Kamis, 28 April 2016

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : NJAGI BENINGIPUN MANAH



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
NJAGI BENINGIPUN MANAH
Dening : ANIS PURWANTO

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.          
            Minangka pambukaning atur, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga ing siyang punika kita saget nindakaken ibadah jum’at kanthi iklas krana Allah SWT. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT, wilujeng ing ndonya ngator ing akhirat. Shalawat dalah salam kunjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
            Para sedherek, kita wajib ngaturaken syukur wonten ngarso dalem Allah SWT, awit kita dipun takdiraken dados tiyang mukmin. Awit mboten wonten kanikmatan ingkang langkung ageng katimbang nikmatipun iman. Atur keterangan punika kasebat ing Al-Qur’an Surat Yunus ayat 9 :
إِنَّ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَـٰتِ يَہۡدِيهِمۡ رَبُّہُم بِإِيمَـٰنِہِمۡ‌ۖ تَجۡرِى مِن تَحۡتِہِمُ ٱلۡأَنۡهَـٰرُ فِى جَنَّـٰتِ ٱلنَّعِيمِ
 “Satemene wong-wong kang iman lan nindakake amal-amal salih, dheweke kabeh bakal diparingi pituduh dening Pangerane jalaran saka imane dheweke kabeh iku kang mili ing sangisore dheweke kabeh kali-kali ana ing suwarga kang kebak kanikmatane”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Sumangga kita tingkataken iman lan taqwa dhumateng Allah SWT, kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun Allah SWT lan nebihi saking sedaya awisanipun Allah SWT, kanthi nebihi ing sedaya tumindak maksiyat, awit yektosipun maksiyat punika andadosaken asoripun martabat lan nandang kapitunan lair lan batosipun. Sampun ngantos kito lajeng mbatalaken amalan-amalan shaleh ingkang sampun kita tindakaken, karana kadereng nindakaken pakaryan ingkang awan. Sampun ngantos manah ingkang sampun bening, lajeng kita regeti malih kanthi nindakaken amal tumindak ingkang jer lelawanan kaliyan ajaran agami islam.
            Allah SWT sampun paring penget dhateng kita sedaya, kadas ingkang kasebat ing kitab Suci Al-Qur’an, Surat An-Nisa’ ayat 142 :
إِنَّ ٱلۡمُنَـٰفِقِينَ يُخَـٰدِعُونَ ٱللَّهَ وَهُوَ خَـٰدِعُهُمۡ وَإِذَا قَامُوٓاْ إِلَى ٱلصَّلَوٰةِ قَامُواْ كُسَالَىٰ يُرَآءُونَ ٱلنَّاسَ وَلَا يَذۡكُرُونَ ٱللَّهَ إِلَّا قَلِيلاً۬
“ Satemene wong-wong munafik iku padha ngapusi Allah. Lan Panjenengane (Allah) banjur (males) ngapusi wong-wong iku mau. Lan yen wong-wong iku padha ngadeg nglakoni salat, dheweke kabeh padha ngadeg kanthi rasa keset. Wong-wong iku mung padha pamer marang manungga, lan ora padha eling marang Allah kejaba mung sethithik”.
            Manahipun tiyang-tiyang munafik punika mila reged sanget ing ngarsanipun Allah SWT. Pramila kita lajeng nyuwun pangreksa saking ngarsanipun Allah SWT, mugi-mugi kita mboten nyonto tumindak awon. Awit tumindak ingkang awan, estunipun namung badhe damel tuna lan asoripun badan kita piyambak.
            Pramila selajengipun, kita kedah saget njagi sedaya kesaenan ingkang sampun kita tindakaken kanthi sikep jujur lan kanthi manah dzikir dhumateng Allah SWT. Sedaya kita dadosaken cecepengan ingkang tan kengeng pedhot saking manah. Lan malah kasinggihan sanget, bilih sikep jujur lan dzikir punika kita dadosaken lelandhesan amal. Sahingga kanthi makaten sedaya kesaenan ingkang kita tindakaken saya dangu saya kathah lan saya ngrembaka, manfangati dateng badan kita piyambak, keluwarga dalah masyarakat. Sampun dadas kapitadasan kita sami bilih tandhanipun amalan sae punika dipun tampi dening Allah SWT, manawi amalan punika lajeng dipun susuli kanthi amalan sae sanesipun. Nanging sak kosok wangsulipun, bilih tandhanipun amal dipun tolak dening Allah SWT, manawi amalan punika kalawau lajeng dipun susuli kanthi tumindak awon.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Mila kengge njagi supadas amal kesaenan kita mboten cepet ical, kita tansah enget dhumateng Allah kanthi dzikrullah, sahengga kita dipun tebihaken kalian sifat-sifat kadas sifatipun tiyang munafik, ingkang yen nindakaken amal namung wanten wanci-wanci penting ingkang kathah tiyangipun, kosok wangsulipun manawi ing nalika piyambakan ing ndalem mboten purun nindakaken.
            Kanthi makaten saestu pentingipun sikep istiqomah ing ndalem nindakaken amal ibadah dhumateng Allah SWT. Sahingga amal pengibadahan punika minangka landhesan anggen kita mapag gesang lan pagesangan kanthi langkung sae. Syeikh  Hasan al-Bashri natos ngendika : “Amal kebecikane wong mukmin iku ora kena ana mandhege, kejaba menawa wong iku mati”. Jumbuh kaliyan pangandikanipun Gusti Allah ing Al-Qur’an surat Al-Hijr ayat 99:
وَٱعۡبُدۡ رَبَّكَ حَتَّىٰ يَأۡتِيَكَ ٱلۡيَقِينُ
“ Lan sira nyembaha Pengeranira nganti tekane barang kang diyakini (yaiku pati)”.
            Para sedherek, ayat punika ngemutakenkita bilih Ibadah lan gegandhengan kaliyan anggayuh ridhanipun allah, mbaten kenging pedhot ngantos dumuginipun pejah. Mboten wanten pengibadahan ingkang sifatipun kala-kala, ing wekdal tartamtu kemawon. Amargi ridhanipun Allah punika boten namung kita betahaken ing satunggal mangsa kemawan, ananging kita betahaken ing salami-laminipun gesang kita. Allah sampun ngemutaken dhumateng kita sedaya, kadas kehemot ing surat Al-Hasyr ayat 19:
وَلَا تَكُونُواْ كَٱلَّذِينَ نَسُواْ ٱللَّهَ فَأَنسَٮٰهُمۡ أَنفُسَہُمۡ‌ۚ أُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمُ ٱلۡفَـٰسِقُونَ
“ Lan sira aja padha kaya wong-wong kang lali marang Allah,. Mula Allah banjur ndadekake wong-wong iku padha lali marang awak-awake dhewe. Wong-wong kang kaya mangkono iku yaiku wong-wong kang fasik”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Jiwa ingkang sampun serik lan ruhani ingkang sampun bening, sumangga sami-sami kita jagi. Syukur manawi kita saget nambahi usaha murih saya ningkat resik lan beningipun. Selajengipun amal kesaenan kita punika saya dangu saya ngermbaka, saget manfangati dhateng kasembadanipun sedaya gegayuhan, kagem nggayuh  kawilujengan lan karahayan ing ndonya lan akhirat, amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar