KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
NIKMATIPUN GESANG KANTHI LANDASAN AGAMI ISLAM
Dening :
ANIS PURWANTO *
Ma’asyiral Muslimin jamaah
jum’ah rokhimakumullah.
Wonten
ing kesempatan Jum’at siyang sapunika, sumangga kita aturaken puja puji syukur
ing ngarsa dalem Allah SWT, awit ngantos ing detik punika Alhamdulillah kanthi
karunianipun Allah SWT, kita taksih kabimbing iman lan Islam sarta kesadaran
kagem nindakaken kewajiban ibadah Jumat ing siyang punika. Kita nyuwun
dhumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT.
Sehingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akhirat, amin ya rabbal
‘alamin. Mugia shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad SAW, sahabat lan sedaya
penderekipun, kalebet kita sedaya. Amin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah
jum’ah rokhimakumullah.
Wonten ing swasana ingkang kados
punapa kemawon, sumangga kita sampun ngantos kendhat anggen kita nyuwun wonten
ing ngarsanipun Allah SWT murih sampun ngantos lepas saking landasan utawi
dasaring gesang kita, nun inggih iman lan taqwa dhumateng Allah SWT. Awit
menggahing kita umat Islam, taqwa dhumateng Allah SWTkita yakini minangka
satunggalipun margi tumuju dhateng kawilujengan geang ing donya dalah ing
akhirat.
Langkung-langkung tumrapipun kita
ingkang sampun paham dhateng ener lan ancas tujuanipun agami Islam, tartamtu
mbudidaya murih saya ningkat iman dalah taqwanipun, sahingga saged ngraosaken
nikmatipun gesang ingkang kadasaraken agami Islam. Punapa kemawon lan kados
pundi kemawon ingkang dipun ngendikakaken Allah dalah Rasulullah, wontenipun
namung sendika dhawuh dalah ngestokaken punapa ingkang dipun dhawuhaken saha
mbudidaya kangge ninggalaken sedaya awisanipun Allah SWT. Kasebat wanten ing Al
Qur’an Surat Al Mulk ayat 2 :
ٱلَّذِى خَلَقَ
ٱلۡمَوۡتَ وَٱلۡحَيَوٰةَ لِيَبۡلُوَكُمۡ أَيُّكُمۡ أَحۡسَنُ عَمَلاً۬ۚ وَهُوَ
ٱلۡعَزِيزُ ٱلۡغَفُورُ (٢)
“Allah kang ndadekakepati lan urip, awit
Panjenengane ngersakake nguji marang sira kabeh, sapa ing antarane sira kabeh
kang paling becik amale”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah
jum’ah rokhimakumullah.
Kanthi ayat dhawuh pangandikanipun
Allah SWT punika, Allah SWT ngersakaken nguji iman dalah taqwa kita sedaya,
sebab estunipun sedaya ingkang gumelar ing jagat agung punika mujudaken bahan
ujian saking Allah SWT. Kita sedaya ngrumaosi bilih kita punika dipun uji
dening Allah, saha mbudidaya murih kita lulus ujianipun, kanthi ngestokaken lan
ngamalalen sedaya dhawuhipun Allah SWT.
Supados kesadaran beragami punika
saya dangu saya ningkat, langkung rumiyin mbudidaya ningkataken keislaman lan
keimananipun. Manawi keislaman saha keimananipun sampun meningkat, ingkang
lajeng dipun iringi mawi ningkatipun penghayatan dalah pengalamanipun ingkang
kadasaraken ihklas, ing ngriki nembe badhe saget dipun raosaken nikmatipun gesang
beragami Islam. Pramila kita lajeng mbudidaya murih iman saha taqwa kita punika
saya mantep, ngrungkepi agami Islam kanthi sawetahipun. Kadas kasebat wanten ing Al-Qur’an Surat Al
Baqarah ayat 208 :
يَـٰٓأَيُّهَا
ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱدۡخُلُواْ فِى ٱلسِّلۡمِ ڪَآفَّةً۬ وَلَا تَتَّبِعُواْ
خُطُوَٲتِ ٱلشَّيۡطَـٰنِۚ إِنَّهُ ۥ لَڪُمۡ عَدُوٌّ۬ مُّبِينٌ۬ (٢٠٨)
“E wong-wong kan iman ! Sira kabeh padha
mlebua ana sjrone agama Islam kanthi sampurna. Lan sira kabeh aja padha manut
tingkah lakune setan. Awit satemene setan iku mungsuh kang terang terangan
tumrape sira kabeh”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah
jum’ah rokhimakumullah.
Islam tegesipun penyerahan dhumateng
Allah. Islam ingkang paripurna inggih punika penyerahan dhumateng Allah kanthi
sawetahipun. Jiwa raga, lahir batin kita sumarah lan pasrah dhumateng Allah.
Kita estokaken sedaya dhawuhipun, lan kita singkiri sedaya awisanipun. Mila
ingkang kita Islamaken mboten namung jiwa raga lan lahir batin kita, nanging
ugi sedaya thek kliwer ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang dalah
pagesangan kita, kalebet tata aturan
gesang keluarga, gesang ing masyarakat, minggahipun dhateng tatanan negari.
Masalahipun, samangke namung
satunggal, inggih punika kados pundi murih kita sedaya, umat Islam punika
estu-estu tuwuh kesadaranipun sahingga purun nggilut agaminipun kanthi
sawetahipun. Punika mestinipun lajeng kedah wanten usaha pembinaan, sebab
ajak-ajak dhumateng kesaenan punika mutlak lan wajib dipun leksanakaken, kanthi
cara ingkang gampil tur saget dipun tindakaken, jer da’wah punika piyambak
tegesipun ajak-ajak. Allah ngendika kadas kasebat wanten ing Surat An Nahl ayat
125 :
ٱدۡعُ إِلَىٰ سَبِيلِ
رَبِّكَ بِٱلۡحِكۡمَةِ وَٱلۡمَوۡعِظَةِ ٱلۡحَسَنَةِۖ وَجَـٰدِلۡهُم بِٱلَّتِى
هِىَ أَحۡسَنُۚ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعۡلَمُ بِمَن ضَلَّ عَن سَبِيلِهِۦۖ وَهُوَ
أَعۡلَمُ بِٱلۡمُهۡتَدِينَ (١٢٥)
“Ajaken
kabeh para manungsa iku marang dalane Allah kanthi cara kang wicaksana, lan
kanthi pitutur kang becik. Lan bantahen wong wong iku kanthi cara kang luwih
becik. Satemene Pengeranira iku Dzat kang paling ngawuningani marang wong kang
kesasar saka dalane Allah, lan Panjenengane iku paling ngawuningani marang
wong-wong kang oleh pituduhe Allah”.
Mila pancen kasinggihan sanget,
bilih kunci rahasianipun tiyang ingkang saget ngraosaken nikmatipun gesang
beragami Islam punika dumunung wonten ing hidayahipun Allah SWT. Manawi
satunggalipun tiyang punika sampun pikantuk hidayah, piyambakipun temtu sadar
lan kanthi ihklas nindakaken sedaya aturan-aturanipun agami Islam. Wondene
ingkang saged maringi hidayah punika namung Allah piyambak.
إِنَّكَ لَا تَہۡدِى مَنۡ أَحۡبَبۡتَ
وَلَـٰكِنَّ ٱللَّهَ يَہۡدِى مَن يَشَآءُۚ وَهُوَ أَعۡلَمُ بِٱلۡمُهۡتَدِينَ (٥٦)
“Satemene sira iku (Muhammad) ora bisa aweh pituduh marang wong
kang kok tresnani. Nanging amung Allah kang paring pituduh marang wong kang
dikersakake. Lan panjenengane iku paling ngawuningani marang wong-wong kang
oleh Pituduhe Allah”. (qs. Al qhashas:56)
Makaten
para sederek, selajengipun kita sampun ngantos kendhat anggen kita nyuwun
hidayah dhumateng Allah SWT, sahingga saget ngraosaken kados pundi nikmatipun
gesang ingkang kadasaraken aturan agami Islam ingkang sawetahipun. Bekja mulya
ing donya dalah ing akhirat. amin ya rabbal alamin. *(Diambil dari berbagai
buku khotbah Jum’at Bahasa Jawa).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar