Selasa, 23 Oktober 2012

KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA : KANTHI SEMANGAT QURBAN KITO TINGKATAKEN IMAN LAN TAQWA KANGGE ANGGAYUH KEBAHAGIAAN NDUNYO AKHIRAT


KHUTBAH IDUL ADHA  1433 H/2012M

KANTHI SEMANGAT QURBAN KITO TINGKATAKEN IMAN LAN TAQWA KANGGE ANGGAYUH KEBAHAGIAAN NDUNYO AKHIRAT
Oleh : Anis Purwanto
 
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Para sederek kaum muslimin lan muslimat. Jamaah ‘aidin lan ‘aidat rakhimakumullah.
            Langkung rumiyin, sumangga kita sami nyaosaken puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring kanikmatan, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya. Sahingga kanthi ijin Allah SWT, kita wonten ing enjangipun dinten Idul Adha ingkang kebak kebahagiaan punika seget kempal manunggal ngupadi ridlanipun Allah SWT, kanthi nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT, lan sekaligus minangka bukti anggen kita nglaeraken raos syukur dhumateng Allah SWT.
            Shalawat saha salam mugia katur dhumateng Gusti Rasul, Nabi besar Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, tumuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Para sederek kaum muslimin lan muslimat. Jamaah ‘aidin lan ‘aidat rakhimakumullah.
            Wanten ing enjang ingkang endah punika, kita sedaya umat Islam sami ngempal wanten ing tanah-tanah lapang, wanten masjid-masjid, lan wanten mushala-mushla utawi papan panggenan sanesipun ingkang kasediyakaken shalat Idul Adha. Malah kanthi gumbiraning manah lan kebak raos syukur punika, kita agungaken asmanipun Allah kanthi maos takbir, tahlil lan tahmid, wiwit kala dalu ngantos ing enjang punika. Sesarengan kaum muslimin saindenging bawana, saking kitha ageng ngantos ing pelosok dusun. Sami ngegungaken lan muji syuklur ing ngarso dalem Allah SWT. Kanthi sikep dhepe-dhepe ing ngarsanipun Allah ingkang Maha Agung.
            Kalimat takbir, tahlil lan tahmid ingkang kita kumandangaken punika, minangka sebagian bukti pengejawantahan raos syukur lan raos tundhuk kta dumateng Allah atas sedaya kanugrahan saha kanikmatan ingkang dipun paringaken dumaten kita sedaya, ingkang kita mboten badhe saget ngetang, awit kathahipun kanikmatan ingkang kaparingaken dumateng kita sedaya :
وَإِن تَعُدُّواْ نِعۡمَةَ ٱللَّهِ لَا تُحۡصُوهَآ‌ۗ إِنَّ ٱللَّهَ لَغَفُورٌ۬ رَّحِيمٌ
 “Lan yen sira kabeh arep ngetung kanikmatan peparing Allah, yekti sira kabeh ora bakal bias ngetung. Satemene Allah iku Maha Paring Pangapura lan Maha Welas Asih”. (QS An Nahl:18).
Para sederek kaum muslimin lan muslimat, rakhimakumullah. Jamaah ‘aidin lan ‘aidat rakhimakumullah.
            Wanten ing tanggal 10 Dzul Hijjah, kados ing dinten samangke punika, para jamaah Haji nembe ngempal wanten ing kitha Mina, saksampunipun kala wingi sami nindakaken wuquf wanten ing padang Arofah, satunggalipun padha pasir ingkang wiyar sanget, tandus lan gersang. Ngempal wanten ing ngriku nalika tanggal 9 Dzul Hijjah kadas dinten kala wingi.
            Saleebetipun nindakaken upacara ibadah haji, para jamaah punika sami ngagem ageman ihrom, ingkang waninipun pethak lan tanpa dipun jahit. Ageman ihrom ingkang makaten punika minangka lambangipun persamaan aqidah lan pandangan hidup. Awit umat Islam pancen satunggaling umat ingkang anggadhahi aqidah lan pandangan hidup ingkang sami lan seragam.
            Wanten ing saat-saat makaten punika, prasasat sampun mbaten saget dipun bentenaken malih antawisipun tiyang ingkang sugih lan ingkang miskin, antawisipun pemimpin lan rakyat biasa. Sedaya ngraos sederajat, setingkat, sami dadas kawulanipun Allah, ingkang nembe ibadah, nyaketaken manah dalah sliranipun dumateng Allah. Sami-sami lan sesarengan ngumandangaken kalimat Talbiyah :
“LABBAIKALLAHUMMA LABBAIK, LABBAIKA LAA SYARIIKA LAKA LABBBIK, INNAL-HAMDA WAN-NI’MATA LAKA WALMULKA LAA SYARIIKALAK”
“Nuwun inggih sendika dhawuh dalem, Gusti. Dhuh Gusti, kula tansah mbangun turut dhawuh Paduka. Mbaten wanten sekutu kagem Paduka. Sayektosipun sedaya puji lan sawernining kanikmatan punika kagungan Paduka. Lan namung Paduka ingkang nguwaosi samubarang dhengah, lan mbaten wanten ingkang nyekuthoaken kuwaos Paduka”.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Para sederek kaum muslimin lan muslimat. Jamaah ‘aidin lan ‘aidat rakhimakumullah.
            Dasar minangka dorongan ingkang damel para jamaah haji ihklas ngurbanaken bondha dunyonipun, lan lega lila ngadhepi mawarni-warni kesulitan salebetipun nindakaken ibadah haji, inggih punika dhawuh pangandikanipun Allah wanten ing Al-Qur’an, Surat Al Haj :27-28 :
وَأَذِّن فِى ٱلنَّاسِ بِٱلۡحَجِّ يَأۡتُوكَ رِجَالاً۬ وَعَلَىٰ ڪُلِّ ضَامِرٍ۬ يَأۡتِينَ مِن كُلِّ فَجٍّ عَمِيقٍ۬ (٢٧) لِّيَشۡهَدُواْ مَنَـٰفِعَ لَهُمۡ وَيَذۡڪُرُواْ ٱسۡمَ ٱللَّهِ فِىٓ أَيَّامٍ۬ مَّعۡلُومَـٰتٍ عَلَىٰ مَا رَزَقَهُم مِّنۢ بَهِيمَةِ ٱلۡأَنۡعَـٰمِ‌ۖ فَكُلُواْ مِنۡہَا وَأَطۡعِمُواْ ٱلۡبَآٮِٕسَ ٱلۡفَقِيرَ (٢٨)
 “Lan sira, Ibrahim, printahna para manungsa supaya nindakake ibadah haji. Temtu wong-wong mau padha nekani sira kanthi mlaku, lan sawenehe ana kang mung nunggang unto kuru, teka saben-saben plosok kang adoh. Supaya padha nekseni pirang-pirang manfaat tumrape wong-wong mau dhewe. Lan supaya wong-wong mau padha nyebut asmane Allah ana ing dina-dina kang wus ditemtokake, atas rezki kang wus diparingake marang wong-wong mau, kan awujud kewan raja kaya. Mula saka iku sira kabeh padha mnagna sebagian saka daginge kewan mau. Lan sebagian liyane wenehna marang wong-wong kang sangsara, kang fakir, suapa padha dipangan”.
            Makaten satunggaling ayat Al-Qur’an ingkang wanten gegayutanipun kaliyan masalah ibadah haji, ingkang ing saat sapunika nembe tengah-tengahipun dipun tindakaken dening umat Islam ingkang kaleres kacekapan syarat rukunipun.
            Wandene kagem kita, umat Islam ingkang kaleres dereng saget nindakaken ibadah haji, wanten ing saat-saat ingkang kebak raos syukur punika, sami nindakaken ibadah ingkang sampun kadas dipun syariataken dening agami Islam. Wiwit kala wingi dipun sunnahaken nindakaken siyam Arofah. Maos kalimah takbir, tahlil lan tahmid, saha shalat idul adha.
            Kajawi nindakaken shalat Id, wanten ing saat-saat ingkang bahagia punika dipun syariataken tumrapipun kaum muslimin ingkang sampun kacekapan, supadas mragat kewan kurban. Bab punika kadhasaraken dhawuhipun Allah SWT:
إِنَّآ أَعۡطَيۡنَـٰكَ ٱلۡكَوۡثَرَ (١) فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَٱنۡحَرۡ (٢)
 “Satemene Engsung wus paring kanikmatan kang akeh banget marang sira.Mula saka iku sira nyembaha marang Pangeranira. Lan sira kurbana”. (QS. Al Kautsar:1-2).
            Sejarah wantenipun syariat kurban kanthi mragat kewan raja kaya punika wantenipun prastawa nalika Kanjeng Nabi Ibrahim as dipun uji mental saha imanipun dening Allah SWT, kanthi kadawuhan supadas mragat putranipun, , putra ingkang sakalangkung dipun tresnani.  inggih punika Nabi Ismail as. Kanjeng Nabi Ibrahim as ngestokaken dhawuhipun Allah punika kanthi tanpa tidha-tidha. Keng putra piyambak, Nabi Ismail as, wontenipun inggih ihklas, namung sumarah lan manut. Bab punika kacariosaken wanten ing salebetipun Al-Qur’an, kasebat wanten ing Surat As Shaffat : 102 :
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ ٱلسَّعۡىَ قَالَ يَـٰبُنَىَّ إِنِّىٓ أَرَىٰ فِى ٱلۡمَنَامِ أَنِّىٓ أَذۡبَحُكَ فَٱنظُرۡ مَاذَا تَرَىٰ‌ۚ قَالَ يَـٰٓأَبَتِ ٱفۡعَلۡ مَا تُؤۡمَرُ‌ۖ سَتَجِدُنِىٓ إِن شَآءَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلصَّـٰبِرِينَ (١٠٢)    
“Wusana nalika anake, Ismail iku wus tekan saguh usaha, bebarengan karo dheweke, Ibrahim, Ibrahim banjur kandha : Dhuh ngger anakku. Rama pirsa ana ing sajrone ngimpi, yen rama kadhawuhan dening Allah nyembelih sira, ngger. Mula saka iku pikiren, kepriye panemumu. Ismail banjur matur : Dhuh rama, sumangga kula aturi nindakaken punapa ingkang kadawuhaken dhumateng panjenengan, rama. Insya Allah rama badhe pirsa, bilih kula kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang sabar”.
            Rerangkaianipun upacara ibadah Idul Adha, wiwit maos takbir ngantos pelaksanaan shalat Id lan pemragatipun kewan qurban, ingkang dagingipun dipun bagi-bagi dhateng para sederek fakir miskin, menggah kita kaum muslimin tartamtu mengku hikmah ingkang sakalangkung ageng sanget.
            Ucapan takbir, umpaminipun, dipun kumandangaken dening kaum muslimin, nggambaraken wantenipun kesatuan akidah, manunggalipun tekat saha cita-cita gesang, inggih punika ngumawula dhumateng Allah SWT. Dene shalat Id, anggadhahi makna minangka pengejawantahan raos taqwa kita dhumateng Allah SWT, kanthi taqwa ingkang saleres-leresipun. Ingkang sedaya punika anggadhahi pengaruh ingkang ageng salebetipun usaha mbentuk kasampurnanipun mental saha ruhaniyah kita, nuju kemantepanipun gesang istiqomah, ingkang kaajab saget nuwuhaken sawarnining kemaslahatan gesang, wiwit ing ndonya ngantos ing akhirat.
            Pramila saking punika, kanthi mendhet piwucal adiluhung lan hikmah Idul Adha, dipun ajab wanten ningkatipun ketaatan kita dhumateng Allah SWT saha Utusanipun, lan ningkatipun keihklasan berqurban. Kita yakin kanthi seyakin-yakinipun, bilih gegayuhan satunggalipun cita-cita utawi idham-idhaman kedah sarana pengurbanan. Saya ageng gegayuhan ingkang dipun tuju, ugi kedah saya ageng pengurbanan ingkang dipun wedalaken, minangka tebusanipun gegayuhan kala wau. Ningkatipun iman saha taqwa, ugi minangka gegayuhan ingkang utami. Pramila saking punika usaha ningkatipun iman saha taqwa, kedah dipun tebus kanthi pangurbanan ingkang ageng. Sebab, tiyang ingkang iman saha taqwa, ateges tiyang ingkang bebas saking tumindak syirik, berusaha kanthi saestu kangge nindakaken sedaya dhawuhipun Allah SWT lan ninggalaken awisanipun.
 Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Para sederek kaum muslimin lan muslimat. Jamaah ‘aidin lan ‘aidat rakhimakumullah.
            Minangka kawulanipun Allah SWT ingkang dipun titahaken kanthi winates daya lan kemampuan, mila kita kedah menyadari bilih manungsa mesthi kagungan kekhilafan wanten ing tumindakipun, ananging kekhilafan kalawau mbaten badhe langsung terus manawi enggal-enggal menyadari dhateng kekilafanipun. Kasunyatanipun para sederek, asring kita medhanget pawartos ing media elektronik, utaminipun TV utawi ugi surat kabar, kathah kedadosan-kedaosan ingkang andadosaken keprihatosan kita sami, kadosta marakipun kerusuhan missal, bentrokan dumados ing pundi-pundi panggenan, sintemen antar golongan, kasus koropsi , narkoba, lan taksih kathah persoalan ingkang dumados ing kalanganipun masyarakat.
            Pramila kangge mbendung supados persoalan ingkang asring dumados ing kalanganipun masyarakat kita punika mboten kebablasan, sedaya perkawis kedah kita wangsulaken dhateng aturan utawi undang-undang ingkang sampun maton, sarto aturan syar’I ingkang sampun maton.
            Sedaya kala wau kedah kita ugemi kanthi pangertosan ingkang saestu, sahingga wanten ing pangetrapanipun mbaten mlanggar saking undang-undang ingkang sampun mlampah. Insya Allah manawi sedaya menyadari dateng kekiranganipun piyambak-piyambak mila sedaya persoalan ingkang dumados ing tengah-tengahipun masyarakat saget enggal dipun atasi kanthi sekeca. Ananging manawi sedaya paraga nagari tansah mbeguguk ngutha waton tansah mentingaken lan mempertahanaken kepentinganipun piyambak-piyambak mila mokal lan tangeh lamun manawi ketentreman badhe saget dados kenyataan. Sikap tegas ing ndalem penegakan hukum dados kunci sukses uwal saking sedaya reribet ingkang dumados ing sedaya lapirsan masyarakat, hukum tidak memandang bulu. Manawi penegakan hukum ing nageri punika mbaten saget mlampah kanthi sae, mila inggih kados sak mangke punika kawontenanipun. Lan sedaya kala wau mujudaken gambaran bilih kita sedaya dereng mampu nahan nafsu ingkang mbaten sae. Ananging ingkang penting tumrap kita sedaya nyekseni wantenipun kekadosan-kedadosan ingkang ndadosaken kisruh, mangga dipun serahaken dateng ingkang kawogan, kita selaku warga negari ingkang sae kedah kagungan wawasan ingkang wicak sanan. Ampun ngantos gampil kabujuk dhateng tiyang-tiyang ingkang nedya ndamel kisruh. Sebab sedaya perkawis mesti saget dipun rampungaken kanthi sae , manawi sedaya elemen masyarakat guyup rukun, bersatu kita teguh , bercerai kita runtuh.
Para sederek kaum muslimin lan muslimat. Jamaah ‘aidin lan ‘aidat rakhimakumullah.
            Kanthi Idul Adha ing tahun 2012 M punika ingkang ing kasunyatan taksih kathah pacoben dalah kekadosan ingkang mrehatasaken, mila sumangga kita sasaget-saget nyonto dhateng kepemimpinan Nabi Ibrahim as  lan Nabi Ismail as. Wanten ing pagesangan kita, sahingga saged manggih rahmatipun Allah SWT, kanthi gesang ingkang sakinah mawaddah warahmah. Akhiripun sumangga kita sesarengan nyenyuwun dhateng Gusti Allah, mugi-mugi kita sedaya dipun paring hidayah kanthi manah ingkang hening, sedaya ibadah kita katampi dening Allah SWT. Sahingga saget mujudaken sifat lan sikap ingkang sae. Akhiripun saget anggayuh negeri ingkang baldatun toyyibatun warobbun ghofur, begja mulaya ing ndonya dumuginipun ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin.
Selajengipun kangge penutup khotbah, sumangga kita nundukaken sirah lan ngeningaken manah kita, nyuwun dhumateng Allah SWT kanthi ihklas karana Allah, mugi-mugi sedaya panjangka kita saget dipun kabulaken Allah SWT.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar