Senin, 04 Maret 2013

KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA : ANGGAYUH KABEKJAN NDONYO AKHIRAT


KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
ANGGAYUH KABEKJAN NDONYO AKHIRAT
Dening:Anis Purwanto


Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Mangga para sederek kita ngaturaken taqwa lan syukur kita ing ngarsa dalem Allah SWT. Ingkang sampun paring kanikmatan, kesenengan, rizki, lan pagesangan dhumateng kita sedaya,  sahingga kanthi rahmatipun Allah ugi kita sedaya tetep wonten ing salebeting iman lan Islam. Mugi rahmat saha salam kaparingna dhateng panutan kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun kautus dening Allah supadon nuntun umat manungsa nuju dateng margi ingkang leres. Mugi-mugi kita sedoyo kagolong ewoning poro muttaqin  ingkang estu-estu taqwa, nindakaken sedaya dhawuhipun sarta nilaraken sedaya awisanipun. Sumangga kita sami tansah berjuang lan beramal kados dene ingkang sampun kagarisaken dening Allah SWT wanten syariat agami Islam,  Sampun ngantos  tumindak kita nyimpang saking tuntunan agami ingkang suci , supados gesang kita  pikantuk rahmat sarta pangayomanipun Allah SWT, wilujeng tentrem lan manggih kabekjan fid dun yaw al akhirah. Kados sampun dipun sebadaken wanten ing Al-Qur’an Susat Yunus ayat 62 :
أَلَآ إِنَّ أَوۡلِيَآءَ ٱللَّهِ لَا خَوۡفٌ عَلَيۡهِمۡ وَلَا هُمۡ يَحۡزَنُونَ (٦٢)

“Elinga, satemene wong-wong kang dikasihi dening Allah iku ora ana rasa kuwatir tumrape wong-wong mau lan ora sedhih”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
            Manawi kita setitekaken kawontenan pagesangan manungsa ing ngalam donya punika kenging kita umpamekaken kados dene tiyang kekesahan ingkang tebih, nyabrang seganten ingkang kebak ombak nuju dateng pantai bahagia ingkang dipun idham-idhamaken, wanten ing margi wanten prahara lan angin ageng ingkang nggegirisi, sahingga manawi musafir kala wau boten ngatos-atos mesthi praunipun  badhe kandhas lan kerem wonten ing tengahipun samodro, pungkasanipun mboten saget  dumugi tujuan ingkang dipun idham-idhamaken. Mila, jalaran manungsa punika inggih namung manungsa limrahipun, boten aneh manawi kathah idam-idamanipun manungsa ingkang boten saged kadumugen, boten sedaya ingkang dipun kajengaken dening manungsa mesthi kaleksanan, boten sedaya ikhtiyar manungsa ugi mesthi kasil.
            Punika sebabipun para sederek. Inggih jalaran sak inggilipun manungsa taksih wonten dzat ingkang kuwaos, dzat ingkang nemtokaken sedoyo samukawis ing donya punika, inggih punika Allah SWT.  Jalaran miturut ajaran Islam donya punika wonten ing panguwaosipun Allah, manungsa boten saged uwal saking panguwaosipun Allah SWT. Awit saking punika para sederek, kanthi perjuanganipun manungsa, manungsa dipun wajibaken dening agami ikhtiyar nebihi kejahatan lan kemungkaran. Sampun ngantos manungsa nekat anglampahi bab-bab ingkang lelawanan kaliyan syariat agami, ingkang makaten punika boten cocok kaliyan fitrahipun manungsa. Manungsa kepengin pinter kedah berjuang ngupados ilmi, kepingin sandhang tedha kedah ngetok kekiyatan ngupados sandhang tedha kanthi margi ingkang halal. Boten kenging ngalamun namung ngajeng-ajeng dhawahipun emas saking langit. Jalaran estunipun langit boten badhe jawah emas lan perak. Para sederek dipun sebataken wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Jumu’ah ayat 10 :


فَإِذَا قُضِيَتِ ٱلصَّلَوٰةُ فَٱنتَشِرُواْ فِى ٱلۡأَرۡضِ وَٱبۡتَغُواْ مِن فَضۡلِ ٱللَّهِ وَٱذۡكُرُواْ ٱللَّهَ كَثِيرً۬ا لَّعَلَّكُمۡ تُفۡلِحُونَ (١٠)    

“Samangsa wis rampung anggane sholat mula banjur padha sumebara kowe kabeh ana ing bumi lan padha goleka anugerah rizkining Allah lan kowe kabeh akeh anggone eling marang Allah SWT, supaya kowe kabeh oleh kabekjan”.
            Salajengipun ugi sampun kasebat wonten ing Surat Al Ro’du ayat 11 Allah SWT ngendika :

ۗ إِنَّ ٱللَّهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوۡمٍ حَتَّىٰ يُغَيِّرُواْ مَا بِأَنفُسِہِمۡ

“Satemene Allah ora bakal ngowahi apa kang disandhang dening sawijining kaum sahingga kaum mau ngreka daya ngrobah apa kang wis di alami mau”. 
Wal hasil para sederek, manungsa dipun wajibaken ikhtiyar,  Wonten ing ikhtiyar para manungsa samiya tansah enget dumateng Allah SWT, tegesipun enget bilih boten wonten ingkang saged ngalang-ngalangi punapa ingkang paduka paringaken, lan boten wonten ingkang saged maringi punapa ingkang paduka alang-alangi.  Sedaya namung gumantung Allah piyambak. Manawi usahanipun saged kadumugen punika hakekatipun saking kaparengipun pangeran. Makaten kosok wansulipun, manawi Allah dereng maringaken sedayanipun temtu boten saged kalampahan.  Kajawi saking punika, salebetipun ihtiyar sampun ngantos wonten raos putus asa, nglokro saking rahmatipun Allah. Manawi usaha kaping sepisan dereng kasil, saged ugi usaha kita dereng trep, mila sasaged-saged ngudi usaha sanes, sinten mangertos manawi Allah sampun nakdiraken insya Allah badhe kabul jalaran Allah maha welas asih. Kuncinipun saksampunipun ihtiyar lajeng kita kedah tawakal lan do’a, supados punopo ingkang kita idham-idhamaken saged kagayuh. Sedaya punika kedah kanthi prestasi ingkang pinunjul.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
            Kagem nggayuh kebahagiaan lan kawilujengan ing donya dalah ing akhirat, tentu kanthi prestasi. Kagem pagesangan ingkang sekeco ing ngalam donya, panjang yuswa, badan engkang sehat , jabatan inggil, sugih bondha donya, pendidikan ingkang inggil, sedaya kedah kita gayuh kanthi prestasi. Selajengipun, kagem kita kaum muslimin,  kados pundi  kagem anggayuh prestasi akhirat ?. Hal punika sampun kasebad wanten ing QS Al Qashash ayat 83 :
وَٱلۡعَـٰقِبَةُ لِلۡمُتَّقِينَ
Lan kanthi ukara ingkang sekedik benten, dipun sebadaken wanten QS Hud ayat 49 :
إِنَّ ٱلۡعَـٰقِبَةَ لِلۡمُتَّقِينَ
“Satemene pungkasan sing apik yaiku kanggo wong-wong kang taqwa”. 
            Sahingga kagem nemtokaken prestasi akhirat inggih punika kanthi prestasi taqwa.  Taqwa ateges ngatos-atos ing ndalem njagi diri pribadi sampun ngantos nglanggar dumateng sedaya dhawuh lan larangnipun Allah dalah Rasulullah. Sahingga lepas saking sedaya siksa Allah SWT dalah saget nggayuh kebekjan ing donya dalah ing akhirat. Kanthi makaten, para sederek, Islam mboten misah-misahaken kebahagiaan donya lan akhirat. Islam nyelarasaken kalihipun. Sebab prestasi donya ingkang badhe kita gayuh, mesti kadasaraken prestasi taqwa. Kados pundi panjang yuswo minangka prestasi, kedah kita isi kanthi bab-bab ingkang sae lan manfaat, kagem ngathah-ngathahaken ibadah dumateng Allah SWT, mboten malah suwalikipun, kagem tumindak angkara murko, seneng nglanggar awisanipun Allah SWT. Drajat lan pangkat ingkang inggil minangka prestasi, kita isi kanthi bab-bab ingkang kagungan nilai ibadah. Semanten ugi bondha donya ingkang kathah, pendidikan inggil, saget ngribah sikap sombong dados sikap tawadhuk. Sahingga kagem anggayuh kebahagiaan donya akhirat, punapa kemawon drajat, pangkat dalah pakaryan kita, mesti dipun tuntun kanthi rambu-rambu ketaqwaan dhumateng Allah SWT.
            Selajengipun, punapa kanthi nurut rambu-rambu taqwa lajeng prestasi donya saget kagayuh sedaya ?. Kenyataanipun mboten para sederek, kathah ugi tiyang ingkang nurur rambu taqwa, ing babagan kadonyan wonten ingkang malah ketinggalan kabanding tiyang sanes. Asring ugi,  tiyang ingkang  kepingin anggayuh kamulyan ing donya, malah ngalalaken coro, malah nggadhekaken iman dalah taqwa, nggadhekaken pagesangan akhirat kagem kepentingan kadonyan. Dhumateng model tiyang ingkang kados makaten, Allah SWT nggambaraken kadas kasebat wanten QS Al Baqarah ayat 86 :
أُوْلَـٰٓٮِٕكَ ٱلَّذِينَ ٱشۡتَرَوُاْ ٱلۡحَيَوٰةَ ٱلدُّنۡيَا بِٱلۡأَخِرَةِ‌ۖ فَلَا يُخَفَّفُ عَنۡہُمُ ٱلۡعَذَابُ وَلَا هُمۡ يُنصَرُونَ 
 “Wong kang mangkono iku pada nuku panguripan donya kalawan akherat. Mangka siksane wong mau ora bakal pada dientengake, lan deweke ora bakal pada ditulungi”.         
            Makaten khotbah ingkang saget kita aturaken, mugi-mugi sabet manfaati. Selajengipun kita nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi kita kagolong tiyang ingkang mentingaken nilai ketaqwaan minangka motivator kagem anggayuh prestasi donya lan akhirat.  Amin ya rabbal ‘alamin.
( Hasil editan dari berbagai tulisan)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar