Kamis, 13 November 2014

KHUTBAH BAHASA JAWA : TUMUJU DHATENG HIDAYAHIPUN ALLAH SWT



KHUTBAH JUM’AT
 TUMUJU DHATENG HIDAYAHIPUN ALLAH SWT
Dening: ANIS PURWANTO

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

Wonten ing kesempatan Jum’at siyang sapunika, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, awit ngantos ing detik punika Alhamdulillah kanthi karunianipun Allah SWT, kita taksih kabimbing iman lan Islam sarta kesadaran kagem nindakaken kewajiban ibadah Jumat. Mugia shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, sahabat lan sedaya penderekipun, kalebet kita sedaya. Amin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Mboten wonten perkawis ingkang langkung wigatos ingkang kedah tansah kita gatosaken katimbang kaliyan hidayahipun Allah SWT. Hidayahipun Allah mboten saged kita ijolaken kanthi donya lan punapa kemawon ingkang dados isinipun. Wondene marginipun dhateng hidayah punika estunipun kathah sanget. Sak thek kliweripun panggesangan ingkang arupi punapa kemawon punika estunipun saged dados pancadipun lampah dhateng pangresepipun hidayah . Mila namung tiyang ingkang anggadhahi iman lan taqwa kemawon ingkang saged waskitha dhateng ayat-ayatipun utawi tanda-tanda kuwaosipun Allah SWT.  Kasebat ing Al-Qur’an Surat Al-Insyiqaq ayat 6 :

يَـٰٓأَيُّهَا ٱلۡإِنسَـٰنُ إِنَّكَ كَادِحٌ إِلَىٰ رَبِّكَ كَدۡحً۬ا فَمُلَـٰقِيهِ
“He para manungsa kabeh, satemene sira lagi toh raga mbudi daya tumuju marang Pangeranira nganti kepati-pati, mula sira bakal nemoni Pnjenengane”. 

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

            Ayat punika tetela paring pemut, bilih punapa kemawon ingkang kita ayahi wonten ing ngalam ndonya punika, sae ingkang ngremenaken utawi ingkang ndamel susah, sedaya punika minangko margi ingkang badhe nglantaraken kita dhumateng ngarsanipun Allah SWT. Awit rahmatipun Allah punika langkung agung lan langkung ageng tinimbang donya lan isinipun. Sifatipun pagesangan ingkang arupi kadonyan mboten wonten ajinipun manawi sih katresnanipun Allah mboten dipun paringaken dhateng kita, sedaya punika mila namung badhe dhawah percumah. Badan wadhak ketawis gesang, ananging estunipun namung awujud raga ingkang pejah. Kasebat ing Al-Qur’an Surat Al-Anfal  ayat 24 : 

يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱسۡتَجِيبُواْ لِلَّهِ وَلِلرَّسُولِ إِذَا دَعَاكُمۡ لِمَا يُحۡيِيڪُمۡ‌ۖ وَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّ ٱللَّهَ يَحُولُ بَيۡنَ ٱلۡمَرۡءِ وَقَلۡبِهِۦ وَأَنَّهُ ۥۤ إِلَيۡهِ تُحۡشَرُونَ ÇËÍÈ  
“He wong-wong kang padha iman ! Tetepana kanggo Allah lan kanggo Utusane , menawa Allah lan Utusane iku ngajak-ajak sira kabeh marang perkara kang bakal nguripake sira. Lan sira padha ngertia, manawa Allah iku ndunungake wates ing antarane manungsa lan atine, lan satemene mung marang Panjenengane sira kabeh bakal dikumpulake ”.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

            Allah SWt tetela sampun paring jaminan bilih tujuan gesang ingkang hakiki inggih punika gesang mligi kangge nggayuh ridhanipun Allah lan ndhedhepe dhumateng Panjenenganipun. Awit jaminanipun Allah mila leres saestu, “wa maa ‘indallohii khoirun  wa abqa” , lan apa bae kang ana ing sisine Allah iku mujudake kanikmatan kang luwih apik lan luwih langgeng”. Kanthi kanikmata ingkang langkung sae, langkung sekeca lan langkung abadi, kabandhing kaliyang kanikmatan ing ngalam ndonya punika,
            Pramila saking punika Hidayahipun Allah saestu awis sanget reginipun, kados punapa hebadipun saha gebyaripun pagesangan kadonyan kita, manawi mboten pikantuk hidayah sedaya punika  badhe muspra. Sahingga sampun sakmestinipun bilih hidayahipun Allah ingkang arupi  iman lan taqwa punika kedah kita syukuri lan ugi kita ugemi dados landhesan gesang kita punika. Puna[a malih kita jejeripun kawula ingkang anggadhai sifat remen dhumateng gebyaripun lan kesenengan kadonyan, malah saben-saben tiyang mesti mboten uwal saking pagesangan , sahingga kita lajeng berjuang sekuat tenaga kangge mbudidaya nggayuh panggesangan ingkang langkung sae.  Kasebat ing Al-Qur’an Surat An-Nahl ayat 97 :

مَنۡ عَمِلَ صَـٰلِحً۬ا مِّن ذَڪَرٍ أَوۡ أُنثَىٰ وَهُوَ مُؤۡمِنٌ۬ فَلَنُحۡيِيَنَّهُ ۥ حَيَوٰةً۬ طَيِّبَةً۬‌ۖ وَلَنَجۡزِيَنَّهُمۡ أَجۡرَهُم بِأَحۡسَنِ مَا ڪَانُواْ يَعۡمَلُونَ
“Sapa wonge sing nindakake amal saleh, lanang utawa wadon, ana sajrone kahanan iman, temenan bakal Sun paringi marang dheweke kauripan kang becik, lan temena Ingsun bakal paring piwales marang dheweke kanthi ganjaran kang luwih becik tinimbang apa-apa sing wis ditindakake dening dheweke”.
            Kathahipun kita nggadhahi pemenggih bilih pagesangan ingkang sae punika dumunung wonten kathahipun pagesangan, khususipun ing babagan bondo donyo, inggilipun pangkat lan drajat. Bilih punika dadon ukuranipun, tartamtu kathah sanget tiyang ingkan iman taqwa sarta gesangipun istiqomah ing ndalem nindakaken sedaya dhawuhipun Allah SWT, mboten saget ngraosaken pagesangan ingkang langkung sae, pramila lajeng ukuranipun mboten makaten, ananging sedaya dumunung wonten ing hidayahipun Allah SWT. Ingkang kuncinipun :
Setunggal, nindakaken amal shaleh ,inggih punika sedaya amal kesaenan ingkang saged nuwuhaken manfaat utaminipun kagem badan kita piyambak, keluawarga dalah masyarakat.  Ingkang angka kalih, iman. Amargi sedaya amal kesaenan manawi mboten dipun landesi iman ingkang kiyat, sedaya mboten wonten ajinipun. Mila ing akhiripun sumangga kita gayung pagesangan ingkang langkung sae, kanthi lelandasan hidayahipun Allah SWT, tetap ing ndalem nindakaken amal shaleh, nindaken sedaya dhawuhipun lan ninggalaken awisanipun. Kangge nggayuh kawilujengan ing ndonya dalah ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar