Rabu, 04 April 2018

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : QOLBUN SALIM


KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :
QOLBUN SALIM
Oleh : ANIS PURWANTO
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Langkung rumiyin, sumangga kita sami nyaosaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya. Sahingga kanthi ijin Allah SWT, kita saget nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT. Kita nyuwun dhumaateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siyang punika saget katampi dening Allah SWT, amin ya rabbal ‘alamin.
            Shalawat saha salam mugia katur dhumateng Gusti Rasul, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, tumuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Sumangga kita tingkataken iman lan taqawa kita dhumateng Allah SWT, kagem  ngestokaken dhawuh pangandikanipun Allah SWT ingkang kahemot wonting ing Al-Qur’an Surat Ali Imran ayat 102 :
يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِۦ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسۡلِمُونَ
“He wong-wong mu’min ! Sira kabeh taqwa-a marang Allah kanthi taqwa kang sabener-benere. Lan sira kabeh aja pisan-pisan mati, kejaba sira kabeh tetepa dadi wong-wong Ialam”.
            Makaten dhawuhipun Allah SWT, ingkang wajib kita gatosaken lan kita estokaken terus. Awit yen mboten makaten, kita kuwatos bilih saget ugi ing saat punika kita pancen tiyang ingkang iman lan taqwa dhumateng Gusti Allah, ananging saged kemawon wonting ing saat kita pejah, kita sanes tiyang muslim . ingkang makaten punuka jalaran sampun kenging godhanipun syetan, ingkang awujud maneka warnining kawontenan utawi kedadosan.
            Lan atur makaten punika kita dhasaraken dhawuh suci Al-Qur’an ingkang nyebadaken makaten :
قَالَ فَبِمَآ أَغۡوَيۡتَنِى لَأَقۡعُدَنَّ لَهُمۡ صِرَٲطَكَ ٱلۡمُسۡتَقِيمَ (١٦) ثُمَّ لَأَتِيَنَّهُم مِّنۢ بَيۡنِ أَيۡدِيہِمۡ وَمِنۡ خَلۡفِهِمۡ وَعَنۡ أَيۡمَـٰنِہِمۡ وَعَن شَمَآٮِٕلِهِمۡ‌ۖ وَلَا تَجِدُ أَكۡثَرَهُمۡ شَـٰكِرِينَ (١٧)
“Dhuh Gusti Allah ! Jalaran panjenengan sampun ngukum kula kesasar, mila estu-estu kula mesthi ngalang-ngalangi anak turunipun Adam saking margi Paduka ingkang leres. Wusana kula mesthi ndhatengi tiyang-tiyang punika saking ngajeng lan saking wingkingipun, saking tengen lan saking kiwanipun. Lan akhiripun Paduka boten manggih sebagian ageng saking tiyang-tiyang punika ing syukur utawi ta’at dhateng Paduka”.(QS. Al-A’rof : 16-17).
            Adhedasar pangandhikanipun Allah punika, sumangga kita tingkataken terus kewaspadan kita dhumateng sawarnining kawontenan lan kadadosan ingkang saget  ngirangi bobotipun iman lan taqwa kita dhumateng allah SWT. Malah mboten namung kawaspadan ingkang kita tingataken, nanging temtu kemawon sedaya amal sholeh ugi perlu kita tingkataken.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Wondene ingkang dados markas utawi posko kangge ngatur lan ngendhaleni sarandunging badan punika “manah”. Wonten ing bab punika Gusti Rasulullah SAW sampun paring piwucal dhateng kita makaten ;
أَلاَ وَإِنَّ فِى الْجَسَدِ مُضْغَةً إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الْجَسَدُ كُلُّهُ ، وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الْجَسَدُ كُلُّهُ . أَلاَ وَهِىَ الْقَلْبُ

“Elinga ! satemene ing jerone awak iku ana getih saprongkol. Yen getih saprongkol mau becik, kabeh sarandunge awak sakojur uga dadi becik, nanging yen getih mau rusak (ala), kabeh sarandunge awak sakojur dadi rusak (ala). Elinga ! getih saprongkol mau yaiku ati” . (HR Musim)
Saking pangandikanipun Rasulullah SAW punika kita saged mendhet piwucal bilih manahipun manungsa punika dados ukuran. Yen manahipun sae, sedaya tindak tanduk, solah bawa ugi sae. Makaten ugi kosok wangsulipun.
Pramila para sederek, kita para manungsa ingkang sampun  dipun paringi manah dening Allah SWT wajib ngusahakaken amrih manah kita punika dados manah ingkang sae, ingkang saged nuwuhaken sedaya pakarti lan amal kita ugindados amalan-amalan ingkang sae. Lan manah ingkang makaten punika  ingkang tetela tiyangipun saged dipun tampi sowan wonten ing ngarsanipun Allah mbenjang wonten ing dinten kiyamat.
Bab punika selaras kaliyan pangandikanipun Allah wonten ing Al-qur’an surat Asy-Syu’ara’ : 87-89 :
وَلَا تُخۡزِنِى يَوۡمَ يُبۡعَثُونَ (٨٧) يَوۡمَ لَا يَنفَعُ مَالٌ۬ وَلَا بَنُونَ (٨٨) إِلَّا مَنۡ أَتَى ٱللَّهَ بِقَلۡبٍ۬ سَلِيمٍ۬ (٨٩)
“Dhuh Gusti., mugi Paduka boten damel kula dados tiyang engkang ina mbenjang wonten ing dintenipun para manungsa dipun tangekaken saking kubur. Inggih punika dinteng ingkang bandha lan anak sampun mboten saged manfaati malih, kejawi tiyang ingkang sowan wonten ing ngrsanipun Allah kanthi manah ingkang suci”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Sepisan malih kita aturaken, bilih salebetipun ngadhepi sedaya kawontenan dan sedaya panggodha , ingkang penting sikepipun manah kita kedah tenang, tegar lan istiqomah. Wonten ing bab punika “Qolbun Salim” utawi nmanah ingkang suci ingkang mujudaken posko ingkang ngomandho sarupining kegiataning sedaya amal lahiriyah kita dados saya penting lan wajib kita tingkataken terus.
            Mugi-mugi kita kagolong ewoning tiyang engkang saget njagi beningipun manah, kagem anggayuh sedaya kesaenan tumuju kawilujengan ing ndonya lan ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar