Rabu, 23 Agustus 2017

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
MINGGAH HAJI
Dening : Drs. Anis Purwanto
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka pambukaning atur, sumangga kita ngaturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga ing siyang punika kita saget nindakaken ibadah jum’at kanthi iklas krana Allah SWT. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT, wilujeng ing ndonya ngantos ing akhirat.
Shalawat dalah salam kunjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Dinten punika dinten Jum’at Pahing kaleres tanggal 25 Wulan Agustus 2017 utawi bertepatan kaliyan tanggal 3 wulan Dzulhijjah 1438 H, ateges nenem dinten malih, inggih punika benjang dinten Kamis ngajeng kaleres tanggal 09 wulan Dzulhijjah, kita kaum Muslimin ingkang mboten  nindakaken ibadah haji, dipun sunahaken nindakaken siyam Arafah kados ingkang dipun dhawuhaken dening junjungan kita Nabi Muhammad SAW :
صوم يوم عرفة يكفر سنتين ماضية ومستقبلة
Pasa ana ing dina Arafah iku bisa mbusek dosa-dosa ana ing sajrone rong taun, yaiku setaun kang wis kepungkur lan setaun kang bakal tumeka”.
            Lajeng setunggal dinten saksampunipun, inggih punika dinten Jum’at wage tanggal 10 wulan dzulhijjah utawi tanggal 1 wulan September 2017, kita badhe sareng-sareng ngrayakaken satunggaling dinten agung, inggih punika dinten Idul Adha tahun 1438 H. wonten ing dinten punika para sederek kita para jamaah haji sadonya nembe kemawon ngrampungaken salah satunggaling rukun haji, inggih punika wukuf wanten ing ara-ara Arafah.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Wukuf wanten Arafah punika ngemu piwucal adiluhung tumrap kita kaum muslimin, inggih punika piwucal ingkang magayutan kaliyan prinsip-prinsip ajaran tauhid.  Awit, tauhid minangka setunggaling dasar ingkang mahanani tentrem saha raharjaning panggesanganipun jagad dalah isinipun. Pramila, mangga para sederek , prastawa Arafah punika sesarengan kita dadosaken seserepan ingkang sakelangkung lebet.
            Kita tartamtu mboten badhe saged mbayangaken, manawi wanten satunggalipun kepanitiaan ingkang saged ngempalaken mayuta-yuta tiyang , supados ngempal dadas satunggal ing ara-ara agung. Kados pundi ribetipun ngayahi jejibahan luhur, kepanitiaan,  kados dene prastawa Arafah punika. Sahingga akhiripun kita namung saged ngucap : “Subhaanallaah, Alhamdulillah lan Allahu Akbar”. Maha suci Allah, sedaya puji punika namung kagunganipun Allah, lan namung Ngarsa Dalem Allah SWT, Dzat ingkang Maha Agung.
            Pramila para sederek, wanten ing swasana mongkok ing manah , lan syukuripun dhateng Ngarsa Dalem Allah SWT punika mayuta-yuta kaum Muslimin sami ngempal wonten ing tanah suci, nindakaken ibadah haji, netepi dhawuh panggilanipun Allah SWT kanthi ngumandhangaken kalimah talbiyah :
“Nuwun inggih sendika dhawuh dalem, Gusti. Dhuh Gusti, kula tansah mbangun turut dhawuh Paduka. Mbaten wanten sekutu kagem Paduka. Sayektosipun sedaya puji lan sawernining kanikmatan punika kagungan Paduka. Lan namung Paduka ingkang nguwaosi samubarang dhengah, lan mbaten wanten ingkang nyekuthoaken kuwaos Paduka”.
            Bentenipun rupi pakulitan, kasugihan bandha donya, inggilipun jabatan, pangkat lan martabat sampun mboten dados soal. Sedaya lan samudayanipun sami gogrog tanpa daya. Wilangan  lan gebyaripun kadonyan ing swasana makaten punika mboten wonten ginanipun. Awit, ingkang ageng tur Agung namung Panjenenganipun Allah Piyambak, Dzat ingkang Maha wonten ing Samudayanipun. Dene ingkang badhe mbentenaken drajat mboten sanes namung ketaqwaan dhumateng Allah SWT. Awit inggih namung ketaqwaan punika ingkang nyebabaken saged pikantuk kalenggahan iangkang paling mulya wanten ing ngarsa dalem Allas SWT, kados suraosipun Surat Al-Hujarat ayat 13 :
يَـٰٓأَيُّہَا ٱلنَّاسُ إِنَّا خَلَقۡنَـٰكُم مِّن ذَكَرٍ۬ وَأُنثَىٰ وَجَعَلۡنَـٰكُمۡ شُعُوبً۬ا وَقَبَآٮِٕلَ لِتَعَارَفُوٓاْ‌ۚ إِنَّ أَڪۡرَمَكُمۡ عِندَ ٱللَّهِ أَتۡقَٮٰكُمۡ‌ۚ إِنَّ ٱللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ۬
 He manungsa ! Satemene Ingsun nyipta sira kabeh iku saka wong lanang siji lan wong wadon siji lan Ingsun ndadekake sira kabeh (dadi) bangsa-bangsa lan suku-suku bangsa, supaya sira kabeh saling kenal-kenalan. Satemene wong kang paling mulya ing antaranee sira kabeh menggahe Allah yaiku wong kang paling taqwa ing antarane sira. Satemene Allah iku Maha Ngawuningani lan Maha Ngenal”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Dhasar utawi landhesan ajaran tauhid kados ing prastawa wukuf ing ara-ara Arafah makaten punika sayektos saged mahanani dhateng karaharjaning panggesangan kita, sae wanten ing babagan lahiriyah, punapa dene ing babagan batiniahipun. Pramila sumangga kita sami nyenywun, mugia Allah SWT tansah kersa paring hidayah lan kekiyatan dhateng kita sedaya, sahingga swasana wukuf saget estu-estu kabekta wonten ing swasana bale griya. Wilujeng wiwit ing ndonya dumuginipun ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.       
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
( Dipun kutib saking pinten-pinten buku/teks Khotbah Jum’at ).


Tidak ada komentar:

Posting Komentar