Rabu, 08 April 2015

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : NIKMATIPUN IMAN



KHUTBAH JUM’AT
 NIKMATIPUN IMAN
Dening: ANIS PURWANTO

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Wonten ing kesempatan Jum’at siyang sapunika, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, awit ngantos ing detik punika Alhamdulillah kanthi karunianipun Allah SWT, kita taksih kabimbing iman lan Islam sarta kesadaran kagem nindakaken kewajiban ibadah Jumat ing siyang punika. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT. Sehingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin. Mugia shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi  agung Muhammad SAW, sahabat lan sedaya penderekipun, kalebet kita sedaya. Amin.
Kita tansah wajib syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, dene kita dipun takdiraken dados tiyang-tiyang Mukmin. Awit boten wonten kanikmatan ingkang ageng kabanding nikmatipun iman. Wanten ing Al-Qur’an Surat Yunus ayat 9 Allah SWT paring dahwuh makaten :
إِنَّ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَـٰتِ يَہۡدِيهِمۡ رَبُّہُم بِإِيمَـٰنِہِمۡ‌ۖ تَجۡرِى مِن تَحۡتِہِمُ ٱلۡأَنۡهَـٰرُ فِى جَنَّـٰتِ ٱلنَّعِيمِ
“Satemene wong-wong kang iman lan nindakake amal shaleh, dheweke kabeh bakal diparingi pituduh dening Pangerane jalaran saka mane, dheweke kabeh iku kang ilil ing sangisore dheweke kabeh kali-kali ana ing swarga kang kebak kanikmatane ”.
            Ayat punika ngemutaken kita dhumateng tujuanipun gesang ingkang  hakiki, inggih punika pados ridhanipun Allah tuwin karaharjan dalah kawilujengan ing ndonya dalah ing akhirat.Kalenggahan ingkang inggil minangka pejabat, inggilipun tingkat sosial malah bondho donya ingkang kathah, mboten wonten ajinipun manawi akhiratpun  bolong mlompong. Sahingga sedaya gegayuhan kadonyan punika badhe dhawah muspra. Wanten ing Al-Qur’an Surat Al-An’am ayat 31 Allah SWT, sampun paring dhawuh makaten :
قَدۡ خَسِرَ ٱلَّذِينَ كَذَّبُواْ بِلِقَآءِ ٱللَّهِ‌ۖ حَتَّىٰٓ إِذَا جَآءَتۡہُمُ ٱلسَّاعَةُ بَغۡتَةً۬ قَالُواْ يَـٰحَسۡرَتَنَا عَلَىٰ مَا فَرَّطۡنَا فِيہَا وَهُمۡ يَحۡمِلُونَ أَوۡزَارَهُمۡ عَلَىٰ ظُهُورِهِمۡ‌ۚ أَلَا سَآءَ مَا يَزِرُونَ
“Temen-temen wus rugi banget wong-wong kang padha nggorohake patemone dheweke kabeh karo Allah. Nganti-nganti nalika dina kiamat ujug-ujug teka marang wong-wong iku, dheweke kabeh banjur padha kandha : “Waduh ! Mendah gedhene rasa getunku marang apa kang wus dak lirwakake ngenani dina kiamat iki”, karo nyambi mikul dosa-dosane ing dhuwur geger-gegere. (Mula) padha elinga, manawa apa kang dipikul wong-wong iku ala temenan ”.
            Kasak wansulipun mbenjang ing dinten akhirat, kaum muslimin badhe pinanggih langsung kaliyan Allah SWT, awit tiyang ingkang paling inggil drajadipun inggih punika tiyang ingkan saged manggen wonten ing swarga, saged sesandingan kaliyan llah SWT. Mila, mugia kita tansah pikantuk rahmatipun Allah SWT, sahingga badhe klebet wanten ing golonganipun tiyang-tiyang ingkang dipun muluakaken dening Allah SWT. Amin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Kita mbaten saged mbayangaken, kados pundi raosipun menawi kita dipun paringi kanugrahan kados makaten punika, Sahingga kita mesti badhe nglilakaken punapa kemawon kagem mbayar sedaya kesaenan, sauger keindahan tuwin kesenengan gesang wanten ing sisihipun Allah SWT, saged kita raosaken.
Griya ingkang endah, kendharaan sae, pangkat kadonyan ingkang inggil mboten wonten ajinipun, prasasat namung kados lebu ingkang mboten waten punapa-punapanipun, manawi sadaya punika dipun tandingaken kaliyan kanikmatan agung sakin Allah SWT.
            Mila saking punika kita mbaten prelu rumaos benget, utawi malah raos stres miliraken kawontenan ndonya, ingkang bilih dipun ukur kanthi ukuran ndonya, kita saget ugi dereng kraos sekeco, dereng kagolong tiyang ingkang mulya. Sebab, Allah sampun paring janji, bilih tiyang-tiyang ingkang estu-estu iman dhumateng Allah SWT lan utusanipun, saha purun  nindakaken jihad fisabilillah kanthi bandha lan jiwanipun, mila Allah SWT badhe paring pangapunten saking dosa-dosaipun, lan badhe nglebetakaen wanten ing swarga, kangge salamilaminipun. Sahingga kanthi makaten, kita mbaten perlu getun utawi gela manawi katelasan bandha amargi dipun amalaken. Awit suwarganipun Allah tetela langkung endah lan langkung agung.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar