Kamis, 09 Oktober 2014

KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA : ENTHENG ING BABAGAN KESAENAN



KHUTBAH JUM’AT
ENTHENG ING BABAGAN KESAENAN
Dening : ANIS PURWANTO

Hadirin Jamaah Jum’ah, rakhimakumullah.
            Kagem pambukaning khutbah, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga wanten ing siyang punika kita sedaya saget nindakaken ibadah jum’ah, kanthi ihklas krana Allah SWT. Mugi-mugi kita saget manggih kawilujengan ing donya dalah ing akhirat. Shalawat saha salam katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW.
Hadirin Jamaah Jum’ah, rakhimakumullah.
            Dinten Jum’ah punika dinten ingkang kawitan saksampunipun kita nindakaken sawerninipun kegiatan magepokan kaliyan mangayubagya ariyadin Idul adha, malah sakderengipun kita sampun sesarengan mangayubagya Idul Fitri. Pramila saking punika ateges sampun jangkep anggen kita sesarengan ngraosaken mongkok dalah gumbiraning manah. Selajengipun mestinipun kita lajeng ancang-ancang miwiti sawenehipun kesaenan, sae ing babagan pagesangan ing ngalam ndonya, langkung-langkung pagesangan kita ing akhirat mbenjang, ngantos dhatengipun kalih ariyadin, Idul fitri lan Idul Adha tahun ngajeng.
            Mila ing ngriki kita lajeng dipun engetaken dhateng satunggalipun nasehat, bilih miwiti sawenehipun pedamelan kanthi sae, ateges sampun ngrampungaken sepalih pendamelan punika kalawau. Jumbuh kaliyan conto luhur Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ing saben-saben enjang panjenenganipun atur panyuwun : “Allahumma inni as aluka ‘ilman naa’imaan wa rizqon thoyyiban wa ‘amalan mutaqobbalaan”. Ingkang artosipun : “Ya Allah, estu kawula nyuwun dhumateng Paduka ilmu ingkang manfaat, rezki ingkang sae, lan amal ingkang dipun tampi”. (Sunan Ibnu Majah).
Hadirin Jamaah Jum’ah, rakhimakumullah.
            Manawi hadis punika kita taliti, pranyata Kanjeng Nabi SAW negesaken panyuwun werni tiga ing saben-seben enjang, inggih punika, ilmu, rizki lan ketampinipun sedaya amal kesaenan. Saestu kita mboten selak, inggih tigang perkawis punika mujudaken perkawis ingkang inti wonten ing salebetipun gesang. Saben-saben manungsa mesti mbetahaken tambahan ilmu, ilmu punapa kemawon, langkung-langkung ilmu agami, ingkang minangka sarana kagem sampurnanipun ibadah kita. Ingkang ongko kalih, kita mesti mbetahaken rizki, rizki ingkang sae dalah halal, minangka kebetahan pokok agesang, utaminipun babagan pangan, sandang dalah papan. Lan ingkang penting malih, kita kepingin sedaya amal dipun tampi dening Allah SWT. Ingkang menika mujudaken perkawis ingkang paling penting.
            Allah SWT sampun paring pemut, engkang kasebat ing Al-Qur’an Surat Az-Zumar ayat 65 :

وَلَقَدۡ أُوحِىَ إِلَيۡكَ وَإِلَى ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِكَ لَٮِٕنۡ أَشۡرَكۡتَ لَيَحۡبَطَنَّ عَمَلُكَ وَلَتَكُونَنَّ مِنَ ٱلۡخَـٰسِرِينَ
 “Wis tenan-tenan diparingake minangka wahyu marang sira lan marang wong-wong (para Nabi lan Rasul) sakdurungira (kang paring dhawuh) : “Yen sira tumindak syirik, mula mesti bakal pedhat amalira (saka ganjarane), lan sira mesti bakal dadi golongane wong-wong kang rugi”.
            Mila saking punika, sumangga kita estu-estu niyataken kangge nanem kesaenan sakathah-kathaipun kangge diri, keluwarga lumeberipun dhumateng masyarakat. Kuncinipun, dumunung wonten ing ilmu ingkang manfaat, rezki ingkang berkah lan halal, saha katampinipun sedaya amal kita. Sedaya punika kedah dipun wiwiti saking badan kita piyambak-piyambak, kagem anggayuh kautamen lan ridha saking ngarsanipun Allah, kanthi taat sataat-taatipun dhumateng Rasulullah SAW.
            Atur makaten punika jumbuh kaliyan pangandikanipun Allah SWT, ingkang kasebat wonten ing Surat Al-Hasyr ayat 7 :
وَمَآ ءَاتَٮٰكُمُ ٱلرَّسُولُ فَخُذُوهُ وَمَا نَہَٮٰكُمۡ عَنۡهُ فَٱنتَهُواْ‌ۚ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ‌ۖ إِنَّ ٱللَّهَ شَدِيدُ ٱلۡعِقَابِ        
 “Lan tampanen (tindakna) apa bae kang ditekakake Rasul marang sira, lan tinggalna apa bae kang Rasul penging tumrapira. Lan padha taqwa-a sira marang Allah, satemene Allah iku abot banget pasiksane”.
Hadirin Jamaah Jum’ah, rakhimakumullah.
            Kangge anggayuh karidhoaan Allah dalah taat dhumateng Rasulullah SAW punika, kedah kita bayar kanthi pengorbanan ingkang mboten entheng. Sapunika kantun kita piyambak-piyambak, suwarga punika mila awis reginipun, lan kedah dipun perjuangaken kanthi punapa kemawon, wekdal, tenaga, pikiran, bondho donya, lan bilih perlu, saget ugi kanthi nyorohaken nyawa. Kita ihklas nindakaken sawerninipun kesaenan kagem anggayuh kabekjan lan kamulyan ing donya dalh ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar