Selasa, 12 Mei 2015

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :ISRA’ MI’RAJ NABI MUHAMMAD SAW



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
ISRA’ MI’RAJ NABI MUHAMMAD SAW
Dening : ANIS PURWANTO

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Kegem pambukaning khutbah, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga wanten ing siyang punika kita sedaya saget nindakaken dawuhipun, kanthi ihklas karana Allah. Mugi-mugia kita saget manggih kawilujengan ing donya dalah ing akhirat. Shalawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Dinten Jum’at Wage tanggal 15 Mei 2015 samangke punika kleres nyarengi tanggal 26 Rejeb 1436 H, ingkang ateges mangke dalu kita kepanggih malih kaliyan satunggaling saat ingkang mengku sejarah penting, inggih punika Isra’ lan Mi’rajipun junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Isra’ Mi’rajipun Gusti Rasulullah SAW minangka satunggalipun kedadosan ingkang mboten nate dipun alami dening sinten kemawon kejawi namung panjenenganipun ingkang minangka utusanipun Allah ingkang pungkasan. Pramila saking punik, Isra’ Mi’raj mujudaken prastowo suci, lan sekaligus minangka mukjizat kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Prastowo Isra’ Mi’raj tumrapipun kita kaum muslimin kalebet ewonipun kedadosan ingkang wajib kita imanii wontenipun. Awit manawi mboten makaten, saged dados cacad iman lan aqidahipun, jalaran prastowo Isra’ Mi’rajipun Kanjeng Nabi punika jer sampun dipun tetepaken wonten ing Kitab suci Al-Qur’an, Kados kasebat ing Surat Al-Isra’ ayat 1 :

سُبۡحَـٰنَ ٱلَّذِىٓ أَسۡرَىٰ بِعَبۡدِهِۦ لَيۡلاً۬ مِّنَ ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡحَرَامِ إِلَى ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡأَقۡصَا ٱلَّذِى بَـٰرَكۡنَا حَوۡلَهُ ۥ لِنُرِيَهُ ۥ مِنۡ ءَايَـٰتِنَآ‌ۚ إِنَّهُ ۥ هُوَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡبَصِيرُ
“Maha suci Allah Kang nglakikake kawulane ana ing mangsa bengi, dilakokake saka Masjidil Haram tumeka marang Masjidil Aqsha, kang Ingsung wis paring berkah ana ing kiwa tengene, jalaran Ingsun ngersakake miirsakake dheweke, Sun pirsakake marang sebagian tandha-tandha kuwasaning-Sun. satemene Panjenengane Allah iku Maha midhanget lan Maha Mirsani”.
            Ayat punika nerangaken, bilih Allah SWT kepareng paring keyakinan dhumateng kita sedaya bilih Panjenenganipun punika Dzat Ingkang Maha Kuwaos, Maha Prakoso, nanging ugi Maha Welas Asih. Kanjeng Nabi dipun dhawuhi ngraosaken lan mirsani piyambak tandha-tandha kuwaosipun Allah ingkang gumelar wonten ing perjalanan israkipun, punapa malih nalika panjenenganipun dipun mi’rajaken ngantos dumugi ing Sidratul Muntaha, lan saged sowan langsung wonten ing Ngarsanipun Allah SWT.
            Maksud lan tujuan pokokipun Isra’ Mi’raj punika manut garis agengipun kabagi dados kalih, inggih punika : Setunggal, Allah SWT kepareng mirsakaken dhateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW sebagian tandha-tandha kuwaosipun Allah. Ingkang kaping kalih ; Allah kepareng paring tugas kuwajiban dhateng kanjeng Nabi lan sedaya ummatipun. Tugas kewajiban punika awujud shalat fardlu gansal wekdal sedinten sedalunipun.
            Tujuan ingkang winengku wonten salebetipun prastowo sakral punika     tetela mengku piwucal lan hikmah ingkang sakelangkung ageng. Lan selaras kaliyan kalenggahipun Rasulullah ingkang minangka utusanipun Allah ingkang pungkasan lan pemimpinipun manungsa sejagad. Mila sampun tepat sanget manawi Rasulullah SAW katimbalan dening Allah SWT, kadhawuhan marak sowan wonten ing ngarsanipun, jalaran badhe kaparingan tugas ingkang sakelangkung wigatos makaten punika.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
        Nengingi tindakipun Rasulullah SAW wonten salebetipun Isra’ ingkang dipun ngendikaaken kathi MINAL MASJIDIL HARAMI ILLA MASJIDIL AQSHAA. Sahingga perjalanan Isra’ punika intinipun perjalanan saking masjid dhateng masjid. Lan salajengipun dipun terusaken Mi’raj, saking masjid dhateng Sidratil Muntaha lan terus dhateng Mustawa.
Saking prastowo ageng punika kita saged mendhet piwucal bilih proses dhateng kuwajiban shalat fardlu punika kanthi cara langsung nimbali Rasulullah supados sowan, lan nalikanipun sowan edah sarana tindak kanthi kawiwitan saking panggenan ingkang suci, lan nglangkungi panggenan ingkang suci ugi, inggih punika masjid.
Kanthi makaten kita lajeng faham bilih wonten salebetipun prastowo Isra’ Mi’raj Rasulullah SAW punika masjid anggadhahi fungsi lan peranan ingkang sakelangkung penting. Saking punika kita lajeng saged mendhet hikmahipun malih, bilih wonten salebetipun kawontenan kados punapa kemawon, kita ummat Islam sampun nyupekaken dhateng masjid, ingkang ateges sampun ngantor nyupekaken dhateng  ibadah dhumateng Allah SWT. Awit namung tiyang ingkang iman saha taqwa kemawan tiyang ingkang saged makmuraken masjid, kanthi nindakaen ibadah dhumateng Allah SWT, salah satunggalipun inggih punika shalat fardlu 5 wekdal.
(١٧) إِنَّمَا يَعۡمُرُ مَسَـٰجِدَ ٱللَّهِ مَنۡ ءَامَنَ بِٱللَّهِ وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأَخِرِ وَأَقَامَ ٱلصَّلَوٰةَ وَءَاتَى ٱلزَّڪَوٰةَ وَلَمۡ يَخۡشَ إِلَّا ٱللَّهَ‌ۖ فَعَسَىٰٓ أُوْلَـٰٓٮِٕكَ أَن يَكُونُواْ مِنَ ٱلۡمُهۡتَدِينَ
“Satemene kang bisa lan sagun makmurake masjid-masjide Allah iku mung wong-wong kang iman marang Allah lan iman marang dina kiyamat lan kang ngedegne shalat, lan kang mbayarake zakat; lan ora wedi marang sapa bae kejaba mung marang Allah. Mula, muga-muga wong-wong mau kalebu golongane wong-wong kang entuk pitulungan”. (QS. At-Taubah :18).
 Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Ingkang pungkasan, keparengan kita aturaken bilih mesjid wanten gandheng cenengipun kaliyan babagan shalat, lan shalat anggadhahi fungsi lan peranan ingkang sakelangkung penting sanget menggah umat Islam. Pentingipun shalat , ing antawisipun katitik shlat ingkang sapisanan badhe dipun hisab wanten yaumul kiyah :
Awwalu maa yuhasabu bihil ‘abdu yaumal qiyaamati ashshalaatu (yang pertama kali kelak di hisab pada hari Kiamat adalah ibadah shalat)”. Wallahu a’lam bishshawab.

“Kapisanane barang kang dihisap atas sewiji wijining kawula besuk ana ing dina kiyamat, yaiku shalat. Yen shalate becik, sakabehe ngamale saliyane shalat uga dietung becik. Nanging yen shalate rusak (ala) kabeh amale uga dadi rusak”.
            Makaten pengaruhipun shalat tumrap nasibipun para tetiyang ingkang sampun ngakeni dados tiyang Mukmin-Muslim. Mila saking punika, sumangga bab shalat punika kita gatosaken kanthi saestu. Makaten ugi dhateng keluarga kita, pengamalan shalat ugi wajib kita didikaken, kita tuntunaken kanthi disiplin ingkang kiyat lan kebak tanggel jawab.

وَأۡمُرۡ أَهۡلَكَ بِٱلصَّلَوٰةِ وَٱصۡطَبِرۡ عَلَيۡہَا‌ۖ لَا نَسۡـَٔلُكَ رِزۡقً۬ا‌ۖ نَّحۡنُ نَرۡزُقُكَ‌ۗ وَٱلۡعَـٰقِبَةُ لِلتَّقۡوَىٰ.
“Lan sira prentaha marang keluwarganira supaya ngedegake shalat, lan sabarna atine ana sajrone nindakake shalat. Ingsun ora mundhud rizki marang sira, malah Ingsun kang paring rizki marang sira. Akibat kang becik iku kaparingake marang kang taqwa’. (QS. Thoha : 132).

            Pramila ing ndalem kita mrengeti Isra’ Mi’raj Kanjeng Nabi Muhammad SAW, mugia kita saged mendhet hikmahipun, inggih punika peningkatan taqwa dhumateng Allah SWT tuwin peningkatanipun ketaatan dhumateng Allah lan utusanipun. Punika ingkang paling pokok, liripun, manawi ibadah shalat sampun kita tindakaken kanthi sampurna, insya Allah urusan sanesipun ugi badhe dados sae sedaya, kalebet urusan kadonyan lan kemasyarakatan kita. Mila sumangga kita tansah nyenyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi Pangeran tansah paring hidayah, taufiq dhateng kita sedaya, manggih kagegjan lan kawilujengan ing ndonya dalah ing akhirat. amin ya rabbal 'alamin.





Tidak ada komentar:

Posting Komentar