman ing panandang banjur mbalik mungkar. Dheweke iku kapitunan ing ndonya lan ing akhirat. Kang mangkono iku kapitunan kang nyata”

            Inggih kapribadhen minggir makaten punika ingkang kedah kita rombak lan kita bangun malih ing saranduning badanipun umat Islam tumuju kapribaden Islam ingkang hakiki kangge mujudaken bebrayan masyarakat Islam ingkang saleresipun. Tanpa makaten tartamtu badhe nandang kapitunan saageng-agengipun ing salami-laminipun, jalaran punapa ingkang kita tindakaken pranyata mboten wonten ginanipun awit mboten gathuk kaliyan tuntunaning syariat agami sahengga mboten badhe katampi.
           
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Wosing atur mboten sanes sumangga patrap anggen kita ngrungkebi agami Islam sarta anggen kita taqwa dhateng Allah punika ingkang saestu, sawetahipun, lan saleres-leresipun sahengga kapribaden kita dados kapribaden Islam ingkang badhe mujudaken bebrayaning masyarakat umat Islam sayektosipun. Masyarakat ingkang pratapipun saget mangayu hayuning bawana, tata titi tentrem karta raharja, bekja fi dunya wal akhirah, amin ya rabbal alamin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar