Selasa, 22 Oktober 2013

KHUBAH JUM'AT BAHASA JAWA : ENGET DHUMATENG ALLAH SWT



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
ENGET DHUMATENG ALLAH SWT
Dening : ANIS PURWANTO


Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Kegem pambukaning khutbah, sumangga kita aturaken puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga wanten ing siyang punika kita sedaya saget nindakaken dawuhipun, kanthi ihklas karana Allah. Mugi-mugia kita saget manggih kawilujengan ing donya dalah ing akhirat. Shalawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Enget dhumateng Allah SWT utawi Dzikrullah mujudaken salah satunggalipun dhawuh ingkang wajib kita estokaken, engkang saget mbekta dhateng kebahagiaaning gesang ing ndonya dalah ing akhirat. Atur punika selaras kaliyan dhawuh pangandikanipun Allah SWT, kasebat ing Al-Qur’an Surat Jum’ah ayat 10 :
وَٱذۡكُرُواْ ٱللَّهَ كَثِيرً۬ا لَّعَلَّكُمۡ تُفۡلِحُونَ
“Lan sira kabeh padha ngakeh-ngakehhna anggonira eling marang Allah supaya sira kabeh oleh kabegjan”.
            Lan ingkang jelas kanthi enget dhumateng Allah SWT, manah kita lajeng saget dados tentrem. Kados kasebat wanten ing Surat Ar-Ra’du ayat 28 :
أَلَا بِذِڪۡرِ ٱللَّهِ تَطۡمَٮِٕنُّ ٱلۡقُلُوبُ
“Elinga! Yen mung kanthi eling marang Allah ati-atine para manungsa iku bisa dadi tentrem”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Saking kalih ayat punika, insya Allah kita saged mendhet piwucal ingkang adiluhung. Sepisan, bilih ngathah-ngathahaken enget dhumateng Allah punika dados penyebab kagayuhing kebahagiaan lan kesejahteraan gesang. Angko kalih, enget dhumateng Allah punika mahanani tentreming manah. Kalih-kalihipun mutlak dados kebetahan gesang ingkang utami. Dene caranipun inggih punika kaperang dados kalih, sepisan kanthi nindakaken shalat gangsal wekdal. Sebab sholat pancen satunggalipun kaifiyah kangge enget dhumateng Allah. Hal punika kita dhasaraken atas dhawuh pangandikanipun Allah SWT, QS Thoha ayat 14 :

إِنَّنِىٓ أَنَا ٱللَّهُ لَآ إِلَـٰهَ إِلَّآ أَنَا۟ فَٱعۡبُدۡنِى وَأَقِمِ ٱلصَّلَوٰةَ لِذِڪۡرِىٓ
“Satemene Ingsun iki yaiku Ingsung Allah. Ora ana pangeran kang sabener-benere kejaba Ingsung. Mula saka iku sira nyembaha marang Ingsung. Lan sira ngedegna sholat kanggo eling marang Ingsun”.
            Lajeng cara ingkang angka kalih , inggih punika enget dhumateng Allah ing sanjawinipun sholat.  Caranipun sepindah, kanthi nggatosaken alam semesta ciptaanipun Allah SWT. Wonteng ing bab punika Allah sampun ngendika kados kasebat ing QS Ali Imran ayat 190 :
إِنَّ فِى خَلۡقِ ٱلسَّمَـٰوَٲتِ وَٱلۡأَرۡضِ وَٱخۡتِلَـٰفِ ٱلَّيۡلِ وَٱلنَّہَارِ لَأَيَـٰتٍ۬ لِّأُوْلِى ٱلۡأَلۡبَـٰبِ
“Satemene ana sajrone kedadiane langi lan bumi lan gilir gumantine bengi lan rina iku nyata-nyata mujudake tandha bukti kuwasane Allah tumrape wong-wong kang duwe akal pikiran kang nggunakake akal pikirane”.

ٱلَّذِينَ يَذۡكُرُونَ ٱللَّهَ قِيَـٰمً۬ا وَقُعُودً۬ا وَعَلَىٰ جُنُوبِهِمۡ وَيَتَفَڪَّرُونَ فِى خَلۡقِ ٱلسَّمَـٰوَٲتِ وَٱلۡأَرۡضِ

“Yaiku wong-wong kang eling marang Allah, nalika ngadeg utawa linggih, utawa ana sajrone teturon; lan wong-wong mau padha mikir-mikir marang kedadeane langit lan bumi”. (QS Ali Imran:191).

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
           
            Wusana cara enget dhumateng Allah ingkang pungkasan, inggih punika enget dhumateng Allah wonten ing sadhengah kawontenan lan jaman utawi mangsa, inggih punika QIYAAMAN ing nalika ngadeg; WA QU’UUDAN  ing nalikane linggih lan WA ‘ALAA JUUBIHIM lan ing nalikane teturonan.
            Tembung-tembung “nalikane ngadeg, nalikane linggih lan nalikane turon ngaten punika nyasmitani, bilih enget dhumateng Allah SWT punika dipun leksanakaken wonten ing sadhengah kawontenan, wonten ing sedaya situasi lan kondisi. Nalika kita badhe nindakaken punapa kemawon, kita wajib enget dhumateng Allah SWT, Dzat ingkang Maha Kuwaos, Maha Adil, Maha Mirsani, Maha Midhanget, Maha Sugih lan Maha sapanunggilipun. Yen punika kita enget, insya Allah urusan utawi pendamelan ingkang kita tindakaken punika badhe sae hasilipun, badhe sukses lan badhe ageng manfaatipun lan pikantuk ridlanipun Allah SWT.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Kita mesthi yakin bilih enget dhumateng Allah punika temtu mboten sami kaliyan supe dhumateng Allah. Enget dhumateng Allah mbekta pengaruh ingkang sae, dene sup[e dhumateng Allah mbekta pengaruh awon. Wonten ing bab punika Allah SWT ugi sampun ngengetaken dhateng kita kanthi dhawuh pangandikanipun makaten :

وَلَا تَكُونُواْ كَٱلَّذِينَ نَسُواْ ٱللَّهَ فَأَنسَٮٰهُمۡ أَنفُسَہُمۡ‌ۚ أُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمُ ٱلۡفَـٰسِقُون
“Lan (he wong-wong mukmin) sira kabeh aja kaya wong-wong kang lali marang Allah sahengga Allah banjur ndadekake wong-wong mau lali marang awake dhewe. Dheweke mau yaiku wong-wong kang fasik”. (QS Al-Hasyr:19).
Kanthi jelas sanget ayat punika nerangaken akibatipun tiyang engkang supe dhumateng Allah, ingkang ateges mboten enget dhumateng Allah. Tiyang ingkang makaten badhe ngalami akibat ingkang fatal, inggih punika supe dhumateng badanipun piyambak, supe yen piyambakipun punika manungsa ingkang dipun titahaken dening Allah kanthi kuwajiban nanmung setunggal, inggih punika ngibadah dhumateng Allah kados ingkang dipun ngendikakaken wonten ing Al-Qur’an surat Ad-Dzariyat ayat 56 :
وَمَا خَلَقۡتُ ٱلۡجِنَّ وَٱلۡإِنسَ إِلَّا لِيَعۡبُدُونِ
“Lan Ingsung (Allah) ora nyipta jin lan manungsa kejaba mung supaya ngibadah (ngumawula) marang Ingsung”.
            Tiyang engkang mboten ngertos lan mboten sadhar dhateng fungsinipun selaku kawulanipun Allah ingkang wajib ngibadah utawi ngumawula dhumateng panjenenganipun, limrahipun mboten nggatosaken dhateng hukum-hukumipun Allah, jalaran pancen mboten ngertos dhateng bab punika. Mila ugi lajeng mboten saged mbentenaken antawisipun barang haq lan barang batal, antawisipun haram lan halal, lan saterusipun.
Akhiripun kagem mbentengi diri lan pribadi kita saking tumindak engkang mboten sae, kanthi eleng dhumateng Allah wanten ing sadhengah wekdal dalah panggenan. Sebab dzikrullah punika sayektos mujudaken landhasan utawi fondasi ingkang kokoh lan benteng ingkang kiyat kangge mageri diri kita saking sawarnining penyakit mental tuwin virus ahklaq ingkang tetela saged nuwuhaken bebaya ingkang ageng lan dahsyat sangt tumrapin didi pribadi dalah masyarakat, minggahipun malih tumrapin bangsa lan nagari.  Mugia kita kallis saking sedaya pacoben gesan, wilujeng wiwit ing ndonya ngantos ing akhirat mbenjang. Amin ya rabbal ‘alamin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar