Rabu, 08 April 2015

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : MANAH INGKANG DHAME



KHUTBAH JUM’AT
 MANAH INGKANG DHAME
Dening: ANIS PURWANTO

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Wonten ing kesempatan Jum’at siyang sapunika, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, awit ngantos ing detik punika Alhamdulillah kanthi karunianipun Allah SWT, kita taksih kabimbing iman lan Islam sarta kesadaran kagem nindakaken kewajiban ibadah Jumat. Mugia shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, sahabat lan sedaya penderekipun, kalebet kita sedaya. Amin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Sumangga kita tingkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT, minangka ngestokaken dhawuhipun ingkang kaserat wonten ing kitab suci Al-Qur’an, Surat Ali Imran ayat 102 :
يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِۦ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسۡلِمُونَ
“He wong-wong mukmin ! Sira kabeh taqwa-a marang Allah kanthi taqwa kang sabener-bener. Lan sira kabeh aja pisan-pisan mati, kejaba sira kabeh tetepa dadi wong-wong Islam ”.
            Makaten dhawuh pangandikanipun Allah SWT , ingkang wajib kita gatosaken lan kita estokaken, awit manawi mboten makaten , kita kuwatas lan nguwatasaken badan kita punika, bilih samangke punika saestu kita pancen tiyang muslim, lan mugi-mugi kagolongaken dados tiyang muslim, ananging saged kemawon, wonten ing saat-saat akhir gesang kita, wanten ing saat kita pejah, kita sampun sanes tiyang muslim, jalaran kita sampun kenging godhanipun syetan, ingkang awujud maneka warni kawontenan dalah kedadosan.
            Atus keterangan punika kita dasaraken dhawuh suci ing Al-Qur’an, Surat Al-A’rof ayat 16-17 :
قَالَ فَبِمَآ أَغۡوَيۡتَنِى لَأَقۡعُدَنَّ لَهُمۡ صِرَٲطَكَ ٱلۡمُسۡتَقِيمَ (١٦) ثُمَّ لَأَتِيَنَّهُم مِّنۢ بَيۡنِ أَيۡدِيہِمۡ وَمِنۡ خَلۡفِهِمۡ وَعَنۡ أَيۡمَـٰنِہِمۡ وَعَن شَمَآٮِٕلِهِمۡ‌ۖ وَلَا تَجِدُ أَكۡثَرَهُمۡ شَـٰكِرِينَ (١٧)
“Dhuh Gusti Allah ! Jalaran Panjenengan sampun ngukum kula kesasar, mila estu-estu kula mesthi ngalang-alangi anak turunipun Adam saking margi Paduka ingkang lurus. Wusana kula mesthi ndhatengi tiyang-tiyang punika saking ngajeng lan saking wingkingipun, saking tengen lan saking kiwanipun. Lan akhiripun Paduka mboten manggih sebagihan ageng saking tiyang-tiyang punika ingkang syukur utawita’at dhateng Paduka ”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Adhedasar pangandikanipun Allah SWT punikia, sumangga kita tingkataken terus kewanpadaan kita dhumateng sawarnining kawontenan lan kedadosan ingkang saged ngirangi bobot iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT. Malah mboten namung kewaspadaan kemawon ingkang kita tingkataken, ananging ugi sedaya amal shalen kita ugi perlu dipun tingkataken. Sedaya punika selaras kaliyan ancasipun gesang, kagem anggayuh ridhanipun Allah SWT, inggih punika pados kawilujengan ing ndonya dalah ing akhirat. Wanten ing dalem Al-Qur’an Surat Yunus ayat 9 , Allah SWT paring dhawuh makaten :
إِنَّ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَـٰتِ يَہۡدِيهِمۡ رَبُّہُم بِإِيمَـٰنِہِمۡ‌ۖ تَجۡرِى مِن تَحۡتِہِمُ ٱلۡأَنۡهَـٰرُ فِى جَنَّـٰتِ ٱلنَّعِيمِ
“Satemene wong-wong kang iman lan nindakake amal shaleh, dheweke kabeh bakal diparingi pituduh dening Pangerane jalaran saka mane, dheweke kabeh iku kang ilil ing sangisore dheweke kabeh kali-kali ana ing swarga kang kebak kanikmatane ”.
            Kalenggahan ingkang  minangka pejabat, bondho donya saha tingkat sosial ingkang inggil, badhea panen arta ngatas atusan yuta, paribasan, mboten wanten artosipun manawi akhiratipun bolong-bolong lan malah kepara mbaten wilujeng wanten ing akhiripun, sedaya gegayuhan dalah kalenggahan kadonya punika mboten wanten ginanipun. Sahingga minangka jejeripun kaum muslimin ingkang kagungan kapitadosan utami ing agami Islam, mesthi kagungan panjangga kagem anggayuh kawilujengan ing ndonya dalah ing akhirat mbenjang, kalih-kalihipun kedah kita upadi kanthi seimbang, wilujeng ing ndonya dalah ing akhirat.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar