Senin, 31 Juli 2017

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : WANGSUL DHUMATENG TAUHID



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
WANGSUL DHUMATENG TAUHID
Dening : Drs. Anis Purwanto

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka pambukaning atur, sumangga kita ngaturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga ing siyang punika kita saget nindakaken ibadah jum’at kanthi iklas krana Allah SWT. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT, wilujeng ing ndonya ngantos ing akhirat. Shalawat dalah salam kunjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
            Sampun dados padatan ing khutbah Jum’at, bilih khutbah Jum’at mestinipun kedah seget kita ginakaken minangka sarana kagem nyampurnakaken punapa ingkang kirang, ngemutaken ingkang kesupen,  saha kagem ningkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT. Sahingga kanthi dipun syariataken ibadah Jum’at, mahanani dhateng tetep kiyatipun umat Islam, kiat lahir lan batosipun saha tetep istiqomah nindakaken sedaya dhawuhipun lan nilaraken sedaya awisanipun Allah SWT.
            Para sederek, saben-saben kita badhe nanggeljawabaken punapa kemawon ingkang dipun tindakaken , sae perkawis ingkang nuwuhaken ganjaran utawi kesaenan ugi tumindak lepat ingkang nuwuhaken dosa. Atur keterangan punika kadasaraken dhawuh pangandikanipun Allah SWT :
وَلَا تَكۡسِبُ ڪُلُّ نَفۡسٍ إِلَّا عَلَيۡہَا‌ۚ وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ۬ وِزۡرَ أُخۡرَىٰ‌ۚ ث
“Saben-saben jiwa iku ora bakal nglakoni samubarang tindak kejaba dheweke kang kudu nanggung akibate, lan wong kang dosa ora bakal bisa nanggung dosane wong liya”. (QS.Al-An’am :164).
مَّنِ ٱهۡتَدَىٰ فَإِنَّمَا يَہۡتَدِى لِنَفۡسِهِۦ‌ۖ وَمَن ضَلَّ فَإِنَّمَا يَضِلُّ عَلَيۡہَا‌ۚ وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ۬ وِزۡرَ أُخۡرَىٰ‌ۗ
“Sing sapa wonge tumindak cocok karo hidayahe (Allah), satemene dheweke iku tumindak kanggo (keslametane) awake dhewe. Lan sing sapa wonge tumindak sasar, satemene dheweke kesasar kanggo (kapitunane) awake dhewe. Lan wong kang dosa ora bakal bisa nanggung dosane wong liya”. (QS.Al-Israa’:15).
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
            Ayat punika tartamtu sampun cetha lan jelas sanget tumrap kita, bilih saben-saben tiyang kedah lan namung saged nanggel hasil tumindakipun piyambak-piyambak. Manawi kita kleres lepat amargi nderek-nderek tumindak lepat tiyang sanes, mila kita mboten saged nutuh utawi nglepataken tiyang sanes punika , senaosa  kita namung dhawah niru utawi tut wuri tumindak lepat.
            Semanten ugi sak kosok wangsulipun, manawi kita kaleres dados pemimpin , sae minangka pemimpin keluarga, pemimpin umat,  minggahipun minangka  pemimpin ing pemerintahan, ingkang lajeng dipun nut tiyang sanes, mila kita kedah lan nggadhahi kewajiban nerangaken bab-bab ingkang dadas anutanipun, punapa dasaripun, pundi ingkang sakig Al-Qur’an , pundi ingkang saking Hadist Nabi. Sahingga kanthi makaten, taatipun tiyang punika mboten amargi kita, ananging amargi pangertosanipun piyambak dhateng tuntunanipun Allah lan utusanipun. Amargi tiyang punika kedah nanggel-jawabaken punapa kemawon  ingkang dipun  tindakaken wonten ing ngarsanipun Allah SWT, mbenjang ing yaumul kiyamah, kanthi mboten wonten hubunganipun kaliyan kita minangka panutanipun.
            Ngengingi bab punika Allah ugi ngendika kadas kasebat ing Al-Qur’an surat Al-Israa’ ayat 36 :
وَلَا تَقۡفُ مَا لَيۡسَ لَكَ بِهِۦ عِلۡمٌ‌ۚ إِنَّ ٱلسَّمۡعَ وَٱلۡبَصَرَ وَٱلۡفُؤَادَ كُلُّ أُوْلَـٰٓٮِٕكَ كَانَ عَنۡهُ مَسۡـُٔولاً۬
“Lan sira aja manut marang samubarang kang ora sira ngerteni. Satemene pangrungu, pandeleng lan ati, kabeh iku mau bakal di pundhuti pertanggungan jawabe”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
            Pramila sumangga para sederek, kita sami ngatos-atos, sampun ngantos gampil kepancing dening anut grubyuk ombyaking emosi lan hawa nefsu, lan mboten perlu mincing-mancing kawontenanipun masyarakat ingkang kawontenanipun sampun  tentrem ayem.
            Pramila saking punika, kangge ngiyataken barisan umat Islam, antawisipun tiyang muslim setunggal kaliyan sanesipun sami lung tinulung wanten ing babagan kesaenan, mboten lung tinulungan ing babagan kemungkaran,  mboten gampil suudldlan dhumateng tiyang sanes. Awit sejatosipun kita kaum muslimin punika sederek. Wanten ing Al-Qur’an sampun cetha sanget ing babagan punika.
إِنَّمَا ٱلۡمُؤۡمِنُونَ إِخۡوَةٌ۬ فَأَصۡلِحُواْ بَيۡنَ أَخَوَيۡكُمۡ‌ۚ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ لَعَلَّكُمۡ تُرۡحَمُونَ
“Satemene wong-wong mukmin iku seduluran. Mula dhamekna antarane seduur lononira. Lan sira kabeh taqwa-a marang Allah supaya sira kabeh diwelas asihi dening Allah”.(QS. Al-Hujarat :10).
            Mugia kita dipun paringi jembar ing manah, sahingga tansah gampil dipun ajak  dhumateng sikep tabayyun lan padhemen ingkang kadhasaraken tauhid, wangsul dhumateng tauhid. begja mulya ing ndonya dalah ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
(Dipun kutip saking pinten-pinten seratan )

Tidak ada komentar:

Posting Komentar