Minggu, 27 Oktober 2013

KHUTBAH BAHASA JAWA : NIKMATIPUN IMAN



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
NIKMATIPUN IMAN
Dening : ANIS PURWANTO

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Kegem pambukaning khutbah, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga wanten ing siyang punika kita sedaya saget nindakaken dawuhipun, kanthi ihklas karana Allah. Mugi-mugia kita saget manggih kawilujengan ing donya dalah ing akhirat. Shalawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Kita tansah wajib rumaos syukur wonteng ing ngarso dalem Allah SWT, dene kita dipun takdiraken dados tiyang-tiyang mukmin. Awit mboten wonten kanikmatan ingkang langkung ageng  malih tinimbang nikmatipun iman.  Allah SWT sampun paring dhawuh kados kasebat ing Al-Quran Surat Yunus ayat 9 :
إِنَّ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَـٰتِ يَہۡدِيهِمۡ رَبُّہُم بِإِيمَـٰنِہِمۡ‌ۖ تَجۡرِى مِن تَحۡتِہِمُ ٱلۡأَنۡهَـٰرُ فِى جَنَّـٰتِ ٱلنَّعِيمِ
 “Satemene wong-wong kang iman lan nindakake amal-amal salih, dheweke kabeh bakal diparingi pituduh dening Pangerane jalaran saka imane, dheweke kabeh iku kangmili ing sangisore dheweke kabeh kali-kali ana ing suwarga kang kebak kanikmatanne”.
            Ayat punika ngemutaken kita dhumateng tujuanipun gesang ingkang hakiki, ingih punika pados kawilujengan wiwit ing ndonya ngantos ing akhirat . pramila sanikmat-nikmatipun gesang punika gesang dados tiyang mukmin. Badhe kados punapa kemawon kawontenanipun donya, piyambakipun mboten badhe kengeng pengaruh. Malah gonjang ganjingipun kawontenan ndonya ingkang kados punapa kemawon mboten badhe ndadosaken piyambakipun rumaos kapitunan. Awit sedaya punika mboten dipun rewes, sauger tetep madhep mantep lan mantheng dhateng tujuanipun inggih punika anggayuh kawilujengan ing kampung akhirat. Ndonya punika saget ugi dipun anggep penting, ananging kampun akhirat langkung penting malih . Tujuan gesang cetha wela-wela, inggih punika anggayuh suwarganipun Allah SWT. Mila saking punika reroncening pakaryan saha peranganipun pambudi daya ugi tetep cetha, inggih punika sedaya pakaryan punapa kemawon kedah kagungan biji sae, awit sedaya amal dalah pakaryan ing ndonya mangke badhe kita tanggungjawabaken ing ngarso dalem Allah SWT. Bilih bijinipun sae badhe pikantuk kanugrahan saking Gusti, bilih bijinipun awon mangke badhe pikantuk pidana saking Gusti Allah.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Pramila yen toh ing babagan kadonyan kita dereng rumaos bekja, dereng rumaos mulyo, punika nomo limrah lan mboten aeng, awit sedaya punika namung urusan ndonya. Sepindah malih , sedaya punika namung urusanipun donya, awit tembung donya punika saking tembung arab inggih punika dana- yadnu- dun-yan, ingkang maknanipun cedhak utawi caket. Dados urusan donya punika urusan ingkang cedhak utawin tembung indonesianipun jangka pendhek. Tujuan-tujuanipun ugi tujuan-tujuan ingkang cedhak , tujuan jangka pendhek. Mila saking punika, saben-saben tiyang mukmin mboten badhe goreh manahipun amargi saking ruginipun urusan-urusan kadonyan, nanging rumaos kapitunan rumaos rugi manawi ing babagan keakhiratan piyambakipun ketinggalan.
            Rasulullah SAW cetha sampun paring pemut, bilih wonten tiyang pitu ingkang badhe pikantuk pangayomanipun Allah, mbenjang wonteng ing dinten kiyamat, inggih punika : 1. Pemimpin ingkang adil. 2. Lare enem ingkang ahli ibadah. 3. Tiyang ingkang manahipun kemanthil kaliyan masjid. 4. Tiyang ingkang trsna ingatresnan krana Allah. 5. Tiyang jaler ingkang kiyat imanipun nahan sedaya panggodanipun gesang. 6. Tiyang ingkang sedhekah kanthi lillahi ta’ala, sahingga tangan kiwanipun mboten mangertos manawi tangan tengenipun paring sedekah lan 7. Tiyang ingkang dzikir, enget dhumateng Allah ngantos mripatipun ngedalaken luh
            Makaten para sederek, keterangan singkat ing siang punika, sepindah malih sumangga kita tengenaken anggen kita mbudidaya kagem anggayuh kabegjan ing kampun akhirat, ananging ugi mboten nglirwakaken babagan kadonyan. Wilujeng ing donya dalah ing akhirat , amin ya rabbal ‘alamin.






Tidak ada komentar:

Posting Komentar