Jumat, 22 Maret 2013

KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA : GANGGUAN JIWO



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
“GANGGUAN JIWO”
Dening : ANIS PURWANTO


Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Mangga para sederek kita ngaturaken taqwa lan syukur kita ing ngarsa dalem Allah SWT. Ingkang sampun paring kanikmatan, kesenengan, rizki, lan pagesangan dhumateng kita sedaya,  sahingga kanthi rahmatipun Allah ugi kita sedaya tetep wonten ing salebeting iman lan Islam. Mugi rahmat saha salam kaparingna dhateng panutan kita Nabi Muhammad SAW. Mugi-mugi kita sedoyo kagolong ewoning poro muttaqin, nindakaken sedaya dhawuhipun sarta nilaraken sedaya awisanipun. Sumangga kita sami tansah berjuang lan beramal kados dene ingkang sampun kagarisaken dening Allah SWT wanten syariat agami Islam,  Sampun ngantos  tumindak kita nyimpang saking tuntunan agami ingkang suci , supados gesang kita  pikantuk rahmat sarta pangayomanipun Allah SWT, tata tentrem karta raharja, lan manggih kabekjan fid dun yaw al akhirah.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
            Wekdal dereng dangu punika, kathah kedadosan ingkang ndadosaken mirisipun manah kita sami, kadosdene rojopati kanthi dipun mutilasi, malah kanthi dipun buang, dipun ecer-ecer ing tengahipun dalan tol, pawartos rudopeksa, malah wonten ingkang dipun tindakaken dening tiyang sepuh dhumateng anakipun piyambak, koropsi, manipulasi, narkoba, dados pawartos saben dinten ing layang kabar ugi ing televisi. Tuwuh lan kiyatipun penyakit sosial lan kejiwaan ing tengah-tengahipun masyarakat kita, dipun milai saking wontenipun perilaku menyimpang. Penyakit punika saya dangu ketawis saya ndadra lan radi angel dipun usadani. Ingkang tundonipun masyarakat umum ingkang badhe nampi kerugian ingkang ageng.
            Selajengipun, ingkang dados bahan pitaken sesarengan inggih punika, punapa sebabipun sedaya punika kedadosan, kamongko kita minangka jejeripun mahkluk sosial kagungan kewajiban sesarengan kagem mbangun bebrayan agung punika, mujudaken pagesangan ingkang tata tentrem kerta raharja. Ananging , para sederek, gesang wanten ini salebeting jaman ingkang dipun wastani jaman kemajengan kadas samangke punika satuhu andadosaken manah kita sakelangkung prihatos dene nyipati babaring kawontenan ingkang sarwo morak-marik. Rakiting hukum tata pranatan ngagesang tuwin angger-angger ingkang amrih tata tentrem raharjaning gesang sampun katrajang wani tanpa deduga lan prayoga. Sesipatan dalah paugeraning manungsa pranyata sampun malik grembyang kados dene bumi lan langit. Ingkang lepat kaanggep leres, ingkang leres dipun damel lepat, sedaya awisan dipun lampai, dene prentah sami dipun tebihi. Tumindak awon sampun kados padatan kalimrahing ngagesang, hawa nepsu angkara murka kaumbar sak sakecanipun tanpa wigah-wigih, wondene pakarti sae kaanggep aeng lan dados gegujengan. Punika kalawau wujudipun kawontenan ingkang kapranata mbaten mawi angger-angger tuntunaning agami Islam.
            Wanteng ing satunggalipun hadist Nabi SAW sampun ngengetaken, ingkang intinipun, wong sing nindakake donya dadi tujuan urip sing nomer siji, mula ora ana sathithik-thithika hubungan antarane dheweke lan pangerane. Lan dening Allah didadekake ing atine patang perkara “ 1. Gelisah kanthi terus-terusan. 2. Ribet kang ora ana enteke. 3. Rasa kurang sing ora ana cukupe. 4. Angen-angen sing ora bakal ketekan.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
            Ing cuplikan terjemahan ing nginggil saget kita pendet intinipun, sepindah ; manungsa badhe tebih saking bimbingan iman, gesangipun dipun agem kangge mburu kepentingan duniawiyah. Sedaya perkawis dipun ukur kabthi nilai materi, gusti Allah dipun tilar. Ingkang kaping kalih, tiyang ingkang dipun budhak kaliyan kepentingan duniawiyah, badhe ngidhep penyakit rokhani. Jiwanipun mbaten tenang, gelisah, sarenipun klisikan, mbaten purun syukur, kagungan sifat kirang ingkang hebat. Jiwanipun kemrungsung, kagubel raos ajrih, stres, persaingan tidak sehat, gampang nyalahaken tiyang sanes. Bilih pepinginanipun mbaten kaleksanan, gampil ngginakaken kekerasan, ingkang dados mirisipun tiyang sanes.
            Kagem nyikapi gejala tuwuhipun penyakit kejiwaan ing tengah-tengahipun masyarakat, kita umat Islam kedah wangsul dhumateng ajaran agami Islam. Sebab agami Islam sampun nuntun umatipun nuju margi ingkang dipun ridhoi dening Allah SWT. Ajaran keseimbangan ing agami Islam, inggih punika keseimbangan antawisipun kebetahan jasmaniah lan rohaniah dados kunci pokok kagem uwal saking sedaya penyakit sosial. Sebab kebetahan jasmaniah lan rohaniyah, kalih-kalihipun kedah kita upadi sesarengan lan mbaten saget kita pisahaken. Kawilujengan lan kebahagiaan donya dalah akhirat dados tujuan kita sami. Miskipun kenyataanipun angel kagem mujudaken. Ing saat kita berusaha nyekapi kebetahan jasmaniah, kanthi kerja keras, peras keringat,  banting tulang, ing saat punika ugi wekdal kangge nyekapi kebetahan rohaniah terkadhang saget kethetheran.
            Pramila saking punika keserasian kepentingan donya akhirat , ing agami Islam dados penting sanget, kados panyuwun kita “Robbana atina fidun-ya khasanah, wafil akhirati khasanah”. Sebab kebetahan lan kebahagiaan ing donya kagungan pengaruh ingkang ageng tumrap usaha kangge nuju kebahagiaan ing akhirat. Ibadah dhumateng Allah SWT kuncinipun. Selajengipun Allah badhe paring hidayah, sahingga punapa ingkang kita tindakaken, pokok punika barang khak, badhe mbekta manfaat tumrap diri pribadi dalah masyarakat. Ingkang tundonipun,  bilih manah dalah rohipun kanthi terus-terusan dipun siram roh ilahiyah, badhe tentrem lan tebih saking sifat  ingkang saget mbekta kerisakan lan kemudhorotan.
            Dipun sebadaken wanten ing Al-Qur’an Surat Yunus ayat 57 :

يَـٰٓأَيُّہَا ٱلنَّاسُ قَدۡ جَآءَتۡكُم مَّوۡعِظَةٌ۬ مِّن رَّبِّڪُمۡ وَشِفَآءٌ۬ لِّمَا فِى ٱلصُّدُورِ وَهُدً۬ى وَرَحۡمَةٌ۬ لِّلۡمُؤۡمِنِينَ (٥٧)
 “He para manungsa, sira wis padha oleh piwulang saka Pangeranira, yaiku Al-Qur’an, lan uga oleh obat lelara sajroning ati. Al-Qur’an iku dadi pituduh,  tumrape wong mukmin dadi rohmat”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
            Garis sunah Allah sampun cekap paring kesempatan ingkang ageng tumrap kita, kangge mbentuk pribadi muslim ingkang paripurna. Kantun kadas pundi kita. Margi kesesatan ingkang kita pilih, punapa margi rahmah. Sebab kita piyambak ingkang badhe nemtokaken. Bilih margi rahmat Allah ingkang kita pilih, mestinipun kita ugi kedah purun ngurbanaken diri, nindakaken sedaya dawuh saha nilaraken sedaya awisanipun Allah SWT. Sebab margi rahmah nuju pensucian diri, hingga pagesangan tetep ing margi ingkang dipun ridhoi dening Allah SWT.  Punapa kemawon hasil saking pagesangan kita ing ngalam donya punika , kita tetep kagungan sikep syukur. Ananging bilih kita nembe nandang kekirangan, kita tetap kagungan raos pitados bilih punika minangka ujian saking Allah SWT. Firman Allah wanten Al-Qur’an Surat Ali Imran : 186:

لَتُبۡلَوُنَّ فِىٓ أَمۡوَٲلِڪُمۡ وَأَنفُسِڪُمۡ وَلَتَسۡمَعُنَّ مِنَ ٱلَّذِينَ أُوتُواْ ٱلۡكِتَـٰبَ مِن قَبۡلِڪُمۡ وَمِنَ ٱلَّذِينَ أَشۡرَكُوٓاْ أَذً۬ى كَثِيرً۬ا‌ۚ وَإِن تَصۡبِرُواْ وَتَتَّقُواْ فَإِنَّ ذَٲلِكَ مِنۡ عَزۡمِ ٱلۡأُمُورِ (١٨٦)
  
“Temen sira kabeh padha dicoba dening Allah, tumrap awak lan bandhanira, lan sira kabeh bakal padha krungu ucapan kang ngrarakake ati, saka wong-wong sing diparingi kitab sadurungira, uga wong-wong kang nyekutokake Allah, kanthi gangguan kang akeh lan nglarani ati. Manawa sira pada sabar lan padha wedi “marang Allah”, satemene kang mangkono iku klebu sabecik-becike perkara”. (QS Ali Imran :186).
            Ugi kasebat wanten ing Al-Qur’an Surat Asy-Syamsi ayat 9-10  :

قَدۡ أَفۡلَحَ مَن زَكَّٮٰهَا (٩) وَقَدۡ خَابَ مَن دَسَّٮٰهَا (١٠)

 “Wong kang ngresiki awake saka dosa dadi wong kang beja lan temen kapitunan sapa sing ngregeti jiwane”.
            Akhiripun sedaya kegiatan pangibadahan kita punika sejatosipun wanten hubunganipun kaliyan usaha penyucian jiwa, kangge mbentuk pribadi muslim sejatos. Jiwanipun ayem, masyarakatipun tentrem, nyambut damel saget ngasilaken ingkang marem, akhiripun kita seget ngraosaken kebahagiaan kanthi mesam-mesem. Wilujeng, begja mulya awit ing ndonya khatal akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar