Rabu, 08 April 2015

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : NGANIAYA DHATENG BADAN KITA PIYAMBAK



KHUTBAH JUM’AT
 NGANIAYA DHATENG BADAN KITA PIYAMBAK
Dening: ANIS PURWANTO

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Wonten ing kesempatan Jum’at siyang sapunika, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, awit ngantos ing detik punika Alhamdulillah kanthi karunianipun Allah SWT, kita taksih kabimbing iman lan Islam sarta kesadaran kagem nindakaken kewajiban ibadah Jumat ing siyang punika. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT. Sehingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin. Mugia shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi  agung Muhammad SAW, sahabat lan sedaya penderekipun, kalebet kita sedaya. Amin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Salah satunggaipun panyuwunan ingkang asring kita aturaken wanten ing ngarsanipun Gusti Allah, inggih punika panyuwunan ingkang ugi kasebat wanten ing Al-Qur’an Surat Al-A’rof ayat 23 :
Ÿ رَبَّنَا ظَلَمۡنَآ أَنفُسَنَا وَإِن لَّمۡ تَغۡفِرۡ لَنَا وَتَرۡحَمۡنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ ٱلۡخَـٰسِرِينَ
“Dhuh Gusti Pangeran kula. Kula sedaya sampun nganiaya dhateng badan kita piyambak. Mila manawi Paduka boten paring pangapunten dhateng kula lan boten paring welas asih dhateng kula, yektos kula sedaya punika mesthi dados golonganipun tiyang-tiyang ingkang kapitunan ”.
            Donga punika isi sekawan psngertosan: 1. Pangertosan bilih kita sedaya sami sampun nganiaya dhateng badan kita piyambak, 2. Pengakenan nyuwun pangapunten dhumateng Gusti Allah, 3. Nyuwun welas asihipun Allah SWT lan 4, Tanpa pangapuntenipun Allah lan tanpa welas asihipun Allah kita sedaya mesthi dados tiyang ingkang rugi.
            Rugi ing ngriki nggadahi kalih pangertosan, inggih punika rugi ing ndonya lan rugi ing akhirat.Lan ngengingi rugi ing ndonya, kita temti sampun saged nyebadaken lan nekseni piyambak, aeit sedaya sampun dipun gelar wonten jagad royo punika.
            Wondene ingkang kalebet kapitunan ing akhirat, ingkang mesthi tiyangipun dipun cemplungaken wanten ing neraka. Kasebat wonten ing Al-Qur’an Surat A’laa ayat 11-13, ingkang nyebadaken makaten :
وَيَتَجَنَّبُہَا ٱلۡأَشۡقَى (١١) ٱلَّذِى يَصۡلَى ٱلنَّارَ ٱلۡكُبۡرَىٰ (١٢) ثُمَّ لَا يَمُوتُ فِيہَا وَلَا يَحۡيَىٰ (١٣)
“Lan wong-wong kang cilaka, yaiku wowong-wong kang sholim, dheweke ngedohi saka pituduhe Allah. Yaiku wong kang mlebu ing geni kang gedhe, yaiku neraka. Banjur dheweke iku ora mati ana sajrone neraka lan uga ora urip ”.
            Panyuwunan dhumateng Gusti Allah kados ingkang sampun kita aturaken ing nginggil, nuntut supadas kita jujur, dhateng kedholiman punapa kemawon ingkang sampung kita tindakaken, sahingga kagungan kesadaran diri kagem nulat sariro dhumateng diri kita piyambak. Manawi saben tiyang purun mikir-mikir dhumateng sedaya amal tumindakipun, sedaya budi pekertinipun, ahklakipun, lan ugi purun ningali sedaya thek kliweripun ing alam sekitaripun, dipun wiwiti saking badan kita piyambak, keluarganipun, lan bandhanipun, selajengipun dipun timbang-timbang kanthi jujur tamtu badhe ngakeni sedaya kalepatan sahan kekiranganipun kanthi kebak kesadaran lan ketulusan, sahingga kagungan niat ingkang kiat kagem ngribah sadaya kekirangn nuju kasampurnanipun ing sedayanipun, sae ing babagan keakhiratan ugi ing babagan kadonyan .
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Makaten pengakenanipun tiyang ingkang saged nyadari dhumateng dosa lan kalepatanipun piyambak. Mila saksampunipun ngakeni kalepatan lan dosa kita piyambak-piyambak, sumangga sami nyuwun pangapunten lan nyuwun welas asihipun Allah SWT. Mugi-mugi kita dipun tebihaken saking sifat dhalim, sifat ingkang nganiyaya dhumateng badan kita piambak. Mgi-mugi kita kalebetna golonganipun tiyang ingkang wilujeng ing ndonya dalah ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar