Selasa, 27 Februari 2018

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : AMAL ISLAMI


KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :
AMAL ISLAMI
Dening: ANIS PURWANTO
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Langkung rumiyin, sumangga kita sami nyaosaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya. Sahingga kanthi ijin Allah SWT, kita saget nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT. Kita nyuwun dhumaateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siyang punika saget katampi dening Allah SWT, amin ya rabbal ‘alamin.
            Shalawat saha salam mugia katur dhumateng Gusti Rasul, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, tumuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Tuntunanipun agami Islam, sae ingkang kahemat wonten ing Al-Qur’an lan ugi ing Hadits Nabi , paring dhawuh supados kita punika dadosa tiyang Islam ingkang sak wetahipun. Kados kasebat ing Surat Al-Baqarah ayat 208, dhawuh pangandikanipun Allah nyebadaken makaten :
يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱدۡخُلُواْ فِى ٱلسِّلۡمِ ڪَآفَّةً۬ وَلَا تَتَّبِعُواْ خُطُوَٲتِ ٱلشَّيۡطَـٰنِ‌ۚ إِنَّهُ ۥ لَڪُمۡ عَدُوٌّ۬ مُّبِينٌ۬
E wong-wong kang iman ! Sira kabeh padha mlebua ana sajrone agama Islam kanthi sampurna. Lan sira kabeh aja padha manut marang tingkah-lakune syetan. Awit satemene syetan iku mungsuhira, mungsuh kang terang-terangan”.
            Para sederek. Sayektos bilih dhawuh pangandikanipun Allah punika kita  estokaken  kanthi saestu , ateges kita kedah siap kanthi niat ingkang ihklas murih sedaya amal kita, punapa kemawon wujudipun lan kados punapa kemawon jenisipun kedah asipat islami, ingkang ateges kedah cocok lan selaras kaliyan tuntunanipun agami islam. Malah kanthi tegas lan jelas Gusti Allah sampun dhawuh makaten :
قُلۡ إِنَّ صَلَاتِى وَنُسُكِى وَمَحۡيَاىَ وَمَمَاتِى لِلَّهِ رَبِّ ٱلۡعَـٰلَمِينَ
Kandhakna ! Sateemene shalatku, lan ngibadahku, lan uripku sarta matiku iku kagungane Allah, pangeran kang ngupakara sakabehe alam saisine”.(QS.Al-An’am:162)
            Ikror makaten punika, sampun ngantos namung kendel wonten ing ucapan kemawon, apal ungel-ungelipun, malah saben wekdal kita shalat  mawi “wajjahtu wajhiya” , ananging amal tumindakipun mboten cocok kaliyan pengakenanipun. Allah SWT sampun ngengetaken dhumateng kita makaten :
يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ لِمَ تَقُولُونَ مَا لَا تَفۡعَلُونَ (٢) ڪَبُرَ مَقۡتًا عِندَ ٱللَّهِ أَن تَقُولُواْ مَا لَا تَفۡعَلُونَ
E wong-wong kang iman ! Genea sira kabeh padha ngucapake barang (amal tumindak) kang sira dhewe padha ora nglakoni ? Mungguhe Allah, gedhe bnget dosane yen toh sira kabeh iku mung bisa ngucapake barang (amal-tumindak) kang sira dhewe ora padha nglakoni”.(QS. Ash-Shof :2-3).
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
           
            Pramila saking punika , ikror  utawi pengakenan ingkang nggambaraken  prasetyanipun mukmin muslim dhumateng Allah SWT punika kedah dupun buktekaken, sarana nyelarasaken ucapan lan amal tumindak kita kaliyan punapa ingkang dipun kersakaken dening Allah lan Utusanipun, Rasulullah SAW.
           
            Para sederek, bilih kita saestu nindakaken sedaya dhawuh saha nilaraken awisanipun Allah SWT, sayektosipun amal tumindak kita punika insya Allah sampun Islami. Malah satus persen islami. Awit kanthi alamiyah ugi, kita lahir pancen sampun islami. Bapak-ibu kita tiyang Islam, makaten ugi leluhur kita sedaya beragami Islam. Pramila kita menika mila pancen kalebet tiyang Islam wiwit lahir. Bab menika mila sampun mboten ragu-ragu malih. Nanging mugi ndadosna ing kawuningan, bilih kita ugi sadar, yen alam lingkungan kita wonten pengaruh ingkang mboten islami. Perjudian jelas mboten Islami, mabuk-mabukan, narkoba lan sawerninipun tumindak maksiyat, sedaya punika terang mboten islami. Saking sedaya pengaruh lan kawontenan ingkang mboten  Islami punika, kita wajib ngatos-atos. Awit mundi dhawuh Gusti Allah, kita pancen dipun awisi nyampur barang haq kaliyan barang ingkang batil. Kasebat ing Al-Qur’an Surat Al-Baqarah ayat 42:
وَلَا تَلۡبِسُواْ ٱلۡحَقَّ بِٱلۡبَـٰطِلِ وَتَكۡتُمُواْ ٱلۡحَقَّ وَأَنتُمۡ تَعۡلَمُونَ
Lan sira kabeh aja padha nyampur barang haq (bener) kanthi barang bathil (salah), lan aja padha ngumpet barang haq, jer sira kabeh iku padha ngerti”.
            Atur keterangan ingkang wonten hubunganipun kaliyan ayat ing nginggil nelakaken bilih milai  ing jaman Kanjeng Nabi Muhammad SAW, kathah umat ingkang anggadhahi kesenengan nyampur barang haq kaliyan barang batil, sahingga ingkang leres mboten ketingal leresipun, ingkang lepat mboten ketingal lepatipun. Pramila kanthi dipun utusipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ngasta tuntunan ingkang tegas, misahaken barang haq lan barang ingkang batil, barang  haq jelas haqipun, barang ingkang batil sampun jelas batilipun.  Kantun kita umat Islam, pundi ingkang kita pilih haq punapa batil.
            Akhiripun namung dhumateng Allah SWT kita nyuwun taufiq sarta hidayah , mugia kita tetep dipun paringi pirsa bilih barang haq punika haq menggaipun Allah, lan barang ingkang batil punika tetep batil , lan kaparingan kekiyatan kangge nindakaken sedaya dhawuh ingkang haq  lan nilaraken barang ingkang batil. Mugia kita wilujeng wiwit ing ndonya ngatos ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar