Rabu, 18 Januari 2017

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : AMAL INGKANG SHOLIH



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
AMAL INGKANG SHOLIH
Ed. : Drs.Anis Purwanto

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

Minangka pambukaning khotbah ing siang punika, sumangga sesarengan kita nyaosaken puja puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, engkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga kita saget nindakaken sedaya dhawuhipun , kalebet ibadah jum’at ing siang punika.  Mugi-mugi ibadah kita katampi  dening Allah SWT, manggih karaharjan saha kabegjan ing donya ngantos ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.  Shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, sahabat lan sedaya penderekipun, kalebet kita sedaya.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Tuntunan agami Islam ingkang kahemot ing Kitab suci Al-Qur’an dalah ing Sunah Nabi Muhammad SAW mengku dhawuh supados kita  punika dadosa tiyang Islam ingkang  sak wetahipun. Kados kasebat ing Al-Qur’an Surah Al-Baqara ayat 208 :

يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱدۡخُلُواْ فِى ٱلسِّلۡمِ ڪَآفَّةً۬ وَلَا تَتَّبِعُواْ خُطُوَٲتِ ٱلشَّيۡطَـٰنِ‌ۚ إِنَّهُ ۥ لَڪُمۡ عَدُوٌّ۬ مُّبِينٌ۬
 “E wong-wong kang iman ! Sira kabeh padha mlebua ana sajrone agama Islam kanthi sampurna. Lan sira kabeh aja padha manut marang tingkah-lakune syetan. Awit satemene syetan iku mungsuhira, mungsuh kang nyata”.
            Sayektos bilih dhawuh pangandikanipun Gusti Allah punika perlu sanget kita estokaken kanthi niat ingkang ihklas, murih sedaya amal kita saget katampi dening Allah SWT. Punapa kemawon wujud dalah bentukipun, amal kita kedah asipat islami, amal shalih, amal ingkang sae, inggih punika amal ingkang  kedah cocok lan selaras kaliyan tuntunanipun agami Islam. Selaras kaliyah dhawuh pangandikanipun Allah ingkang kahemot ing Surah Al-An’am ayat 162 :
قُلۡ إِنَّ صَلَاتِى وَنُسُكِى وَمَحۡيَاىَ وَمَمَاتِى لِلَّهِ رَبِّ ٱلۡعَـٰلَمِينَ
 “Kandhakna ! Satemene shalatku, lan ngibadahku, lan uripku sarta matiku iku kagungan Allah, Pangeran kang ngupakara sakabehe alam saisine”.
            Ikror makaten punika mbetahaken bukti. Sampun ngantos namung kendel wonten ing ucapan kemowon, apal ungel-ungelipun, malah persasat saben wekdal kita shalat musti ngucapaken do’a iftitah “Wajahtu wajhiya”, nanging amal tumindakipun tebih lan mboten cocok kaliyan pengakenanipun. Allah sampun ngengetaken dhumateng kita makaten :
يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ لِمَ تَقُولُونَ مَا لَا تَفۡعَلُونَ (٢) ڪَبُرَ مَقۡتًا عِندَ ٱللَّهِ أَن تَقُولُواْ مَا لَا تَفۡعَلُونَ
“E wong-wong kang iman! Genea sira kebeh padha ngucapake barang  (amal tumindak) kang sira dhewe padha ora nglakoni ?. Menggahe Allah, gedhe banget dosane yen toh sira kabeh iku mung bisa ngucapake barang (amal tumindak) kang sira dhewe malah ora padha nglakoni”.
            Pramila saking punika tembung “inna sholati manusuki” lan saterusipun punika nggambaraken ikrar prasetyanipun kita kaum muslimin dhumateng Allah SWT, engkang kedah kita buktekaken, kanthi nyelarasaken ucapan kaliyan amal tumindak.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Sayektosipun amal tumindak kita punika insya allah sampun Islam, awit secara alamiyah kita lahir pancen sampun Islam. Bapak ibu kita tiyang Islam, semanten ugi para leluhur kita , sedaya agaminipun Islam. Dados kita menika mila pancen tiyang-tiyang islam wiwit lahir. Bab punika mila sampun mboten perlu dipun sumelangi malih. Ananging karana lingkungan  dalah kemajengan jaman ingkang anjalari iman dalah taqwa kita lajeng kenging pengaruh.  Perjudian, mabuk-mabukan lan sawarninipun tumindak maksiyat, sedaya punika terang mboten islami.  Malah ugi mboten sekedik adat istiadat ingkang sampun mlampah wiwit nenek moyang rumiyin kagolong mboten selaras kaliyan tuntunan agami Islam. Pramila saking punika kita wajib ngatos-ngatos njagi iman dalah taqwa kita sampun ngastos gempil kaliyan tumindak kita ingkang mboten Islami.  Awit mundi dhawuh pangandikanipun Allah SWT, kita pancen dipun awisi nyampur barang haq kaliyan barang ingkang batil, Allah ngendika :
وَلَا تَلۡبِسُواْ ٱلۡحَقَّ بِٱلۡبَـٰطِلِ وَتَكۡتُمُواْ ٱلۡحَقَّ وَأَنتُمۡ تَعۡلَمُونَ
 “lan sira kabeh aja padha nyampur barang haq (bener) kanthi barang bathil (salah), lan aja padha ngumpet barang haq, jer sira kabeh iku padha ngerti”.(QS. Al-Baqarah: 42).
            Para sederek, ayat punika nelahaken bilih umat manungsa wanten ingkang anggadhahi kesenengan nyampur-nyampur barang haq kaliyan barang ingkang bathil, sahingga ingkang leres mboten ketingal leresipun, lan ingkang lepat mboten ketingal lepatipun. Pramila saking punika, kita wajib njagi  iman dalah taqwa kita. Mugi-mugi iman dalah taqwa kita dados iman lan taqwa ingkang kiyat. Kita saget mbentenaken pundi barang haq lan pundi ingkang batil. Barang haq inggih punika sedaya kesaenan ingkang kedah kita tindakaken, dene  ingkang batil kedah kita tilaraken.
            Akhiripun kita nyuwun dhumateng Gusti Allah mugi-mugi kita langkung mangertos lan faham kanthi mendalam ngengingi wates-wates antawusipun barang ingkang haq lan barang ingkang batil, ingkang selajengipun kita saged ningkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT, lan supados langkung ngatos-ngatos wonten ing sadhengah tindak tanduk kita, sampun ngantos kejrumus wonten ing juranging kekufuran. Manggih kawilujengan ing ndonya dalah ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
(Dipun kutib saking pinten-pinten seratan)



Tidak ada komentar:

Posting Komentar