Kamis, 31 Oktober 2013

KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA : NUTUP TAHUN 1434 H LAN NGLEBETI TAHUN 1435 H



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
NUTUP TAHUN 1434 H LAN NGLEBETI TAHUN 1435 H
Dening : ANIS PURWANTO

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Kegem pambukaning khutbah, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga wanten ing siyang punika kita sedaya saget nindakaken dawuhipun, kanthi ihklas karana Allah. Mugi-mugia kita saget manggih kawilujengan ing donya dalah ing akhirat. Shalawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Jum’at Wage dinten punika, kleres tanggal 1 Nopember 2013 mujudaken dinten jum’at pungkasan tumrapipun tahun 1434 H ,awit  tigang dinten malih kita sampun lumebet wanten ing warsa enggal tahun 1435 H, tepatipun mbenjang dinten Seloso Pon tanggal 5 Nopember 2013,  tanggal 1 wulan Muharan 1435 utawi ingkang asring kta sebad wulan Suro. Pramila saking punika kangge nglebeti tahun 1434 H mangke, kita mesti kemawon wajib siap-siap. Wondene persiapan ingkang paling baken inggih punika syukur lan taqwa dhumateng Allah SWT.
Kita wajib muji syukur dhumateng Allah dipun paringi umur panjang saged menangi telasipun tahun 1434 H lan dhatengipun tahun 1435 H, insya Allah. Mugi-mugi kita kalebet ewonipun tiyang engkang pikantuk kabekjan wiwit ing donya ngantas ing akhirat mbenjang. Sahingga dhatengipun tahun 1435 H sekedhap malih punika kita dadosaken pendorong, mugi-mugi iman saha taqwa kita saya dangu sangat ningkat bijinipun. Amal saha ibadah kita dados saya ageng manfaatipun, sedaya kekirangan saget kita dandosi, sedaya kekirangan kita , syukur-syukur saget kita icali babar pisan kita gantos kaliyan “AL-A’MALUSH SHALIHAAT”, amal shaleh.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Sawenehing cara supados kawantenan kita ing mangsa-mangsa ingkang badhe dateng punika dados langkung sae tinimbang mangsa-mangsa kepengker, kita supados ngawontenaken evaluasi utawi panaliten dhateng amal-amal kegiatan kita ingkang sampun-sampun. Bab punika jer sampun dipun aturakenwanten QS Al Hasyr ayt 18:

يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَلۡتَنظُرۡ نَفۡسٌ۬ مَّا قَدَّمَتۡ لِغَدٍ۬‌ۖ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ‌ۚ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرُۢ بِمَا تَعۡمَلُونَ
 “He wong-wong mukmin ! Sira kabeh padha taqwa-a marang Allah. Lan saben wong supaya nggatekna marang sakabehe amale kang wis ditindakake ana ing mangsa-mangsa kepungkur kanggo kemaslahatane dheweke ing dina sesuk. Lan sira kabeh padha taqwa-a marang Allah. Satemene Allah iku Maha Ngawuningani apa bae kang kok tindakake”.
            Evaluasi utawi panaliten punika temtu kemawon mbaten namung lumampah kangge person kemawon, namun saben tiyang Islam lan sedaya kaum muslimin. Sahingga kanthi panaliten punika, kita saget mangertos sedaya kekirangan, nuju kasampurnanipun ing sedayanipun. Sebab, Yektosipun kita sedaya sampun sami mangertos bilih sedaya amal ibadah punika sae, sae menggahipun kita saha menggahipun Allah. Namung terkadang karana kirangipun kedasaran andadosaken kita lajeng lirwa, rumaos kirang penting, ora pati manfaat, punapa malih bilih kaukur kanthi nilai materi, wekdal ingkang kagem ngibadah rumaos kabuang percuma. Nanging badhea kados punapa kemawon, manawi kita sedaya sami jujur, estunipun kita punika kagungan iman, kagungan pepinginan khusuk ngibadah, shalat kita pingin mboten gothang. Cekak atur, kita pingin nindakaken sadaya amal kesaenan lan kepingin ninggalaken sadaya awisanipun Allah. Kuncinipun kantun kita piyambak-piyambak, pingin nindakaken, punapa mbaten, sakmenika punapa mbenjang-mbenjang.
            Kanthi makaten para sederek, mestinipun kita sampun saget mbiji dumateng kita piyambak, ugi dhumateng sedaya amal, sae ingakng gegayutan kaliyan urusan kadonyan langkung-langkung urusan keakhiratan, sampun kasil punapa dereng, sampun mbekta manfaat punapa dereng. Hasil saking etung-etung punika badhe kita dadosaken modal utami kagem mlangkah ing wekdal-wekdal ingkang badhe dateng. Sebab, meskipun sekedik, kita yakin kita sampun nindakaken kesaenan, lan punika mesti wanten faedahipun kagem gesang lan pagesangan kita, lha saeba maremipun bilih anggen kita nindakaken kesaenan punika kaetang sampun kathah, lan sampun sampurna. Namun, sedaya punika patut kita syukuri, karana ngantos ing titi wanci punika kita taksih dipun paringi wekdak kagem ngawontenaken niti-niti dumateng diri kita piyambak. Lan menggahipun Allah taqwa minangka biji ingkang paling inggil.
Al-Qur’an Surat Al-Hujarat ayat 13 nyebadaken:
إِنَّ أَڪۡرَمَكُمۡ عِندَ ٱللَّهِ أَتۡقَٮٰكُمۡ‌ۚ
”Satemene wong kang paling mulya ing ngarsane Allah, ing antarane sira kabeh, yaiku wong kang paling taqwa marang Panjenengane”.
           
            Mugi-mugi ayat dhawuhipun Allah punika saged saya nambahi gumregah lan gumregut ing semangat kita anggenipun badhe terus ningkataken ketaqwaan kita dhumateng Allah sarana nindakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi saking sawarnining awisanipun.
            Akhiripun, mumpung sekedap malih kita taksih dipun engetaken kanthi wantenipun peristiwa pergantian warsa enggal, wiwit sapunika kita sami cancut tali wanda,  ngribah kekirangan kita ing wekdal kawuri, kagem kesaenan ing wekdal saklajengipun. Sumangga dzikir etung-etung ing akhir tahun punika, saestu kita dadosaken bahan niti utawi instrospeksi diri, kagem ndandosi kekirangan, nambah ingkang kirang, ningkataken ingkang sampun sae. Kanthi makaten mugia kita kagolong tiyang ingkang untung, wilujeng ing donya ngantos ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin. (Diambil dari berbagai sumber).





Tidak ada komentar:

Posting Komentar