Kamis, 25 Januari 2018

NASKAH KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : MARGINIPUN SUWARGA



NASKAH KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
MARGINIPUN SUWARGA
Dening : Drs. Anis Purwanto
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Mangga para sederek kita ngaturaken taqwa lan syukur kita ing ngarsa dalem Allah SWT. Ingkang sampun paring kanikmatan, kesenengan, rizki, lan pagesangan dhumateng kita sedaya,  sahingga kanthi rahmatipun Allah ugi kita sedaya tetep wonten ing salebeting iman lan Islam. Mugi rahmat saha salam kaparingna dhateng panutan kita Nabi Muhammad SAW. Mugi-mugi kita sedoyo kagolong ewoning poro muttaqin, nindakaken sedaya dhawuhipun sarta nilaraken sedaya awisanipun. Sumangga kita sami tansah berjuang lan beramal kados dene ingkang sampun kagarisaken dening Allah SWT wanten syariat agami Islam,  Sampun ngantos  tumindak kita nyimpang saking tuntunan agami ingkang suci , supados gesang kita  pikantuk rahmat sarta pangayomanipun Allah SWT, tata tentrem karta raharja, lan manggih kabekjan fid dun yaw al akhirah.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Minangka khotib ing siang punika, kulo ngajak dhumateng kita sedaya, sumangga kita mbudidaya terus murih ketaqwaan kita dhateng Allah SWT lan ugi  dhumateng utusanipun,  saya dangu sanga ningkat.
Awit Allah SWT piyambak ugi sampun paring dhawuh makaten :
وَمَن يُطِعِ ٱللَّهَ وَرَسُولَهُ ۥ وَيَخۡشَ ٱللَّهَ وَيَتَّقۡهِ فَأُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمُ ٱلۡفَآٮِٕزُونَ
 “Sing sapa wonge taat marng Allah lan taat marang utusane, sarta wedi marang Allah lan taqwa marang Panjenengane, wong-wong kang mangkono iku yaiku wong-wong kang oleh kabekjan”. (QS. An-Nur :52).
            Poro sederek, minangka umat Islam, kita tartamtu anggadhahi  ancas saha tujuan gesang tuwin pagesangan kita. Wondene tujuan ingkang paling inggil, inggih punika mbenjang wanten ing alam akhirat saget kagolongaken umat ingkang pikantuk kabegjan, mapan ing swarganipun Allah SWT, papan ingkang sekalangkung endah, kebak kenikmatan lan kesenengan, ingkang kita sedya mboten saget mbayangaken saha nggambaraken. Awit sedaya lamunan saha gambaran punapa malih pangentha-entha mboten sami kaliyan hakekatipun.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Manawi kita galih kanthi saestu, saben tiyang tartamtu paham lan mangertos, bilih sedaya gegayuhan engkang inggil kedah katebus kaliyas pengorbanan saha beyo ingkang kathah, kanthi conto : tiyang ingkang kepingin mbangun griyo ingkang sae, kiyat sarwi beton cor lan model paling “mutakhir”, ragad lan beayanipun temtu langkung awis kabandhing griya ingkang kadamel kanthi bahan-bahan mirahan.  Makaten ugi suwarganipun Allah, jelas mboten saget dipun tumbas kanthi arto pinten kemawon. Anannging suwarga dipun sediakaken kagem tiyang ingkang sampun nyekapi syarat-syaratipun , antawisipun :
إِنَّ ٱلَّذِينَ قَالُواْ رَبُّنَا ٱللَّهُ ثُمَّ ٱسۡتَقَـٰمُواْ تَتَنَزَّلُ عَلَيۡهِمُ ٱلۡمَلَـٰٓٮِٕڪَةُ أَلَّا تَخَافُواْ وَلَا تَحۡزَنُواْ وَأَبۡشِرُواْ بِٱلۡجَنَّةِ ٱلَّتِى كُنتُمۡ تُوعَدُونَ
“Satemene wong-wong kang padha ngucap : “pangeraningsun iku Allah”. Wusana wong-wong mau banjur padha istiqomah, wong-wong kang mangkono iku sayekti bakal ditumuruni para Malaikat kang nggowo dhawuhe Allah, “Sira kabeh aja padha wedi lan aja padha susah, lan sira kabeh padha bungah-bungaha jalaran arep kaparingan suwarga kang mulya di janjekake kanggo sira kabeh”. (QS. Fush-shilat : 30).
            Wanten ayat punika syarat dipun terangaken bilih syaratipun kalebetaken wonten ing swarga wonten kalih inggih punika tauhid dhumateng Allah lan istiqomah. Tauhid tegesipun ngyakini utawi  iman dhumateng Allah. Iman dhumateng Allah bilih Allah punika Maha tunggal dzatipun lan Maha Tungga sipat-sipatipun. Dene  tembung istiqomah ing ayat punika “Tsummas taqaamuu”, tegesipun ‘Wusana wong-wong mau banjur padha tegak”. Maksudipun, tegak akidahipun, tegak ibadahipun, tegak ahklakipun lan ugi tegak mu’amalah duniawiyah. Tiyang ingkang istiqomah makaten punika, dipun janji dening Allah badhe kalebetaken wanten ing swarganipun langgeng salaminipun. Kanthi makaten para sederek, bilih swarganipun Allah punika mboten mirah reginipun, lan mbaten gampil, ananging tartamtu saget dipun gayuh sarana netepi syarat-syaratipun, tentu kemawon kita tetep nyuwun hidayah saha taufiqipun Allah SWT.
            Kasebat wanten ing salebetipun Kitab suci Al-Qur’an, Surat Ali Imran ayat 101 nyebadaken :
وَمَن يَعۡتَصِم بِٱللَّهِ فَقَدۡ هُدِىَ إِلَىٰ صِرَٲطٍ۬ مُّسۡتَقِيمٍ۬
 “Sing sapa wonge gegondhelan kenceng marang Allah, wong mau nyata-nyata dituduhake marang dalan kang lurus”.
            Makaten para sederek , kagem anggayuh swarganipun Allah SWT kita tentu kedah cecepengan dhumateng agaminipun Allah, kanthi mentaati lan ngestokaken sedaya dhawuhipun Allah lan nilaraken sedaya awisanipun Allah SWT. Sahingga tiyang ingkang kepingin kalebetaken wanten ing swarga kedah wantun nebus kanthi regi ingkang awis saha kanthi pangorbanan ingkang awrat.
            Panyuwun kita, mugi-mugi kita saget netepi sedaya syarat-syaratipun kagem anggayuh swarganipun Allah SWT, bagio mulya kagem selaminyo. Amin ya rabbal ‘alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar