Senin, 16 Juli 2018

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : TUMUJU RIDLANIPUN ALLAH


KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :
TUMUJU RIDLANIPUN ALLAH
Dening  : ANIS PURWANTO
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Langkung rumiyin, sumangga kita sami nyaosaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya. Sahingga kanthi ijin Allah SWT, kita saget nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT. Kita nyuwun dhumaateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siyang punika saget katampi dening Allah SWT, amin ya rabbal ‘alamin.
            Shalawat saha salam mugia katur dhumateng Gusti Rasul, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, tumuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Wanten ing gesang lan pagesangan kita punika, kita mboten kendel-kendel ambudidaya murih sedaya tindak tanduk kita selaras kaliyan syari’at Islam. Ingkang makaten punika mila sampun dipun tegasaken wanten ing Al-qur’an Surat Al-Baqarah ayat 208 :
يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱدۡخُلُواْ فِى ٱلسِّلۡمِ ڪَآفَّةً۬ وَلَا تَتَّبِعُواْ خُطُوَٲتِ ٱلشَّيۡطَـٰنِ‌ۚ إِنَّهُ ۥ لَڪُمۡ عَدُوٌّ۬ مُّبِينٌ۬
He wong-wong Mukmin, sira kabeh padha mlebua ana sajrone agama islam kanthi sampurna ! lan sira kabeh aja padha manut tingkah lakune syetan. Awit satemene syetan iku mujudake mungsuhira kan cetha”.
            Saking ayat punika kita lajeng saget njabaraken dados amalan-amalan kita, sae ingkang wanten hubunganipun urusan kadonyan, langkung-langkung amalan-amalan keakhiratan.   Awit kalih-kalihipun kedah kita tindakaken kanthi selaras lan seimbang, awit Kanjeng Nabi Muhammad SAW piyambak ugi sampun paring dhawuh makaten :

لَيْسَ بِخَيْرِ كُمْ مَنْ تَرَكَ دُنْيَاهُ لِاخِرَتِهِ وَلاَ اخِرَتَهُ لِدُنْيَاهُ حَتّى يُصِيْبُ مِنْهُمَاجَمِيْعًا

فَاِنَّ الدَّنْيَا بَلَاغٌ اِلَى اْلاخِرَةِ وَلَاتَكُوْنُوْا كَلًّ عَلَى النَّاسِ

Dudu wong sing paling pethingan ing antarane sira kabeh wong sing ninggalake urusan khirate kanggo kepentingane urusan ndonyane, lan ora ninggalake urusan donyane kanggo kepentingane urusan akhirate, sahingga bisa nyakup loro-lorone, sebab donya iku dalan sing tumuju marang akhirat. Mula saka iku sira kabeh aja dadi beban tumrape manungsa”.
Wanten ing Kitab suci Al-qur’anul Karim, Surat At Taubah  ayat 72 nerangaken janjinipun Allah dhateng tiyang-tiyang mukmin, inggih punuka dhawuh:
وَعَدَ ٱللَّهُ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ وَٱلۡمُؤۡمِنَـٰتِ جَنَّـٰتٍ۬ تَجۡرِى مِن تَحۡتِهَا ٱلۡأَنۡهَـٰرُ خَـٰلِدِينَ فِيہَا وَمَسَـٰكِنَ طَيِّبَةً۬ فِى جَنَّـٰتِ عَدۡنٍ۬‌ۚ وَرِضۡوَٲنٌ۬ مِّنَ ٱللَّهِ أَڪۡبَرُ‌ۚ ذَٲلِكَ هُوَ ٱلۡفَوۡزُ ٱلۡعَظِيمُ
Allah wis njanjekake marang wong-wong mukmin lanang lan wadon, yaiku janji dilebokake ana ing suwarga kang ing njerone milimkali-kaline, wong-wong mau langgeng ana sajrone suwarga Aden. Lan keridlan saka Allah iku luwih gedhe. Mangkono iku kabegjan kang agung”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Tiyang-tiyang mukmin ingkang sejatos punika temtu kemawon tansah ambudidaya lan ikhtiar murih gesangipun pikantuk ridlanipun Allah. Mila pancen kasinggihan sanget bilih ridlanipun Allah punika ingkang dados tujuaning gesangipun. Salajengipun manawi kanugrahan saha ridlanipun Allag SWT sampun kaparingaken , gesangipun tartamtu badhe istiqomah. Makaten ingkang dipun ngendikakaken  dening allah wanten ing al-Qur’an Surat Al-Ahqof ayat 13 :
إِنَّ ٱلَّذِينَ قَالُواْ رَبُّنَا ٱللَّهُ ثُمَّ ٱسۡتَقَـٰمُواْ فَلَا خَوۡفٌ عَلَيۡهِمۡ وَلَا هُمۡ يَحۡزَنُونَ
Satemene wong-wong kang ngucap Pangeraningsun iku Allah, wusana wong-wong mau banjur padha istiqomah, wong-wong mau ora bakal ketaman rasa kuwatir utawa wedi lan wong-wong mau uga ora padha susah”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Pramila minangka kesimpulan atur, sumangga gesang saha pagesangan kita ing ngalam ndonya punika kita tujokaken mligi dhumateng satunggaling tujuan utami, inggih punika anggayuh ridlanipun Allah SWT. Lan supados kita saget kasil tumuju dhumateng ridlanipun allah, sumangga kita sami ningkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT
Wondene tiyang-tiyang ingkang pikantuk ridlanipun punika tiyang imanipun saha taqwanipun tansah tambah-tambah, lan tiyang punika anggadhahi piyandel lan keyakinan bilih ingkang nyekapi piyambakipunmboten wanten sanes kajawi namung Allah, dzat ingkang Maha Wicaksana lan Maha Pelindung.
فَٱنقَلَبُواْ بِنِعۡمَةٍ۬ مِّنَ ٱللَّهِ وَفَضۡلٍ۬ لَّمۡ يَمۡسَسۡہُمۡ سُوٓءٌ۬ وَٱتَّبَعُواْ رِضۡوَٲنَ ٱللَّهِ‌ۗ وَٱللَّهُ ذُو فَضۡلٍ عَظِيمٍ
Mula wong-wong mau padha bali kanthi nggawa kanikmatan lan kanugrahan kanga gung saka allah. Dheweke ora ketaman musibah apa-apa, jalaran dheweke iku tansah ngupadi karidlane Allah. Lan Allah iku kagungan kanugrahan kang agung”(QS Ali Imran:174).
            Makaten panegasan Allah SWT, mugi-mugi kita sedaya kagolongaken tiyang-tiyang ingkang kaparingan karidlaan Allah SWT , saget manggih kawilujengan ing ndonya ngantos ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar