Selasa, 22 Januari 2013

KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA : MAULID NABI MUHAMMAD SAW


KHUTBAH JUM’AT
MAULID NABI MUHAMMAD SAW
Dening : ANIS PURWANTO


Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Kegem pambukaning khutbah, sumangga kita aturaken puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga wanten ing siyang punika kita sedaya saget nindakaken dawuhipun, kanthi ihklas karana Allah. Mugi-mugia kita saget manggih kawilujengan ing donya dalah ing akhirat. Shalawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW.
            Para sederek kaum muslimin, rokhimakumullah.
Dinten Jum’at Wage punika tanggal 25 Januari 2013 kaleres tanggal 13 wulan Robi’ul Awal utawi wulan Maulud, ing ateges kala wingi,  dinten Kamis Pon   kita umat Islam khususipun sami mrengeti wiyosan dalem Kanjeng Nabi Muhammad SAW, tanggal 12 mulud, kanthi mawarni-warni cara, wanten ingkang ngawontenaken pengaosan akbar, wanten ingkang kanthi ngawontenaken tasyakuran sesarengan. Pramila saking punika wanten ing kesempatan punika, sumangga sami ngenget-ngenget dhateng sedaya perjuanganipun Kanjeng Nabi, ingkang intinipun panjenenganipun dipun dipun tunjuk dening Allah minangka Rasul, utusan minangka rahmatan lil ‘alamin lan minangka uswatun khasanah, tuladha ingkang paling sae kangge sedaya para manungsa.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Dene fungsi lan misi dipun utusipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, inggih punika, 1. Minangka rahmat welas asihipun Allag dhateng sedaya para mahkluk. Kados kasebat ing QS Al-Anbiya’ :107:
وَمَآ أَرۡسَلۡنَـٰكَ إِلَّا رَحۡمَةً۬ لِّلۡعَـٰلَمِينَ (١٠٧)
 “Lan Ingsun ora ngutus marang sira Muhammad kejaba minangka rahmat welas asih-Ingsun kanggo sakabehing mahkluk ing sakabehing alam”. (QS Al-Anbiya’ :107).
2. Minangka paring kabar bebingah dhateng sedaya kawulanipun Allah ingkang iman lan taqwa, lan paring kabar peringatan badhe nampi ukuman saha pidananipun Allah sok sintena ingkang nrajang awisanipun Allah. Kados kasebat ing QS Saba’ : 28:

وَمَآ أَرۡسَلۡنَـٰكَ إِلَّا ڪَآفَّةً۬ لِّلنَّاسِ بَشِيرً۬ا وَنَذِيرً۬ا وَلَـٰكِنَّ أَڪۡثَرَ ٱلنَّاسِ لَا يَعۡلَمُونَ (٢٨)
 
“Lan ingsung ora ngutus marang sira Muhammad, kejaba Sun utus marang sakabehing para manungsa, kanthi tugas minangka tabsyir utawa aweh  kabar bebungah lan tasdzir  utawa aweh peringatan. Nanging akeh-akehe manungsa padha ora ngerti marang tugase Kanjeng Nabi sing mulya iki”.
Salajengingipun tugas Kanjeng Nabi Muhammad SAW inggih punika, minangka satunggaling utusan ingkang kadhawuhaken ndandosi lan nyampurnakaken para manungsa, “Satemene ingsung diutus dening Allah SWT iku mung kanthi tugas supaya nyampurnakake akhlake manungsa”. (Al Hadits).
            Mesthi kemawon risalahipun Rasulullah punika boten namung sekedar nyakup tigang warni kadas ingkang sampun kula aturaken ing nginggil, ananging  langkung kathah lan langkung wiyar, nyakup sedaya urusan wiwit urusan ing ndonya ngantos babagan keakhiratan. Sedaya dipun aturaken secara komplit lan sampurna. Sahingga  Kanjeng Nabi Muhammad SAW punika mujudaken satunggalipun priyagung ingkang paripurna, ingkang kedah dipun teladhani lan dipun conto dening sedaya umat manungsa punika, temtu kemawon wonten sebabipun ingkang gumathok, inggih punika saking kasilipun nindakaken misi lan perjuanganipun  minangka rahmat kagem sedaya mahkluk. Panjenenganipun ugi kasil ngangkat derajatipun para manungsa saking panggenan ingkang asor lan nistha dhateng panggesangan ingkang linurup dening budi pekerti ingkang luhur.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Hadits pangandikanipun Rasulullah lan ayat Al-Qur’an ngendikanipun Allah SWT punika jelas sampun kita pahami, makna saking Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang jumeneng Rasul,  ingkang penting saking anggen kita badhe mrengeti wiyosanipun Njeng Nabi inggih punika kita sampun saged ngamalaken punapa dereng. Liripun yen kita kepingin pikantuk rahmat welas asihipun Allah lan kepingin pikantuk kanugrahan saha kawilujengan ing doya dalah ing akhirat, kita kedah purun nindakaken sedaya ingkang dipun dawuhaken dening Allah saha nilaraken sedaya awisanipun Allah, lewat punapa ingkang sampun dipun aturaken Kanjeng Nabi Muhammad SAW minangsa utusanipun Allah. Sahingga Iman lan taqwa dados harga mati. Ingkang kedah turus kita pertahanaken murih saya ningkat saha mantep.
            Sebab kita yakin bilih tujuan kita sami, kita kepingin mulya gesang ing donya lan gesang ing akhirat mbenjang. Nanging kados dene lare sekolah ingkang mbetahaken ujian kangge tandha kelulusanipun, kita ing donya ugi boten badhe uwal saking ujianipun Allah. Mila saking punika, Kanjeng Nabi Muhammad SAW dipun utus dening Allah kangge paring pepadhang dateng sok sintena ingkang nembe nandang pepeteng, lan paring pitedah dhateng sok sintena kemawon ingkang kesasar.
Para sederek, ngengingi tujuan gesang punika, Allah sampun ngendika wanten ing QS Al-Qashash :77 :

وَٱبۡتَغِ فِيمَآ ءَاتَٮٰكَ ٱللَّهُ ٱلدَّارَ ٱلۡأَخِرَةَ‌ۖ وَلَا تَنسَ نَصِيبَكَ مِنَ ٱلدُّنۡيَا‌ۖ وَأَحۡسِن ڪَمَآ أَحۡسَنَ ٱللَّهُ إِلَيۡكَ‌ۖ

 “Lan sira golekana marang apa wae kang wis diparingake Allah marang sira (kang arupi kebahagiaane) kampong akhirat, nanging aja nganti sira nglalekake bageanira saka kadonyan, lan tumindaka becik kaya anggone Allah wis paring kabecikan marang sira”.
            Ing ngriki Allah SWT nandesaken malih, bilih anggayuh kebahagiaan kangge salami-laminipun ing kampung akhirat, sampun ngantos ngorbanaken kebahagiaan ing alam donya, makaten kosok wangsulipun. Ananging kita kedah kagungan keyakinan bilih saben-saben amal tumindak ingkang kita tindakaken punika kedah ngasilaken biji akhirat. Wilujeng awit ing donya ngantos ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin.

           

11 komentar: