Sabtu, 11 Agustus 2012

KANTHI IMAN LAN TAQWA NUJU MARDIKANING JIWA SAKING JAJAHANIPUN HAWA NEPSU


KHUTBAH IDUL FITRI  BAHASA JAWA TAHUN 1433 H/2012M
KANTHI IMAN LAN TAQWA NUJU MARDIKANING JIWA SAKING
JAJAHANIPUN HAWA NEPSU
Dening : Anis Purwanto

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Para sederek kaum muslimin lan muslimat, rakhimakumullah. Jamaah ‘aidin lan ‘aidat ingkang minulya.
            Langkung rumiyin, sumangga kita sami nyaosaken puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya. Sahingga kanthi ijin Allah SWT, kita wonten ing enjangipun dinten Idul Fitri ingkang kebak kebahagiaan punika seget kempal manunggal ngupadi ridlanipun Allah SWT, kanthi nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT, lan sekaligus minangka bukti anggen kita nglaeraken raos syukur dhumateng Allah SWT.
            Shalawat saha salam mugia katur dhumateng Gusti Rasul, Nabi besar Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, tumuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Para sederek kaum muslimin lan muslimat, rakhimakumullah. Jamaah ‘aidin lan ‘aidat ingkang minulya.
            Wanten ing wanci enjang ingkang endah lan asri punika, kita umat Islam sedaya sami ngempal wonten ing tanah-tanah lapang, wanten masjid-masjid  lan  mushalla-mushalla utawi papan panggenan sanesipun ingkang kasediyakaken kagem nindakaken shalat Idul Fitri. Amal ritual rutin makaten punika, kita tindakaken setahun sepisan , wanten ing tanggal 1 wulan Syawal, minangka panjilmanipun raos syukur kita dhumateng Allah SWT, awit saking agengipun kanugrahan ingkang kaparingaken dhumateng kita sedaya, saksampunipun kita ngestokakaen dhuwuh nindakaken ibadah siyam ing wulan Ramadhan. Dhawuh syukur punika kadasaraken saking dhawuh pangandikanipun Allah piyambak, wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Baqarah ayat 185, ingkang nyebadaken makaten :
 وَلِتُڪۡمِلُواْ ٱلۡعِدَّةَ وَلِتُڪَبِّرُواْ ٱللَّهَ عَلَىٰ مَا هَدَٮٰكُمۡ وَلَعَلَّڪُمۡ تَشۡكُرُونَ
“Lan sira kabeh padha nyampurnakna wilangane sasi Pasa, lan banjur padha ngagungna asmane Allah manut cara-cara kang wus dituduhake marang sira kabeh, lan supaya sira kabeh padha syukur marang Allah”.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
            Kita kumandhangaken ucapan kalimah takbir, tahlil lan tahmid wiwit kala wingi sonten saksampunipun serap surya, lan terus hengga sedalu muput, kanthi cara-cara ingkang makruf,  malah wanten ingkang kanthi cara “Takbir Keliling”. Sedaya punika katindakaken kanthi boten lepas saking niat nyi’ar ing agami lan tujuanipun ugi tetep namung setunggal, inggih punika ngupadi ridlanipun Allah SWT.
            Punika Idul Fitri, Hari raya Fitrah utawi Dinten Ageng Fitri, dipun syariataken dening agami Islam setahun sepisan ing saben tahunipun, saksampunipun umat Islam rampung nindakaken ibadah siyam, setunggal wulan wetah. Selaras kaliyan dhawuh pangandikanipun junjunagn kita Nabi Agung Muhammad SAW : “Wong pasa ing sasi Ramadhan iku kaparingan kegembiraan werna loro, yaiku gembira nalika buka (rampung anggone pasa), lan gembira nalika ketemu karo Pangerane besuk ana ing dina kiyamat”.
            Kita nembe kemawon medal saking wulan Ramadhan. Lan “Iedul Fitri ing dinten punika kita pahargya sesarengan. Kalih-kalihipun, pengamalanipun ibadah siyam lan pahargyanipun ‘Iedul Fitri, jelas mujudaken setunggal rerangkeaning pengibadahan dhateng Allah, ingkang pancen boten saged dipun pisah-pinisah. Tanpa pengalaman siyam ing wulan Ramadhan, kegembiraan ing ‘iedul Fitri boten badhe kaparingaken.Tanpa wanten perjuangan, boten badhe wonten kemenangan ingkang saged dipun gayuh . Lan kemenangan punika piyambak,  nembe saged dipun gayuh saksampunipun tiyang berjuang kanthi ngetog kekiyatanipun, lan ngorbanaken sedaya kemampuanipun. Sahingga Ramadhan ingkang minangka sanepaning satunggalipun perjuangan, lan raos syukur kita atas dhatengipun ‘Iedul Fitri saged dipun anggep minangka lambanging kamardikan jiwa saking godaan hawa nefsu.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
            Salebetipun mahargya dinten Iedul Fitri makaten punika, wanten cara kalih ingkang sampun dipun garisaken dening Allah SWT. Ingkang sepisan, awujud sesambetan antawisipun Khaliq lan makhluq, inggih punika ingkang dipun sebat “hablum minallah”, lan ingkang angka kalih, ningkataken hubungan kasih sayang ing antawisipun sesam makhluq, ingkang dipun sebat “hablum minannas”. Ingkang kapisan dipun tindakaken sarana ngegungaken asmanipun Allah :  “Allahu akbar, laa ilaaha illallah walillahil hamdu”.     
            Wondene cara ingkang kaping kalihipun, sakderengipun ngawontenaken sesambetan dhumateng Allah, kaum muslimin ingkang mampu, langkung rumiyin kedah netepti kewajiban dhateng sesami, khususupun dhumateng para fakir miskin, sarana mbayaraken zakat fitrahipun, minangka  “Tuhratan lis shaaimiin wathu’matan lil masaakiin”, pensuci jiwanipun tiyang ingkang nindakaken siyam. Zakat fitrah mujudaken simbul saking solidaritas lan kesetiakawanan sosial ing kalanganipun umat Islam, saksampunipun ngraosaken ngelak lan ngelih ing wulan ramadhan,  kanthi pangajab kaum dhuafak ing dinten punika saget ngraosaken swasono Iedul Fitri kanthi gumbiraning manah.   
Mila pancen kasinggihan, bilih ingkang ngraosaken kebahagiaan lan kegembiraan ingkang hakiki, mbaten sanes kejawi namung tiyang ingkang menghayati saha ngamalaken piyambak dhawuhipun Allah SWT. Sepindah malih, kanthi waosan Alhamdulillahi rabbal ‘alamin, kanthi pitulunganipun Allah, kanthi welas asihipun Allah lan kanthi hidayah saha taufikipun Allah, kita sedaya kaum muslimin saget ngestokaken dhawuh punika kanthi tuntas, nurut tata cara lan aturan ingkang sampun dipun syariataken dening agami Islam. Tiyang ingkang ngibadahipun makaten punika, pantes sanget lan sampun sakmestinipun manawi nalika cekap saking anggenipun nindakaken kewajiban suci, rumaos seneng, rumaos gumbira lan muji syukur dhumateng Allah SWT.
                Saking raos gumbira lan syukur punika lajeng tukul prentuling manah, wusana nyuwun dhumateng Allah SWT, kanthi satunggaling ucapan do’a :“Mugi-mugi Allah wantena keparengipun nampi pengibadahan kita, lan mugi-mugi wantena kepareingipun ndadosaken kita sedaya dadosa golonganipun tiyang-tiyang ingkang wangsul dhateng kawantenan suci, lan kalebetna golonganipun tiyang-tiyang ingkang bahagia jalaran saget ngestokaken sedaya dhawuhipun Allah, lan mugi-mugi kalebetna golonganipun tiyang ingkang katampi pangibadahipun dening Allah SWT”
Saksampunipun siyam lan nindakaken amaliyah Ramadhan, mugi-mugi kita saestu dados tiyang muttaqin, tiyang ingkang saya ningkat taqwanipun. Jer tujuan ingkang utami ibadah siyam inggih punika supados kita dados kawula ingkang taqwa kanthi saestu. Amargi siyam mengku didikan lan gemblengan kangge jasmani lan rohani. Pramila drajat taqwa ingkang kita tampi sageta kita pertahanaken lan kita lestantunaken. Sifat taqwa kedah tetep kita agem ing sadhengah wekdal lan panggenan. Awit taqwa mujudaken sumber saking sedaya kesaenan lan keutamen, ing ndonya ngantos ing akhirat.
            Ibadah siyam saestu mengku tujuan lan hikmah ingkang paripurna,  nggembleng jiwa kita dados kiyat, watak lan kepribaden kita dados luhur,  sikep kita dados sikep ingkang tansah siap ngadepi sedaya reribet, lan damel disiplin kita dados disiplin ingkang kiyat kados dene waja. Kita medal saking wulan Ramadhan dipun sanepakaken kados dene prajurit ingkang wangsul saking peperangan kanthi mbekta kemenangan, dipun ibarataken bayi ingkang nembe lahir saking kandhunganipun ibu, resik lan suci jiwanipun, lepas saking sedaya kalepatan.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Para sederek kaum muslimin lan muslimat, rakhimakumullah. Jamaah ‘aidin lan ‘aidat ingkang bahagia.
Swasono kita ber-Iedul Fitri ing tahun punika sami kaliyan Iedul fitri ing tahun kepengker. Wanten ing ramadhan lan Iedul Fitri tahun 1433 H punika, kita bangsa Indonesia nembe kemawon mrengeti HUT RI ingkang kaping 67.  Swasono punika ngengetaken kita kaliyan detik-detik Proklamasi Kamardikan Republik Indonesia ingkang dumadas ing wulan Ramadhan. Punika kita aturaken kanthi pangajab, mugia kaum muslimin nyadari bilih kamardikan saking penjajah Belanda mboten kamardikan ingkang final. Ramadhan mboten sekedar namung nyegah dahar lan ngunjuk kemawon, namung kita kantheni kaliyan ngendaleni hawa nefsu. Awit merdikanipun jiwa saking godaan hawa nefsu, badhe tumuju tentremipun manah. lan Idul Fitri minangka kesempatan ingkang sae kagem ndandosi diri pribadi, kangge nggayuh kamardikan ingkang sejatos. 
            kita sedaya bangsa Indonesia, khususipun kita kaum muslimin ingkang nembe kemawon mentas saking ramadhan, Kamardikan RI, tanggal 17 Agustus 1945, mbekta mawarni-warni kenangan lan harapan. Awit nikmat kamardikan menika minangka berkah lan rahmat saking Allah SWT, “Atas berkat rahmat Allah Yang Maha Kuasa dan dengan didorongkan oleh keinginan yang luhur, supaya berkehidupan kebangsaan yang bebas, maka rakyat Indonesia menyatakan dengan ini kemerdekaannya”. Saestu prastowo punika dados bukti kiat bilih wulan ramadhan minagka syahrul jihad. Wulan ing saat kaum muslimin kagungan ghiroh perjuangan kagem njejegaken nagari dalah agami. Sahingga Kamardikan bangsa ingkang sampun kita raosaken saking 67 tahun kepengker punika, mestinipun sampun saget ngentasaken bangsa punika saking sedaya reruwet, nuju kemajengan bangsa ing sedaya bidang, baldatun toyyibatun wa rabbun ghofur. 
Selajengipun nilai kemerdekaan saha perjuanganipun para pahlawan kusuma bangsa punika, sampun sakmestinipun kita tanemaken kagem generasi penerus bangsa milai alit, awit unggulipun ilmi pengetahuan lan tehnologi, kedah kita selarasakan kaliyan unggulipun ahklak.  Lan keseimbangan punika ingkang mangke badhe ngasilaken generasi penerus gegadhanganipun bangsa. Sahingga perjuangan kemerdekaan ingkang ing rikala samanten dipun rebut kanthi wutahipun erah saha tetesan luh, namung kangge nuju masyarakat Indonesia ingkan majeng lahir batosipun, anggadahi pagesangan ingkang sejahtera, adil lan makmur.
Temtu kemawon  kangge nuju masyarakat Indonesia ingkang majeng lahir batosipun, kita bangsa Indonesia taksih kedah ngadepi mawarni-warni pacoben ingkang awrat, ing antawisipun babagan koropsi, penegakan hukum, bencana alam, lan ugi masalah ekonomi, ingkang kedah terus kita upadi murih saget dipun raosaken hasilipun kagem sedaya masyarakat Indonesia lan terus mbetahaken partisipasi kita bangsa Indonesia secara sesarengan.
Sahingga kanthi kesadaran, saha ningkatipun raos iman lan taqwa, kita beridul fitri mbaten sarana bermewah-mewahan lan pemborosan. Satunggalipun syair nyebadaken :“Idul Fitri iku dudu hak milik kanggone wong-wong kang nyandang nganggo sarwa anyar lan mangan ngombe sarwa mewah, namging Idul Fitri iku duweke wong-wong kang wis bisa ningkatake ketaatane marang Allah lan utusane”.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Para sederek kaum muslimin lan muslimat, rakhimakumullah. Jamaah ‘aidin lan ‘aidat ingkang bahagia.
Kanthi sikep keteladanan lan syukur dhumateng Allah SWT, mujudaken modal dasar salebetipun kita ber-Idul Fitri. Lan salajengipun kita namung badhe ngutamekaken amalan-amalan ingkang pancen dados syariat agami Islam, mboten ngumbar hawa nefsu, ngetok kekajengan lan nuruti pepinginan ingkang lelawanan kalian tuntunan agami Islam.                                                 
Ing tengah-tengaipun swasono gumbira, kados ing saat punika, wanten kalimat ingkang asring kita aturaken, inggih punika kalimat “minal ‘aidin wal faidzin” kanthi panyuwun mugi-mugi Allah SWT ndadosaken kita kalebet golonganipun tiyang ingkang wangsul dhateng kesucian lan pikantuk kabekjan. Lan saksampunipun shalat Idul Fitri, kita nuli sami salam-salaman, ngapunten-ingapuntenan, halal bihalal lan bersilaturahmi dhumateng para sanak kadang lan sedherek.
Para sederek kaum muslimin lan muslimat, rakhimakumullah. Jamaah ‘aidin lan ‘aidat ingkang bahagia.
Akhiripun kanthi hikmah Idul Fitri kita tingkataken iman lan taqwa nuju mardikaning jiwa , sumangga kita tingkataken partisipasi kita wanten ing babagan kesaenan, kalebet partisipasi kita ing babagan pembangunan wanten ing sedaya bidang selaras kaliyan pakaryan lan profesi kita piyambak-piyambak. Sahingga kacipta masyarakat ingkang  adil makmur kanthi ridlo Allah, baldatun thoyyibatun wa rabbun ghofuur, bekja fi dun ya wal akhirah. Amin ya rabbal ‘alamin.
Selajengipun kangge penutup khotbah, sumangga kita ngeningaken manah kita, nyuwun dhumateng Allah SWT kanthi ihklas karana Allah, mugi-mugi sedaya panjangka kita saget dipun kabulaken Allah SWT.
           

Tidak ada komentar:

Posting Komentar